Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 31

Ngarep-arep ”Kutha sing Nduwé Pondhasi sing Kukuh”

Ngarep-arep ”Kutha sing Nduwé Pondhasi sing Kukuh”

”Abraham ngarep-arep kutha sing nduwé pondhasi sing kukuh, sing dirancang lan dibangun karo Gusti Allah.”​—IBR. 11:10.

LAGU 22 Wis Madeg Kratoné!

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Umaté Yéhuwah wis nggawé pengorbanan apa waé, lan apa sebabé?

AKÈH umaté Yéhuwah sing nggawé pengorbanan merga péngin nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah. Misalé, ana para sedulur sing mutuské ora nikah, ana sing milih ora langsung nduwé anak, lan sing liyané ngupaya tetep urip sederhana. Para sedulur kuwi ora ngrasa gela merga wis nggawé pengorbanan sing kaya ngono. Para sedulur kuwi tetep bahagia lan yakin nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané. Awaké dhéwé isa yakin soal kuwi merga ing jaman mbiyèn Yéhuwah ya nyedhiakké kebutuhané umaté. Misalé, Yéhuwah mberkahi Abraham sing disebut ”bapaké kabèh wong sing nduwé iman”.​—Rm. 4:11.

2. (a) Nurut Ibrani 11:8-10, apa sebabé Abraham gelem pindhah saka kutha Ur? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Wektu manggon ing kutha Ur, Abraham uripé kepénak banget. Ning, dhèwèké gelem pindhah saka kutha Ur merga dhèwèké ngarep-arep ”kutha sing nduwé pondhasi sing kukuh”. (Wacanen Ibrani 11:8-10.) ”Kutha” apa sing dimaksud? Tantangan apa waé sing diadhepi Abraham wektu ngentèni kutha kuwi dibangun? Apa sing isa disinaoni saka contoné Abraham lan para sedulur ing jaman modern sing ya niru contoné Abraham? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

APA SING DIMAKSUD ”KUTHA SING NDUWÉ PONDHASI SING KUKUH”?

3. Kutha apa sing dientèni karo Abraham?

3 Kutha sing dientèni karo Abraham yaiku Kratoné Allah sing dipréntah karo Yésus lan 144.000 wong sing wis diurapi roh suci. Paulus ya nyebut Kraton kuwi ”kuthané Gusti Allah sing urip, yaiku Yérusalèm ing swarga”. (Ibr. 12:22; Why. 5:8-10; 14:1) Terus, Yésus ya mulang murid-muridé kanggo ndonga bèn Kraton kuwi teka lan kepénginané Yéhuwah isa kelakon ing bumi.​—Mat. 6:10.

4. Nurut Purwaning Dumadi 17:1, 2, 6, apa waé sing Abraham ngertèni soal kutha utawa Kraton sing Yéhuwah janjèkké?

4 Pancèn, Abraham ora ngerti akèh soal carané Kratoné Allah diorganisasi merga katrangan kuwi dadi ”rahasia suci” nganti atusan taun. (Éf. 1:8-10; Kol. 1:26, 27) Ning, dhèwèké ngerti nèk ana keturunané sing bakal dadi raja ing pamréntahan kuwi merga Yéhuwah dhéwé wis janji soal kuwi marang Abraham. (Wacanen Purwaning Dumadi 17:1, 2, 6.) Merga nduwé iman sing kuwat marang janjiné Yéhuwah, kuwi nggawé Abraham kaya-kayané lagi ndelok Mésias sing bakal dadi Raja ing Kratoné Allah. Mula, kuwi cocog karo omongané Yésus marang wong-wong Yahudi, ”Bapakmu Abraham seneng banget merga nduwé pangarep-arep isa ndelok wektu aku teka. Dhèwèké mbayangké kuwi, lan kuwi nggawé dhèwèké bungah.” (Yoh. 8:56) Dadi, Abraham ngerti nèk wong-wong saka keturunané bakal dadi bagéan saka Kratoné Allah. Abraham ya gelem ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon.

Apa buktiné nèk Abraham nduwé iman sing kuwat marang janjiné Yéhuwah? (Deloken paragraf 5)

5. Apa buktiné nèk Abraham ngarep-arep kutha utawa Kratoné Allah?

5 Apa buktiné nèk Abraham ngarep-arep kutha utawa Kratoné Allah? Abraham ora dadi rakyat saka pamréntahan-pamréntahan sing ana wektu kuwi. Dhèwèké kerep pindhah-pindhah lan ora ndhukung salah siji raja sing ana ing kono. Sakliyané kuwi, Abraham ya ora ngupaya kanggo nggawé pamréntahan dhéwé. Abraham tetep manut karo Yéhuwah lan ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon. Kuwi kabèh nduduhké nèk Abraham nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah. Ning, ana tantangan sing kudu diadhepi karo Abraham. Tantangan apa waé kuwi lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka contoné Abraham?

