Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Mastèkké Faktané?

Apa Panjenengan Mastèkké Faktané?

”Nèk ana sing njawab sakdurungé ngrungokké faktané, kuwi bodho lan ngisin-isini.”​—WB. 18:13, Terjemahan Dunia Baru (NW).

LAGU: 126, 95

1, 2. (a) Apa sing kudu kita tindakké wektu nampa informasi, lan apa sebabé? (b) Apa sing bakal kita rembug?

KITA kudu ngerti carané mastèkké informasi lan nggolèki kabèh faktané, bèn isa nggawé kesimpulan sing bener. (WB. 3:21-23; 8:4, 5) Nèk ora, Sétan lan donya iki isa nggawé kita dadi nduwé cara mikir sing salah. (Éf. 5:6; Kol. 2:8) Alkitab kandha, ”Nèk ana sing njawab sakdurungé ngrungokké faktané, kuwi bodho lan ngisin-isini.”​—WB. 18:13, NW.

2 Kita bakal ngrembug apa sebabé mastèkké fakta lan nggawé kesimpulan sing bener kuwi ora gampang. Kita uga bakal ngrembug pathokan-pathokan lan conto saka Alkitab bab carané mastèkké informasi.

AJA GAMPANG PERCAYA KARO KABÈH OMONGAN

3. Apa sebabé kita kudu ngetrapké pathokan ing Wulang Bebasan 14:15? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

3 Jaman saiki, gampang banget kanggo éntuk informasi, lan kayané kuwi ora ana entèké. Informasi kuwi isa saka Internet, TV, lan liya-liyané. Isa waé kita uga éntuk e-mail, pesan singkat, lan berita saka kanca-kanca. Kanca-kancané awaké dhéwé mungkin nduwé maksud sing apik. Ning, mungkin ana wong liya sing sengaja nyebarké katrangan sing ora bener utawa sing ora cocog karo faktané. Dadi, kita kudu ngati-ati. Pathokan Alkitab endi sing isa mbantu kita? Wulang Bebasan 14:15 (NW) kandha, ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongan, nanging wong sing wicaksana nggatèkké lakuné.”

4. (a) Piyé Filipi 4:8, 9 mbantu kita supaya luwih ngati-ati wektu maca informasi? (b) Apa sebabé informasi sing bener kuwi penting? (Deloken uga kothak ” Sumber sing Isa Dipercaya”.)

4 Bèn isa nggawé kesimpulan sing apik, kita butuh fakta-fakta sing isa dipercaya. Mula, kita perlu ngati-ati wektu maca informasi. (Wacanen Filipi 4:8, 9.) Aja ngentèkké wektu kanggo maca berita-berita sing ora jelas ing Internet utawa liwat e-mail. Sing luwih penting manèh, aja nganti mbukak situs webé wong-wong murtad. Wong-wong kuwi nyebarké omongan sing ora bener bèn umaté Yéhuwah dadi ora nduwé iman manèh. Kita ora bakal isa nggawé kesimpulan sing apik nèk informasiné ora isa dipercaya. Dadi, aja rumangsa nèk ora bakal kepengaruh karo informasi sing salah.​—1 Tim. 6:20, 21.

5. Laporan èlèk apa sing ditampa karo wong-wong Israèl, lan apa akibaté?

5 Crita sing ora bener isa nyebabké masalah. Ing jamané Musa, ana wong 12 sing diutus menyang Tanah Prajanjian kanggo dadi mata-mata. Wektu bali, sing sepuluh mènèhi laporan sing èlèk. (Wi. 13:25-33) Wong-wong kuwi nggedhèk-gedhèkké faktané, nganti wong-wong Israèl dadi wedi lan cilik ati. (Wi. 14:1-4) Apa sebabé? Isa waé laporan kuwi dianggep bener merga sing nyampèkké laporan kuwi luwih akèh. Dadi, wektu wong loro liyané nyampèkké laporan sing apik bab Tanah Prajanjian, wong-wong Israèl ora gelem ngrungokké. (Wi. 14:6-10) Wong-wong kuwi luwih percaya karo laporan sing èlèk, timbang nggolèki faktané dhisik lan percaya karo Yéhuwah.

