Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Apa sebabé cathetané Matéus bab cilikané Yésus béda karo cathetané Lukas?

Cathetané Matéus bab lairé lan cilikané Yésus béda karo cathetané Lukas, merga sing dicritakké karo saben penulis kuwi ora saka pikiran lan pengalamané wong siji thok.

Matéus nyathet kedadéan-kedadéan sing ana hubungané karo Yusuf. Contoné, Matéus nyritakké tanggepané Yusuf wektu ngerti nèk Maryam mbobot, lan wektu malaékat njelaské kahanané liwat mimpi, banjur Yusuf manut karo arahan kuwi. (Mt. 1:19-25) Matéus uga nyritakké wektu ana malaékat sing ngélikké liwat mimpi supaya Yusuf lan keluargané mlayu menyang Mesir, lan Yusuf uga manut karo arahan kuwi. Banjur, Matéus nyritakké nèk ana malaékat sing ngandhani liwat mimpi manèh supaya Yusuf bali menyang Israèl. Dadi, Yusuf lan keluargané bali lan manggon ing Nazarèt. (Mt. 2:13, 14, 19-23) Ing Matéus bab 1 lan 2, jenengé Yusuf disebutké ping sanga, ning jenengé Maryam mung ping pitu.

Kosok baliné, cathetané Lukas akèh nyritakké bab Maryam. Contoné, Lukas nyritakké nèk Maryam ditekani malaékat Gabrièl, marani seduluré sing jenengé Élisabèt, banjur ngluhurké Yéhuwah. (Lk. 1:26-56) Lukas uga nyritakké apa sing diomongké Siméon marang Maryam bab kasangsaran sing bakal dialami Yésus. Banjur, Lukas nyritakké kedadéan wektu Yésus, sing umuré isih 12 taun, lunga menyang bait bareng karo keluargané. Wektu nyritakké bab kuwi, Lukas ngutip omongané Maryam, dudu Yusuf. Lukas uga nulis pengaruhé kedadéan kuwi marang perasaané Maryam. (Lk. 2:19, 34, 35, 48, 51) Ing Lukas bab 1 lan 2, Lukas nyebutké jenengé Maryam ping 16, ning jenengé Yusuf mung ping telu. Dadi, Matéus luwih akèh nyritakké bab sing dipikir lan ditindakké Yusuf. Ning, Lukas luwih akèh nyritakké bab sing dipikir lan dialami Maryam.

Cathetané Matéus lan Lukas bab silsilahé Yésus uga béda. Matéus nyathet garis keturunan saka Yusuf lan kuwi mbuktèkké nèk Yésus, anak angkaté Yusuf, nduwé hak sing sah kanggo dadi raja ing pamréntahané Dawud. Kok isa? Merga Yusuf kuwi keturunané Raja Dawud saka Suléman, anaké Dawud. (Mt. 1:6, 16) Kosok baliné, Lukas nyathet garis keturunan saka Maryam lan kuwi mbuktèkké nèk Yésus nduwé hak alami kanggo dadi raja ing pamréntahané Dawud. (Rm. 1:3) Kok isa? Merga Maryam, ibuké Yésus, kuwi pancèn keturunané Raja Dawud saka Natan, anaké Dawud. (Lk. 3:31) Ning, kenapa Lukas ora nyebut Maryam kuwi anaké Éli? Merga sing biyasané disebutké ing cathetan silsilah sing resmi kuwi mung jenengé sing lanang. Dadi, wektu Lukas nyebutké Yusuf, anaké Éli, wong-wong langsung ngerti nèk sing dimaksud yaiku Yusuf, mantuné Éli.​—Lk. 3:23.

Cathetan silsilahé Yésus ing Injil Matéus lan Lukas kuwi mbuktèkké nèk Yésus kuwi Mèsias sing dijanjèkké Gusti Allah. Wong-wong padha ngerti nèk Yésus kuwi bener-bener keturunané Dawud, nganti wong-wong Farisi lan Saduki waé ora isa mbantah. Cathetan kuwi uga penting banget kanggo nguwatké iman lan nggawé kita yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon.