Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Bèn Urip Bebojoan Ayem Tentrem

Carané Bèn Urip Bebojoan Ayem Tentrem

”Dadi tumraping kowé: padha tresnaa marang bojomu kaya marang awakmu dhéwé, déné para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.”—ÉF. 5:33.

LAGU: 36, 3

1. Senajan dadi mantèn kuwi seneng banget, apa sing bakal diadhepi wong bebojoan? (Deloken gambar ndhuwur.)

WEKTU mantèn lanang lan mantèn wédok ditemokké, wong loro mau mesthi seneng banget. Wektu pacaran, rasa tresna marang siji lan sijiné saya gedhé, banjur wong-wong kuwi mutuské nikah lan janji bakal tetep setya. Sakwisé acara mantènan, wong-wong kuwi mulai urip bebarengan, ning perlu nggawé owah-owahan bèn isa tetep rukun. Yéhuwah, sing nggawé urip bebojoan, péngin saben wong bebojoan seneng lan ayem tentrem, mula Yéhuwah mènèhi tuntunan ing Alkitab. (WB. 18:22) Ning, Alkitab kandha nèk wong sing urip bebojoan mesthi bakal ngadhepi masalah, utawa ”kasusahan mungguh ing daging” merga ora sampurna. (1 Kr. 7:28) Piyé carané ngadhepi masalah ing urip bebojoan? Lan, piyé carané bèn urip bebojoan isa ayem tentrem?

2. Tresna sing kudu diduduhké ing urip bebojoan ana werna-werna. Kuwi klebu apa waé?

2 Alkitab mulang nèk tresna kuwi penting ing urip bebojoan. Tresna sing kudu diduduhké ing urip bebojoan ana werna-werna. Contoné, rasa sayang lan tresna ing antarané wong lanang lan wédok. Nèk wis nduwé anak, tresna ing antarané anak lan wong tuwa dadi luwih penting manèh. Ning, ana tresna sing isa nggawé urip bebojoan ayem tentrem, yaiku tresna sing dhasaré pathokané Alkitab. Rasul Paulus nerangké tresna kuwi wektu kandha, ”Dadi tumraping kowé: padha tresnaa marang bojomu kaya marang awakmu dhéwé, déné para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.”—Éf. 5:33.

TANGGUNG JAWAB ING URIP BEBOJOAN

3. Sepira gedhéné rasa tresna kudu diduduhké ing urip bebojoan?

3 Paulus kandha, ”Hé para wong lanang, padha tresnaa marang bojomu kayadéné Sang Kristus anggoné wus ngasihi pasamuwané nganti masrahaké sarirané marga saka pasamuwan iku.” (Éf. 5:25) Wong-wong Kristen jaman saiki nresnani siji lan sijiné, niru Yésus sing nresnani para muridé. (Wacanen Yokanan 13:34, 35; 15:12, 13.) Wong bebojoan kudu nresnani lan gelem mati kanggo siji lan sijiné. Ning, wektu ngadhepi masalah abot, mbokmenawa ana sing rumangsa rasa tresnané wis ilang. Apa sing isa ditindakké? Tresna sing dhasaré pathokané Alkitab isa ”nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang”. Tresna sing kaya ngono ”ora ana entèké”. (1 Kr. 13:7, 8) Wong bebojoan kudu ngéling-éling nèk wis janji bakal setya lan nresnani siji lan sijiné. Kuwi isa mbantu wong bebojoan nggolèk bantuané Yéhuwah lan bebarengan ngrampungi masalahé.

4, 5. (a) Apa tanggung jawabé wong lanang wektu mimpin keluarga? (b) Piyé kuduné tanggepané wong wédok marang bojoné sing mimpin keluarga? (c) Apa sing ditindakké salah sijiné wong bebojoan bèn keluargané isa ayem tentrem?

4 Paulus nerangké tanggung jawabé wong bebojoan wektu kandha, ”Hé para wong wadon, manut mituruta marang bojomu dhéwé kayadéné marang Gusti, awit kang lanang iku sesirahé kang wadon, kayadéné Sang Kristus iya sesirahing pasamuwan.” (Éf. 5:22, 23) Kuwi dudu maksudé wong lanang luwih apik timbang bojoné. Yéhuwah kandha bab tugas pentingé wong wédok ing keluarga, ”Ora prayoga manungsa iku yèn ijèn baé; Sunkaryakné rowang kang sembada dadi jodhoné.” (Pd. 2:18) Wong wédok kudu ndhukung bojoné sing mimpin keluarga. Lan, wong lanang perlu niru tuladhané Yésus, sing dadi ”sesirahing pasamuwan”. Nèk kuwi ditindakké, wong wédok isa ayem sarta luwih gampang manut lan ndhukung bojoné.