6. Apa sebabé kita ora bakal kagèt wektu krungu laporan èlèk bab umaté Yéhuwah?

6 Kita perlu ngati-ati kususé wektu krungu laporan bab umaté Yéhuwah. Merga Sétan kuwi dadi ’mungsuh sing nudhuh sedulur-sedulur kita’. (Why. 12:10) Yésus wis ngandhani nèk bakal ana wong-wong sing nentang kita lan ’mitenah nganggo tudhuhan-tudhuhan palsu’. (Mat. 5:11) Mula, kita ora bakal kagèt wektu krungu laporan èlèk bab umaté Yéhuwah.

7. Apa sing kudu kita pikirké sakdurungé ngirim e-mail utawa pesan singkat?

7 Apa panjenengan kerep ngirim e-mail utawa pesan singkat kanggo kanca panjenengan? Mbokmenawa panjenengan ndelok berita sing apik utawa pengalaman-pengalaman sing unik. Sakdurungé nyebar-nyebarké kuwi, coba pikirna dhisik, ’Apa aku yakin nèk berita kuwi bener lan cocog karo kabèh faktané?’ Nèk ora yakin, isa waé berita kuwi palsu. Dadi, nèk panjenengan ora yakin, aja disebarké, dihapus waé.

8. (a) Ing pirang-pirang negara, apa sing ditindakké karo para penentang? (b) Piyé tanpa sengaja kita isa ndhukung para penentang kuwi?

8 Ana bahaya liyané nèk kita ora mikir dhisik sakdurungé ngirimké e-mail utawa pesan singkat. Ana negara-negara sing mbatesi utawa malah nglarang kagiyatané Seksi Yéhuwah. Para penentang kuwi mbokmenawa sengaja nyebarké crita sing medèn-medèni lan nggawé para sedulur dadi ora percaya karo siji lan sijiné. Iki sing kelakon ing bekas negara Uni Soviet. Agen rahasia KGB nyebarké crita nèk ana sedulur-sedulur sing dikenal apik wis ora setya manèh. * Sayangé, ana sedulur-sedulur sing percaya karo crita sing ora bener kuwi lan metu saka organisasiné Yéhuwah. Ana sing akhiré bali dadi abdiné Yéhuwah manèh. Ning ana sing ora, merga wis ora nduwé iman manèh marang Yéhuwah. (1 Tim. 1:19) Dadi, apa piwulangé kanggo kita? Aja nyebar-nyebarké crita sing èlèk utawa sing durung mesthi bener. Aja langsung percaya karo apa sing mbok rungokké. Ning, pastèkna dhisik kabèh faktané.

INFORMASI SING SETENGAH BENER

9. Apa manèh sing isa nyebabké kita angèl kanggo nggawé kesimpulan sing bener?

9 Kita ora bakal isa nggawé kesimpulan sing bener nèk nampa informasi sing setengah bener utawa sing ora jelas kabèh faktané. Aja percaya karo informasi sing setengah bener. Piyé carané bèn ora kapusan karo informasi sing kaya ngono?—Éf. 4:14.

10. Apa sebabé ana wong-wong Israèl sing mèh waé nyerang seduluré, lan apa sebabé ora sida?

10 Kita isa sinau saka pengalamané bangsa Israèl sing manggon ing sisih kuloné Kali Yordan, ing jamané Yosua. (Ys. 22:9-34) Wong-wong kuwi krungu nèk wong-wong Israèl sing manggon ing sisih wétané Kali Yordan mbangun mésbah gedhé ing cedhak kali. Kuwi pancèn bener. Ning, wong Israèl sisih kulon ngira nèk seduluré kuwi wis ora setya marang Yéhuwah. Dadi, wong Israèl sisih kulon siap-siap arep nyerang wong Israèl sisih wétan. (Wacanen Yusak 22:9-12.) Ning, sakdurungé nyerang, wong Israèl sisih kulon ngirim wong kanggo nggolèk informasi sing bener. Jebulé, mésbah kuwi ora kanggo allah-allah palsu. Ning, tujuané kanggo dadi tandha nèk wong-wong kuwi nyembah Yéhuwah. Wong-wong Israèl mesthi lega merga wis nggolèk informasi dhisik lan akhiré ora sida nyerang seduluré.

