Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 34

Njenengan Berharga kanggo Jemaat

Njenengan Berharga kanggo Jemaat

”Badan siji nduwé akèh anggota, lan kabèh anggotané senajan akèh, dadi sak badan. Semono uga badané Kristus.”​—1 KOR. 12:12.

LAGU 101 Rukun Anggoné Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa apa?

ISA dadi bagéan saka jemaaté Yéhuwah kuwi kesempatan sing istiméwa kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa ngrasa bahagia wektu ngibadah marang Yéhuwah bareng karo para sedulur ing jemaat. Njenengan nduwé tugas apa ing jemaat?

2. Perumpamaan apa sing disebutké Rasul Paulus ing surat-suraté?

2 Awaké dhéwé isa ngerti luwih akèh soal tugas sing awaké dhéwé duwèni ing jemaat nèk nggatèkké perumpamaan sing disebutké Rasul Paulus ing surat-suraté. Ing kono, Paulus madhakké jemaat kaya badané manungsa. Paulus ya madhakké para sedulur kaya anggota badan.​—Rm. 12:4-8; 1 Kor. 12:12-27; Éf. 4:16.

3. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Saben umaté Yéhuwah kuwi berharga ing jemaat. Ora soal latar belakang ras, suku, ékonomi, status sosial, budaya, utawa pendidikané, awaké dhéwé tetep isa nguwatké para sedulur ing jemaat. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug telung bab sing isa disinaoni saka perumpamaané Rasul Paulus. Pertama, awaké dhéwé bakal sinau nèk saben wong nduwé tugas ing jemaat. Keloro, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing isa ditindakké bèn awaké dhéwé isa ngerti apa tugasé awaké dhéwé ing jemaat. Ketelu, awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan nindakké tugasé awaké dhéwé ing jemaat.

SABEN UMATÉ YÉHUWAH NDUWÉ TUGAS ING JEMAAT

4. Apa sing isa disinaoni saka Roma 12:4, 5?

4 Saka perumpamaané Paulus, awaké dhéwé sinau nèk saben umaté Yéhuwah nduwé tugas ing jemaat. Paulus kandha, ”Padha kaya badan siji nduwé akèh anggota, sing gunané béda-béda, semono uga kita kabèh, senajan akèh, kita iki badan siji merga nyawiji karo Kristus, lan saben wong ing antarané kita iki anggota sing padha mbutuhké siji lan sijiné.” (Rm. 12:4, 5) Saka kata-kata kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk saben anggota jemaat nduwé tugas sing béda-béda. Ning, Yéhuwah nganggep nèk kabèh umaté kuwi berharga.

Saben anggota jemaat nduwé tugas sing béda-béda, ning Yéhuwah nganggep nèk kabèh umaté kuwi berharga (Deloken paragraf 5-12) *

5. ”Anugrah” apa sing wis diwènèhké Yéhuwah marang jemaat?

5 Saben umaté Yéhuwah nduwé tugas ing jemaat. Misalé, ana sedulur-sedulur sing dadi pengawas ing jemaat. (1 Tés. 5:12; Ibr. 13:17) Yéhuwah wis mènèhi ”anugrah sing wujudé manungsa” kuwi marang jemaaté. (Éf. 4:8) ”Anugrah sing wujudé manungsa” kuwi termasuk anggota Pengurus Pusat, asistèné Pengurus Pusat, anggota Panitia Cabang, pinituwa wilayah, instruktur-instruktur sekolah, pinituwa, lan abdiné jemaat. Para sedulur kuwi wis dilantik roh suci kanggo ngopèni domba-dombané Yéhuwah lan nguwatké jemaat.​—1 Ptr. 5:2, 3.

6. Nurut 1 Tésalonika 2:6-8, apa sing ditindakké para sedulur lanang ing jemaat?

6 Para sedulur lanang sing dilantik roh suci kuwi diwènèhi akèh tanggung jawab. Kaya anggota badan, misalé tangan lan sikil, sing kerja sama bèn badan dadi séhat, para sedulur kuwi ya kerja keras bèn kabèh anggota jemaat isa éntuk manfaat. Senajan ngono, para sedulur kuwi ora ngupaya bèn dipuji karo wong liya. Para sedulur kuwi péngin mbantu kabèh anggota jemaat bèn tetep semangat nglayani Yéhuwah. (Wacanen 1 Tésalonika 2:6-8.) Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah wis mènèhi para sedulur lanang sing perduli marang jemaat.

