Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Aku Seneng Banget Merga Wis Mènèhi

Aku Seneng Banget Merga Wis Mènèhi

WEKTU umurku 12 taun, aku ngerti nèk ana bab penting sing kudu tak critakké karo wong liya. Wektu kebaktian, ana sedulur lanang sing nawani apa aku gelem mèlu nginjil. Aku gelem senajan durung tau nginjil. Dhèwèké ngekèki aku buku-buku bab Kratoné Gusti Allah. Tekan panggonan nginjil dhèwèké kandha, ”Kowé marani wong-wong ing sebelah kono, lan aku sing sebelah kéné.” Aku ndhredheg ning mulai nginjil ing omah-omah. Aku gumun merga kabèh buku mau wis entèk tak kèkké wong-wong. Jebulé akèh wong gelem nampa.

Aku lair taun 1923 ing Chatham, Kent, Inggris. Pirang-pirang taun sakwisé Perang Donya I, wong-wong ngarep-arep donya iki dadi luwih tentrem. Ning, sayangé kuwi ora kelakon. Mula, akèh sing padha gela, klebu wong tuwaku. Wong tuwaku uga gela karo para pendhéta geréja Baptis sing padha péngin éntuk jabatan penting ing geréja. Wektu umurku kira-kira sangang taun, ibuku mulai mèlu ”kelas” utawa pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah ing gedhungé International Bible Students Association. Salah sijiné sedulur wédok ing kono nduduhké wulangan kanggo bocah-bocah sing dhasaré Alkitab marang aku lan ibuku, lan ngekèki buku The Harp of God. Aku seneng karo sing disinaoni.

DIAJARI PARA SEDULUR SING LUWIH TUWA

Wiwit isih enom, aku seneng ngandhani wong liya bab pengarep–arep sing ana ing Alkitab. Aku kerep nginjil dhéwé ing omah-omah, ning wektu nginjil karo wong liya, aku isa sinau saka kanca nginjilku. Contoné, wektu nginjil, aku lan sedulur lanang sing luwih tuwa weruh pendhéta banjur aku kandha, ”Kuwi wedhus.” Sedulur lanang mau mandheg, banjur mudhun saka sepédhané lan ngejak aku lungguh ing kayu. Dhèwèké kandha, ”Apa kowé nduwé hak nemtokké sapa sing dadi wedhus? Mendhing awaké dhéwé nginjil waé, merga kuwi isa nggawé seneng. Bèn Yéhuwah waé sing dadi hakim.” Kèt wektu kuwi, aku ngerti nèk nginjil kuwi isa nggawé seneng.​—Mt. 25:31-33; PR. 20:35.

Sedulur lanang liyané sing luwih tuwa uga ngandhani aku nèk péngin tetep seneng wektu mènèhi, kudu tetep sabar. Bojoné ora seneng karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Wektu dhèwèké ngejak aku dolan ing omahé, bojoné nesu merga sedulur lanang kuwi lunga nginjil. Aku lan sedulur mau diuncali bungkusan-bungkusan sing isiné tèh. Sedulur kuwi ora nesu, malah mbalèkké tèh mau ing panggonané. Pirang-pirang taun sakwisé, sipat sabar mau ana hasilé. Bojoné sedulur kuwi akhiré dadi Seksi Yéhuwah.

Sasi September 1939, wektu umurku 16, Inggris ngumumké perang nglawan Jerman. Sasi Maret 1940, ibuku lan aku dibaptis ing Dover. Sasi Juni 1940, ing ngarep lawang aku weruh éwon tentara ditumpakké truk. Para tentara kuwi slamet saka perang ing Dunkirk. Wong-wong kuwi strès lan ora nduwé pengarep-arep. Aku péngin banget ngandhani wong-wong kuwi bab Kratoné Gusti Allah lan pengarep-arep mbésuké. Ing taun kuwi uga, Jerman ngebom Inggris. Saben bengi, ana pesawaté Jerman sing arep ngebom mabur ing ndhuwur omahku. Aku wedi banget karo swara bom. Sésuk ésuké, aku isa ndelok omah-omah sing remuk bar dibom. Kedadéan kuwi nggawé aku saya yakin nèk mung Kratoné Gusti Allah sing isa ngrampungi masalah ing donya iki.

AKU MULAI AKÈH MÈNÈHI

Aku kerja nggawé kapal ing Royal Dockyard, Chatham. Kuwi gawéan sing dipéngini wong akèh lan salah siji gawéan sing gajiné gedhé. Ning, para abdiné Yéhuwah akhiré ngerti nèk ora éntuk mèlu perang. Lan, kira-kira taun 1941, kabèh abdiné Yéhuwah ngerti nèk ora éntuk ndhukung nggawé senjata perang. (Yo. 18:36) Panggonan kerjaku nggawèni kapal selam, mula aku metu saka gawéan lan mulai dadi perintis ing taun 1941. Kuwi tugas sing nyenengké banget kanggoku. Aku sepisanan dadi perintis ing Cirencester, kutha ing Cotswolds.

