Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Seksi-Seksi Yéhuwah Jaman Mbiyèn

”Kapan Ya, Ana Kebaktian Manèh?”

”Kapan Ya, Ana Kebaktian Manèh?”

MEXICO CITY kuwi salah siji kutha sing sibuk, sing penduduké cacahé luwih saka sak yuta. Ing akir November 1932, lagi seminggu kutha kuwi dipasangi bangjo. Ning, wektu kuwi, akèh wong padha ngentèni tamu sing istiméwa. Para wartawan uga wis siap-siap ing stasiun karo nggawa kaméra. Sapa ta tamuné? Tamuné yaiku Joseph F. Rutherford, présidhèn Lembaga Menara Pengawal. Para Seksi Yéhuwah ing kono uga ngentèni arep nyambut Sedulur Rutherford sing arep teka ing acara kebaktian sing suwéné telung dina.

The Golden Age kandha, ”Iki bakal dadi kebaktian sing ora isa dilalèkké lan penting banget” kanggo ndhukung upaya martakké Injil ing Meksiko. Ning, sing teka ing kebaktian kuwi mung 150 wong. Dadi, apa sebabé kebaktian kuwi penting banget?

Sakdurungé kebaktian kuwi, durung ana akèh penginjil ing Meksiko. Sakjané wis ana kebaktian-kebaktian cilik wiwit taun 1919. Ning, sakwisé taun kuwi, cacahé jemaat malah dadi suda. Wektu kantor cabang ing Mexico City dibukak taun 1929, kaya-kayané kahanané bakal dadi luwih apik. Ning, isih ana masalah sing kudu diadhepi. Pakumpulan wektu kuwi wis mènèhi arahan marang para perintis, sing wektu kuwi disebut kolportir, supaya ora dodolan wektu nginjil. Salah siji kolportir dadi nesu banget lan akiré metu saka pakumpulan, banjur nggawé kelompok sinau Alkitab dhéwé. Sakliyané kuwi, pengawas cabangé uga kudu diganti merga wis nindakké kesalahan. Para Seksi sing setya ing kono butuh dikuwatké.

Wektu mara ing Meksiko, Sedulur Rutherford nyampèkké rong ceramah ing kebaktian sing nggedhèkké atiné para sedulur, sarta limang ceramah liyané sing disiarké liwat radhio. Lagi sepisan iki para sedulur nggunakké radhio kanggo martakké kabar apik ing Meksiko. Sakwisé kebaktian, pengawas cabang sing anyar dilantik kanggo ngatur gawéan nginjil ing kono. Para Seksi saiki padha semangat martakké Injil merga dhukungan saka Yéhuwah.

Kebaktian ing Mexico City taun 1941

Ing taun 1933, ana rong kebaktian sing dianakké ing Veracruz lan Mexico City. Para sedulur mempeng nginjil ing dhaérah kuwi lan asilé apik banget. Contoné, ing taun 1931, ana 82 penginjil ing kono. Ning, ing taun 1941, jumlahé wis mundhak ping sepuluhé. Ana kira-kira wong 1000 sing teka ing Kebaktian Téokratis sing dianakké ing Mexico City taun 1941.

”SERANGAN ING DALAN”

Ing taun 1943, para Seksi mulai ngumumké ”Kebaktian Téokratis Dari ’Bangsa Yang Merdeka’”, sing bakal dianakké ing 12 kutha ing Meksiko. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Para sedulur ngumumké kebaktian kuwi nganggo papan sandwich, yaiku plakat loro sing dicanthèlké ing ngarep dhadha lan sing sijiné ing geger. Seksi-Seksi Yéhuwah wis nggunakké plakat sing kaya ngono kanggo ngumumké kebaktian wiwit taun 1936.

Majalah taun 1944 nduduhké gambaré para sedulur sing nganggo papan sandwich ing Mexico City

Ngumumké kebaktian nggunakké papan sandwich kuwi asilé apik banget, nganti majalah La Nación nulis bab para Seksi sing teka ing kebaktian kuwi, ”Dina kapisan, wong-wong kuwi dikon ngundang akèh wong. Sésuké, panggonan kuwi wis kebak wong.” Gréja Katolik ora seneng, banjur nentang para Seksi. Ning, para sedulur ora wedi, lan tetep terus ngumumké kebaktian kuwi. Majalah kuwi uga nglaporké, ”Kabèh wong ing kutha isa ndelok para Seksi Yéhuwah.” Artikel kuwi uga kandha nèk para sedulur padha ”dadi iklan ’sandwich’”. Ing artikel kuwi uga ana gambaré para sedulur sing lagi ngadeg ing dalan-dalan ing Mexico City. Ing ngisor gambar kuwi ana katrangan, ”Serangan ing dalan.”

KASUR SING ”LUWIH EMPUK LAN NYAMAN TIMBANG LANTAI SAKA SEMÈN”

Ing taun-taun kuwi, akèh sedulur sing kudu nggawé pangurbanan sing gedhé kanggo teka ing kebaktian-kebaktian sing dianakké ing Meksiko. Akèh sedulur asalé saka désa-désa plosok sing ora diliwati sepur lan adoh saka dalan gedhé. Dadi, para sedulur kudu numpak keledai utawa mlaku pirang-pirang dina menyang stasiun, banjur numpak sepur tekan kutha kebaktian.

Akèh sedulur sing mlarat lan dhuwité mung cukup kanggo mangkat menyang kebaktian. Bareng tekan kono, akèh sing nginep ing omahé para sedulur sing apikan lan seneng nampa tamu. Sing liyané nginep ing Balé Ibadah. Wis tau ana kira-kira 90 sedulur sing nginep ing kantor cabang lan turu nganggo kerdhus-kerdhus buku. Buku Tahunan nyritakké nèk para sedulur kuwi rumangsa maturnuwun banget merga kerdhus-kerdhus kuwi ”luwih empuk lan nyaman timbang lantai saka semèn”.

Para sedulur kuwi seneng banget merga isa ngumpul bareng karo sedulur liyané, nganti padha gelem nggawé pangurbanan sing gedhé. Saiki, ana luwih saka 850.000 Seksi-Seksi Yéhuwah ing Meksiko sing nduwé semangat sing padha. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Laporan ing Buku Tahunan 1949 kandha nèk para sedulur kuwi semangat banget ndhukung ibadah marang Yéhuwah, senajan kudu nggawé pangurbanan. Saben bar kebaktian, para sedulur ”terus ngomongké bab kuwi”. Para sedulur biyasané bola-bali takon, ”Kapan ya, ana kebaktian manèh?”​—Seksi-Seksi Yéhuwah jaman mbiyèn ing Amerika Tengah.

^ par. 9 Nurut Buku Tahunan 1944, kebaktian iki nggawé Seksi-Seksi Yéhuwah dadi dikenal ing Meksiko.

^ par. 14 Ing Meksiko, ana 2.262.646 wong sing teka ing acara Pèngetan taun 2016.