7. Berkah apa waé sing ditampa karo penginjil sepenuh-waktu?

7 Ana para sedulur ing jemaat sing nglayani dadi utusan injil, perintis istiméwa, utawa perintis biasa. Para sedulur kuwi nduduhké nèk pelayanan sepenuh-waktu dadi gawéan sing paling penting. Hasilé, para sedulur kuwi isa mbantu akèh wong dadi muridé Yésus. Senajan ora nduwé akèh bandha, ning para penginjil sepenuh-waktu isa ngrasakké akèh berkah saka Yéhuwah. (Mrk. 10:29, 30) Mula, awaké dhéwé mesthi bakal nresnani para sedulur kuwi lan bersyukur marang Yéhuwah sing wis mènèhi para sedulur kuwi ing jemaat.

8. Apa sebabé kabèh penginjil kuwi berharga kanggo Yéhuwah?

8 Apa mung wong-wong sing mimpin jemaat lan penginjil sepenuh-waktu sing dianggep berharga kanggo Yéhuwah? Ora. Kabèh penginjil kuwi berharga kanggo Yéhuwah lan jemaat. (Rm. 10:15; 1 Kor. 3:6-9) Apa sebabé? Merga kabèh penginjil nduwé tugas yaiku mbantu wong-wong dadi muridé Yésus. (Mat. 28:19, 20; 1 Tim. 2:4) Mula, kabèh penginjil ing jemaat, ora soal wis dibaptis utawa durung bakal ngupaya tenanan kanggo ngutamakké tugas kuwi.​—Mat. 24:14.

9. Apa sebabé awaké dhéwé ngajèni para sedulur wédok ing jemaat?

9 Yéhuwah ngajèni kabèh sedulur wédok termasuk para ibu, randha, istri, lan sing durung nikah. Buktiné, Yéhuwah mènèhi tugas marang para sedulur wédok kuwi. Ing Alkitab, ana akèh conto soal wong-wong wédok sing nduduhké sipat wicaksana, kendel, apikan, semangat, gelem kerja keras, lan nduwé iman sing kuwat. (Luk. 8:2, 3; Kis. 16:14, 15; Rm. 16:3, 6; Flp. 4:3; Ibr. 11:11, 31, 35) Para sedulur wédok ing jemaat ya nduwé sipat-sipat sing padha. Mula, awaké dhéwé mesthi bersyukur marang Yéhuwah sing wis mènèhi para sedulur wédok kuwi ing jemaat.

10. Apa sebabé awaké dhéwé nganggep nèk para sedulur lansia kuwi berharga?

10 Awaké dhéwé ya bersyukur merga ana para sedulur lansia ing jemaat. Ana para lansia sing wis suwé nglayani Yéhuwah. Ana manèh sing lagi waé nglayani Yéhuwah. Para sedulur kuwi mungkin ngalami masalah keséhatan merga tambah tuwa lan kuwi nggawé dhèwèké dadi ora isa nindakké luwih akèh wektu nginjil lan berhimpun. Senajan ngono, para sedulur kuwi ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil. Para sedulur kuwi ya terus ngupaya bèn isa nguwatké lan nglatih sedulur liya. Awaké dhéwé mesthi ya isa éntuk manfaat saka pengalamané sedulur lansia kuwi. Para sedulur lansia kuwi bener-bener berharga kanggo Yéhuwah lan jemaat.​—WB. 16:31.

11-12. Apa sebabé awaké dhéwé isa dikuwatké nèk nggatèkké cah-cah enom ing jemaat?

11 Ing jemaat ya ana cah-cah enom. Cah-cah enom kuwi ngadhepi akèh tantangan merga donya iki dikuwasani Sétan. (1 Yoh. 5:19) Ning, awaké dhéwé mesthi ngrasa dikuwatké nèk nggatèkké cah-cah enom kuwi mènèhi koméntar, nginjil, lan kendel wektu njelaské soal imané. Cah-cah enom kuwi mesthi berharga banget kanggo jemaat.​—Ms. 8:3.

12 Ning, mungkin ana para sedulur sing ngrasa nèk dhèwèké ora berharga kanggo jemaat. Apa sing kudu ditindakké nèk ngrasa kaya ngono?

NJENENGAN BERHARGA KANGGO JEMAAT

13-14. Apa sebabé ana sing ngrasa nèk dhèwèké ora berharga kanggo jemaat?

13 Apa manèh sing isa disinaoni saka perumpamaané Rasul Paulus? Ing perumpamaan kuwi, Rasul Paulus ngrembug masalah sing kerep diadhepi akèh wong, yaiku ngrasa ora berharga ing jemaat. Paulus kandha, ”Senajan sikil kandha, ’Aku kan dudu tangan, dadi aku dudu bagéan saka badan,’ nanging tetep waé sikil kuwi bagéan saka badan. Senajan kuping kandha, ’Aku kan dudu mripat, dadi aku dudu bagéan saka badan,’ nanging tetep waé kuping kuwi bagéan saka badan.” (1 Kor. 12:15, 16) Apa maksudé kata-katané Paulus kuwi?

