Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nyambut Gawé Bareng Yéhuwah

Nyambut Gawé Bareng Yéhuwah

Aku kabèh iki kanca nyambut gawéné Gusti Allah.”​—1 KOR. 3:9.

LAGU: 64, 111

1. Apa waé sing isa kita tindakké kanggo nyambut gawé bareng karo Yéhuwah?

YÉHUWAH kepéngin manungsa dadi kanca nyambut gawéné. Senajan manungsa ora sampurna, ning wong-wong sing setya tetep isa nyambut gawé bareng karo Yéhuwah saben dina. Contoné, kita isa dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah” wektu nginjil lan ndadèkké murid. (1 Kor. 3:5-9) Isa dipilih karo Yéhuwah kanggo nindakké tugas sing penting kuwi kaurmatan sing gedhé banget. Sakliyané nginjil, ana bab liya sing isa kita tindakké kanggo nyambut gawé bareng karo Yéhuwah, yaiku: mbantu keluarga lan wong-wong ing jemaat, apikan marang wong liya, mèlu ndhukung proyèk-proyèk organisasi, lan tumindak luwih akèh wektu ngabdi marang Yéhuwah. Ing artikel iki, kita bakal ngrembug piyé carané nindakké kuwi kabèh.​—Kol. 3:23.

2. Apa sebabé kita aja nganti mbandhing-mbandhingké karo wong liya?

2 Wektu kita ngrembug artikel iki, kita kudu éling nèk umur, keséhatan, keadaan, lan kemampuané wong kuwi béda-béda. Dadi, aja mbandhing-mbandhingké karo wong liya. Rasul Paulus kandha, ”Saben wong kudu nggatèkké tumindaké dhéwé, lan dhèwèké bakal bungah merga apa sing wis ditindakké, lan ora merga mbandhingké karo wong liya.”​—Gal. 6:4.

MBANTU KELUARGA LAN WONG-WONG ING JEMAAT

3. Apa sebabé nyukupi kebutuhan keluarga kuwi uga disebut nyambut gawé bareng Yéhuwah?

3 Yéhuwah péngin kita ngopèni keluargané dhéwé. Contoné, panjenengan mbokmenawa kudu nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhan saben dina. Akèh ibu sing kudu ngurus anaké sing isih cilik ing omah. Ana uga sing kudu ngopèni wong tuwané sing wis sepuh. Kuwi kabèh penting merga Alkitab kandha, ”Nèk ana wong sing ora nyedhiakké kebutuhané wong-wong sing dadi tanggungané, utamané anggota keluargané, dhèwèké wis ninggalké iman lan luwih ala ketimbang wong sing ora nduwé iman.” (1 Tim. 5:8) Nèk panjenengan nduwé tanggung jawab keluarga, mungkin panjenengan ora isa nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah kaya sing panjenengan karepké. Ning aja cilik ati, merga Yéhuwah seneng nèk panjenengan nyukupi kebutuhan keluarga.​—1 Kor. 10:31.

4. Piyé carané wong tuwa isa nyambut gawé bareng Yéhuwah, lan apa hasilé?

4 Para wong tuwa Kristen isa nyambut gawé bareng Yéhuwah nèk mbantu anak-anaké nduwé cita-cita rohani. Akèh wong tuwa Kristen sing wis nindakké kuwi. Hasilé, anak-anaké isa mutuské kanggo ngabdi luwih akèh kanggo Yéhuwah. Ana sing dadi utusan injil, dadi perintis ing panggonan sing mbutuhké luwih akèh penginjil, lan dadi abdi kusus ing Bètel. Pancèn, wong tuwa dadi ora isa kerep ketemu nèk anak-anaké nglayani ing panggonan sing adoh saka omah. Ning, para wong tuwa tetep ngongkon anak-anaké ngutamakké Yéhuwah, merga kuwi sing isa nggawé wong tuwané bungah. (3 Yoh. 4) Akèh wong tuwa Kristen sing ngrasa kaya Hana sing kandha nèk dhèwèké ”nyilihké” Samuèl, anaké lanang, marang Yéhuwah. Kuwi dianggep kaurmatan sing gedhé merga dadi salah siji cara kanggo nyambut gawé bareng Yéhuwah.​—1 Sa. 1:28, NW.

