Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 35

Ngajèni Saben Umaté Yéhuwah ing Jemaat

Ngajèni Saben Umaté Yéhuwah ing Jemaat

”Mripat ora isa kandha marang tangan, ’Aku ora butuh kowé.’ Lan sirah uga ora isa kandha marang sikil, ’Aku ora butuh kowé.’”​—1 KOR. 12:21.

LAGU 124 Tetep Setya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Yéhuwah mènèhi apa marang saben umaté?

YÉHUWAH mènèhi tugas marang saben umaté ing jemaat. Senajan tugasé béda-béda, ning kabèh umaté Yéhuwah kuwi berharga lan padha-padha mbutuhké bantuané wong liya. Awaké dhéwé isa sinau soal kuwi saka kata-katané Rasul Paulus.

2. Nurut Éfésus 4:16, apa sebabé awaké dhéwé kudu ngajèni lan gelem kerja sama karo sedulur liya?

2 Kaya sing disebutké ing ayat téma ing artikel iki, Paulus nduduhké nèk awaké dhéwé ora isa kandha marang sedulur liya, ”Aku ora butuh kowé.” (1 Kor. 12:21) Bèn jemaat isa dadi rukun, awaké dhéwé kudu ngajèni lan gelem kerja sama karo sedulur liya. (Wacanen Éfésus 4:16.) Nèk awaké dhéwé gelem kerja sama karo para sedulur, kabèh anggota jemaat bakal ngrasa berharga lan dadi luwih semangat.

3. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ana akèh cara sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni para sedulur ing jemaat. Piyé carané para pinituwa nduduhké nèk dhèwèké ngajèni pinituwa liyané? Piyé carané awaké dhéwé ngajèni para sedulur sing lajang? Piyé carané awaké dhéwé ngajèni sedulur liya sing mungkin ora lancar nggunakké basané awaké dhéwé? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

NGAJÈNI PINITUWA LIYANÉ

4. Nurut Roma 12:10, naséhat apa sing kudu ditrapké karo kabèh pinituwa?

4 Kabèh pinituwa ing jemaat dilantik karo roh suciné Yéhuwah. Ning, saben wong nduwé ketrampilan sing béda-béda. (1 Kor. 12:17, 18) Ana sing durung suwé dadi pinituwa lan durung nduwé akèh pengalaman. Sing liyané mungkin ora isa nindakké akèh tugas merga wis tuwa utawa nduwé masalah keséhatan. Senajan ngono, saben pinituwa kuduné ora nganggep nèk pinituwa liyané ora isa mbantu apa-apa. Kabèh pinituwa kudu ngetrapké naséhaté Paulus sing disebutké ing Roma 12:10.​—Wacanen.

Para pinituwa sing ngajèni pinituwa liyané kudu gelem ngrungokké tenanan wektu ana sing nyampèkké pendapat (Deloken paragraf 5-6)

5. Piyé carané para pinituwa nduduhké nèk dhèwèké ngajèni pinituwa liyané, lan apa sebabé kuwi penting?

5 Piyé carané para pinituwa nduduhké nèk dhèwèké ngajèni pinituwa liyané? Para pinituwa kudu gelem ngrungokké pendapaté pinituwa liyané, khususé wektu lagi ngrembug masalah sing serius pas rapat pinituwa. Apa sebabé kuwi penting? Menara Pengawal 1988 sèri-53 kandha, ”Wektu nangani masalah utawa nggawé keputusan, para pinituwa ngerti nèk Yésus isa nggunakké roh suci kanggo mbantu pinituwa ing jemaat kanggo mikirké pathokan Alkitab sing dibutuhké. (Kis. 15:6-15) Roh suciné Yéhuwah mesthi bakal mbantu ora mung salah siji pinituwa ning kabèh pinituwa.”

6. Piyé carané para pinituwa isa kerja sama, lan apa manfaaté kanggo jemaat?

6 Pinituwa sing ngajèni pinituwa liyané ora ngupaya mènèhi pendapaté luwih dhisik wektu rapat pinituwa. Dhèwèké bakal mènèhi kesempatan marang pinituwa liyané kanggo nyampèkké pendapaté. Dhèwèké tetep nduduhké sipat rendah hati wektu mènèhi pendapat lan ora nganggep nèk pendapaté kuwi wis mesthi bener. Dhèwèké gelem ngrungokké tenanan wektu pinituwa liyané nyampèkké pendapaté. Sing luwih penting, dhèwèké gelem manut karo pathokané Alkitab lan arahané ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45-47) Nèk pinituwa nresnani lan ngajèni pinituwa liyané, roh suciné Yéhuwah bakal mbantu para pinituwa wektu nggawé keputusan sing ana manfaaté kanggo jemaat.​—Yak. 3:17, 18.

