Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Apa sebabé wisuh tangan diributké para mungsuhé Yésus?

Wektu omongan karo Yésus lan para muridé, wisuh tangan dadi salah sijiné bab sing diributké para mungsuhé Yésus. Hukum Musa nerangké nèk ana bab-bab sing marahi wong dadi reged, contoné, kusta utawa lépra, getih wektu mènstruasi, spèrma sing metu saka wong lanang, lan gupak bathang kéwan utawa jenasahé manungsa. Hukum kuwi uga ngatur carané bèn wong isa resik manèh, nganggo cara wisuh, diciprati, utawa ngekèkké kurban.​—Km., bab 11-15; Wi., bab 19.

Para guru agama Yahudi sing disebut rabi nggawé Hukum Musa dadi saya ruwed. Ana sing kandha nèk para rabi nemtokké apa waé sing marahi wong dadi reged lan nambahi aturan bab carané wong isa resik manèh. Wong-wong kuwi nemtokké barang-barang apa waé sing isa dadi reged utawa ora, lan nggawé aturan bab upacara sing isa nggawé wong dadi resik manèh.

Para mungsuhé Yésus takon, ”Punapaa déné sakabat-sakabat Panjenengan sami boten ngenut ila-ilaning para leluhur kita, déné sami nedha mawi tangan najis?” (Mk. 7:5) Wong-wong Farisi kuwi ora ngrembug masalah keséhatan yaiku bab kudu wisuh tangan sakdurungé mangan. Ning, malah nggawé aturan nèk sakdurungé mangan, wong kudu nggawé upacara wisuh tangan. Ana katrangan sing nyebutké nèk para rabi ”ngributké baskom endi sing kudu digunakké, banyu apa sing arep dinggo, sapa sing arep nggrujugké banyu kuwi, lan bagéan tangan endi waé sing kudu diwisuhi”.

Piyé tanggepané Yésus bab hukum sing ditambah-tambahi kuwi? Yésus kandha karo para pemimpin agama Yahudi, ”Cèples temen pamecané Nabi Yésaya ing ngatasé kowé, héh, wong lamis! Sabab wis katulisan: Bangsa iki anggoné ngluhuraké Ingsun kalawan lambé, nanging atiné ngedohi Ingsun [Yéhuwah]. Tanpa gawé anggoné ngabekti marang Ingsun, déné kang diwulangaké iku pepakoning manungsa. Pepakoning Allah koklirwakaké, lan netepi ila-ilaning manungsa.”​—Mk. 7:6-8.