TANTANGAN APA WAÉ SING DIADHEPI KARO ABRAHAM?

6. Kutha Ur kuwi kutha sing kaya apa?

6 Abraham lan keluargané manggon ing kutha Ur. Kutha Ur kuwi kutha sing aman merga ana bèntèng lan kali sing ngubengi kutha kuwi. Terus, saka hasil penemuan para arkéolog, kutha Ur kétoké dadi pusat dagang ing jaman mbiyèn. Wong-wong ya manggon ing omah sing apik sing dibangun saka bata lan dicèt werna putih. Malah, ana omah-omah sing nduwé 13 utawa 14 kamar. Kamar-kamar kuwi ngubengi halaman njero sing lantainé saka watu. Wong-wong ing kana ya nduwé pendidikan, mulané padha isa maca, nulis, lan ngétung.

7. Apa sebabé Abraham kudu yakin nèk Yéhuwah bakal nglindhungi dhèwèké lan keluargané?

7 Abraham kudu nduwé iman sing kuwat nèk Yéhuwah bakal nglindhungi dhèwèké lan keluargané. Apa sebabé? Wektu pindhah saka kutha Ur, Abraham lan Sara kudu ninggalké omahé sing aman lan nyaman, terus manggon ing téndha-téndha. Ing kono, keadaané ora aman merga ora ana bèntèng utawa kali sing isa nglindhungi. Malah, Abraham lan keluargané ya isa waé ngadhepi bahaya merga wong-wong kuwi gampang diserang mungsuh.

8. Masalah apa sing diadhepi karo Abraham?

8 Pancèn, Abraham kuwi wong sing manut karo Yéhuwah. Ning, kuwi ora berarti Abraham bébas saka masalah. Misalé, Abraham tau kangèlan nyukupi kebutuhan kanggo keluargané merga wektu kuwi ing Kanaan ana bencana kelaparan sing parah. Akibaté, Abraham lan keluargané kudu pindhah sementara menyang Mesir. Terus, pas ing Mesir, Firaun nggawa Sara menyang istanané lan péngin ndadèkké Sara dadi bojoné. Kuwi mesthi nggawé Abraham dadi kuwatir banget. Akhiré, Yéhuwah ngukum Firaun lan Sara isa kumpul manèh karo Abraham.​—Pd. 12:10-19.

9. Masalah apa manèh sing diadhepi karo Abraham?

9 Ana manèh masalah sing diadhepi karo keluargané Abraham. Sara sedhih banget merga nganti puluhan taun dhèwèké ora isa nduwé anak. Terus, Sara ngongkon Abraham nikah karo budhaké sing jenengé Hagar supaya Abraham isa nduwé keturunan. Ning, Hagar dadi ngrèmèhké Sara merga Hagar isa nduwé anak, yaiku Ismaèl. Akibaté, Sara nindhes Hagar nganti akhiré Hagar lunga saka omah.​—Pd. 16:1-6.

10. Peristiwa apa waé sing nduduhké nèk Abraham kudu nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah?

10 Akhiré, Sara hamil lan nglairké Ishak. Abraham sayang banget karo Ismaèl lan Ishak. Ning, Ismaèl terus-terusan nindhes Ishak nganti akhiré Abraham ngusir Ismaèl lan Hagar saka omahé. (Pd. 21:9-14) Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Yéhuwah ngongkon Abraham kanggo ngorbanké Ishak. (Pd. 22:1, 2; Ibr. 11:17-19) Mula, bèn isa nindakké kuwi kabèh, Abraham kudu nduwé iman sing kuwat nèk Yéhuwah mesthi bakal nggenepi janjiné.

11. Apa sebabé Abraham kudu bener-bener sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon?

11 Abraham kudu bener-bener sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon. Apa sebabé? Wektu pindhah saka kutha Ur, umuré Abraham kira-kira luwih saka 70 taun. (Pd. 11:31–12:4) Terus, wektu ing Kanaan, dhèwèké lan keluargané ya kerep pindhah-pindhah lan kudu manggon ing téndha-téndha saksuwéné kira-kira 100 taun. Bar kuwi, Abraham mati pas umuré 175 taun. (Pd. 25:7) Ning, Abraham ora ndelok dhéwé wektu Yéhuwah nggenepi janjiné soal tanah sing bakal Yéhuwah wènèhké marang keturunané Abraham. Terus, Abraham ya ora ndelok dhéwé wektu kutha utawa Kratoné Allah mulai mréntah. Senajan ngono, Alkitab kandha nèk Abraham mati wektu wis ”akèh yuswané” lan ”tuwuk [utawa, puas] sugengé”. (Pd. 25:8) Pancèn, Abraham ngalami akèh masalah. Ning, dhèwèké terus nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah lan tetep bahagia wektu ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon. Kok isa? Merga Abraham wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah terus nglindhungi lan nganggep Abraham kuwi sahabaté.​—Pd. 15:1; Yé. 41:8; Yak. 2:22, 23.

