Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Sebabé Yéhuwah Nggawé Urip Bebojoan?

Apa Sebabé Yéhuwah Nggawé Urip Bebojoan?

”Pangandikané Sang Yéhuwah Allah mangkéné: ’Ora prayoga manungsa iku yèn ijèn baé; Sunkaryakné rowang kang sembada dadi jodhoné.’”​—PD. 2:18.

LAGU: 36, 11

1, 2. (a) Piyé wiwitané urip bebojoan? (b) Apa sing kudu dingertèni Adam lan Kawa bab urip bebojoan? (Deloken gambar ndhuwur.)

LUMRAH nèk wong péngin nduwé bojo. Ning, piyé wiwitané urip bebojoan, lan apa tujuané? Nèk ngerti jawabané, awaké dhéwé isa nduwé pikiran sing bener bab urip bebojoan lan ngrasakké berkahé. Gusti Allah nggawé Adam, manungsa sing sepisanan, banjur ngongkon dhèwèké njenengi kéwan-kéwan. Adam ndelok kabèh kéwan nduwé jodho, ning ”mung manungsa kang durung duwé rowang kang sembada dadi jodhoné”. Mula, Gusti Allah nggawé Adam turu angler banjur njupuk igané lan digawé dadi wong wédok. Yéhuwah ndadèkké wong wedok kuwi dadi bojoné Adam. (Wacanen Purwaning Dumadi 2:20-24.) Dadi, urip bebojoan kuwi hadiah saka Gusti Allah.

2 Pirang-pirang taun sakbanjuré, Yésus mbalèni kandhané Yéhuwah ing taman Èden, ”Wong lanang iku kudu ninggal bapa biyungé sarta banjur manunggal karo rabiné, temah loro-loroné dadi daging siji.” (Mt. 19:4, 5) Merga Yéhuwah nggawé wong wédok saka balung igané Adam, wong bebojoan kudu ngerti nèk hubungané raket siji lan sijiné, lan ora péngin pisah. Yéhuwah ora péngin wong lanang megat bojoné utawa nduwé bojo akèh.

URIP BEBOJOAN KUWI KERSANÉ YÉHUWAH

3. Apa tujuan utama urip bebojoan?

3 Adam seneng merga nduwé bojo, banjur bojoné dijenengi Kawa. Kawa ngréwangi Adam. Kuwi maksudé Kawa nduwé bab-bab sing ora diduwèni Adam, lan kuwi dibutuhké kanggo nindakké kersané Yéhuwah. Mula, wong loro kuwi isa mbantu siji lan sijiné. Adam lan Kawa ngrasakké senengé urip bebojoan. (Pd. 2:18) Tujuan utama urip bebojoan yaiku ngebaki bumi. (Pd. 1:28) Anak-anak nresnani wong tuwané lan akhiré lunga merga nduwé bojo lan keluarga dhéwé. Manungsa bakal ngebaki bumi lan ndadèkké bumi dadi pirdus.

4. Keluargané Adam akhiré dadi piyé?

4 Keluargané Adam bubrah merga Adam lan Kawa ora manut karo Yéhuwah. ”Si ula kuna”, yaiku Iblis, ngapusi Kawa lan kandha nèk Kawa mangan woh saka ”wit pangawruhing becik lan ala”, Kawa isa éntuk pangertèn kusus. Iblis kandha nèk Kawa mangan woh saka wit kuwi, Kawa isa mutuské dhéwé sing ala lan becik. Wektu mutusi dhéwé mangan woh kuwi tanpa kandha dhisik karo Adam, Kawa nduduhké nèk ora ngajèni Adam, sing mimpin keluarga. Adam ora manut karo Gusti Allah wektu gelem nampa woh kuwi saka bojoné.​—Wy. 12:9; Pd. 2:9, 16, 17; 3:1-6.