”Aku lan bojoku ngupaya tambah akrab nganggo cara nindakké tuntunané Yéhuwah”

5 Yati sing nikah karo Giyono kandha, ”Wektu durung nikah, aku bébas lan isa ngatur uripku dhéwé. Ning, wektu wis nikah aku kudu ngupaya manut karo bojoku. Kuwi ora gampang, ning aku lan bojoku ngupaya tambah akrab nganggo cara nindakké tuntunané Yéhuwah.” [1] (Deloken katrangan ing kaca 14.) Giyono kandha, ”Nèk wis nikah, nggawé keputusan kuwi ora gampang, merga kudu digawé bareng-bareng. Ning, nèk ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah lan ngrungokké tenanan urun rembugé bojoku, kabèh dadi luwih gampang. Aku ngrasakké nèk aku lan bojoku kompak.”

6. Apa sebabé tresna isa ”nunggalaké samubarang kabèh dadi siji klawan sampurna” wektu ana masalah ing urip bebojoan?

6 Urip bebojoan isa ayem tentrem nèk wong bebojoan ’padha tulung-tinulung lan apura-ingapura’. Merga ora sampurna, wong bebojoan mesthi bakal nggawé salah. Nèk nindakké salah, aja dibalèni manèh, kudu ngupaya ngapura, lan nduduhké rasa tresna sing dhasaré pathokané Alkitab. Tresna sing kaya ngono kuwi ”nunggalaké samubarang kabèh dadi siji klawan sampurna”. (Kl. 3:13, 14, Basa Jawi Padintenan) Wong bebojoan isa nduduhké tresna mau nganggo cara sabar, apikan, lan ora ”nyimpen kaluputaning liyan”. (1 Kr. 13:4, 5) Masalah ing keluarga kudu cepet dirampungi sakdurungé ganti dina. (Éf. 4:26, 27) Kudu andhap asor lan wani kandha, ”Njaluk ngapura ya, aku wis nglarani atimu.” Nèk kuwi ditindakké, kuwi isa mbantu ngrampungi masalahé lan nggawé wong bebojoan saya rukun.

AJA MENTINGKÉ AWAKÉ DHÉWÉ ING BAB SÈKS

7, 8. (a) Apa kandhané Alkitab bab hubungan sèks ing urip bebojoan? (b) Apa sebabé wong bebojoan aja mentingké awaké dhéwé ing bab sèks?

7 Alkitab mènèhi tuntunan sing apik kanggo wong bebojoan bèn nduwé pikiran sing bener bab sèks. (Wacanen 1 Korinta 7:3-5.) Wong bebojoan kudu mikirké perasaan lan kebutuhan siji lan sijiné. Wong lanang aja mentingké awaké dhéwé ning kudu mikirké pikiran, sipat, lan kekuwatané bojoné. Nèk wong lanang mentingké awaké dhéwé, mbokmenawa bojoné dadi ora seneng wektu hubungan sèks. (1 Pt. 3:7) Hubungan sèks kuwi kuduné ditindakké ora merga kepeksa. Pancèn wong lanang kerep-kerepé luwih gampang nafsu timbang wong wédok, ning kudu nggolèk wektu sing pas nganti wong loro kuwi padha gelemé nindakké hubungan sèks.

8 Senajan Alkitab ora ngekèki aturan kusus bab piyé carané nduduhké rasa sayang wektu nindakké hubungan sèks, ning ana bagéan Alkitab sing ngrembug bab kuwi. (Kd. 1:2; 2:6) Dadi, wong bebojoan aja mentingké awaké dhéwé ing bab sèks.