5. Piyé panjenengan isa mbantu para sedulur ing jemaat? (Deloken gambar ing kaca 21.)

5 Nèk panjenengan ora nduwé tanggung jawab keluarga sing darurat, mungkin panjenengan isa mbantu para sedulur sing lara, sing wis sepuh, utawa sing mbutuhké bantuan liyané. Sakliyané kuwi, panjenengan isa ngéwangi sing ngopèni wong-wong kuwi. Coba deloken apa ana sing mbutuhké bantuan ing jemaat panjenengan. Contoné, mungkin ana sedulur wadon sing ngopèni wong tuwané sing wis sepuh. Apa panjenengan isa ngancani wong tuwané bèn sedulur kuwi isa nindakké bab liyané? Utawa, mungkin panjenengan isa nawani kanggo ngeterké wong kanggo teka ing pakumpulan ibadah, blanja, utawa niliki wong ing rumah sakit. Nèk nindakké kuwi, panjenengan mungkin isa digunakké Yéhuwah kanggo njawab dongané wong-wong kuwi. Kuwi tegesé panjenengan nyambut gawé bareng Yéhuwah.​—Wacanen 1 Korintus 10:24.

APIKAN MARANG WONG LIYA

6. Piyé carané bèn isa dadi wong sing loma?

Saben ana kesempatan kita kudu mbantu wong liya

6 Kanca nyambut gawéné Yéhuwah nduwé sipat loma. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen tembung ”loma” tegesé ”apikan marang wong sing ora dikenal”. (Ibr. 13:2) Kita isa sinau saka conto-conto ing Alkitab bab carané nduduhké sipat apikan. (Pd. 18:1-5) Saben ana kesempatan kita kudu mbantu wong liya, ora masalah apa wong kuwi sedulur seiman utawa dudu.​—Gal. 6:10.

7. Apa manfaaté nèk panjenengan nduduhké sipat loma marang para abdi kusus?

7 Panjenengan isa nyambut gawé bareng Yéhuwah kanthi cara nyedhiakké panggonan nginep kanggo abdi kusus. (Wacanen 3 Yohanes 5, 8.) Hasilé, kita isa ”padha nguwatké siji lan sijiné”. (Rm. 1:11, 12) Gatèkna pengalamané Sedulur Olaf. Wektu isih enom ana pinituwa wilayah sing isih lajang teka ing jemaaté Olaf, ning ora ana sing nyedhiakké panggonan nginep. Olaf takon karo wong tuwané sing dudu Seksi, apa pinituwa wilayah kuwi isa nginep ing omahé. Wong tuwané setuju, ning Olaf kudu turu ing sofa. Olaf gelem. Olaf kandha, ”Seminggu kuwi nyenengké banget. Saben ésuk aku lan pinituwa wilayah kuwi ngobrol-ngobrol wektu sarapan. Merga dhukungan pinituwa wilayah kuwi saiki aku mutuské kanggo ngabdi luwih akèh kanggo Yéhuwah.” Saksuwéné 40 taun, Olaf wis ngabdi dadi utusan injil ing pirang-pirang negara.

8. Apa sebabé kita kudu nduduhké sipat apikan senajan awalé wong liya ora ngajèni? Wènèhana conto.

8 Ana akèh cara kanggo nduduhké katresnan marang wong sing ora dikenal, senajan mungkin awalé ora diajèni. Contoné, salah siji sedulur wadon ing Spanyol mandhu PAR karo Yesica, wong wadon saka Ekuador. Wis tau pas sinau Alkitab, Yesica nangis terus. Dadi, sedulur kuwi takon kenapa Yesica nangis. Yesica crita, sakdurungé pindhah Spanyol, dhèwèké miskin banget. Pas ora nduwé panganan, dhèwèké mung isa ngekèki banyu putih marang anaké wadon. Yesica ndonga karo ngeloni anaké. Terus, ana Seksi Yéhuwah loro teka lan mènèhi majalah. Ning, Yesica nyuwèk majalah kuwi karo nesu-nesu, ”Apa anakku mbok kon mangan iki?” Sedulur-sedulur wadon kuwi ngupaya kanggo nglipur, nanging Yesica ora gelem ngrungokké. Bar kuwi, para sedulur mènèhi sak kranjang panganan ing ngarep omahé. Dadi, saiki Yesica nangis merga sadhar nèk mbiyèn dongané sakjané wis dijawab liwat para Seksi kuwi. Saiki Yesica nduwé tékad kanggo nglayani Yéhuwah. Dadi, sipat loma kuwi isa ngasilké bab-bab sing apik.​—Ko. 11:1, 6.