Bèn urip bebojoan isa ayem tentrem, wong bebojoan kudu manut karo Yéhuwah lan tanggung jawab karo tumindaké

5. Awaké dhéwé éntuk pengéling-éling apa saka jawabané Adam lan Kawa?

5 Wektu Yéhuwah nakoni Adam lan Kawa, Adam nyalahké bojoné. Adam kandha, ”Tiyang èstri ingkang Paduka paringaken dados sisihan kawula, punika ingkang nyukani wohing wit wau dhateng kawula, lajeng kawula tedha.” Kawa uga nyalahké ula sing ngapusi dhèwèké. (Pd. 3:12, 13) Adam lan Kawa nggawé alesan sing ora mutu kanggo mbenerké salahé. Akhiré Yéhuwah ngukum wong-wong kuwi. Conto kuwi dadi pengéling-éling kanggo awaké dhéwé. Bèn urip bebojoan isa ayem tentrem, wong bebojoan kudu manut karo Yéhuwah lan tanggung jawab karo tumindaké.

6. Terangna Purwaning Dumadi 3:15.

6 Senajan Iblis mbrontak ing Èden, Yéhuwah ngupaya bèn manungsa tetep nduwé pengarep-arep. Pengarep-arep kuwi ana ing ramalan sing sepisanan ing Alkitab. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:15.) Ramalan kuwi nerangké nèk Iblis bakal diremuk karo ”turuné wong wadon”. Akèh malaékaté Yéhuwah ing swarga nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Para malaékat kuwi kaya bojoné Yéhuwah. Yéhuwah bakal ngutus salah sijiné malaékat kanggo ”ngremuk” Iblis. Malaékat kuwi bakal mujudké kersané Yéhuwah yaiku mènèhi pengarep-arep urip saklawasé ing bumi kanggo manungsa sing setya.​—Yo. 3:16.

7. (a) Merga Adam lan Kawa mbrontak, kabèh keluarga ngalami apa? (b) Nurut Alkitab, apa sing kudu ditindakké wong lanang lan wédok sing urip bebojoan?

7 Merga Adam lan Kawa mbrontak, keluargané Adam lan kabèh keluarga dadi bubrah. Contoné, Kawa lan kabèh wong wédok ngrasakké lara banget wektu nglairké anak. Wong wédok uga bakal péngin banget ditresnani lan digatèkké bojoné, ning wong lanang nguwasani, lan malah kadhang kala kasar marang wong wédok, kaya jaman saiki. (Pd. 3:16) Yéhuwah ngongkon wong lanang kudu welas asih wektu mimpin keluargané, lan wong wédok kudu manut karo bojoné. (Éf. 5:33) Nèk wong bebojoan gelem kerja bebarengan, akèh masalah isa dirampungi.

URIP BEBOJOAN SAKA JAMANÉ ADAM TEKAN BANJIR GEDHÉ

8. Piyé kahanan urip bebojoan saka jamané Adam tekan banjir gedhé?

8 Sakdurungé mati, Adam lan Kawa nduwé anak-anak lanang lan wédok. (Pd. 5:4) Anak lanangé sing mbarep yaiku Kain. Kain ngepèk bojo seduluré dhéwé. Wong lanang sing sepisanan nduwé bojo loro yaiku Lamèkh, keturunané Kain. (Pd. 4:17, 19) Saka jamané Adam tekan jamané Nuh, mung sithik sing dadi umaté Yéhuwah. Contoné yaiku Abèl, Hénokh, uga Nuh lan keluargané. Bab jamané Nuh, Alkitab kandha, ”Para putraning Allah bareng weruh anaké wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.” Ning iki ora lumrah, lan akhiré para malaékat mau nduwé anak-anak lanang sing gedhé dhuwur lan sipaté jahat, sing disebut Nèfilim. Wektu kuwi, ”gedhé durakané para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atiné sajegé mung ala baé”.​—Pd. 6:1-5.

