Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Loma Kuwi Nggawé Bungah

Loma Kuwi Nggawé Bungah

”Luwih bungah mènèhi ketimbang nampani.”​—KIS. 20:35.

LAGU: 76, 110

1. Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi seneng mènèhi?

YÉHUWAH, ”Gusti Allah sing bungah”, seneng mènèhi bab sing apik. Mauné Yéhuwah dhèwèkan, terus Yéhuwah nyiptakké malaékat ing swarga lan manungsa ing bumi. (1 Tim. 1:11; Yak. 1:17) Yéhuwah mulang kita bèn dadi wong sing seneng mènèhi merga Yéhuwah péngin kita bungah.​—Rm. 1:20.

2, 3. (a) Apa sebabé kita isa bungah nèk nduduhké sipat loma? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Yéhuwah nyiptakké manungsa nurut gambaré. (Pd. 1:27) Kuwi maksudé kita uga nduwé sipat-sipat sing padha kaya Yéhuwah. Nèk péngin bener-bener urip seneng lan diberkahi, kita kudu niru Yéhuwah. Kita kudu perduli karo wong liya lan seneng mènèhi. (Flp. 2:3, 4; Yak. 1:5) Apa sebabé? Merga kita pancèn dirancang kaya ngono. Senajan ora sampurna, kita isa dadi wong sing seneng mènèhi kayadéné Yéhuwah.

3 Kita bakal ngrembug kandhané Alkitab bab sipat loma, utawa seneng mènèhi. Nèk nduduhké sipat kuwi, kita isa nyenengké Yéhuwah. Kita uga bakal sinau apa sebabé loma kuwi isa nggawé bungah, terus piyé sipat kuwi isa mbantu awaké dhéwé nindakké tugas saka Yéhuwah. Kita uga bakal ngrembug apa sebabé kita kudu terus loma.

LOMA KUWI NYENENGKÉ YÉHUWAH

4, 5. Yéhuwah lan Yésus mènèhi tuladha apa bab sipat loma?

4 Yéhuwah péngin kita niru sipaté, yaiku seneng mènèhi. (Éf. 5:1) Yéhuwah uga péngin kita isa bungah. Buktiné, kita diciptakké nganggo cara sing luar biasa, lan bumi sak isiné iki dirancang bèn kita isa urip seneng. (Ms. 104:24; 139:13-16) Dadi, nèk kita ngupaya nggawé wong liya bungah, kuwi isa ngajèni lan nyenengké Yéhuwah.

5 Kita uga isa niru Yésus sing wis mènèhi tuladha carané dadi manungsa sing loma. Yésus kandha, ”Putrané manungsa teka, ora kanggo diladèni, nanging kanggo ngladèni lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh.” (Mat. 20:28) Paulus uga mréntahké wong-wong Kristen, ”Nduwéa sikap lan pikiran iki, yaiku sing padha karo sing diduwèni Kristus Yésus. . . . Dhèwèké ninggalké kabèh sing diduwèni lan dadi kaya budhak.” (Flp. 2:5, 7) Dadi kita isa mikir, ’Apa aku isa niru Yésus kanthi tliti?’​—Wacanen 1 Pétrus 2:21

6. Apa sing isa disinaoni saka perumpamaan bab wong Samaria? (Deloken gambar ing kaca 15.)

6 Kita perlu nggatèkké lan mbantu wong liya. Kuwi bukti nèk kita niru tuladhané Yéhuwah lan Yésus sing sampurna, lan kuwi nyenengké Yéhuwah. Kanggo nandheské pentingé bab kuwi, Yésus nyritakké perumpamaan bab wong Samaria sing apikan. Yésus kepéngin para muridé seneng mbantu wong liya, ora masalah saka endi latar belakangé. (Wacanen Lukas 10:29-37.) Apa sebabé Yésus nyritakké perumpamaan kuwi? Merga ana wong Yahudi sing takon, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” Saka jawabané Yésus kita isa ngerti nèk kita kudu loma kaya wong Samaria bèn isa nyenengké Yéhuwah.

7. Apa buktiné kita percaya nèk pathokané Yéhuwah kuwi sing paling apik? Terangna.

7 Kita pancèn kudu dadi wong sing loma. Salah siji alesané merga mbiyèn Sétan tau kandha nèk Adam lan Hawa bakal urip bungah nèk ora manut karo Yéhuwah lan mung mikirké kepentingané dhéwé. Akhiré, Adam lan Hawa dadi mikirké kepentingané dhéwé. Hawa péngin dadi kaya Gusti Allah, lan Adam luwih péngin nyenengké Hawa timbang nyenengké Gusti Allah. Akibaté dadi bencana. (Pd. 3:4-6) Dadi, mung mikirké kepentingané dhéwé kuwi ora isa nggawé bungah. Ning, nèk kita loma lan mikirké kepentingané wong liya, kuwi tegesé kita percaya nèk pathokané Yéhuwah kuwi sing paling apik.