LILA NINDAKKÉ TUGAS SAKA ORGANISASI

9, 10. (a) Wong-wong Israèl nduwé kesempatan kanggo nindakké apa? (b) Apa waé sing isa ditindakké karo para sedulur lanang kanggo mbantu jemaat?

9 Mbiyèn, wong Israèl nduwé akèh kesempatan kanggo ndhukung ibadah marang Yéhuwah. (Pa. 36:2; 1 Bb. 29:5; Ny. 11:2) Saiki, panjenengan uga nduwé akèh kesempatan kanggo mènèhi wektu, bandha, lan ketrampilan kanggo mbantu sedulur-sedulur. Nèk panjenengan nindakké kuwi, panjenengan bakal bungah banget lan éntuk akèh berkah saka Yéhuwah.

10 Alkitab ngandhani para sedulur lanang kanggo nyambut gawé bareng Yéhuwah kanthi cara dadi abdiné jemaat lan pinituwa. (1 Tim. 3:1, 8, 9; 1 Ptr. 5:2, 3) Para pinituwa lan abdiné jemaat lila mbantu sedulur liyané ing bab rohani lan kebutuhan liyané. (Kis. 6:1-4) Apa para pinituwa tau njaluk bantuan panjenengan kanggo dadi petugas tata tertib, ngurusi publikasi utawa dhaérah dinas, pemeliharaan Balé Ibadah, utawa liya-liyané? Para sedulur sing nindakké tugas-tugas iki ngrasakké seneng merga isa mbantu.

Wong-wong sing lila kanggo nindakké proyèk pembangunan kerep éntuk kanca anyar (Deloken paragraf 11)

11. Apa manfaat sing dirasakké karo salah siji sedulur wadon sing mèlu proyèk pembangunan?

11 Wong-wong sing lila kanggo nindakké proyèk pembangunan kerep éntuk kanca anyar. Contoné, sedulur wadon sing jenengé Margie wis 18 taun mèlu proyèk pembangunan Balé Ibadah. Ing proyèk-proyèk iki, dhèwèké nggatèkké lan nglatih sedulur-sedulur wadon sing luwih enom. Dhèwèké kandha nèk para rélawan sing mèlu proyèk iki dadi nduwé kesempatan kanggo nguwatké siji lan sijiné. (Rm. 1:12) Wektu ngalami masalah, Margie dikuwatké karo kanca-kancané kuwi. Apa panjenengan tau mèlu proyèk pembangunan kaya ngono? Panjenengan isa mèlu proyèk senajan ora nduwé ketrampilan ing bidang kuwi.

12. Piyé panjenengan isa mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana?

12 Kita uga isa nyambut gawé bareng Yéhuwah nganggo cara mbantu para sedulur sing kena bencana. Contoné, kita isa mènèhi sumbangan dhuwit. (Yoh. 13:34, 35; Kis. 11:27-30) Kita uga isa mbantu ngresiki lan ndandani omah sing rusak. Contoné, omahé Gabriela, sedulur wadon saka Polandia, rusak parah merga banjir. Dhèwèké seneng banget merga dibantu karo para sedulur saka jemaat ing cedhak kono. Gabriela wis ora mikirké kabèh bandhané sing ilang, ning luwih mikirké berkah-berkah sing ditampa. Gabriela kandha, ”Pengalaman iki nggawé aku yakin nèk dadi bagéan saka jemaat Kristen kuwi kaurmatan sing unik, uga isa dadi sumber rasa bungah sing sejati.” Akèh wong sing wis nampa bantuan uga ngrasa kaya ngono. Lan wong-wong sing nyambut gawé bareng Yéhuwah kanggo mbantu para sedulur kuwi uga ngrasakké bungah lan puas banget.​—Wacanen Kisah 20:35; 2 Korintus 9:6, 7.