NGAJÈNI PARA SEDULUR SING LAJANG

7. Piyé pandhangané Yésus marang para sedulur sing lajang?

7 Ing jemaat, ora mung ana para sedulur sing wis nikah lan nduwé anak, ning ya ana para sedulur sing lajang. Piyé pandhangané awaké dhéwé marang para sedulur kuwi? Bèn isa nduwé pandhangan sing bener, awaké dhéwé kudu niru contoné Yésus. Wektu ing bumi, Yésus tetep lajang bèn isa fokus karo pelayanané. Yésus ora tau mulang nèk murid-muridé kudu nikah utawa tetep lajang. Ning, Yésus kandha nèk ana murid-muridé sing milih kanggo tetep lajang. (Mat. 19:11, 12) Yésus tetep ngajèni wong-wong sing tetep lajang. Yésus ora nganggep nèk wong sing wis nikah luwih berharga ketimbang sing lajang. Dhèwèké ya ora nganggep nèk wong sing lajang kuwi ora isa bahagia merga ora nikah.

8. Nurut 1 Korintus 7:7-9, Paulus mènèhi saran apa marang para sedulur?

8 Kaya Yésus, Paulus ya tetep lajang wektu nindakké pelayanané. Paulus ora tau kandha nèk nikah kuwi salah. Dhèwèké ngerti nèk saben wong kudu nggawé keputusan dhéwé soal kuwi. Ning, Paulus mènèhi saran marang para sedulur supaya isa tetep lajang bèn isa nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah. (Wacanen 1 Korintus 7:7-9.) Paulus ora ngrèmèhké wong sing lajang. Buktiné, Paulus milih Timotius sing isih lajang kanggo nindakké tugas pelayanan. * (Flp. 2:19-22) Dadi, sedulur lanang ora kudu nikah utawa lajang bèn isa nampa tugas tambahan ing jemaat.​—1 Kor. 7:32-35, 38.

9. Apa sing isa awaké dhéwé ngertèni soal wong sing lajang lan wong sing nikah?

9 Yésus lan Paulus ora kandha nèk wong Kristen kudu nikah utawa lajang. Terus, apa sing isa awaké dhéwé ngertèni soal wong sing lajang lan wong sing nikah? Jawabané ana ing Menara Pengawal 1 Oktober 2012. Ing majalah kuwi disebutké, ”Tetep lajang utawa nikah kuwi padha-padha karunia saka Yéhuwah. . . . Yéhuwah ora nganggep nèk umaté sing lajang ora isa bahagia merga ora nduwé bojo.” Mula, awaké dhéwé kudu ngajèni para sedulur lajang ing jemaat.

Nèk ngajèni para sedulur sing lajang, awaké dhéwé ora bakal nindakké apa? (Deloken paragraf 10)

10. Piyé carané awaké dhéwé isa ngajèni para sedulur sing ora nduwé bojo?

10 Ing jemaat ana sedulur-sedulur sing ora nduwé bojo merga alesan sing béda-béda. Misalé, ana sedulur-sedulur sing pancèn mutuské kanggo ora nikah. Sing liyané mungkin kepéngin nikah, ning durung nemokké pasangan sing cocog. Ana manèh sedulur-sedulur sing ditinggal mati karo bojoné. Piyé carané awaké dhéwé isa ngajèni perasaané para sedulur kuwi? Ora soal piyé keadaané, apa cocog nèk sedulur liya ing jemaat takon-takon marang sedulur kuwi apa sebabé dhèwèké ora nduwé bojo? Apa perlu sedulur liya ing jemaat nawani bantuan kanggo nggolèkké pasangan? Pancèn, mungkin ana sedulur-sedulur sing njaluk bantuan kanggo digolèkké pasangan. Ning, nèk sedulur-sedulur kuwi ora njaluk bantuan, piyé perasaané dhèwèké nèk ana sedulur liya sing nawani bantuan kanggo nggolèkké pasangan? (1 Tés. 4:11; 1 Tim. 5:13) Saiki, ayo dirembug pengalamané para sedulur sing lajang.

11-12. Apa sebabé para sedulur lajang isa dadi ngrasa cilik ati?

11 Ana salah siji pinituwa wilayah sing semangat nindakké tugasé. Dhèwèké ngrasa nèk tetep lajang kuwi ana akèh manfaaté. Ning, dhèwèké dadi cilik ati wektu ana sedulur liya sing nduwé niat apik takon karo dhèwèké, ”Kenapa kok kowé ora nikah?” Ana sedulur lanang lajang sing nglayani ing kantor cabang kandha, ”Kadhang kala, aku nggatèkké ana sedulur-sedulur sing mikir nèk dhèwèké kudu ngrasa mesakké karo sedulur lajang. Para sedulur kuwi nganggep nèk ora nikah kuwi dadi masalah dudu karunia.”