11. (a) Tumindak ora adil apa sing dialami Méfibosèt? (b) Kepriyé kuduné tumindaké Daud marang Méfibosèt?

11 Mbokmenawa kita tau lara ati merga ana sing nyebarké crita sing ora bener bab kita. Kuwi sing tau dialami Méfibosèt, putuné Saul. Raja Daud mbalèkké kabèh tanahé Saul menyang Méfibosèt. (2 Sa. 9:6, 7) Ning, bar kuwi Daud krungu crita sing èlèk bab Méfibosèt. Daud langsung njupuk kabèh duwèké Méfibosèt, tanpa mastèkké dhisik faktané. (2 Sa. 16:1-4) Ning, sakwisé ngomong karo Méfibosèt, Daud lagi ngerti nèk crita kuwi ora bener. Mula, Daud mbalèkké sebagéan duwèké Méfibosèt. (2 Sa. 19:24-29) Nèk umpamané Dawud nggolèki dhisik fakta-faktané sakdurungé tumindak, Méfibosèt ora bakal dadi sengsara.

12, 13. (a) Apa sing Yésus tindakké wektu ana sing nyebarké crita sing ora bener bab Yésus? (b) Apa sing isa kita tindakké nèk ana sing nyebarké crita sing ora bener bab kita?

12 Piyé nèk ana sing nyebarké crita sing ora bener bab panjenengan? Yésus lan Yohanes Pembaptis tau ngalami kuwi. (Wacanen Matius 11:18, 19.) Apa sing Yésus tindakké? Yésus ngongkon wong-wong ndelok dhéwé buktiné, yaiku nggatèkké apa sing diwulang lan ditindakké. Mula, Yésus kandha, ”Kawicaksanané wong kebukti bener saka tumindaké.”​—Mat. 11:19.

13 Kita isa sinau saka tuladhané Yésus. Kadhang kala ana sing ngomong èlèk bab kita. Ning, kita ora perlu kuwatir nèk kuwi bakal ngrusak réputasi kita. Buktèkna waé liwat tumindak sing apik bèn wong liya ngerti kaya apa awaké dhéwé sing saktenané. Kaya tuladhané Yésus, tumindak kita sing apik isa mbuktèkké nèk omongan-omongan sing èlèk kuwi ora bener.

AJA NGENDELKÉ KEMAMPUANÉ DHÉWÉ

14, 15. Apa sebabé kita aja nganti ngendelké pemahaman kita dhéwé?

14 Kita wis ngrembug nèk ora gampang kanggo éntuk fakta sing isa dipercaya. Sakliyané kuwi, kita ora sampurna. Mbokmenawa kita wis suwé ngabdi marang Yéhuwah lan dadi luwih wicaksana. Wong liya mbokmenawa ngajèni kita merga kita dianggep wicaksana. Iki bahaya, kok isa?

Alkitab ngélikké bèn kita ora ngendelké pemahaman kita dhéwé

15 Merga akhiré kita dadi ngendelké pemahaman kita dhéwé. Mungkin apa sing kita pikirké dhasaré mung saka perasaan lan pengetahuané dhéwé. Mbokmenawa kita rumangsa ngerti kahanané padahal durung ngerti kabèh faktané. Alkitab ngélikké bèn kita ora ngendelké pemahaman kita dhéwé.​—WB. 3:5, 6; 28:26.