NINDAKKÉ TUGAS SAKA GUSTI ALLAH

8. Kenapa Adam lan Hawa kuduné ya mikirké liyané?

8 Senajan mung Adam lan Hawa sing ana ing Taman Èden, wong loro kuwi kuduné tetep mikirké liyané. Kenapa? Yéhuwah maringi Adam lan Hawa tugas kanggo nduwé keturunan nganti ngebaki bumi lan ndadèkké bumi dadi firdaus. (Pd. 1:28) Yéhuwah péngin kabèh wong isa bungah. Adam lan Hawa kuduné uga péngin anak-anaké ngrasakké urip seneng. Yéhuwah kepéngin Adam lan keturunané nindakké tugas sing gedhé kanggo nggawé bumi dadi firdaus.

9. Apa sebabé tugas saka Yéhuwah kuwi isa nggawé bungah?

9 Manungsa sing sampurna uga kudu nyambut gawé bareng Yéhuwah bèn isa mujudké kersané Yéhuwah lan nggawé bumi dadi firdaus. Nèk nindakké kuwi, manungsa isa mlebu ing dina istirahaté Yéhuwah. (Ibr. 4:11) Kuwi mesthi nyenengké banget lan nggawé puas. Wong sing seneng nggatèkké kepentingané wong liya kuwi bakal diberkahi Yéhuwah.

10, 11. Apa sing isa mbantu kita kanggo nginjil lan mulang wong liya?

10 Saiki, Yéhuwah maringi kita tugas sing istiméwa, yaiku nginjil lan ndadèkké murid. Bèn isa nindakké kuwi kita kudu perduli karo wong liya. Malah, kita isa terus nindakké kuwi nèk nduwé niat sing bener, yaiku nresnani Yéhuwah lan wong liya.

11 Paulus kandha nèk nginjil lan mulang wong-wong bab Gusti Allah kuwi nggawé dhèwèké lan wong Kristen liyané ing abad kapisan isa dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah”. (1 Kor. 3:6, 9) Saiki, kita uga isa dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah” nèk seneng mènèhi wektu, tenaga, lan bandha kita kanggo nginjil. Iki kaurmatan sing gedhé.

Mbantu wong liya sinau Alkitab isa nggawé bungah (Deloken paragraf 12)

12, 13. Nurut panjenengan, apa berkahé nèk kita mbantu wong-wong sinau Alkitab?

12 Kita bakal bungah nèk seneng mènèhi wektu lan tenaga kanggo nginjil lan mulang wong liya. Kuwi sing dirasakké para sedulur sing mandhu PAR. Kita mesthi bungah wektu ndelok wong-wong sing sinau Alkitab seneng éntuk katrangan sing bener saka Alkitab, nduwé iman, ngowahi uripé, lan mulai nyritakké apa sing disinaoni marang wong liya. Yésus uga seneng banget wektu ndelok 70 penginjil sing diutus ”bali kanthi bungah”, merga éntuk pengalaman sing apik.​—Luk. 10:17-21.

13 Seksi-Seksi Yéhuwah sakdonya seneng banget wektu ndelok wulangané Alkitab mbantu ngowahi uripé wong-wong. Contoné, ana sedulur enom sing jenengé Anna, * sing pindhah menyang Eropa Timur, kanggo mbantu ing dhaérah sing mbutuhké penginjil luwih akèh. Dhèwèké kandha, ”Aku seneng banget merga ana akèh sing gelem sinau Alkitab ing kéné. Nginjil kuwi nggawé aku bungah banget. Wektu tekan omah, aku wis ora sempat mikirké masalahku dhéwé. Sing tak pikirké yaiku masalah lan kekuwatirané wong-wong sing sinau Alkitab karo aku. Aku nggolèk cara kanggo mbantu lan nggedhèkké atiné wong-wong kuwi. Lan aku dadi saya yakin nèk ’luwih bungah mènèhi ketimbang nampani’.”​—Kis. 20:35.

Nginjil kuwi tetep nyenengké, ora masalah piyé tanggepané wong liya

14. Piyé panjenengan isa tetep bungah nginjil senajan wong liya ora gelem ngrungokké?

14 Kita isa tetep bungah nginjil senajan ora ana sing ngrungokké, merga kita wis mènèhi kesempatan marang kabèh wong bèn krungu kabar apik. Yéhuwah kandha marang Yéheskièl, ”Sira dhawuhana sapangandikaningSun, sanadyan dirungokaké utawa ora.” Yéhuwah péngin kita uga kaya ngono. (Yk. 2:7; Yé. 43:10) Ora masalah piyé tanggepané wong liya, Yéhuwah tetep ngajèni upaya kita. (Wacanen Ibrani 6:10.) Ana sedulur sing kandha, ”Awaké dhéwé wis nandur lan nyirami, terus ndonga bèn Yéhuwah sing nukulké minaté.”​—1 Kor. 3:6.