Wektu umurku 18, aku dipenjara sangang sasi merga ora gelem mèlu perang. Aku wedi banget wektu lawang sèlku dibanting lan aku dhèwèkan ing kono. Ora let suwé, para penjaga penjara lan tahanan liya nakoni aku apa sebabé aku ing kono. Aku seneng banget isa nyritakké alesané.

Bar metu saka penjara, aku karo Leonard Smith * nginjil ing kutha-kutha ing dhaérah Kent, dhaérah asalku lan Leonard. Pesawat-pesawaté Nazi ngliwati Kent merga arep ngebom London. Mulai taun 1944, luwih saka sèwu bom sing disebut doodlebugs, tiba ing Kent. Bom kuwi sakjané pesawat jèt sing ora ana piloté lan isiné bom. Nèk krungu mesin pesawaté mati, kuwi tegesé sedhéla manèh pesawaté tiba lan njeblug. Wong-wong padha wedi. Wektu kuwi aku lagi sinau Alkitab karo keluarga sing anggotané ana lima. Wektu sinau, kadhang kala kudu lungguh ing ngisoré méja wesi bèn ora kambrukan omah nèk kena bom. Keluarga kuwi akhiré kabèh dibaptis.

NGINJIL ING NEGARA-NEGARA LIYA

Ngumumké kebaktian wektu aku dadi perintis ing Irlandia

Sakwisé perang, rong taun aku dadi perintis ing Irlandia sisih kidul. Aku nginjil ing omah-omah. Aku kandha nèk aku utusan Injil lan butuh panggonan kanggo nginep. Aku nawakké majalah ing dalan. Ning, Irlandia béda banget karo Inggris. Akèh sing mikir nèk ora ana gunané nginjil ing kono merga kuwi negara Katolik. Wektu ana wong lanang sing ngancam arep nganiaya, aku lapor polisi. Ning, polisi kuwi malah kandha, ”Lha terus ngapa?” Aku gumun banget kok pemimpin agama ing kono isa nduwé wewenang sing gedhé banget. Wong-wong sing gelem nampa wacan saka aku bakal ditokké saka gawéan. Aku uga diusir saka panggonanku.

Akhiré, aku nduwé rencana nèk mengko pindhah ing dhaérah anyar, luwih apik nèk nginjilé ing dhaérah sing ora diawasi pemimpin agama. Dadi, aku nginjil ing dhaérah sing adoh saka panggonanku lan marani wong-wong ing kono dhisik. Bar kuwi, lagi nginjil marang wong-wong ing cedhak panggonanku. Ing Kilkenny, aku sinau Alkitab karo cah enom seminggu ping telu, senajan diancam arep dikeroyok wong-wong. Aku seneng banget mulang Alkitab, mula péngin mèlu sekolah kanggo utusan Injil. Akhiré, aku ndhaftar Sekolah Giléad.

Kapal layar Sibia sing dadi omahé utusan Injil saka taun 1948 nganti 1953

Sakwisé limang sasi mèlu Sekolah Giléad ing New York, aku lan kancaku telu ditugaské nginjil ing pulau-pulau cilik ing Laut Karibia. Ing sasi November 1948, aku lan kanca-kancaku mangkat saka New York City numpak kapal layar sing ukurané 18 mèter. Kapal kuwi jenengé Sibia. Aku durung tau numpak kapal, mula aku gumun banget. Salah sijiné kancaku, yaiku Gust Maki, dhèwèké kaptèn kapal sing wis pengalaman. Dhèwèké ngajari carané nglakokké kapal klebu mbukak lan nutup layar, ngarahké kapal nganggo kompas, lan nglawan angin. Gust pinter banget nglakokké kapal saksuwéné 30 dina menyang Bahama senajan ana angin gedhé.

”WARTAKNA MENYANG TANAH-TANAH PESISIR”

Sakwisé nginjil pirang-pirang sasi ing pulau-pulau cilik ing Bahama, aku lan kanca-kancaku lunga ing kepulauan Leeward lan Windward. Dhaérah kuwi jembaré mèh 800 kilomèter ing antarané kepulauan Virgin lan Trinidad. Saksuwéné limang taun, aku nginjil utamané ing pulau-pulau ing dhaérah plosok sing ora ana Seksi Yéhuwah. Kadhang kala pirang-pirang minggu ora isa ngirim utawa nampa surat. Ning, aku seneng banget isa martakké bab Yéhuwah ”menyang tanah-tanah pesisir”.​—Ym. 31:10, Basa Jawi Padintenan.