Apa buktiné nèk para sedulur niru contoné Abraham lan Sara sing tetep sabar ngentèni lan nduwé iman sing kuwat?(Deloken paragraf 12) *

12. Apa sing awaké dhéwé entèni, lan apa sing bakal dirembug ing paragraf sakbanjuré?

12 Kaya Abraham, awaké dhéwé ngarep-arep kutha sing nduwé pondhasi sing kukuh. Awaké dhéwé ngerti nèk Kratoné Allah wis mréntah ing swarga kèt taun 1914. (Why. 12:7-10) Dadi, awaké dhéwé saiki ngentèni kapan Kratoné Allah mréntah ing bumi. Wektu ngentèni kuwi kelakon, awaké dhéwé isa waé ngadhepi akèh masalah kaya sing dialami Abraham lan Sara. Ning, awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané para sedulur sing dicritakké ing artikel Menara Pengawal. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk para sedulur kuwi niru contoné Abraham lan Sara sing tetep sabar lan nduwé iman sing kuwat. Ing paragraf sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug pengalamané para sedulur kuwi lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni.

NIRU CONTONÉ ABRAHAM

Bill Walden gelem nggawé pengorbanan lan ngrasakké dhéwé berkahé Yéhuwah

13. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Sedulur Bill?

13 Gelem nggawé pengorbanan. Nèk awaké dhéwé péngin ngutamakké Kratoné Allah, awaké dhéwé kudu niru Abraham sing gelem nggawé pengorbanan bèn isa nyenengké Yéhuwah. (Mat. 6:33; Mrk. 10:28-30) Gatèkna pengalamané Sedulur Bill Walden. * Ing taun 1942, Bill lulus saka universitas ing Amerika Serikat jurusan tèknik arsitèktur. Wektu kuwi, dhèwèké mulai sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Wektu ditawani gawéan karo salah siji profésoré, Bill kandha nèk dhèwèké ora gelem nampa gawéan kuwi merga dhèwèké péngin dadi penginjil. Ora suwé sakwisé kuwi, Bill diundang kanggo mèlu dinas militèr. Merga ora gelem mèlu dinas militèr, Bill didenda 10.000 dolar AS lan divonis limang taun penjara. Dhèwèké dibébaské sakwisé telung taun dipenjara. Terus, Bill mèlu Sekolah Giléad lan dadi utusan injil ing Afrika. Sakwisé kuwi, Bill nikah karo Eva lan nglayani bareng ing Afrika. Bill lan Eva kudu nggawé pengorbanan merga urip ing Afrika kuwi ora gampang. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Bill lan Eva kudu bali menyang Amerika Serikat kanggo ngrawat ibuné Bill. Bill kandha, ”Aku seneng banget merga isa nglayani Yéhuwah luwih saka 70 taun. Aku bener-bener bersyukur merga Yéhuwah wis mbantu aku nggawé keputusan sing bener, yaiku nglayani Dhèwèké.” Apa njenengan ya péngin dadi pelayan sepenuh-waktu kaya Sedulur Bill?

Eleni lan Aristotelis Apostolidis sing terus dikuwatké karo Yéhuwah

14-15. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Sedulur Aristotelis lan bojoné?

14 Tetep tekun senajan ngadhepi masalah. Saka pengalamané Abraham, awaké dhéwé isa ngerti nèk wong-wong sing wis suwé nglayani Yéhuwah tetep isa ngalami masalah. (Yak. 1:2; 1 Ptr. 5:9) Gatèkna pengalamané salah siji sedulur sing jenengé Aristotelis Apostolidis. * Dhèwèké dibaptis taun 1946 ing Yunani. Ing taun 1952, Aristotelis tunangan karo Eleni. Ora suwé sakwisé kuwi, Eleni lara tumor otak lan akhiré dioperasi. Ning, pirang-pirang taun sakwisé nikah, Eleni lara tumor otak manèh. Sakwisé dioperasi, Eleni malah dadi angèl ngomong lan sebagéan badané dadi lumpuh. Eleni tetep semangat nginjil senajan lara parah lan ana penganiayaan saka pamréntah.

