Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Aja Ngadili Mung saka Njabané Waé

Aja Ngadili Mung saka Njabané Waé

”Aja ngadili wong manèh mung saka njabané waé, nanging kowé kudu ngadili kanthi adil.”​—YOH. 7:24.

LAGU: 142, 123

1. Yésaya nulis nubuat apa bab Yésus, lan apa sebabé nubuat kuwi isa nggedhèkké ati kita?

YÉSAYA nulis nubuat bab Yésus, ”[Dhèwèké] ora bakal ngadili mung waton pamirsané satléraman baé utawa ndhawahaké putusan manut paturaning wong. Nanging bakal ngakimi para wong sèkèng kalawan kaadilan.” (Yé. 11:3, 4) Nubuat kuwi isa dadi pangarep-arep sing nggedhèkké ati. Apa sebabé? Merga saiki ana akèh tumindak ora adil, wong-wong padha ngadili siji lan sijiné mung manut apa sing didelok. Mula, kita bener-bener mbutuhké Yésus, Hakim sing sampurna, sing ora bakal ngadili mung manut apa sing didelok.

2. Yésus kandha kita kudu nindakké apa, lan apa sing bakal kita rembug ing artikel iki?

2 Ora kaya Yésus, kita kabèh ora sampurna. Mula, pendapat kita bab wong liya mesthi ya ora sampurna. Pancèn luwih gampang nèk mung ndelok saka njabané waé. Ning, Yésus péngin kita niru tuladhané. Yésus kandha, ”Aja ngadili wong manèh mung saka njabané waé, nanging kowé kudu ngadili kanthi adil.” (Yoh. 7:24) Ing artikel iki, kita bakal ngrembug telung bab sing ana pengaruhé marang pendapat kita bab wong liya: latar belakangé, sepira akèhé bandhané, lan sepira umuré wong kuwi. Kita uga bakal sinau piyé carané niru tuladhané Yésus sing ora ngadili wong mung manut apa sing didelok.

AJA NGADILI MANUT LATAR BELAKANGÉ

3, 4. (a) Apa sebabé pandhangané Pétrus isa malih? (Deloken gambar ing kaca 9.) (b) Pétrus éntuk pemahaman anyar apa saka Yéhuwah?

3 Bayangna piyé perasaané Rasul Pétrus wektu diutus kanggo lunga menyang omahé Kornélius ing Kaisaréa. Kornélius kuwi dudu wong Yahudi. (Kis. 10:17-29) Wiwit cilik, Pétrus diajari nèk wong sing dudu Yahudi kuwi najis. Ning, ana peristiwa-peristiwa sing akiré isa ngowahi pandhangané. Contoné, Pétrus éntuk wahyu saka Gusti Allah. (Kis. 10:9-16) Wektu kuwi, Pétrus ndelok kaya ana kain amba mudhun saka langit. Ing njeroné, ana kéwan-kéwan sing haram lan najis. Terus, ana swara sing kandha, ”Ngadega, Pétrus. Belèhen lan panganen!” Pétrus ora gelem. Ning, swara kuwi kandha, ”Apa sing wis disucèkké Gusti Allah aja kok anggep haram manèh.” Pétrus tetep ora gelem lan ora ngerti apa maksudé kuwi. Bar kuwi, utusané Kornélius teka. Roh suci ngarahké Pétrus supaya lunga menyang omahé Kornélius bareng karo wong-wong kuwi.

4 Nèk Pétrus ngadili ”mung saka njabané waé”, dhèwèké mungkin ora bakal gelem mara ing omahé Kornélius. Wong Yahudi biasané ora sudi mara ing omahé wong sing dudu Yahudi. Kenapa Pétrus gelem? Mauné, Pétrus pancèn nduwé prasangka bab wong-wong sing dudu Yahudi. Ning, pandhangané malih sakwisé nampa wahyu lan arahan saka roh suciné Gusti Allah. Sakwisé ngrungokké Kornélius, Pétrus kandha, ”Saiki aku bener-bener ngerti nèk Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong, nanging kabèh wong saka bangsa ngendi waé sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener ditampa Panjenengané.” (Kis. 10:34, 35) Pemahaman anyar iki bener-bener gedhé pengaruhé kanggo Pétrus lan wong-wong Kristen sing liyané.

Mungkin kita rumangsa wis ora mbédak-mbédakké, ning, apa mungkin kita isih nduwé prasangka?