9. Apa sebabé nggodha wong liya sing dudu bojoné kuwi tumindak sing ora bener?

9 Nèk tenanan nresnani Yéhuwah lan wong liya, awaké dhéwé mesthi bakal ngupaya aja nganti sapa waé utawa apa waé ngrusak urip bebojoané awaké dhéwé. Ana sing ngrusak urip bebojoané merga ketagihan nonton sing saru-saru. Awaké dhéwé kudu ngedohi hiburan sing saru utawa kabèh tumindak sèks sing ora bener. Uga aja nganti nggodha wong liya sing dudu bojoné. Kuwi tumindak sing ora bener. Awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah ngerti kabèh pikiran lan tumindaké awaké dhéwé. Nèk kuwi diéling-éling, awaké dhéwé bakal péngin terus nyenengké Yéhuwah lan tetep setya marang bojo.​—Wacanen Matéus 5:27, 28; Ibrani 4:13.

WEKTU ANA MASALAH ING URIP BEBOJOAN

10, 11. (a) Piyé umumé tanggepané wong-wong bab pegatan? (b) Apa kandhané Alkitab bab pisahan? (c) Apa sing isa mbantu wong bebojoan bèn ora gampang pisah?

10 Wektu ngadhepi masalah gedhé sing ora isa dirampungi, mbokmenawa ana sing mutuské pisah utawa pegatan. Ana negara-negara sing luwih saka separo pendhudhuké pegatan. Pancèn, pegatan ora lumrah ing antarané Seksi-Seksi Yéhuwah. Ning, saya akèh Seksi-Seksi Yéhuwah sing ngadhepi masalah gedhé ing urip bebojoan.

11 Alkitab kandha, ”Wong wadon aja pisah karo bojoné. Ning nèk pancèn kudu pisah, wong wédok kuwi ora éntuk nduwé bojo manèh utawa malah kudu rukun manèh karo bojoné; lan wong lanang ora éntuk ninggal bojoné.” (1 Kr. 7:10, 11, New World Translation [NW]) Ana wong bebojoan sing rumangsa kudu pisah merga masalahé abot banget. Ning, Yésus nduduhké nèk pisah kuwi dudu bab sepélé wektu nyuplik kandhané Yéhuwah bab urip bebojoan. Yésus banjur kandha, ”Apa kang wus katunggalaké déning Allah, ora kena kapisah déning manungsa.” (Mt. 19:3-6; Pd. 2:24) Dadi, Yéhuwah péngin wong bebojoan tetep urip bebarengan. (1 Kr. 7:39) Awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah nggatèkké tumindaké awaké dhéwé. Mula, masalah ing urip bebojoan kudu cepet dirampungi sakdurungé dadi tambah parah.

Seksi-Seksi Yéhuwah ngerti carané ngrampungi masalah urip bebojoan merga manut tuntunané Yéhuwah

12. Apa waé sing mbokmenawa nggawé wong bebojoan péngin pisah?

12 Apa sebabé ana wong bebojoan sing ngadhepi masalah gedhé? Ana sing rumangsa nèk urip bebojoané ora kaya sing dikarepké, mula dadi gela lan nesu. Masalah liya merga ora cocog karo maratuwa, utawa béda cara nggunakké dhuwit lan cara ndhidhik anak. Lan, kerep-kerepé merga béda carané nanggepi masalah lan béda carané wong tuwané mbiyèn ndhidhik. Ning, akèh Seksi Yéhuwah sing ngerti carané ngrampungi masalah urip bebojoan merga manut tuntunané Yéhuwah.

13. Apa waé alesan sing bener kanggo pisah?

13 Mbokmenawa ana alesan-alesan sing bener kanggo pisah. Contoné, ora nyedhiyakké kebutuhan keluarga, tumindak kasar, lan ora éntuk ngibadah marang Yéhuwah. Wektu ngadhepi masalah gedhé ing keluarga, wong bebojoan kuduné njaluk bantuan para pinituwa. Para pinituwa nduwé akèh pengalaman lan isa mbantu wong bebojoan nindakké tuntunané Yéhuwah. Nèk njaluk bantuan roh suciné Yéhuwah, wong bebojoan isa dibantu nindakké pathokané Alkitab lan nduduhké sipat-sipat sing cocog karo Alkitab. (Gl. 5:22, 23) [2]—Deloken katrangan ing kaca 14.