15 Aristotelis ngrawat bojoné luwih saka 30 taun. Senajan ngono, dhèwèké tetep mbantu mbangun Balé Kebaktian. Dhèwèké ya nglayani dadi pinituwa lan panitia kebaktian. Terus, ing taun 1987, Eleni ngalami cedera pas nginjil. Dhèwèké koma saksuwéné telung taun lan akhiré mati. Aristotelis wis ngalami akèh tantangan. Mula, dhèwèké kandha, ”Wis pirang-pirang taun aku ngalami akèh masalah lan kedadéan sing ora dinyana-nyana. Masalah-masalah kuwi isa waé nggawé aku dadi ora semangat. Ning, Yéhuwah terus nguwatké aku bèn isa tekun ngadhepi kuwi kabèh.” (Ms. 94:18, 19) Kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah bener-bener sayang marang umaté sing tetep setya senajan ngadhepi akèh masalah.

Audrey Hyde tetep semangat merga terus mikirké janjiné Yéhuwah

16. Apa sing disampèkké Sedulur Nathan marang bojoné?

16 Terus mikirké janjiné Yéhuwah. Abraham isa berhasil ngadhepi akèh masalah merga dhèwèké terus mikirké janjiné Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Sedulur Audrey Hyde. Dhèwèké terus mikirké janjiné Yéhuwah senajan ngalami akèh masalah. Misalé, bojoné sing pertama sing jenengé Nathan H. Knoor mati merga lara kanker. Terus, Audrey nikah manèh karo Glenn Hyde sing akhiré ya mati merga lara Alzheimer. * Senajan ngono, Sedulur Audrey isa tetep tekun merga ngéling-éling kata-katané Nathan. Audrey kandha, ”Pirang-pirang minggu sakdurungé Nathan mati, dhèwèké ngomong karo aku, ’Sakwisé mati, awaké dhéwé isih nduwé harapan, lan kesusahan ora bakal ana manèh. Terusa mikirké janjiné Yéhuwah merga kuwi mesthi bakal kelakon. . . . Nèk kowé terus ngupaya kanggo mbantu wong liya, kowé bakal bahagia.’” Awaké dhéwé mesthi ya péngin terus ngupaya kanggo mbantu wong liya lan ngrasa ’bungah merga pangarep-arep’.​—Rm. 12:12.

17. (a) Apa sebabé awaké dhéwé nduwé alesan sing kuwat kanggo terus mikirké janjiné Yéhuwah? (b) Nurut Mikha 7:7, piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngrasakké akèh berkah saka Yéhuwah?

17 Saiki, awaké dhéwé nduwé alesan sing kuwat kanggo terus mikirké janjiné Yéhuwah. Apa sebabé? Peristiwa-peristiwa sing kelakon saiki dadi bukti nèk awaké dhéwé urip ing bagéan akhir dina-dina pungkasan. Awaké dhéwé ya ngerti nèk ora suwé manèh Kratoné Allah bakal mréntah ing bumi. Wektu Kratoné Allah wis mréntah, awaké dhéwé mesthi bakal ngrasakké akèh berkah. Misalé, wong sing wis mati bakal diuripké manèh. Ing masa depan, Yéhuwah ya bakal nguripké manèh Abraham lan keluargané merga wong-wong kuwi nduwé iman sing kuwat lan gelem sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon. Njenengan mesthi ya péngin ketemu karo Abraham lan keluargané, ta? Piyé carané? Njenengan kudu niru Abraham sing gelem nggawé pengorbanan, nduwé iman sing kuwat senajan ngadhepi akèh masalah, lan gelem sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon.​—Wacanen Mikha 7:7.

LAGU 74 Ayo Nyanyi Lagu bab Kratoné Allah

^ par. 5 Wektu ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon, awaké dhéwé isa waé dadi ora sabar lan malah dadi ora nduwé iman manèh. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau saka contoné Abraham lan para sedulur ing jaman modern sing isa mbantu awaké dhéwé bèn tetep sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon.

^ par. 13 Pengalamané Sedulur Bill dicritakké ing Menara Pengawal 1 Desember 2013 halaman 8-10.

^ par. 14 Pengalamané Sedulur Aristotelis dicritakké ing Menara Pengawal 1 Februari 2002 halaman 24-28.

^ par. 16 Pengalamané Sedulur Audrey dicritakké ing Menara Pengawal 1 Juli 2004 halaman 23-29.

^ par. 56 GAMBAR: Senajan wis tuwa, suami istri kuwi tetep setya marang Yéhuwah. Wong loro kuwi isa nduwé iman sing kuwat senajan ngadhepi akèh tantangan merga terus mikirké janjiné Yéhuwah ing masa depan.