5. (a) Yéhuwah péngin kabèh wong Kristen ngerti bab apa? (b) Senajan wis ngerti bab kuwi, perasaan apa sing mungkin isih kita duwèni?

5 Yéhuwah nggunakké Pétrus kanggo mbantu kabèh wong Kristen ngerti nèk Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké wong. Kanggoné Yéhuwah, ras, kebangsaan, suku, utawa basa kuwi ora dadi masalah, sing penting kita nresnani Gusti Allah lan nindakké apa sing bener. (Gal. 3:26-28; Why. 7:9, 10) Panjenengan mungkin ya setuju karo bab iki. Ning, piyé nèk panjenengan urip ing negara utawa saka keluarga sing akèh-akèhé nduwé prasangka? Mungkin panjenengan rumangsa wis ora mbédak-mbédakké. Ning, apa mungkin panjenengan isih nduwé prasangka? Pétrus waé ya isih nduwé prasangka, senajan dhèwèké wis mbantu wong liya ngerti nèk Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. (Gal. 2:11-14) Dadi piyé carané bèn isa niru tuladhané Yésus sing ora ngadili wong mung manut apa sing isa didelok waé?

6. (a) Apa sing isa mbantu kita nyingkirké prasangka? (b) Saka laporan sing digawé karo salah siji pinituwa, sikap apa sing isih diduwèni pinituwa kuwi?

6 Kita perlu mriksa apa sikap kita wis cocog karo kandhané Alkitab. (Ms. 119:105) Kita uga isa takon karo kanca kita, apa nurut dhèwèké kita iki isih nduwé prasangka bab wong liya, merga kita ora isa mriksa awaké dhéwé. (Gal. 2:11, 14) Mungkin kita ora sadhar nèk kita sakjané isih nduwé prasangka. Kuwi sing dialami karo salah siji pinituwa. Dhèwèké nggawé laporan menyang kantor cabang, bab sedulur lanang lan bojoné sing dadi abdi kusus. Sing lanang asalé saka suku sing dianggep rendahan. Pinituwa mau nulis akèh bab sing apik saka sedulur lanang kuwi, ning dhèwèké uga nulis, ”Senajan sedulur iki asalé saka [suku kuwi], tumindak lan kebiasaané nduduhké nèk wong [suku kuwi] ora mesthi nduwé cara urip sing kemproh lan rendahan, kayadéné wong-wong [suku kuwi] umumé.” Apa piwulangé kanggo kita? Senajan kita nduwé akèh tanggung jawab ing organisasiné Yéhuwah, kita uga kudu mriksa sikap kita lan gelem dibantu kanggo mriksa diri apa isih nduwé prasangka ing ati kita.

7. Apa buktiné nèk kita ’wis mbukak ati sak amba-ambané’?

7 Kita perlu ’mbukak ati sak amba-ambané’, bèn ora nduwé prasangka manèh. (2 Kor. 6:11-13) Apa panjenengan mung seneng srawung karo wong-wong sing padha latar belakangé, bangsané, utawa basané? Nèk iya, coba ajaken sedulur-sedulur sing béda latar belakangé kanggo nginjil bareng panjenengan. Utawa panjenengan isa ngundang sedulur-sedulur kuwi kanggo mangan bareng utawa kumpul-kumpul ing omah panjenengan. (Kis. 16:14, 15) Nèk nindakké kuwi, panjenengan bakal dadi luwih nresnani wong liya lan ora nduwé prasangka manèh. Saiki ayo ngrembug bab liya sing isa nggawé kita ngadili wong ”mung saka njabané waé”.

AJA NGADILI MANUT SEPIRA AKÈHÉ BANDHANÉ

8. Apa sing isa kita sinaoni saka Kaimaman 19:15 bab kepriyé kuduné pandhangan kita marang wong sing sugih utawa miskin?

8 Pandhangan kita marang wong liya isa waé dipengaruhi karo sepira akèhé bandha sing diduwèni wong kuwi. Kaimaman 19:15 (NW) kandha, ”Aja tumindak ora adil marang wong sing miskin, utawa pilih kasih marang wong sing sugih. Kowé kabèh kudu ngakimi wong liya nganggo cara sing adil.” Apa sebabé kita isa waé ngadili wong liya mung ndelok saka bandha sing diduwèni wong kuwi?

