Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sedulur sing Dilantik—Sinaua saka Timotius

Sedulur sing Dilantik—Sinaua saka Timotius

TAUN wingi, ana éwonan sedulur lanang sing dilantik dadi pinituwa lan abdiné jemaat. Nèk panjenengan salah siji sedulur sing uga dilantik, panjenengan mesthi seneng merga isa nglayani Yéhuwah lan sedulur-sedulur liya.

Ning, panjenengan mungkin uga ngrasa kuwatir. Kuwi wis lumrah. Salah siji pinituwa enom sing jenengé Jason kandha, ”Wektu pertama kali dilantik, aku rumangsa kewalahan merga akèh tanggung jawab sing anyar.” Musa lan Yérémia mbiyèn ya tau rumangsa ora sanggup wektu éntuk tugas anyar saka Yéhuwah. (Pa. 4:10; Ym. 1:6) Nèk panjenengan ngrasa kaya ngono, piyé carané bèn ora terus kuwatir? Piyé carané bèn dadi luwih trampil? Sinaua saka tuladhané Timotius.​—Kis. 16:1-3.

NIRU TULADHANÉ TIMOTIUS

Wektu mulai dinas utusan injil karo Rasul Paulus, Timotius mungkin umuré kira-kira 20 taun. Wektu pertama kali diundang Paulus, Timotius mungkin rumangsa ora pantes kanggo mulang lan mènèhi naséhat marang wong liya merga dhèwèké isih enom banget. (1 Tim. 4:11, 12; 2 Tim. 1:1, 2, 7) Ning, Timotius terus nggawé kemajuan. Sepuluh taun sakbanjuré, Paulus kandha marang wong-wong Filipi, ”Nèk cocog karo pepénginané Gusti Yésus, aku ngarep-arep isa ndang ngutus Timotius marang kowé.” Apa sebabé Paulus ngomong kaya ngono? Paulus kandha, ”Aku ora nduwé wong liyané manèh sing sikapé kaya dhèwèké.”​—Flp. 2:19, 20.

Apa sebabé Timotius isa dadi tuladha kanggo para pinituwa? Ana enem alesan.

1. Perduli karo wong liya. Paulus kandha marang sedulur ing Filipi nèk Timotius ”kanthi tulus perduli” karo para sedulur. (Flp. 2:20) Timotius lila ngurbanké wektu lan tenagané kanggo mbantu para sedulur merga péngin para sedulur kuwi tetep cedhak karo Yéhuwah.

William, sing wis dadi pinituwa luwih saka 20 taun, mesthi ngomongi para pinituwa sing isih anyar, ”Tresnaa karo para sedulur. Gatèkna apa sing dadi kebutuhané para sedulur. Aja mung ngutamakké aturan-aturan ing jemaat waé.” Aja dadi kaya supir bis sing ora perduli karo penumpangé, mung merga ora péngin telat tekan halte.

2. Ngutamakké Yéhuwah. Paulus kandha nèk Timotius ora kaya liyané sing ”padha mikirké kepentingané dhéwé, dudu kepentingané Kristus Yésus”. (Flp. 2:21) Paulus nggatèkké nèk para sedulur wektu kuwi sibuk ngurusi kepentingané dhéwé lan kadhang kala nglalèkké tanggung jawabé marang Yéhuwah. Ning Timotius ora ngono. Wektu ana kesempatan luwih akèh kanggo ngabdi, Timotius langsung nanggepi kaya Yésaya, sing kandha, ”Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”​—Yé. 6:8.

Piyé carané bèn isa seimbang antarané ngurusi jemaat lan kepentingan pribadi? Sing kapisan, kaya naséhaté Paulus, panjenengan kudu ”mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting”. (Flp. 1:10) Utamakna tanggung jawabmu marang Yéhuwah. Kapindho, aja nindakké kegiatan sing ngentèk-ngentèkké wektu lan tenaga. Paulus kandha marang Timotius, ”Padha nyingkira saka pepénginané wong enom. Nanging ngupayaa apa sing bener, iman, katresnan, katentreman.”​—2 Tim. 2:22.