13. Piyé katresnan kita marang Yéhuwah dadi saya kuwat wektu dadi rélawan? Wènèhana conto.

13 Sedulur wadon sing jenengé Stephanie lan para penginjil liyané nyambut gawé bareng karo Yéhuwah kanthi cara mbantu para Seksi sing ngungsi menyang Amerika Serikat merga ana perang ing negarané. Para sedulur kuwi mbantu para pengungsi éntuk omah sak prabotané. Dhèwèké kandha, ”Aku trenyuh merga ndelok para sedulur kuwi ngrasakké bungah lan ngajèni katresnané para sedulur sakdonya.” Sedulur-sedulur kuwi mikir nèk aku kabèh mbantu dhèwèké, nanging sakjané dhèwèké sing mbantu aku kabèh. Aku ndelok dhéwé para sedulur kuwi ya nduduhké katresnan, rukun siji lan sijiné, nduwé iman, lan ngendelké Yéhuwah. Kuwi nggawé aku dadi luwih nresnani Yéhuwah lan ngajèni kabèh sing tak tampa saka organisasiné Yéhuwah.

NGABDI LUWIH AKÈH MARANG YÉHUWAH

14, 15. (a) Sikap apa sing diduwèni Nabi Yésaya? (b) Piyé carané kita isa niru sikapé Yésaya?

14 Apa panjenengan péngin ngabdi luwih akèh marang Yéhuwah? Apa panjenengan gelem pindhah menyang dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil? Pancèn, ana sing ora perlu pindhah ing panggonan sing adoh kanggo dadi wong sing loma. Ning, ana sedulur-sedulur sing siap nindakké kuwi. Sikapé para sedulur kuwi padha kaya Nabi Yésaya. Wektu Yéhuwah kandha, ”Sapa kang bakal Sunutus, lan sapa kang gelem mangkat?” Yésaya njawab, ”Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!” (Yé. 6:8) Apa panjenengan gelem lan lila mbantu organisasiné Yéhuwah? Apa sing isa panjenengan tindakké?

15 Yésus kandha, ”Panènané pancèn akèh, nanging sing manèn mung sithik. Mula, nyuwuna marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.” (Mat. 9:37, 38) Apa panjenengan isa merintis ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil? Akèh sedulur sing ngrasa nèk kuwi isa dadi cara sing paling apik kanggo nduduhké katresnan marang Gusti Allah lan pepadha. Utawa, apa panjenengan isa mbantu wong liya kanggo nindakké kuwi? Apa ana cara liya sing isa panjenengan tindakké bèn isa nginjil luwih akèh? Nèk nindakké kuwi, panjenengan bakal ngrasakké bungah.

16, 17. Apa manèh sing isa panjenengan tindakké kanggo ngabdi luwih akèh?

16 Apa panjenengan gelem mbantu ing Bètel utawa proyèk pembangunan, mungkin dadi rélawan sementara seminggu sepisan utawa luwih? Organisasiné Yéhuwah mesthi mbutuhké wong-wong sing lila mbantu ing ngendi waé lan gelem nindakké tugas apa waé, senajan sakjané nduwé ketrampilan ing bidang liya. Yéhuwah ngajèni wong sing lila nggawé pangurbanan kanggo ngabdi ing ngendi waé sing dibutuhké.​—Ms. 110:3.

17 Apa panjenengan péngin éntuk pelatihan kanggo nindakké kersané Yéhuwah luwih akèh? Mungkin panjenengan isa ndaftar Sekolah kanggo Penginjil Kratoné Allah. Sekolah iki nglatih para sedulur sing wis ngabdi sepenuh-waktu, supaya isa tumindak luwih akèh kanggo organisasiné Yéhuwah. Sedulur-sedulur sing mèlu sekolah iki kudu lila ditugaské ing ngendi waé.​—1 Kor. 9:23.

18. Apa waé manfaaté nyambut gawé bareng Yéhuwah?

18 Merga dadi abdiné Yéhuwah, kita ngupayakké sipat loma, apikan, tresna, lan perduli marang wong liya. Hasilé, kita isa bungah lan ayem tentrem. (Gal. 5:22, 23) Ora masalah piyé keadaané panjenengan saiki, panjenengan isa bungah nèk niru sipaté Yéhuwah sing loma lan terus nyambut gawé bareng karo Yéhuwah.​—WB. 3:9, 10.