12 Sedulur wédok lajang sing nglayani ing Bètel kandha, ”Ana para sedulur sing nganggep nèk kabèh sedulur lajang lagi nggolèk pasangan utawa nganggep nèk acara kumpul-kumpul dadi kesempatan kanggo nggolèk pasangan. Wektu éntuk tugas ing luar kota, aku nginep ing omahé salah siji sedulur wédok. Dhèwèké kandha nèk ing jemaaté ana sedulur lanang loro sing sak umuran karo aku. Pancèn, dhèwèké kandha nèk dhèwèké ora nggolèkké pasangan kanggo aku. Ning, pas tekan Balé Ibadah, aku malah ditemokké karo sedulur lanang loro kuwi. Kuwi nggawé aku lan sedulur lanang loro mau dadi isin banget.”

13. Apa sing isa nggawé sedulur wédok lajang ngrasa dikuwatké?

13 Ana manèh sedulur wédok lajang sing nglayani ing Bètel kandha, ”Aku kenal karo para perintis sing tetep lajang nganti pirang-pirang taun. Para sedulur kuwi nduwé kebiasaan sing apik, fokus karo pelayanané, seneng mbantu wong liya, lan ngrasa bahagia. Para sedulur kuwi ya gelem mbantu sedulur-sedulur ing jemaat. Para sedulur kuwi nduwé pandhangan sing bener soal tetep lajang. Dhèwèké ora ngrasa luwih unggul ketimbang wong liya merga isa tetep lajang. Dhèwèké ya tetep bahagia senajan ora nikah lan ora nduwé anak.” Keadaané mesthi nyenengké nèk para sedulur ing jemaat padha-padha ngajèni sedulur liyané. Para sedulur ing jemaat ora kudu ngrasa mesakké utawa mèri marang sedulur liya. Para sedulur ing jemaat ya bakal perduli lan nganggep nèk kabèh sedulur kuwi berharga. Hasilé, saben anggota jemaat ngrasa disayangi lan ngerti nèk dhèwèké berharga kanggo jemaat.

14. Piyé carané awaké dhéwé ngajèni para sedulur lajang ing jemaat?

14 Para sedulur sing lajang mesthi seneng nèk awaké dhéwé ngajèni para sedulur kuwi merga nduwé sipat-sipat sing apik, dudu merga status perkawinané. Ketimbang ngrasa mesakké marang para sedulur kuwi, luwih apik nèk awaké dhéwé ngajèni dhèwèké merga isa tetep setya. Hasilé, para sedulur lajang ora bakal ngrasa nèk awaké dhéwé kaya-kayané lagi kandha, ”Aku ora butuh kowé.” (1 Kor. 12:21) Para sedulur kuwi ngerti nèk awaké dhéwé ngajèni lan nganggep dhèwèké berharga ing jemaat.

NGAJÈNI SEDULUR LIYA SING ORA LANCAR NGGUNAKKÉ BASANÉ AWAKÉ DHÉWÉ

15. Penyesuaian apa waé sing ditindakké karo para penginjil bèn isa nindakké luwih akèh kanggo pelayanan?

15 Pirang-pirang taun iki, ana akèh penginjil sing sinau basa liya bèn isa nindakké luwih akèh kanggo pelayanan. Mula, para sedulur kuwi kudu nggawé akèh penyesuaian. Misalé, para sedulur kuwi pindhah ing jemaat liya sing nggunakké basa sing béda sing mbutuhké luwih akèh penginjil. (Kis. 16:9) Kuwi keputusan pribadi sing ditindakké para sedulur bèn isa nindakké luwih akèh kanggo nglayani Yéhuwah. Senajan butuh pirang-pirang taun bèn isa lancar nggunakké basa sing anyar, ning para sedulur kuwi terus ngupaya bèn isa mbantu jemaat. Dhèwèké nduwé sipat-sipat sing apik lan pengalaman-pengalaman sing isa nguwatké para sedulur ing jemaat. Awaké dhéwé mesthi ngajèni para sedulur kuwi merga wis nggawé akèh pengorbanan.

16. Apa sing dadi dhasar kanggo para pinituwa wektu milih sedulur sing cocog dadi pinituwa utawa abdiné jemaat?

16 Para pinituwa ora bakal mutuské nèk sedulur lanang ora isa dadi pinituwa utawa abdiné jemaat mung merga dhèwèké ora lancar nggunakké basa sing dienggo ing jemaat. Wektu milih sedulur sing cocog dadi pinituwa utawa abdiné jemaat, para pinituwa bakal nggawé keputusan nurut pathokané Alkitab dudu merga sepira lancaré sedulur kuwi nggunakké basa sing dienggo ing jemaat.​—1 Tim. 3:1-10, 12, 13; Tit. 1:5-9.