3. Nyambut gawé mempeng kanggo Yéhuwah. Paulus kandha bab Timotius, ”Dhèwèké nyambut gawé kanthi mempeng demi kabar apik bareng karo aku, kaya anak karo bapaké.” (Flp. 2:22) Timotius ora males, ning mempeng nyambut gawé bareng karo Paulus lan kuwi nggawé Timotius dadi luwih cedhak karo Paulus.

Ana akèh gawéan ing organisasiné Yéhuwah. Kabèh gawéan kuwi bener-bener nyenengké lan isa nggawé kita dadi akrab karo sedulur-sedulur seiman. Dadi terusa ”sibuk nindakké akèh gawéan kanggo Gusti”.​—1 Kor. 15:58

4. Ngetrapké apa sing disinaoni. Paulus nulis surat kanggo Timotius, ”Kowé wis tenanan ngetutké piwulangku, cara uripku, tujuanku, imanku, kesabaranku, katresnanku, lan ketekunanku.” (2 Tim. 3:10) Timotius ngetrapké apa sing disinaoni, dadi dhèwèké isa éntuk luwih akèh tanggung jawab.​—1 Kor. 4:17.

Tirunen tuladhané para pinituwa sing wis pengalaman. Tom, sing wis suwé dadi pinituwa, kèlingan wektu ana pinituwa sing luwih pengalaman nggatèkké lan nglatih dhèwèké. Tom kandha, ”Aku kerep njaluk saran karo sedulur kuwi, terus tak trapké. Kuwi nggawé aku dadi luwih percaya diri.”

5. Ngupaya bèn dadi luwih trampil. Paulus naséhati Timotius, ”Latihen awakmu kanthi tujuan kanggo ngabdi marang Gusti Allah.” (1 Tim. 4:7) Kuwi kaya atlet sing tetep kudu latihan dhéwé senajan wis nduwé pelatih. Paulus ngandhani Timotius, ”Terusa ngupaya tenanan anggonmu maca ing ngarepé wong akèh, mènèhi naséhat, lan mulang. . . . Pikirna tenanan kabèh bab iki, lan ngupayaa tenanan kanggo nindakké kuwi, supaya kemajuanmu kétok cetha marang kabèh wong.”​—1 Tim. 4:13-15.

Panjenengan kudu ngupaya bèn luwih trampil. Sregepa sinau Alkitab lan gatèkna petunjuk-petunjuk sing paling anyar saka organisasi. Aja mung ngendelké kemampuan lan pengalamané dhéwé, ning riseta dhisik. Kaya Timotius, ”Terus gatèkna cara uripmu lan wulanganmu.”​—1 Tim. 4:16.

6. Ngendelké roh suciné Yéhuwah. Wektu ngomongké bab tanggung jawabé Timotius, Paulus kandha, ”Jaganen bab-bab sing aji sing kok tampa kuwi nganggo roh suci sing ana ing kita.” (2 Tim. 1:14) Timotius kudu ngendelké roh suciné Yéhuwah bèn isa nindakké tanggung jawabé.

Donald, sing wis dadi pinituwa nganti pirang-pirang taun kandha, ”Para sedulur sing dilantik kudu nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah bèn dadi saya kuwat imané. Uga perlu ndonga njaluk roh suci lan ngupaya nduduhké woh sing dihasilké roh suci, bèn isa dadi berkah kanggo para sedulur.”​—Ms. 84:8; 1 Ptr. 4:11.

AJÈNANA HAK ISTIMÉWAMU

Saiki, ana akèh abdiné jemaat lan pinituwa anyar sing terus ngupaya bèn trampil, kayadéné sing wis panjenengan tindakké. Kuwi nyenengké banget. Jason sing disebutké mau kandha, ”Saksuwéné aku dadi pinituwa, akèh bab sing isa tak sinaoni lan saiki aku dadi luwih percaya diri. Aku bener-bener seneng nindakké tugas-tugas sing istiméwa iki.”

Apa panjenengan péngin ngupaya dadi luwih trampil? Sinaua saka tuladhané Timotius lan panjenengan isa dadi berkah kanggo para sedulur.