Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Perlu Ngabdi marang Yéhuwah Luwih Apik Manèh?

Apa Panjenengan Perlu Ngabdi marang Yéhuwah Luwih Apik Manèh?

”Ngantepana anggonmu macakaké Kitab-kitab Suci, anggonmu mbangun lan memulang nganti satekaku.”​—1 TM. 4:13

LAGU: 45, 42

1, 2. (a) Apa buktiné Yésaya 60:22 kelakon ing jaman saiki? (b) Jemaat-jemaat sing anyar mbutuhké apa?

”KANG cilik dhéwé bakal dadi golongan kang gedhé, tuwin kang ringkih dhéwé bakal dadi bangsa kang santosa.” (Yé. 60:22) Ayat iki kelakon ing jaman saiki. Taun 2015, ana 8.220.105 abdiné Yéhuwah sing martakké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah saklumahing bumi. Gusti Allah kandha bab iki, ”Ingsun, Yéhuwah, bakal énggal nindakaké iku ing wektu kang wus Suntemtokaké.” Saya suwé, saya akèh gawéan sing kudu ditindakké. Apa awaké dhéwé saiki wis ngupaya tenanan kanggo nginjil lan mulang kabar apik? Akèh sedulur sing wis dadi perintis biasa lan èkstra. Uga, ana sing pindhah ing panggonan sing mbutuhké penginjil, lan ana sing mèlu mbangun Balé Ibadah.

2 Saben taun, ana kira-kira 2.000 jemaat anyar. Jemaat-jemaat kuwi butuh pinituwa lan abdiné jemaat. Saben taun, ana akèh abdiné jemaat sing perlu dadi pinituwa lan sedulur lanang sing perlu dadi abdiné jemaat. Dadi, ana akèh gawéan saka Gusti Allah sing kudu ditindakké sedulur lanang lan wédok.​—1 Kr. 15:58.

APA SING KUDU DITINDAKKÉ BÈN ISA NGABDI MARANG YÉHUWAH LUWIH APIK MANÈH?

3, 4. Apa sing kudu ditindakké bèn isa ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh?

3 Wacanen 1 Timotéus 3:1. Rasul Paulus ngalem sedulur-sedulur lanang sing ngupaya dadi pinituwa. Nèk ana wong sing péngin éntuk barang sing angèl dijupuk, wong kuwi kudu ngupaya tenanan nganti isa kecekel barangé. Semono uga, sedulur lanang sing péngin dadi abdiné jemaat kudu ngupaya tenanan bèn nduwé sipat-sipat sing cocog karo syarat kanggo abdiné jemaat ing Alkitab. Nèk wis dadi abdiné jemaat, dhèwèké isih kudu terus ngupaya tenanan bèn isa dadi pinituwa.

4 Ana sedulur lanang lan wédok sing ngowahi uripé bèn isa ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh. Contoné, dadi perintis, kerja ing Bètel, utawa mbantu mbangun Balé Ibadah. Alkitab isa mbantu awaké dhéwé bèn isa ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh. Piyé carané?

TERUSA NGABDI MARANG YÉHUWAH LUWIH APIK MANÈH

5. Piyé carané cah-cah enom isa nggunakké tenagané kanggo ngabdi marang Yéhuwah?

5 Cah-cah enom isa ngupaya ngabdi marang Yéhuwah merga isih kuwat lan séhat. (Wacanen Wulang Bebasan 20:29.) Ana sedulur-sedulur lanang enom sing tugasé nyétak lan njilid buku uga Alkitab ing Bètel. Akèh sedulur lanang lan wédok enom mèlu mbangun utawa ndandani Balé Ibadah. Ana sing mbantu wektu bencana alam. Lan, akèh perintis enom sing sinau basa liya utawa pindhah ing panggonan sing mbutuhké luwih akèh penginjil.

6-8. (a) Apa sing diupayakké sedulur lanang enom supaya isa luwih seneng ngabdi marang Yéhuwah, lan apa hasilé? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa ’ngrasakné lan nyawang sapira gedhéné kasaénané Pangéran Yéhuwah iku’?