17. Pitakonan apa waé sing isa dipikirké karo keluarga-keluarga sing mutuské pindhah menyang negara liya?

17 Ana keluarga-keluarga sing mutuské pindhah menyang negara liya merga nggolèk gawéan utawa merga ana bahaya ing negarané. Mula, anaké mungkin kudu sinau basa anyar wektu sekolah. Wong tuwané mungkin ya kudu sinau basa anyar kanggo nggolèk gawéan. Piyé nèk ing kono ana jemaat utawa kelompok sing nggunakké basa asliné dhèwèké? Keluarga kuwi kudu nggabung ing jemaat sing endi? Ing jemaat sing nggunakké basa asliné keluarga kuwi utawa ing jemaat sing nggunakké basa sing dienggo ing kono?

18. Nurut Galatia 6:5, piyé carané awaké dhéwé ngajèni keputusan sing digawé karo kepala keluarga?

18 Kepala keluarga kudu mutuské keluargané arep nggabung ing jemaat sing endi. Dhèwèké kudu mikirké apa sing paling apik kanggo keluargané. (Wacanen Galatia 6:5) Merga kuwi keputusan pribadi, mula awaké dhéwé kudu ngajèni keputusané kepala keluarga kuwi. Ora soal apa waé keputusané, awaké dhéwé isa ndhukung lan nyambut para sedulur kuwi ing jemaat.​—Rm. 15:7.

19. Kepala keluarga kudu ndonga lan mikirké tenanan soal apa?

19 Ana manèh keluarga-keluarga sing nggabung ing jemaat sing nggunakké basa asliné wong tuwané, ning anaké mungkin ora lancar nggunakké basa kuwi. Nèk jemaat kuwi ana ing dhaérah sing nggunakké basa resminé negara kuwi, mungkin anak-anaké ora paham karo apa sing dirembug ing perhimpunan lan dadi ora isa cedhak karo Yéhuwah. Apa sebabé? Merga wektu sekolah anak-anaké nggunakké basa resmi, ora nggunakké basa asliné wong tuwané. Nèk keadaané kaya ngono, kepala keluarga kudu ndonga lan mikirké tenanan soal keputusan apa sing paling apik bèn anak-anaké isa cedhak karo Yéhuwah lan para sedulur ing jemaat. Wong tuwa kudu ngajari anaké bèn isa lancar nggunakké basa asliné wong tuwané utawa pindhah menyang jemaat sing nggunakké basa sing dingertèni karo anak-anaké. Ora soal kepala keluarga mutuské arep gabung ing jemaat sing endi, para sedulur ing jemaat kuwi kudu ngajèni dhèwèké lan keluargané.

Piyé carané awaké dhéwé ngajèni para sedulur sing sinau basa anyar? (Deloken paragraf 20)

20. Piyé carané awaké dhéwé ngajèni para sedulur sing sinau basa anyar?

20 Awaké dhéwé wis ngrembug nèk ing akèh jemaat ana para sedulur sing ngupaya tenanan kanggo sinau basa sing anyar. Para sedulur kuwi mungkin ngrasa kangèlan wektu nggunakké basa kuwi. Ning, nèk awaké dhéwé ora mung nggatèkké sepira lancaré dhèwèké nggunakké basa sing anyar, awaké dhéwé isa ngerti nèk para sedulur kuwi sayang marang Yéhuwah lan péngin nglayani Dhèwèké. Hasilé, awaké dhéwé bakal ngajèni lan nganggep para sedulur kuwi berharga. Awaké dhéwé ora bakal kandha, ”Aku ora butuh kowé” mung merga dhèwèké ora lancar nggunakké basané awaké dhéwé.

AWAKÉ DHÉWÉ BERHARGA KANGGO YÉHUWAH

21-22. Awaké dhéwé bersyukur merga diwènèhi apa karo Yéhuwah?

21 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis mènèhi tugas marang saben umaté ing jemaat. Ora soal lanang utawa wédok, wis nikah utawa lajang, enom utawa tuwa, lancar utawa ora nggunakké basa sing anyar, awaké dhéwé berharga kanggo Yéhuwah lan para sedulur.​—Rm. 12:4, 5; Kol. 3:10, 11.

22 Muga-muga awaké dhéwé isa terus ngetrapké apa sing wis disinaoni saka perumpamaané Paulus soal badané manungsa. Hasilé, awaké dhéwé dadi ngerti carané nguwatké para sedulur ing jemaat. Awaké dhéwé ya bakal sayang lan ngajèni para sedulur ing jemaat.

LAGU 90 Nguwatké Siji lan Sijiné

^ par. 5 Umaté Yéhuwah nduwé latar belakang lan tugas sing béda-béda ing jemaat. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé awaké dhéwé kudu ngajèni saben umaté Yéhuwah ing jemaat.

^ par. 8 Awaké dhéwé ora isa mastèkké nèk Timotius ora tau nikah.