14 Nèk kerep mbandhing-mbandhingké karo sedulur liya, njenengan bakal ngrasa ora berharga. Ing jemaat, mungkin ana sedulur sing trampil mulang, trampil nggawé pengaturan, utawa trampil nguwatké para sedulur. Mungkin njenengan ngrasa ora trampil kaya sedulur kuwi. Pancèn, kuwi nduduhké nèk njenengan rendah hati. (Flp. 2:3) Ning, nèk njenengan terus-terusan ngrasa kaya ngono, njenengan bakal cilik ati. Kaya sing disebutké ing perumpamaané Paulus, njenengan mungkin nganggep nèk njenengan ora berharga kanggo jemaat. Apa sing isa ditindakké kanggo ngatasi perasaan kuwi?

15. Apa sing isa disinaoni saka 1 Korintus 12:4-11?

15 Wektu kuwi, Yéhuwah mènèhi roh suci marang wong-wong Kristen ing jamané para rasul kanggo nindakké mukjijat. Ning, ora kabèh wong Kristen nampa karunia sing padha. (Wacanen 1 Korintus 12:4-11.) Senajan Yéhuwah mènèhi karunia sing béda-béda, ning wong-wong kuwi tetep berharga kanggo Yéhuwah. Saiki, awaké dhéwé pancèn ora nampa karunia kanggo nindakké mukjijat. Ning, awaké dhéwé isa ngerti nèk saben wong nduwé ketrampilan sing béda-béda lan Yéhuwah nganggep nèk kabèh umaté kuwi berharga.

16. Naséhat apa sing isa awaké dhéwé trapké?

16 Ketimbang seneng mbandhing-mbandhingké, luwih apik nèk awaké dhéwé ngetrapké naséhaté Paulus sing kandha, ”Saben wong kudu nggatèkké tumindaké dhéwé, lan dhèwèké bakal bungah merga apa sing wis ditindakké, lan ora merga mbandhingké karo wong liya.”​—Gal. 6:4.

17. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé ngetrapké naséhaté Paulus?

17 Nèk ngrenungké lan ngetrapké naséhaté Paulus, awaké dhéwé dadi ngerti nèk awaké dhéwé nduwé ketrampilan sing ora diduwèni karo wong liya. Misalé, ana pinituwa sing ora pati trampil ceramah, ning dhèwèké trampil nginjil. Mungkin dhèwèké ora pati trampil nggawé pengaturan, ning perduli lan ramah marang para sedulur. Mula, para sedulur dadi gampang akrab lan ora wedi kanggo njaluk naséhaté. Utawa, mungkin dhèwèké kuwi wongé apikan marang para sedulur. (Ibr. 13:2, 16) Nèk wis ngerti ketrampilan sing awaké dhéwé duwèni, awaké dhéwé isa yakin nèk apa sing awaké dhéwé tindakké kuwi ana manfaaté kanggo jemaat. Awaké dhéwé ya ora bakal mèri karo sedulur liya sing nduwé ketrampilan sing béda karo awaké dhéwé.

18. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi luwih trampil?

18 Ora soal apa tugasé ing jemaat, kabèh wong kudu ngupaya tenanan bèn isa saya trampil lan luwih semangat wektu nglayani Yéhuwah. Bèn awaké dhéwé isa tambah trampil, Yéhuwah nggunakké organisasiné kanggo nglatih awaké dhéwé. Misalé, ing perhimpunan tengah pekan, awaké dhéwé sinau piyé carané bèn isa luwih trampil wektu nginjil. Apa njenengan wis ngetrapké cara-cara kuwi?

19. Apa sing kudu ditindakké bèn njenengan isa mèlu Sekolah kanggo Penginjil Kratoné Allah?

19 Yéhuwah ya nglatih umaté liwat Sekolah kanggo Penginjil Kratoné Allah. Para penginjil sepenuh-waktu sing umuré 23 nganti 65 taun isa mèlu sekolah iki. Njenengan mungkin ngrasa nèk ora bakal isa mèlu sekolah kuwi. Ning, ketimbang terus-terusan mikir kaya ngono, luwih apik nèk njenengan mikirké apa sebabé njenengan péngin mèlu sekolah kuwi. Terus, njenengan isa nggawé rencana sing isa ndhukung njenengan kanggo mèlu sekolah kuwi. Nèk ngupaya tenanan lan njaluk bantuané Yéhuwah, njenengan mungkin isa nindakké perkara sing kétoké mustahil ditindakké.