6 Mesthiné awaké dhéwé nresnani Yéhuwah lan péngin ngabdi luwih apik manèh. Mbokmenawa, awaké dhéwé nduwé perasaan sing padha kaya sedulur lanang sing jenengé Aaron. Dhèwèké péngin atiné seneng wektu ngabdi marang Yéhuwah, ning ora isa. Senajan kèt cilik Aaron ajeg teka ing pakumpulan ibadah lan nginjil, ning dhèwèké kandha, ”Aku rumangsa nèk pakumpulan ibadah lan nginjil iku mboseni.” Dadi, apa sing ditindakké Aaron?

7 Aaron ngupaya ajeg maca Alkitab, persiapan kanggo pakumpulan ibadah, lan mèlu urun rembug. Dhèwèké uga luwih kerep ndonga. Kabèh kuwi mbantu dhèwèké bèn isa ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh. Aaron dadi saya ngerti lan saya nresnani Yéhuwah. Hasilé, Aaron krasa luwih seneng. Dhèwèké dadi perintis, mbantu liyané wektu ana bencana alam, lan pindhah ing negara liya kanggo nginjil. Saiki, Aaron wis dadi pinituwa lan ngabdi ing Bètel. Piyé perasaané? Aaron kandha, ”Aku wis ’ngrasakké lan nyawang sapira gedhéné kasaénané Pangéran Yéhuwah iku’. Merga berkahé, aku ora pakéwuh karo Yéhuwah, lan kuwi isa terus nyemangati aku bèn ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh. Akhiré, aku isa éntuk luwih akèh berkah.”

8 Sing nulis buku Jabur kandha, ”Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhéné kasaénané Pangéran Yéhuwah iku!” Dhèwèké uga kandha, ”Wong kang ngupaya Sang Yéhuwah padha ora kekurangan sabarang kang becik.” (Wacanen Jabur 34:9-11.) Wektu ngupaya ngabdi luwih apik manèh, awaké dhéwé seneng merga wis nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah bakal netepi janjiné kanggo ngopèni awaké dhéwé.

AJA NYERAH

9, 10. Apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar ngentèni?

9 Mbokmenawa awaké dhéwé péngin ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh. Ning, senajan wis suwé ngentèni, kok isih durung dadi abdiné jemaat, pinituwa, pinituwa wilayah, utawa liyané? Awaké dhéwé kudu sabar. (Mi. 7:7) Senajan mbokmenawa Yéhuwah isih durung ngowahi kahanané, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal terus ndhukung. Awaké dhéwé isa sinau saka contoné Abraham. Yéhuwah janji nèk Abraham bakal nduwé anak lanang. Ning, nyatané Abraham kudu ngentèni suwé sakdurungé Iskak lair. Saksuwéné ngentèni, Abraham tetep sabar lan setya marang Yéhuwah.​—Pd. 15:3, 4; 21:5; Ib. 6:12-15.

10 Ngentèni kuwi pancèn mboseni. (WB. 13:12) Ning, nèk terus ngenes mikirké kepénginan sing durung kelakon, kuwi isa marahi cilik ati. Timbang terus mikir ngono, mendhingan awaké dhéwé ngupaya bèn isa nduwèni sipat-sipat sing dibutuhké bèn isa dadi abdiné jemaat, pinituwa, pinituwa wilayah, utawa liyané.

Nèk mikirké Alkitab, awaké dhéwé isa dadi wicaksana, nduwé pikiran sing nggenah, lan nggawé keputusan sing bener

11. Apa waé sing kudu diupayakké para sedulur lanang bèn isa ngopèni jemaat, lan apa sebabé kuwi penting?

11 Kudu ngupaya tumindak lan nduwèni sipat sing dibutuhké. Nèk maca lan mikirké Alkitab, awaké dhéwé isa dadi wicaksana, nduwé pikiran sing nggenah, lan nggawé keputusan sing bener. Para sedulur lanang perlu tumindak lan nduwèni sipat-sipat kaya ngono bèn isa ngopèni jemaat. (WB. 1:1-4; Tt. 1:7-9) Wektu sinau Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti perasaané Yéhuwah wektu ngadhepi kahanan sing béda-béda. Banjur, saben dina awaké dhéwé isa nggunakké apa sing wis disinaoni mau kanggo nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah. Contoné, bab tumindaké awaké dhéwé marang sedulur liya, cara nggunakké dhuwit, sarta cara milih hiburan lan sandhangan.