14. Apa kandhané Alkitab marang Seksi Yéhuwah sing bojoné dudu abdiné Yéhuwah?

14 Alkitab nduduhké alesan-alesan bèn wong bebojoan tetep urip bebarengan senajan salah sijiné dudu Seksi Yéhuwah. (Wacanen 1 Korinta 7:12-14.) Bojo sing dudu Seksi Yéhuwah isa ”kasucèkaké” merga nikah karo Seksi Yéhuwah. Anak-anaké dianggep ”suci” lan diayomi karo Yéhuwah. Paulus kandha marang wong bebojoan, ”Sabab kapriyé anggonmu bisa sumurup, héh wong wadon, manawa kowé bakal nylametaké bojomu? Utawa kapriyé anggonmu sumurup, héh wong lanang, manawa kowé bakal nylametaké somahmu?” (1 Kr. 7:16) Akèh pengalaman sing nduduhké nèk ana Seksi Yéhuwah sing isa mbantu bojoné dadi abdiné Yéhuwah.

15, 16. (a) Apa tuntunané Alkitab kanggo wong wédok sing bojoné dudu Seksi Yéhuwah? (b) Piyé tanggepané wong bebojoan ”nèk wong sing ora percaya kuwi mutuské lunga”?

15 Rasul Pétrus mènèhi tuntunan marang wong wédok bèn manut karo bojoné, ”supaya manawa ana wong lanang kang padha ora mituhu ing pangandika, padha kagèndènga déning tingkah-lakuné kang wadon tanpa tetembungan, manawa padha nyawang ing tindakmu kang murni sarta mursid iku.” Timbang terus-terusan ngomongké agamané, mbokmenawa wong wédok malah isa mbantu bojoné dadi abdiné Yéhuwah nganggo cara nduduhké ”roh kang sarèh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsaning Allah”.​—1 Pt. 3:1-4.

16 Piyé nèk bojo sing dudu Seksi Yéhuwah njaluk pisah? Alkitab kandha, ”Nèk wong sing ora percaya kuwi mutuské lunga, aja dialangi; ing kahanan kaya ngéné iki wong lanang utawa wong wédok ora dadi siji manèh, ning Gusti Allah péngin kowé rukun.” (1 Kr. 7:15, NW) Senajan pisahan nggawé kahanan luwih ayem, ning nurut Alkitab wong mau ora isa nikah manèh. Aja meksa bojo sing péngin pisah bèn tetep dadi siji. Mbokmenawa akhiré dhèwèké gelem bali manèh lan ndandani urip bebojoané, malah isa dadi abdiné Yéhuwah.

APA SING PALING UTAMA ING URIP BEBOJOAN?

Nèk ngutamakké ibadah marang Yéhuwah, urip bebojoan isa luwih ayem tentrem (Deloken paragraf 17)

17. Apa sing kuduné paling utama ing urip bebojoan?

17 Merga urip ing ”dina-dina wekasan”, awaké dhéwé ngadhepi ”mangsa kang rekasa”. (2 Tm. 3:1-5) Hubungan karo Yéhuwah kudu dijaga tetep kuwat. Paulus kandha, ”Mulané ing wektu kang mung kari sathithik iki, wong lanang kang padha sesomahan tumindaka kaya-kaya ora sesomahan; . . . Wong kang padha nganggo barang-barang kadonyan iki, dikaya ora nganggo.” (1 Kr. 7:29-31) Paulus ora ngongkon wong bebojoan ninggalké bojoné. Merga urip ing dina-dina pungkasan, awaké dhéwé kudu ngutamakké ibadah marang Yéhuwah timbang liyané.​—Mt. 6:33.

18. Apa sebabé urip bebojoan isa ayem tentrem?

18 Saiki akèh wong bebojoan ngadhepi masalah. Apa isa urip bebojoan ayem tentrem? Isa, nèk awaké dhéwé tetep cedhak karo Yéhuwah lan umaté, nindakké pathokané Alkitab, lan dituntun roh suciné Yéhuwah. Nèk kuwi ditindakké, tegesé awaké dhéwé ngajèni ”apa kang wis didadèkaké siji déning Allah”.​—Mk. 10:9.

^ [1] (paragraf 5) Dudu jenengé asli.

^ [2] (paragraf 13) Deloken buku ”Tetaplah Berada dalam Kasih Allah”, apendiks ”Pandangan Alkitab tentang Perceraian dan Perpisahan.”