Para utusan Injil ing kapal Sibia (saka kiwa): Ron Parkin, Dick Ryde, Gust Maki, lan Stanley Carter

Nèk kapalé mandheg ing pelabuhan, wong-wong ing pulau kuwi mara lan ngumpul merga péngin ngerti sapa sing teka. Ana sing durung tau weruh kapal kaya kapalku utawa weruh wong bulé. Wong-wong ing kono ramah lan ngerti bab Alkitab. Aku kerep dikèki iwak laut, alpukat, lan kacang. Senajan kapalku cilik, aku isa masak, turu, lan ngumbahi ing kono.

Aku lan kanca-kancaku mudhun saka kapal banjur nginjil marang wong-wong sedina muput. Aku ngandhani nèk bakal ana ceramah Alkitab. Nèk wis soré, tak uripké swara loncèng kapal bèn wong-wong padha teka. Wong-wong kuwi teka nggawa lampu téplok sing kétok kelip-kelip kaya lintang sing mudhun saka gunung. Kadhang kala, ana wong satus sing teka lan takon-takon nganti wengi. Wong-wong kuwi seneng nyanyi dadi tak tuliské lagu-lagu pamuji kanggo Yéhuwah. Aku lan kanca-kancaku uga ngupaya nyanyi. Wektu wong-wong kuwi mèlu nyanyi, swarané apik banget. Pengalaman kuwi pancèn nyenengké tenan.

Sakwisé rampung sinau Alkitab, wong-wong sing sinau mèlu aku lan kanca-kanca marani omah sakbanjuré merga péngin mèlu sinau manèh. Sakwisé pirang-pirang minggu nginjil, aku lan kanca-kancaku kudu pindhah panggonan. Mula, kerep-kerepé aku ngongkon wong-wong sing tanggepané paling apik bèn sinau karo liyané nganti aku mrono manèh. Aku seneng banget merga tugas kuwi tenanan ditindakké.

Saiki, pulau-pulau kuwi wis diparani wong akèh. Mbiyèn sepi lan isa ndelok banyu sing warnané biru lan ijo, pasir pantai, lan wit-wit palem. Biasané aku mangkat numpak kapal menyang pulau liyané ing wayah wengi. Iwak lumba-lumba sok renang ing cedhak kapalku. Aku isa krungu swarané banyu sing diliwati kapal. Bayangané rembulan mantul ing laut, kétok kaya werna pérak sing njlarit ing langit.

Sakwisé limang taun nginjil ing pulau-pulau kuwi, aku lan kanca-kancaku lunga ing Puerto Riko merga arep ganti kapal mesin. Ing kono, aku ketemu banjur seneng karo utusan Injil wédok sing jenengé Maxine Boyd. Dhèwèké semangat nginjil kèt cilik. Mbiyèn dhèwèké dadi utusan Injil ing Republik Dominika nganti diusir karo pamréntah Katolik ing kono taun 1950. Merga aku manggon ing kapal, aku mung éntuk mara ing Puerto Riko sesasi thok. Bar kuwi, kudu lunga ing pulau-pulau liya nganti pirang-pirang taun. Mula, aku mikir, ’Nèk aku pancèn seneng karo wong wédok kuwi, kudu ndang tak pèk bojo.’ Sakwisé telung minggu, dhèwèké tak lamar. Lan, sakwisé nem minggu, tak pèk bojo. Aku lan Maxine ditugaské dadi utusan Injil ing Puerto Riko. Dadi, aku ora tau ganti kapal anyar.

Taun 1956 aku dadi pinituwa wilayah lan seneng banget isa marani para sedulur ing kono. Akèh sedulur sing ora nduwé. Contoné, ing désa Potala Pastillo, ana rong keluarga Saksi sing anaké akèh. Aku sok main suling kanggo para keluarga kuwi. Aku ngejak nginjil cah wédok cilik sing jenengé Hilda, ning dhèwèké kandha, ”Aku péngin nginjil ning ora isa, merga ora nduwé sepatu.” Dadi, dhèwèké tak tukokké sepatu banjur isa mèlu nginjil. Taun 1972, aku lan Maxine mara ing Brooklyn. Ana sedulur wédok sing bar lulus saka Sekolah Giléad marani aku lan bojoku. Dhèwèké crita nèk dikon dadi utusan Injil ing Ekuador, banjur dhèwèké kandha, ”Lho, panjenengan lali karo aku, ta? Aku cah cilik saka Pastillo sing mbiyèn panjenengan tukokké sepatu.” Sedulur kuwi jebulané Hilda. Aku lan bojoku seneng banget nganti nangis.