9. Apa sing ditindakké Yéhuwah kanggo ngukum wong-wong jahat ing jamané Nuh, lan apa sing isa disinaoni?

9 Yéhuwah kandha nèk bakal ngukum manungsa sing jahat ing jaman kuwi nganggo banjir gedhé. Nuh ”martakaké pangandikané Gusti Allah” marang wong-wong bab banjir gedhé sing arep teka. (2 Pt. 2:5, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Ning, wong-wong ora gelem ngrungokké merga sibuk ngurusi urip saben dina, klebu bab bebojoan. Yésus mbandhingké jamané Nuh karo jamané awaké dhéwé. (Wacanen Matéus 24:37-39.) Saiki, akèh-akèhé wong ora gelem ngrungokké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah. Awaké dhéwé martakké kabar kuwi sakdurungé wong-wong jahat diukum. Apa sing isa disinaoni saka jamané Nuh? Aja nganti urip bebojoan lan nduwé anak dadi bab sing paling penting nganti lali nèk Armagédhon wis cedhak.

URIP BEBOJOAN SAKA BANJIR GEDHÉ TEKAN JAMANÉ YÉSUS

10. (a) Ing akèh budaya, tumindak bejat apa sing wis lumrah? (b) Piyé tuladhané Abraham lan Sara bab urip bebojoan?

10 Bojoné Nuh mung siji lan saben anaké lanang uga nduwé bojo siji. Ning, sakwisé banjir gedhé, akèh wong lanang nduwé bojo luwih saka siji. Ing akèh budaya, laku jina wis lumrah lan malah dadi bagéan saka ibadah. Wektu Abraham lan Sara pindhah menyang Kanaan, wong-wong ing kono bejat lan ora ngajèni urip bebojoan. Abraham béda banget karo wong-wong kuwi. Dhèwèké bojo lan bapak sing apik, lan Sara tuladha sing apik bab manut karo wong lanang. Akhiré, Yéhuwah ngukum kutha Sodom lan Gomora merga wong-wong ing kono bejat banget. (Wacanen 1 Pétrus 3:3-6.) Abraham ngupaya bèn anaké lanang yaiku Iskak nduwé bojo saka antarané umaté Yéhuwah. Lan, Iskak uga tumindak sing padha marang anaké lanang yaiku Yakub. Yakub nduwé anak 12 sing dadi leluhuré bangsa Israèl.

11. Piyé carané Hukum Musa njaga bangsa Israèl?

11 Banjur, Yéhuwah nggawé prajanjian karo bangsa Israèl. Yéhuwah mènèhi hukum Musa, sing salah sijiné ngrembug bab urip bebojoan bèn isa tetep ngibadah marang Yéhuwah. Kuwi klebu bab nduwé bojo luwih saka siji, lan ora éntuk nduwé bojo sing dudu umaté Yéhuwah. (Wacanen Pangandharing Torèt 7:3, 4.) Wektu ana masalah gedhé ing keluarga, para tuwa-tuwa isa mbantu. Ing Hukum Musa uga ana hukum bab tumindak ora setya, cemburu, lan curiga ing urip bebojoan. Wong éntuk megat bojoné ning ana aturan-aturan sing digawé kanggo ngayomi wong lanang utawa wong wédok sing pegatan mau. Contoné, wong lanang isa megat bojoné nèk ana ”tindaké kang ora pantes”. (PT. 24:1) Alkitab ora nerangké apa sing klebu tumindak ”kang ora pantes”, ning wong lanang ora isa megat bojoné mung merga masalah sepélé.​—Km. 19:18.

TETEPA SETYA KARO BOJO PANJENENGAN

12, 13. (a) Ing jamané Maléakhi, piyé tumindaké wong lanang marang bojoné? (b) Saiki, nèk ana Seksi Yéhuwah sing laku jina banjur megat bojoné bèn isa kawin manèh, wong kuwi bakal diapakké?

