Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Apa sebabé ora éntuk nglebokké publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah ing situs web utawa media sosial?

Ana sing mikir nèk publikasiné Seksi Yéhuwah isa di-copy lan dilebokké ing situs web liyané utawa ing media sosial, merga publikasi-publikasi kuwi gratis. Tapi iki isa nyebabké masalah sing serius lan nglanggar Syarat Nggunakaké * sing ana ing situs web kita. Ing Syarat kuwi, cetha dikandhakké nèk ora ana sing olèh ”masang gambar, publikasi elektronik, merk dagang, musik, foto, video, utawa artikel-artikel saka situs web iki ing Internet (situs web, situs file-sharing, situs video-sharing, utawa jejaring sosial)”. Apa sebabé ana syarat kaya ngono?

Kabèh bahan ing situs web kita dilindhungi hukum merga ana hak ciptané. Iki penting supaya ora disalah gunakké. Wong-wong murtad utawa wong jahat liyané sing péngin ngganggu gawéané Seksi Yéhuwah kadhang kala nglebokké publikasi kita ing situs pribadiné, bèn Seksi Yéhuwah lan wong-wong liyané tertarik mlebu ing kono. Ning, wong-wong kuwi uga nglebokké bahan-bahan sing isa nggawé wong-wong nduwé pandhangan sing salah bab Seksi Yéhuwah. (Ms. 26:4; WB. 22:5) Ana manèh sing nggunakké bahan-bahan utawa logo jw.org dinggo iklan, aplikasi elektronik, lan barang dagangan. Kita isa nuntut wong-wong kuwi ing pengadilan bèn ora nyalah gunakké bahan-bahan saka organisasi lan logo jw.org merga kuwi dilindhungi hukum. (WB. 27:12) Nanging pengadilan mungkin ora isa mbéla kita nèk organisasi ngéntukké wong-wong, klebu para sedulur seimané dhéwé, kanggo nglebokké publikasi-publikasi ing situs web liya utawa nggunakké logo jw.org kanggo ngedol barang.

Download publikasi-publikasi kita saka situs web sakliyané jw.org kuwi bahaya. Yéhuwah nyedhiakké panganan rohani mung liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) ”Budhak” kuwi mung nggunakké situs web sing resmi, yaiku www.pr418.com, tv.pr418.com, lan wol.pr418.com, kanggo nyedhiakké panganan rohani. Lan kita mung nggunakké aplikasi smartphone sing resmi, yaiku JW Language®, JW Library®, lan JW Library Sign Language®. Ing kono ora ana iklan lan pengaruh èlèk saka donyané Sétan. Ning, nèk kita éntuk publikasi-publikasi saka situs web utawa aplikasi liya, kuwi bahaya merga isa waé isiné wis diowahi.​—Ms. 18:27; 19:9.

Sakliyané kuwi, nèk ana sing upload bahan-bahan ing situs web sing ana kolom komentaré, wong murtad lan wong liya dadi isa ngekèki komentar sing èlèk bab organisasi Yéhuwah. Ana sedulur-sedulur sing akhiré debat karo wong kuwi, lan dadi saya ngèlèk-èlèk asmané Yéhuwah. Kuwi dudu cara sing bener kanggo ngorèksi cara pikiré wong liya lan mbantu wong liya ngerti ajaran sing bener saka Alkitab. (1 Tim. 6:3-5; 2 Tim. 2:23-25) Ana manèh sing nggawé situs web lan akun media sosial palsu, sing kaya-kayané saka organisasi utawa saka sedulur-sedulur sing dadi Pengurus Pusat. Ning, ora ana anggota Pengurus Pusat sing nduwé situs Web utawa akun media sosial pribadi.

Ngarahké wong-wong menyang jw.org kuwi dadi salah siji cara kanggo martakké ”kabar apik”. (Mat. 24:14) Situs web lan aplikasiné Seksi Yéhuwah saya suwé saya apik. Kita péngin kabèh wong isa éntuk manfaat saka situs web lan aplikasi kuwi. Dadi, kita isa ngirim publikasi liwat e-mail utawa ngirim link sing ngarah menyang jw.org. Nèk kita nindakké kuwi, kita ngarahké wong-wong menyang ”budhak sing setya lan wicaksana”, sing dadi siji-sijiné sarana saka Yéhuwah kanggo nyedhiakké panganan rohani.

^ par. 1 Panjenengan isa nemokké link sing ngarah menyang Syarat Nggunakaké ing ngisor halaman ngarep dhéwé ing jw.org. Persyaratan iki digunakké kanggo kabèh konten sing ana ing situs web kita.