9. Fakta apa sing ditulis Salomo, lan apa piwulangé kanggo kita?

9 Salomo éntuk wahyu lan nulis fakta sing ora nyenengké iki, ”Wong miskin iku kasengitan uga déning kancané, nanging wong sugih akèh mitrané.” (WB. 14:20) Apa piwulangé kanggo kita? Nèk ora ngati-ati, mungkin kita mung gelem kekancan karo sedulur sing sugih. Apa sebabé kuwi bahaya?

10. Yakobus ngélikké wong-wong Kristen bab apa?

10 Nèk kita ngakimi wong mung ndelok saka bandha sing diduwèni wong kuwi, kuwi isa nggawé jemaat dadi ora rukun. Kuwi sing tau kelakon ing jemaat-jemaat abad kapisan, lan akhiré Yakobus kudu ngélikké wong-wong Kristen ing kono. (Wacanen Yakobus 2:1-4.) Kita kudu ngupaya bèn jemaat isa terus rukun. Dadi, piyé carané bèn kita ora pilih kasih marang wong liya?

Kita kudu andhap asor lan gelem dibantu kanggo mriksa diri apa isih nduwé prasangka ing ati kita

11. Apa bandha kuwi ana pengaruhé kanggo hubungan kita karo Yéhuwah? Terangna.

11 Kita kudu niru pandhangané Yéhuwah bab para sedulur kita. Yéhuwah nganggep wong kuwi aji ora merga ndelok sepira sugihé utawa mlaraté wong kuwi. Kita isa dadi kancané Yéhuwah ora masalah sepira akèhé bandha sing kita duwèni. Pancèn Yésus wis tau kandha nèk ”wong sugih bakal angèl mlebu ing Kraton swarga”. Ning, Yésus ora kandha nèk kuwi mustahil. (Mat. 19:23) Yésus uga kandha, ”Bungah kowé sing miskin, merga Kratoné Allah duwèkmu.” (Luk. 6:20) Ning, kuwi ora ateges nèk kabèh wong miskin mesthi gelem dadi muridé Yésus lan nampa berkah sing istiméwa. Ana akèh wong miskin sing ora gelem dadi muridé Yésus. Dadi, kita ora isa ngakimi sepira kuwaté hubungané wong karo Yéhuwah, mung ndelok saka sepira akèhé bandhané.

12. Apa kandhané Alkitab marang wong sing sugih lan sing mlarat?

12 Ing antarané umaté Yéhuwah, ana sing sugih lan ana sing miskin. Ning, kabèh nresnani Yéhuwah lan ngabdi sak tulusé ati. Alkitab ngandhani wong-wong sing sugih ’supaya ngarep-arep, dudu marang kasugihané sing isa sirna, nanging marang Gusti Allah’. (Wacanen 1 Timotius 6:17-19.) Alkitab uga ngélikké kabèh umaté Yéhuwah, sing sugih lan sing mlarat, nèk nresnani dhuwit kuwi bahaya. (1 Tim. 6:9, 10) Nèk kita nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah, kita ora bakal ngakimi wong liya mung ndelok saka apa sing diduwèni. Terus, apa kita isa ngadili wong ndelok saka sepira umuré?

AJA NGADILI MANUT UMURÉ

13. Apa sing dikandhakké Alkitab bab ngajèni wong sing luwih tuwa?

13 Alkitab kandha nèk kita kudu ngajèni wong sing luwih tuwa. Kaimaman 19:32 kandha, ”Ana ing ngarepé wong uwanen sira ngadega, lan wong kang wus tuwa sira ajènana, sarta wedi asiha marang Allahira.” Wulang Bebasan 16:31 ngandhani kita nèk ”rambut uwanen iku makutha kang éndah, kang tinemu ana ing dalaning kabeneran”. Paulus ngandhani Timotius, ’Aja ngélikké wong sing luwih tuwa kanthi kasar,’ ning kudu ngajèni wong kuwi, kaya bapaké dhéwé. (1 Tim. 5:1, 2) Timotius pancèn nduwé wewenang marang para sedulur sing luwih tuwa. Ning, dhèwèké uga kudu terus apikan lan ngajèni para sedulur kuwi.