12 Ing jamané nabi Maléakhi, akèh wong lanang Yahudi nggunakké werna-werna alesan kanggo megat bojoné. Wong-wong kuwi megat bojoné bèn isa nduwé bojo manèh sing luwih enom utawa sing ora nyembah Yéhuwah. Ing jamané Yésus, wong lanang Yahudi isih megat bojoné merga ”sadhéngaha sabab”. (Mt. 19:3) Yéhuwah gething karo wong sing megat bojoné tanpa alesan sing bener nurut Yéhuwah.​—Wacanen Maléakhi 2:13-16.

13 Saiki, umaté Yéhuwah ora setuju karo tumindak ora setya ing urip bebojoan. Ning, tumindak kuwi arang kedadéan. Mbokmenawa ana Seksi Yéhuwah sing laku jina banjur megat bojoné bèn isa kawin manèh. Nèk ora gelem mertobat, wong kuwi bakal ditokké saka jemaat bèn jemaat tetep resik. (1 Kr. 5:11-13) Wong kuwi kudu ”metokna woh kang sembada tumrap pamratobat” sakdurungé isa dadi Seksi Yéhuwah manèh. (Lk. 3:8; 2 Kr. 2:5-10) Ora ditemtokké sepira suwéné wong kuwi isa dadi Seksi Yéhuwah manèh. Mbokmenawa butuh setaun utawa luwih bèn wong kuwi isa mbuktèkké nèk wis tenanan mertobat lan isa ditampa manèh dadi Seksi Yéhuwah. Senajan ngono, wong kuwi akhiré tetep kudu ”séba [ngadhep, New World Translation] ing ngarsaning dhampar pangadilané Gusti Allah”.​—Rm. 14:10-12; deloken The Watchtower, 15 November 1979, kaca 31-32.

URIP BEBOJOANÉ WONG KRISTEN

14. Apa paédahé Hukum Musa?

14 Luwih saka 1.500 taun bangsa Israèl dituntun Hukum Musa. Hukum kuwi mbantu umaté Yéhuwah ing akèh cara. Contoné, mènèhi pathokan-pathokan kanggo ngrampungi masalah urip bebojoan, lan nuntun wong Israèl marang tekané sang Mèsih. (Gl. 3:23, 24) Wektu Yésus séda, hukum kuwi ora perlu ditindakké manèh lan Yéhuwah nggawé hukum anyar. (Ib. 8:6) Ana bab sing éntuk ditindakké nurut Hukum Musa, ning ora éntuk ditindakké manèh karo wong Kristen.

15. (a) Apa pathokané Alkitab kanggo wong Kristen bab urip bebojoan? (b) Bab apa waé sing isa dipikirké wong Kristen wektu mutuské arep pegatan?

15 Wong Farisi wis tau nakoni Yésus bab urip bebojoan. Yésus njawab nèk senajan liwat Hukum Musa Gusti Allah ngéntukké wong Israèl pegatan, ning sakjané kuwi dudu kersané Gusti Allah saka wiwitan. (Mt. 19:6-8) Jawabané Yésus nduduhké nèk pathokané Yéhuwah bab urip bebojoan bakal dadi pathokané wong Kristen. (1 Tm. 3:2, 12) Merga wong bebojoan kuwi ”siji”, kuwi tegesé kudu manggon dadi siji. Tresna marang Gusti Allah lan tresna marang siji lan sijiné isa njaga urip bebojoan tetep rukun. Wong sing pegatan karo bojoné dudu merga laku jina, ora éntuk nduwé bojo manèh. (Mt. 19:9) [1] (Deloken katrangan ing kaca 8.) Mbokmenawa ana wong sing milih ngapura bojoné sing wis laku jina ning gelem mertobat. Kuwi kaya sing ditindakké Hoséa marang bojoné, Gomèr, sing laku jina, lan Yéhuwah sing ngapura bangsa Israèl sing gelem mertobat. (Hs. 3:1-5) Nèk ana wong sing gelem hubungan sèks manèh karo bojoné sing wis laku jina, kuwi tegesé dhèwèké wis ngapura wong kuwi. Kanggoné Gusti Allah, dhèwèké wis ora éntuk pegatan karo bojoné lan nikah manèh karo wong liya.