Wektu nginjil, kita mènèhi kesempatan marang wong liya kanggo ngrungokké kabar apik bab Kratoné Allah (Deloken paragraf 14)

CARANÉ BÈN ISA BUNGAH

15. Apa kita loma mung marang wong-wong sing ngajèni? Terangna.

15 Yésus péngin kita seneng mènèhi, merga kuwi isa nggawé kita bungah. Nèk kita seneng mènèhi, kuwi isa nggawé wong liya uga dadi seneng mènèhi. Mula Yésus kandha, ”Terusa mènèhi, lan kowé bakal diwènèhi. Wong bakal ngesokké sak takeran kebak ing kanthongmu, sing dienet-enet, dioyog-oyog, lan lubèr. Merga takeran sing kok enggo naker wong liya bakal digunakké kanggo naker kowé.” (Luk. 6:38) Pancèn ora kabèh wong bakal ngajèni sipat lomané panjenengan. Ning, terusa seneng mènèhi, senajan kétoké ora diajèni. Tumindak apikan siji waé mesthi isa ngasilké bab sing apik.

16. Marang sapa waé kita kudu loma, lan apa sebabé?

16 Wong sing bener-bener loma ora ngarep-arep éntuk balesan. Yésus kandha, ”Nèk kowé nganakké pésta, undangen wong-wong sing miskin, cacad, pincang, lan wuta. Kowé bakal bungah merga wong-wong kuwi ora nduwé apa-apa kanggo mbales kowé.” (Luk. 14:13,14) Alkitab kandha, ”Wong berbudi iku bakal binerkahan,” lan, ”Rahayu wong kang nggatèkaké marang wong kang ringkih.” (WB. 22:9; Ms. 41:2) Kita kudu seneng mènèhi merga bener-bener péngin mbantu wong liya.

17. Kita isa seneng nèk mènèhi apa waé?

17 Paulus ngutip omongané Yésus, ”Luwih bungah mènèhi ketimbang nampani.” Sing dimaksud kuwi ora mung mènèhi bandha. Kita uga isa mènèhi saran saka Alkitab, bantuan sing dibutuhké, lan nggedhèkké atiné wong liya. (Kis. 20:31-35) Paulus dhéwé uga nindakké kuwi. Dadi, seneng mènèhi wektu, tenaga, perhatian, lan katresnan marang wong liya kuwi penting banget.

18. Apa kandhané para peneliti bab seneng mènèhi?

18 Para ahli sing nliti tumindaké manungsa uga kandha nèk mènèhi kuwi isa nggawé bungah. Ana artikel sing kandha nèk wong-wong biasané ngrasa luwih bungah sakwisé nindakké bab-bab sing apik kanggo wong liya. Nurut para peneliti, urip kita bakal dadi luwih nyenengké lan ana gunané nèk mbantu wong liya. Ana ahli sing kandha nèk wong-wong sing dadi rélawan biasané luwih séhat lan bungah. Kuwi kabèh pancèn bener merga Yéhuwah, Gusti Allah sing nggawé kita, wis kandha nèk loma kuwi isa nggawé bungah.​—2 Tim. 3:16, 17.

TERUSA LOMA

19, 20. Apa sebabé panjenengan péngin dadi wong sing loma?

19 Terus loma kuwi ora gampang, merga wong-wong saiki mung mikirké kepentingané dhéwé. Ning, Yésus ngélingké kita bab rong préntah sing paling penting. Sing kapisan, kita kudu nresnani Yéhuwah sakwutuhé ati, nyawa, pikiran, lan kekuwatan. Sing kapindho, kita kudu nresnani pepadha. (Mrk. 12:28-31) Ing artikel iki, kita wis sinau nèk wong sing nresnani Yéhuwah bakal niru sipaté. Yéhuwah lan Yésus péngin kita niru sipat lomané, merga kuwi sing isa nggawé bungah. Nèk nindakké kuwi, kita isa ngluhurké Yéhuwah. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé lan wong liya bakal éntuk manfaat.

20 Panjenengan mesthi wis ngupaya kanggo dadi loma lan mbantu sing liyané, kususé marang sedulur seiman. (Gal. 6:10) Nèk panjenengan terus nindakké kuwi, wong-wong bakal ngajèni lan nresnani panjenengan. Panjenengan uga bakal dadi bungah. Alkitab kandha, ”Wong sing seneng mènèhi bakal dadi makmur, lan sapa sing mènèhi ombé kanthi lubèr uga bakal diwènèhi ombé kanthi lubèr.” (WB. 11:25, NW) Ana akèh cara kanggo nduduhké sipat loma, apikan, lan mikirké kepentingané wong liya. Kita bakal ngrembug cara-cara liya ing artikel sakbanjuré.

^ par. 13 Dudu jeneng asliné.