14. Kapan kita mbokmenawa perlu ngélikké wong sing luwih tuwa?

14 Piyé nèk ana wong sing luwih tuwa sing sengaja nindakké dosa utawa ngajak wong-wong nindakké bab sing ora disenengi Yéhuwah? Yéhuwah tetep ora seneng karo wong sing sengaja nindakké dosa, senajan wong kuwi wis tuwa lan diajèni. Alkitab kandha, ”Wong sing dosa bakal dikutuk, senajan umuré satus taun.” (Yé. 65:20, NW) Bab sing padha uga dijelaské ing wahyu sing ditampa Yéheskièl. (Yk. 9:5-7) Sing paling penting yaiku kita ngajèni Yéhuwah, ”Kang Sepuh ing Yuswa”. (Dn. 7:9, 10, 13, 14) Nèk kita ngajèni Yéhuwah, kita bakal tetep wani ngélikké wong sing butuh diélikké, ora masalah sepira umuré.​—Gal. 6:1.

Apa panjenengan ngajèni para sedulur sing luwih enom? (Deloken paragraf 15)

15. Apa sing isa disinaoni saka Paulus bab ngajèni sedulur sing luwih enom?

15 Nèk ana sedulur lanang sing isih enom, apa dhèwèké uga perlu diajèni? Paulus nulis marang Timotius, ”Aja ana wong sing ngrèmèhké kowé merga kowé isih enom. Nanging, dadia tuladha kanggo wong-wong sing setya, ing bab omongan, tumindak, katresnan, iman, lan kemurnian.” (1 Tim. 4:12) Wektu kuwi, umuré Timotius mungkin kira-kira 30 taun. Ning, Timotius wis dipasrahi tugas-tugas sing penting banget karo Paulus. Apa piwulangé? Aja mung ndelok saka umuré. Yésus waé wis nindakké akèh bab sing penting wektu umuré lagi 33 taun.

16, 17. (a) Piyé para pinituwa isa mutuské apa salah siji sedulur wis cocog kanggo dilantik? (b) Apa buktiné nèk para pinituwa luwih ngendelké pendapat pribadi utawa kebiasaan timbang manut karo Alkitab?

16 Ana kebudayaan sing wong-wongé ora biasa ngajèni wong sing luwih enom. Dadi, wektu ana sedulur enom sing sakjané wis cocog dadi pinituwa utawa abdiné jemaat, para pinituwa mungkin ora ndang ngusulké sedulur kuwi. Ning, Alkitab ora nemtokké umur pira sedulur lanang isa dadi abdiné jemaat utawa pinituwa. (1 Tim. 3:1-10, 12, 13; Tit. 1:5-9) Aja nganti para pinituwa nggawé aturan dhéwé mung merga kebudayaané. Para pinituwa kudu manut karo pathokané Alkitab lan aja ngakimi sedulur sing luwih enom mung merga pendapaté dhéwé utawa kebiasaan ing dhaérah kono.​—2 Tim. 3:16, 17.

17 Nèk para pinituwa ora manut karo pathokané Alkitab, mungkin sakjané ana sedulur sing wis isa dilantik dadi pinituwa utawa abdiné jemaat. Ing salah siji negara, ana abdiné jemaat sing nindakké tugasé kanthi apik lan para pinituwa wis setuju nèk sedulur kuwi wis cocog karo syarat-syarat ing Alkitab. Ning, ana pinituwa-pinituwa liya sing luwih tuwa kandha nèk sedulur kuwi isih enom banget kanggo dadi pinituwa. Dadi, para pinituwa kuwi ora ngusulké dhèwèké. Akhiré sedulur kuwi ora dilantik mung merga isih enom. Pandhangan kaya ngono kuwi mungkin wis umum. Mula, penting banget kanggo manut karo pathokané Alkitab timbang pendapaté dhéwé utawa kebiasaan ing dhaérah kono. Kuwi tegesé kita manut karo Yésus lan ora ngadili wong liya mung manut apa sing isa didelok.

HAKIM SING ADIL

18, 19. Piyé carané bèn nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah bab para sedulur?

18 Senajan ora sampurna, kita isa niru Yéhuwah, sing ora mbédak-mbédakké wong. (Kis. 10:34, 35) Dadi, kita kudu terus ngetrapké pathokané Alkitab. Kuwi tegesé kita uga manut prentahé Yésus, ”Aja ngadili wong manèh mung saka njabané waé.”​—Yoh. 7:24.

19 Ora suwé manèh, Yésus Kristus, sing dadi Raja kita, bakal ngakimi kabèh wong manut pathokané Yéhuwah sing adil, ora manut apa sing didelok utawa dirungokké. (Yé. 11:3, 4) Kuwi mesthi dadi pangarep-arep sing nyenengké banget.