12. Piyé sedulur-sedulur ing jemaat mbuktèkké nèk isa dipercaya?

12 Kudu nindakké tenanan tugas sing ditampa. Wektu bangsa Israèl lagi mbangun manèh panggonan ibadah, Néhémya butuh wong-wong lanang sing isa nindakké tugas werna-werna. Néhémya milih sing isa dipercaya lan gelem nindakké tenanan tugasé. (Ny. 7:2; 13:12, 13) Padha karo jaman saiki, sedulur-sedulur sing sregep lan apik nyambut gawéné bakal isa dipercaya, lan mbokmenawa bakal éntuk tugas-tugas liyané. (1 Kr. 4:2) Dadi, ora masalah lanang utawa wédok, awaké dhéwé kudu tenanan nindakké tugas apa waé sing ditampa.​—Wacanen 1 Timotéus 5:25.

13. Piyé carané niru tuladhané Yusuf nèk ana sing tumindak ora adil marang panjenengan?

13 Kudu ngendelké Yéhuwah. Piyé nèk ana sing tumindak ora adil marang panjenengan? Mbokmenawa isa crita perasaané panjenengan marang wong kuwi. Ning, nèk panjenengan terus mbenerké awaké dhéwé, masalahé malah dadi saya gedhé. Awaké dhéwé isa niru tuladhané Yusuf. Dhèwèké dijahati kakang-kakangé, difitnah wong, lan dipenjara senajan ora salah. Ning, Yusuf tetep ngendelké Yéhuwah. Dhèwèké terus mikirké janjiné Yéhuwah, lan tetep setya. (Ms. 105:19) Ing wektu sing susah kuwi, Yusuf ngupaya bèn isa nduwé sipat-sipat sing apik, sing isa mbantu dhèwèké wektu nindakké tugas sing penting mbésuké. (Pd. 41:37-44; 45:4-8) Nèk ana sing tumindak ora adil karo panjenengan, ndongaa marang Yéhuwah njaluk kawicaksanan. Yéhuwah bakal mbantu panjenengan isa sabar lan tetep apikan wektu ngomong karo wong kuwi.​—Wacanen 1 Pétrus 5:10.

KUDU NGUPAYA LUWIH TRAMPIL NGINJIL

14, 15. (a) Apa sebabé kudu ”diawas” bab carané nginjil? (b) Cara-cara apa waé sing isa diupayakké bèn isa tetep nginjil? (Deloken gambar ing kaca 15 lan kothak ” Apa Panjenengan Isa Nggolèk Cara Liya?”)

14 Paulus ngandhani Timotéus bèn terus ngupaya luwih trampil mulang Alkitab. Paulus kandha, ”Diawas marang awakmu dhéwé lan piwulangmu.” (1 Tm. 4:13, 16) Senajan wis pirang-pirang taun nginjil, apa sebabé Timotéus isih kudu terus ngupaya luwih trampil? Timotéus ngerti nèk tanggepan lan kahanané wong isa malih. Bèn wong-wong gelem nampa sing diwulangké, Timotéus kudu terus ngupaya luwih trampil mulang. Saiki, awaké dhéwé kudu nindakké sing padha.

15 Ana dhaérah sing wektu dikabari wong-wongé ora ana ing omah. Ning, ing dhaérah liyané, wong-wongé ora isa ditemoni senajan ana ing omah merga dijaga satpam. Nèk ing dhaérah panjenengan kaya ngono, apa panjenengan isa nggolèk cara liya bèn isa ketemu wong?

16. Apa buktiné nèk nginjil ing panggonan umum kuwi ana paédahé?

16 Akèh sedulur lanang lan wédok seneng nginjil ing panggonan umum. Contoné, ing stasiun, terminal, pasar, lan taman bèn isa ketemu wong akèh. Mbokmenawa awaké dhéwé isa mulai ngomongké berita-berita anyar saka TV utawa koran. Uga, isa waé ngalem anaké sing dikabari utawa takon bab gawéané. Nèk wongé gelem omong-omongan, mbokmenawa awaké dhéwé isa macakké bab sing cocog saka Alkitab lan takon tanggepané. Kerep-kerepé, wong-wong péngin ngerti luwih akèh bab Alkitab.