Taun 1960, aku ditugaské ing kantor cabang Puerto Riko, sing isih manggon nèng omah cilik ing Santurce, San Juan. Wektu kuwi, akèh-akèhé gawéan ing kono sing nggarap aku lan Lennart Johnson. Lennart lan bojoné kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah sing sepisanan ana ing Republik Dominika, banjur pindhah menyang Puerto Riko taun 1957. Tugasé Maxiné ing kantor cabang yaiku ngirim majalah kanggo wong-wong sing langganan. Dhèwèké isa ngirim luwih saka sèwu majalah saben minggu. Dhèwèké seneng nindakké tugas kuwi merga ngerti nèk wong-wong sing langganan lagi sinau bab Yéhuwah.

Aku seneng kerja ing Bètel merga isa luwih akèh nggunakké tenagaku kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Ning, kuwi ora gampang. Contoné, wektu ana kebaktian internasional sing sepisanan ing Puerto Riko taun 1967, aku mumet ngatur akèh gawéan. Sedulur Nathan Knorr sing wektu kuwi dadi pimpinané Seksi-Seksi Yéhuwah, mara ing Puerto Riko. Dhèwèké ngira nèk aku ora ngatur transportasi kanggo para utusan Injil sing bakal mara ing negara kuwi, padhahal sakjané wis tak atur. Bar kuwi, dhèwèké nyenèni aku lan kandha nèk aku nggawé gela dhèwèké. Aku wegah padu, ning aku rumangsa dhèwèké ora adil marang aku. Aku sedhih banget sakwetara wektu. Ning, wektu aku lan bojoku ketemu manèh karo sedulur Knorr, dhèwèké ngejak ing kamaré lan masak kanggo aku lan bojoku.

Aku lan bojoku wis ping bola-bali mulih menyang Inggris. Mbiyèn bapakku ora gelem sinau Alkitab. Ning, wektu para sedulur saka Bètel mara, ibuku kerep ngongkon para sedulur kuwi nginep ing omahku. Bapak nggatèkké nèk para sedulur kuwi andhap asor lan béda karo para pendhéta sing mbiyèn nggawé mangkel dhèwèké. Akhirè bapakku dadi Seksi Yéhuwah taun 1962.

Karo Maxine ing Puerto Riko ora suwé bar nikah, lan wektu ulang taun nikahku sing kaping 50 ing taun 2003

Maxine mati taun 2011. Aku péngin banget ketemu dhèwèké manèh ing Pirdus. Aku ayem merga mikirké kuwi. Saksuwéné 58 taun urip bebojoan, aku lan bojoku ndelok cacahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing Puerto Riko mundhak saka kira-kira 650 nganti 26.000. Taun 2013, kantor cabang Puerto Riko digabung karo kantor cabang Amerika Serikat, banjur aku ditugaské ing Wallkill, New York. Merga wis 60 taun manggon ing Puerto Riko, aku rumangsa dadi wong Puerto Riko lan dadi coquí, yaiku kodhok sing asalé saka Puerto Riko. Nèk soré, kodhok kuwi ngetokké swara ko-ki, ko-ki. Aku seneng manggon ing Puerto Riko ning saiki kuwi mung dadi kenangan.

”GUSTI ALLAH IKU NGASIHI WONG KANG PAWÈWÈHÉ KANTHI SUKA-RILA”

Nganti saiki aku seneng ditugaské ing Bètel. Saiki umurku luwih saka 90 taun lan tugasku nyemangati para anggota Bètel liyané. Kèt pindhah ing Wallkill, aku wis marani luwih saka 600 sedulur. Ana sing nemoni aku merga péngin ngrembug masalahé dhéwé utawa masalah keluargané. Liyané njaluk saran bèn terus semangat nindakké tugas ing Bètel. Ana sing njaluk saran merga bar waé nikah, utawa merga ditugaské dadi perintis. Aku ngrungokké kabèh sing crita karo aku. Nèk cocog wektu lan kahanané, aku kerep ngandhani wong-wong kuwi, ”’Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawèwèhé kanthi suka-rila.’ Mula, kudu seneng nindakké tugasmu. Kuwi kabèh kanggo Yéhuwah.”​—2 Kr. 9:7.

Nèk péngin seneng nindakké tugas ing Bètel utawa panggonan liyané, panjenengan kudu mikirké apa sebabé tugas panjenengan kuwi penting. Kabèh tugas ing Bètel kuwi kanggo Yéhuwah. Kuwi mbantu ”abdi kang setya lan pinter” nyedhiyakké piwulang saka Yéhuwah kanggo para sedulur ing saklumahing bumi. (Mt. 24:45) Ing endi waé awaké dhéwé ngabdi, kuwi kesempatan kanggo ngluhurké Yéhuwah. Ayo padha semangat nindakké tugas saka Yéhuwah merga ”Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawèwèhé kanthi suka-rila”.

^ par. 13 Pengalamané Leonard Smith wis tau metu ing Menara Pengawal 15 April 2012.