16. Critakna conto sing dialami Tom wektu ing restoran. Apa sing dipikirké Tom?

16 Gatèkna conto iki. Ana pinituwa sing wis pengalaman, sing jenengé Tom, lunga ing restoran. Dhèwèké ndelok pinituwa liyané, sing jenengé John, maem bareng karo wong wadon sing dudu bojoné. John lan wong wadon kuwi kétok seneng wektu ngobrol. Wong loro kuwi uga kétok cedhak lan akrab banget. Tom dadi kuwatir lan mikir nèk John ora setya karo bojoné. Tom mbatin, ’Aja-aja John bakal pegatan karo bojoné. Mengko anak-anaké piyé?’ Tom tau ngerti pengalaman sing kaya ngono sakdurungé. Piyé nèk panjenengan dadi Tom?

17. Apa sing akhiré dingertèni Tom, lan apa piwulangé kanggo kita?

17 Ning, apa Tom wis ngerti kabèh faktané? Soréné, Tom nélpon John lan akhiré ngerti nèk wong wadon kuwi jebulé sedulur kandhungé John sing wis suwé ora ketemu. Seduluré kuwi mung mampir, mula John isané ketemu mung sedhéla lan bojoné John ora isa mèlu. Tom mesthi lega banget merga durung nyritakké apa sing dipikirké bab John marang wong liya. Apa piwulangé? Ora masalah sepira suwéné kita ngabdi marang Yéhuwah, kita tetep kudu nggolèki fakta sing saktenané bèn isa nggawé kesimpulan sing bener.

18. Apa sing nggawé kita dadi luwih gampang curiga?

18 Mungkin ora gampang kanggo mastèkké fakta-faktané, nèk kuwi ana hubungané karo sedulur sing nduwé masalah karo awaké dhéwé. Nèk kita terus mikirké bab-bab sing ora kita senengi saka wong kuwi, kita dadi luwih gampang curiga. Terus, nèk krungu sing èlèk-èlèk bab wong kuwi, kita dadi luwih gampang percaya senajan ora ana buktiné. Apa piwulangé? Nèk kita nduwé perasaan sing négatif bab sedulur-sedulur, kita isa waé nggawé kesimpulan sing salah tanpa ana dhasar sing bener. (1 Tim. 6:4, 5) Dadi, aja nganti nduwé perasaan négatif ing njero ati, kaya rasa iri lan cemburu. Yéhuwah péngin kita nresnani lan ngapurani saka ati.​—Wacanen Kolose 3:12-14.

MANUT KARO PATHOKANÉ ALKITAB

19, 20. (a) Pathokan Alkitab apa waé sing isa mbantu kita kanggo mastèkké informasi sing bener? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

19 Jaman saiki éntuk fakta sing isa dipercaya lan nggawé kesimpulan sing bener kuwi angèl. Apa sebabé? Merga akèh informasi sing kita tampa kuwi ora mesthi bener utawa ora lengkap. Sakliyané kuwi, kita uga ora sampurna. Pathokan-pathokané Alkitab isa mbantu kita kanggo nggawé kesimpulan sing cocog. Contoné, Alkitab kandha nèk wong sing njawab sakdurungé ngrungokké faktané kuwi bodho. (WB. 18:13) Alkitab uga kandha, aja gampang percaya karo kabèh sing kita rungokké nèk durung ngerti kabèh faktané. (WB. 14:15) Sakliyané kuwi, aja ngendelké kemampuané dhéwé, ora masalah sepira suwéné ngabdi marang Yéhuwah. (WB. 3:5, 6) Nèk kita manut karo pathokan-pathokan kuwi, kita bakal mastèkké dhisik kabèh faktané bèn isa nggawé kesimpulan sing bener.

20 Ning, ana bab liya sing isa waé nggawé kita dadi angèl kanggo mastèkké faktané. Manungsa biasané nggawé kesimpulan saka apa sing didelok. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug bab apa sing isa waé nggawé kita nindakké kuwi lan piyé carané bèn ora kaya ngono.

^ par. 8 Deloken uga Buku Kegiatan Saksi-Saksi Yehuwa 2004, kaca 111-112 lan Buku Tahunan 2008, kaca 133-135.