17, 18. (a) Piyé carané bèn isa luwih wani nginjil ing panggonan umum? (b) Apa sebabé semangaté Dawud wektu muji Yéhuwah ana paédahé kanggo awaké dhéwé wektu nginjil?

17 Mbokmenawa panjenengan wedi ngejak omong wong sing durung dikenal ing dalan. Kuwi sing dirasakké Eddie, perintis lanang saka New York City. Ning, Eddie mikirké cara bèn luwih wani nginjil. Eddie kandha, ”Wektu ibadah sak keluarga, aku lan bojoku sinau luwih akèh supaya isa njawab pitakonan-pitakonan wektu nginjil. Aku uga njaluk saran para sedulur liyané.” Saiki, Eddie péngin banget nginjil ing panggonan umum.

18 Nèk awaké dhéwé seneng lan ngupaya luwih trampil nginjil, kuwi bakal digatèkké para sedulur liyané. (Wacanen 1 Timotéus 4:15.) Lan, mbokmenawa awaké dhéwé malah isa mbantu sing sinau Alkitab dadi abdiné Yéhuwah. Dawud kandha, ”Pangéran Yéhuwah arep dakpuji ing salawasé; pepujian marang Panjenengané tetep ana ing cangkemku. Marga saka Sang Yéhuwah nyawaku rumangsa mulya; wong kang lembah manah cikbèn padha krungu lan padha bungah.”​—Ms. 34:2, 3.

TERUSA NGLUHURKÉ YÉHUWAH NGANGGO CARA NGABDI MARANG YÉHUWAH LUWIH APIK MANÈH

19. Apa sebabé abdiné Yéhuwah isa tetep seneng senajan susah?

19 Dawud kandha, ”Dhuh, Yéhuwah, sadaya ingkang Paduka titahaken punika sami badhé ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, sarta para kekasih Paduka badhé sami memuji dhumateng Paduka, sami badhé nyuwuraken kamulyaning karajan Paduka, sarta badhé ngrembag kasantosan Paduka, supados para anaking manungsa sami mireng pawartos bab kasantosan Paduka, kaliyan kamulyaning sumorotipun karajan Paduka.” (Ms. 145:10-12) Kabèh sing nresnani lan setya marang Yéhuwah péngin banget crita bab Yéhuwah marang wong liya. Ning, piyé nèk panjenengan ora isa nggunakké akèh wektu kanggo nginjil, contoné nginjil ing omah-omah, merga lara utawa wis tuwa? Élinga nèk panjenengan isa ngluhurké Yéhuwah saben nyritakké Yéhuwah marang wong liya, contoné, marang perawat utawa dokter. Nèk dipenjara merga iman, panjenengan isih tetep isa nginjil, lan kuwi nyenengké Yéhuwah. (WB. 27:11) Yéhuwah uga seneng banget nèk panjenengan ngabdi marang Yéhuwah, senajan keluarga panjenengan ora. (1 Pt. 3:1-4) Senajan susah, panjenengan isa ngluhurké, saya cedhak, lan ngupaya ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh.

20, 21. Wektu dikèki luwih akèh tugas ing pakumpulané Yéhuwah, piyé kuwi isa ana paédahé kanggo wong liya?

20 Panjenengan mesthi bakal diberkahi nèk terus nyedhak lan ngupaya ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh. Mbokmenawa panjenengan isa ngatur wektu lan kagiyatan, bèn isa nduwé luwih akèh kesempatan kanggo mbantu wong liya sinau bab janjiné Gusti Allah sing nyenengké. Panjenengan uga isa luwih akèh mbantu para sedulur liyané. Para sedulur kuwi mesthi bakal nresnani panjenengan nèk ndelok panjenengan ngupaya tenanan ing jemaat.

21 Ora masalah sepira suwéné wis ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé isa terus nyedhak lan ngupaya ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh. Minggu ngarep, awaké dhéwé bakal ngrembug carané mbantu liyané bèn isa ngabdi marang Yéhuwah luwih apik manèh.