16. Apa kandhané Yésus bab wong-wong sing mutuské tetep ora nduwé bojo?

16 Yésus kandha nèk alesan kanggo pegatan kuwi mung siji yaiku laku jina. Banjur, Yésus crita bab wong-wong sing mutuské tetep ora nduwé bojo. Kuwi anugrah. Yésus kandha, ”Sapa sing bisa nglakoni, karebèn nglakoni.” (Mt. 19:10-12, BJP) Akèh sing milih ora nduwé bojo merga péngin ngabdi marang Yéhuwah tanpa gangguan, lan kuwi pantes dialem.

17. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé mutuské arep nduwé bojo apa ora?

17 Apa sing isa mbantu awaké dhéwé mutuské arep nduwé bojo apa ora? Awaké dhéwé perlu mikirké apa bakal isa seneng nèk tetep ora nduwé bojo. Senajan mènèhi saran bèn tetep ora nduwé bojo, ning Paulus kandha, ”Nanging ngélingi anané bebaya laku jina, beciké saben wong lanang duwéa somah dhéwé lan wong wadon duwéa bojo dhéwé. . . . Nanging manawa ora kuwat nyegah, karebèn padha omah-omah. Awit luwih becik bebojoan tinimbang ngangah-angah marga déning hawa-nepsu.” Dadi, urip bebojoan mbokmenawa isa mbantu aja nganti pikiran dikuwasani bab sèks, sing nyebabké wong-wong nindakké bab-bab kaya laku jina utawa nggosok-gosok alat kelamin bèn nafsu. Ning, wong sing durung nduwé bojo kudu mikir apa umuré wis cukup kanggo urip bebojoan. Paulus kandha, ”Manawa ana wong duwé pangira, yèn anggoné ngrengkuh marang prawané kurang samesthiné, manawa prawan mau sangsaya tuwa, mangka duwé rasa adreng kudu neningkahan, manawa pancèn karepé mangkono, karebèn neningkahan. Iku ora dosa.” (1 Kr. 7:2, 9, 36; 1 Tm. 4:1-3) Aja ngongkon cah enom nduwé bojo mung merga wong kuwi péngin banget nindakké hubungan sèks. Wong kuwi mbokmenawa durung cukup diwasa kanggo nindakké tanggung jawab ing urip bebojoan.

18, 19. (a) Apa sing kudu dipikirké wong Kristen wektu nggolèk bojo? (b) Apa sing bakal dirembug minggu ngarep?

18 Wong Kristen kuduné nggolèk bojo sedulur lanang utawa wédok sing wis dibaptis lan tulus nresnani Yéhuwah saka ati. Wong-wong kuwi uga kudu nresnani siji lan sijiné lan urip bebarengan saklawasé. Awaké dhéwé bakal diberkahi nèk nindakké pathokané Yéhuwah bab nduwé bojo ”anggeré wong kang pracaya”. (1 Kr. 7:39) Lan, urip bebojoan bakal ayem tentrem nèk terus manut karo pathokané Alkitab.

19 Saiki, awaké dhéwé wis urip ing ”dina-dina wekasan” lan akèh wong ora nduwé sipat-sipat sing dibutuhké bèn urip bebojoan ayem tentrem. (2 Tm. 3:1-5) Minggu ngarep, awaké dhéwé bakal ngrembug pathokan-pathokané Alkitab sing isa mbantu bèn urip bebojoan isa ayem tentrem senajan ngadhepi masalah. Kuwi isa mbantu awaké dhéwé tetep manut pathokané Yéhuwah bèn isa urip saklawasé.​—Mt. 7:13, 14.

[Katrangan]

^ [1] (paragraf 15) Kanggo katrangan luwih akèh bab iki, deloken buku Tetaplah Berada dalam Kasih Allah, bab 9 paragraf 7 sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah.