Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kesabaran—Merga Nduwé Pangarep-arep

Kesabaran—Merga Nduwé Pangarep-arep

URIP ing dina-dina pungkasan iki saya suwé saya angèl. Kita kudu dadi wong sing luwih sabar. (2 Tim. 3:1-5) Akèh wong sing ora sabaran, mentingké kepentingané dhéwé, seneng debat, lan ora isa ngendhalèni dhiri. Dadi, kita kudu mikir, ’Apa aku ya dadi ora sabaran? Apa maksudé sabar? Piyé carané bèn dadi luwih sabar?’

APA TEGESÉ SABAR?

Ing Alkitab, sing dimaksud ”kesabaran” kuwi tegesé ora mung tabah ngadhepi masalah. Wong sing sabar kuwi isa tekun merga nduwé tujuan, utawa pangarep-arep nèk mbésuk keadaané bakal luwih apik. Wong sing sabar kuwi ora mung mikirké kepentingané dhéwé, ning uga perduli karo perasaané wong liya. Dhèwèké uga perduli karo wong-wong sing wis nglarani atiné utawa tumindak ora apik marang dhèwèké. Wong kuwi péngin nduwé hubungan sing apik marang kabèh wong. Kuwi sebabé Alkitab kandha nèk sipat sabar kuwi diduwèni karo wong sing nduwé katresnan. * (1 Kor. 13:4) Kesabaran uga bagéan saka ”woh sing dihasilké roh suci”. (Gal. 5:22, 23) Dadi, piyé carané bèn bener-bener sabar?

CARANÉ BÈN ISA SABAR

Bèn isa sabar, kita kudu ndonga nyuwun roh suciné Yéhuwah. Yéhuwah bakal maringi roh suciné marang wong-wong sing ngendelké Yéhuwah. (Luk. 11:13) Roh suci kuwi gedhé kuwasané, ning kita kudu tetep tumindak cocog karo sing wis kita dongakké. (Ms. 86:10, 11) Iki tegesé kita kudu ngupaya nduduhké sipat sabar saben dina bèn dadi kebiasaan sing apik. Ning, kita kadhang kala gagal. Terus apa sing isa kita tindakké?

Tirunen tuladhané Yésus. Wektu Paulus kandha bab ”kepribadian sing anyar”, kuwi klebu sipat sabar. Wektu kuwi Paulus uga ngandhani supaya ”katentremané Kristus ngendhalèni atimu”. (Kol. 3:10, 12, 15, ctn.) Mula kita isa niru tuladhané Yésus lan percaya nèk Yéhuwah bakal ngrampungi masalah kita ing wektu sing pas. Nèk kita yakin bab kuwi, ora masalah pengaruh saka wong-wong liya, kita bakal terus sabar.​—Yoh. 14:27; 16:33.

Kita kabèh péngin donya anyar cepet kelakon. Ning wektu kita mikirké sipat sabaré Yéhuwah marang kita, kita isa sinau carané kanggo luwih sabar. Alkitab mènèhi jaminan, ”Yéhuwah kuwi ora lambat netepi janjiné, kaya sing dipikirké sawetara wong. Nanging Yéhuwah kuwi sabar marang kowé merga Panjenengané ora péngin ana siji-sijia wong disirnakké. Panjenengané péngin kabèh wong mertobat.” (2 Ptr. 3:9) Mula nèk mikirké kesabarané Yéhuwah marang kita, kita uga bakal niru Yéhuwah kanggo luwih sabar karo wong liya. (Rm. 2:4) Ning, kapan kita perlu tetep sabar?

KAPAN KITA PERLU TETEP SABAR

Saben dina kita perlu tetep sabar. Contoné, kita ora nyela wektu wong liya omongan, senajan ana bab penting sing péngin kita omongké. (Yak. 1:19) Kita uga perlu sabar wektu ana sing nggawé kita jèngkèl. Ketimbang mikir négatif, luwih apik nèk kita mikirké carané Yéhuwah lan Yésus sing sabar karo kita. Kita kerep nggawé kesalahan-kesalahan sing sepélé. Ning, Yéhuwah lan Yésus ora ngéling-éling kuwi, malah ndelok sipat apik sing kita duwèni, lan kanthi sabar mènèhi wektu bèn kita isa dadi wong sing luwih apik.​—1 Tim. 1:16; 1 Ptr. 3:12.

Kita uga perlu sabar wektu ana sing ngélingké bab tumindak utawa omongan kita sing klèru. Isa waé kita gampang lara ati lan cepet-cepet mbéla tumindak kita. Ning, Alkitab kandha, ”Kasabaran kang gedhé iku luwih becik katimbang gumunggung. Aja agé-agé nepsu ing sajroning ati, awit nepsu iku lumèngkèt ing atiné wong gemblung”. (Ko. 7:8, 9) Dadi, senajan apa sing diomongké kuwi ora bener, kita perlu sabar lan mikir dhisik sakdurungé nanggepi omongané. Kuwi sing ditindakké Yésus wektu ditudhuh.​—Mat. 11:19.

Para wong tuwa kudu sabar wektu mbantu anaké ngowahi sikap utawa ngedohi kepénginan sing salah. Contoné Mattias, sing saiki wis ngabdi ing Bètel Skandinavia. Wektu isih sekolah, Mattias kerep diécé merga kepercayaané. Mauné wong tuwané ora ngerti. Ning suwé-suwé wong tuwané nggatèkké nèk Mattias ragu karo kepercayaané. Bapaké sing jenengé Gillis kandha nèk dhèwèké karo bojoné kudu terus sabar. Mattias takok, ”Sapa Gusti Allah kuwi? Piyé nèk sakjané Alkitab kuwi dudu saka Gusti Allah? Piyé kita isa ngerti nèk Gusti Allah péngin kita kudu ngono utawa ngéné?” Mattias uga takon karo bapaké, ”Kenapa aku disalahké nèk ora nduwé kepercayaan sing padha kaya bapak?”

Gillis crita, ”Kadhang kala anakku takoné karo nesu, dudu nesu karo aku utawa ibuné, ning nesu merga rumangsané dadi umaté Yéhuwah kuwi ora gampang.” Piyé carané Gillis isa mbantu Mattias? Gillis crita, ”Aku lan anakku lungguh bareng lan ngobrol nganti pirang-pirang jam.” Gillis biasané mung ngrungokké Mattias lan ngupaya kanggo ngertèni perasaan lan pendapaté anaké. Kadhang kala, sakwisé nerangké salah siji bab, Gillis njaluk anaké mikirké dhisik bab kuwi sedina utawa luwih sakdurungé dirembug menèh. Ing wektu liya, Gillis sing njaluk wektu kanggo mikirké omongané Mattias. Akhiré, merga kerep omong-omongan kaya ngono, Mattias mulai mudheng bab tegesé tebusané Yésus lan ngerti nèk Yéhuwah tresna marang kita lan nduwé hak kanggo mréntah. Gillis kandha, ”Iki butuh wektu, lan kadhang kala ora gampang. Ning, suwé-suwé Mattias mulai nresnani Yéhuwah. Aku lan bojoku seneng banget merga isa terus sabar mbantu anakku lanang.”

Sakliyané sabar, Gillis lan bojoné uga ngendelké Yéhuwah. Gillis kerep ngandhani Mattias nèk dhèwèké lan ibuné tresna banget, mula Gillis lan bojoné dadi kerep ndonga bèn Yéhuwah mbantu Mattias. Para wong tuwa sing terus sabar lan ora nyerah bakal ngrasakké bungah.

Kita uga perlu sabar wektu ngopèni anggota keluarga utawa kanca sing lara lan ora mari-mari. Gatèkna contoné Ellen *, wong wadon sing uga manggon ing Skandinavia.

Kira-kira wolung taun kepungkur, bojoné Ellen kena stroke nganti ping pindho. Kuwi nggawé saraf otaké rusak. Akibaté, bojoné ora isa ngrasakké seneng, sedhih, utawa mesakké. Kuwi ora gampang kanggoné Ellen. Ellen kandha, ”Aku kudu sabar banget lan kerep ndonga.” Dhèwèké uga kandha, ”Ayat sing isa nlipur aku yaiku Filipi 4:13 sing kandha, ’Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé merga Gusti Allah sing maringi aku kuwasa.’” Merga didhukung karo kuwasané Yéhuwah, Ellen isa tetep tekun kanthi sabar.​—Ms. 62:6, 7.

NIRU KESABARANÉ YÉHUWAH

Conto sing paling apik bab kesabaran yaiku Yéhuwah. (2 Ptr. 3:15) Alkitab kerep kandha nèk Yéhuwah kuwi sabar banget. (Ny. 9:30; Yé. 30:18) Apa panjenengan kèlingan piyé tanggepané Yéhuwah wektu Abraham takon-takon bab keputusané Yéhuwah kanggo ngancurké Sodom? Yéhuwah sabar ngrungokké Abraham. Banjur, Yéhuwah nggatèkké kekuwatirané Abraham lan ngyakinké Abraham nèk Dhèwèké ora bakal ngancurké Sodom senajan mung ana wong sepuluh sing bener ing kutha kuwi. (Pd. 18:22-33) Yéhuwah mesthi gelem ngrungokké kanthi sabar.

Kesabaran kuwi bagéan sing penting saka kepribadian anyar sing kudu diduwèni karo kabèh wong Kristen. Nèk kita terus ngupaya kanggo dadi wong sing sabar, kita isa ngluhurké Yéhuwah, Bapak kita sing sabar lan uga gatèkan. Kita uga isa dadi ”wong-wong sing nampa warisan saka janji-janji kuwi merga nduwé iman lan sabar”.​—Ibr. 6:10-12

^ par. 4 Sipat katresnan bakal dirembug ing artikel sakbanjuré saka sèri artikel ”woh sing dihasilké roh suci”.

^ par. 15 Dudu jeneng asliné.