NGGUNAKKÉ KARUNIA KANGGO NGUWATKÉ PARA SEDULUR ING JEMAAT

20. Apa sing isa disinaoni saka Roma 12:6-8?

20 Apa manèh sing isa disinaoni saka perumpamaané Rasul Paulus? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk maca Roma 12:6-8. (Wacanen.) Ing kono, Paulus nyebutké manèh nèk wong-wong ing jemaat nduwé karunia sing béda-béda. Ning, Paulus kandha nèk ora soal karunia apa sing diduwèni, awaké dhéwé kudu nggunakké karunia kuwi kanggo nguwatké para sedulur ing jemaat.

21-22. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Robert lan Felice?

21 Gatèkna pengalamané Sedulur Robert. * Sakwisé nglayani ing negara liya, dhèwèké ditugaské nglayani ing Bètel ing negarané. Pancèn, dhèwèké yakin nèk perubahan tugas kuwi kelakon dudu merga dhèwèké nindakké kesalahan. Ning, dhèwèké kandha, ”Pirang-pirang sasi aku sedhih banget merga aku ngrasa gagal nindakké tugasku. Malah, aku kadhang kala ngrasa péngin mandheg nglayani ing Bètel.” Apa sing dhèwèké tindakké bèn isa ngrasa seneng manèh? Ana pinituwa liya sing kandha marang Robert nèk tugas sing sakdurungé kuwi pelatihan saka Yéhuwah bèn awaké dhéwé isa saya trampil wektu nindakké tugas sing anyar. Robert akhiré sadhar nèk dhèwèké kudu fokus karo pelayanané sing saiki ketimbang terus-terusan mikirké pelayanané sing sakdurungé.

22 Sedulur Felice Episcopo ya nduwé pengalaman sing padha. Dhèwèké karo bojoné lulus saka Sekolah Giléad ing taun 1956 lan nglayani dadi pinituwa wilayah ing Bolivia. Ning, ing taun 1964 dhèwèké nduwé anak. Felice kandha, ”Aku karo bojoku sedhih banget merga kudu ninggalké tugas sing tak senengi. Malah, nganti setaun aku terus-terusan ngrasa cilik ati. Ning, merga dibantu karo Yéhuwah akhiré aku isa nduwé pandhangan sing bener lan ngupaya dadi wong tuwa sing apik.” Apa njenengan ya tau ngalami sing padha kaya Robert utawa Felice? Apa njenengan ngrasa cilik ati merga ngalami perubahan tugas? Nèk iya, njenengan bakal luwih bahagia nèk nduwé pandhangan sing bener lan fokus karo pelayanané njenengan sing saiki. Njenengan isa terus nggunakké ketrampilané njenengan kanggo mbantu para sedulur. Hasilé, njenengan bakal ngrasa bahagia merga isa nguwatké para sedulur.

23. Apa sing isa awaké dhéwé pikirké, lan apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

23 Yéhuwah nganggep nèk saben wong kuwi berharga. Dhèwèké péngin awaké dhéwé dadi umaté. Nèk mikirké soal apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo para sedulur lan ngupaya tenanan kanggo nindakké kuwi, awaké dhéwé ora bakal ngrasa cilik ati merga ngerti nèk awaké dhéwé berharga kanggo jemaat. Ning, piyé pandhangané awaké dhéwé soal sedulur liya ing jemaat? Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk awaké dhéwé sayang lan ngajèni para sedulur? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.

LAGU 24 Ayo Ngibadah marang Yéhuwah

^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi péngin dianggep berharga karo Yéhuwah. Ning, kadhang kala awaké dhéwé ngrasa nèk awaké dhéwé ora berharga kanggo Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal sinau nèk saben umaté Yéhuwah kuwi berharga kanggo jemaat.

^ par. 21 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 62 GAMBAR: Ana telung gambar sing nduduhké apa sing lagi kelakon sakdurungé, saksuwéné, lan sakwisé perhimpunan. Gambar 1: Pinituwa sing lagi nyambut wong-wong sing teka ing perhimpunan, sedulur lanang sing lagi nyiapké peralatan tata suara, lan sedulur wédok sing lagi omong-omongan karo sedulur wédok lansia. Gambar 2: Para sedulur enom lan tuwa mènèhi koméntar wektu Sinau Warta Penting. Gambar 3: Suami istri sing lagi ngresiki Balé Ibadah. Sedulur wédok sing lagi mbantu anaké nglebokké dhuwit ing kothak sumbangan. Sedulur lanang sing lagi ngrawat wacan-wacan, lan ana sedulur lanang sing lagi nguwatké sedulur wédok lansia.