Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 33

Sing Isa Disinaoni saka Janjiné Yéhuwah soal Harapan kanggo Wong Mati

Sing Isa Disinaoni saka Janjiné Yéhuwah soal Harapan kanggo Wong Mati

”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener.”​—KIS. 24:15.

LAGU 151 Yéhuwah Bakal Nimbali

ARTIKEL IKI *

1. Apa sebabé Yéhuwah mulai nyiptakké liyané?

AWALÉ, Yéhuwah durung nyiptakké apa-apa. Senajan dhèwèkan, Yéhuwah ora ngrasa kesepian lan isa tetep bahagia. Ning, merga nduwé sipat katresnan, Yéhuwah mulai nyiptakké liyané bèn ciptaané ya isa ngrasa bahagia.​—Kis. 17:24, 25; 1 Yoh. 4:19.

2. Piyé perasaané Yésus lan para malaékat wektu ndelok Yéhuwah nyiptakké liyané?

2 Pertama, Yéhuwah nyiptakké Yésus. Terus, Yéhuwah karo Yésus nyiptakké ”kabèh perkara”, misalé para malaékat. (Kol. 1:16) Yésus mesthi seneng banget isa nyambut gawé bareng karo Bapaké. (WB. 8:30) Para malaékat mesthi ya ngrasa seneng wektu ndelok Yéhuwah lan Pekerja Ahliné, yaiku Yésus, nyiptakké langit lan bumi. Apa buktiné? Alkitab kandha nèk ”para putraning Allah padha asurak-surak” wektu bumi diciptakké. Terus, pas ndelok Yéhuwah nyiptakké liyané, khususé manungsa, para malaékat kuwi ya mènèhi pujian marang Yéhuwah. (Ay. 38:7; WB. 8:31) Wektu nggatèkké kabèh ciptaané, awaké dhéwé isa sinau soal katresnan lan kawicaksanané Yéhuwah.​—Ms. 104:24; Rm. 1:20.

3. Nurut 1 Korintus 15:21, 22, apa manfaat saka korban tebusané Yésus?

3 Yéhuwah péngin manungsa isa urip saklawasé ing bumi. Sayangé, Adam lan Hawa mbrontak nglawan Yéhuwah. Akibaté, wong loro kuwi lan kabèh keturunané dadi dosa lan mati. (Rm. 5:12) Ning, Yéhuwah langsung tumindak kanggo nylametké manungsa. (Pd. 3:15) Yéhuwah mènèhké Yésus kanggo dadi korban tebusan bèn manungsa isa bébas saka dosa lan kematian. Terus, merga ana korban tebusané Yésus, wong-wong sing gelem nglayani Yéhuwah bakal isa urip saklawasé.Yoh. 3:16; Rm. 6:23; wacanen 1 Korintus 15:21, 22.

4. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan sing ana hubungané karo janjiné Yéhuwah soal wong mati sing bakal diuripké manèh. Misalé, kaya apa peristiwa kuwi bakal kelakon? Apa awaké dhéwé isa ngenali wong-wong sing ditresnani sing bakal diuripké manèh? Apa sebabé harapan kuwi isa nggawé awaké dhéwé bahagia? Apa sebabé harapan kanggo wong mati dadi bukti nèk Yéhuwah kuwi sayang, sabar, lan wicaksana?

KAYA APA PERISTIWANÉ BAKAL KELAKON?

5. Apa sebabé awaké dhéwé isa nyimpulké nèk ora kabèh wong bakal langsung diuripké bareng-bareng?

5 Wektu Yéhuwah nguripké manèh jutaan wong mati, awaké dhéwé isa yakin nèk ora kabèh wong bakal langsung diuripké bareng-bareng. Apa sebabé? Merga nèk wong-wong sing wis mati langsung diuripké kabèh, keadaané isa waé dadi kacau. Padahal, Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing teratur. Dadi, Yéhuwah mesthi bakal ngatur bèn wong-wong isa urip bahagia lan damai. (1 Kor. 14:33) Sakliyané kuwi, Yéhuwah nduduhké sipat sabar lan wicaksana wektu Dhèwèké nyambut gawé bareng karo Yésus kanggo nyiptakké bumi bèn isa dienggoni manungsa. Mula, saksuwéné Pamréntahan Sèwu Taun, Yésus ya bakal nduduhké sipat sing padha wektu dhèwèké nyambut gawé bareng karo umaté Yéhuwah sing slamet saka Armagédon kanggo nyiapké bumi bèn isa dadi panggonan sing nyenengké.

Umaté Yéhuwah sing slamet saka Armagédon nduwé tugas kanggo mbantu kabèh wong sing diuripké manèh bèn ngerti soal Kratoné Allah lan kepénginané Yéhuwah (Deloken paragraf 6) *

6. Nurut Kisah Para Rasul 24:15, sapa sing bakal diuripké manèh karo Yéhuwah?

6 Alkitab kandha nèk akèh wong ”sing ora bener” ya bakal diuripké manèh. (Wacanen Kisah Para Rasul 24:15.) Mula, umaté Yéhuwah sing slamet saka Armagédon nduwé tugas kanggo mbantu kabèh wong sing diuripké manèh bèn ngerti soal Kratoné Allah lan kepénginané Yéhuwah. Wong-wong kuwi kudu nggawé perubahan bèn isa éntuk manfaat saka korban tebusané Yésus. Bayangna, awaké dhéwé mesthi bakal sibuk banget merga mulang akèh wong bèn kenal karo Yéhuwah. Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Apa sukmbèn carané sinau bakal nggunakké cara sing padha kaya saiki, saben wong bakal diwulang karo siji Seksi Yéhuwah? Apa wong-wong kuwi ya bakal ditugaské ing jemaat-jemaat lan dilatih kanggo mulang liyané?’ Pancèn, saiki awaké dhéwé ora ngerti jawabané. Ning, awaké dhéwé isa yakin nèk ing akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, bumi bakal ”kapenuhan ing kawruh bab Sang Yéhuwah”. (Yé. 11:9) Kuwi mesthi bakal dadi gawéan sing nyenengké banget.

7. Apa sebabé umaté Yéhuwah bakal nduduhké émpati wektu mbantu wong-wong sing diuripké manèh?

7 Saksuwéné Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, kabèh umaté Yéhuwah bakal terus nggawé perubahan bèn isa nyenengké Yéhuwah. Mula, umaté Yéhuwah bakal nduduhké émpati wektu mbantu wong-wong sing diuripké manèh bèn isa nggawé perubahan lan manut karo pathokané Alkitab. (1 Ptr. 3:8) Wong-wong sing diuripké manèh bakal ngerti nèk umaté Yéhuwah kuwi rendah hati. Hasilé, wong-wong sing diuripké manèh kuwi bakal péngin ngibadah bareng karo umaté Yéhuwah.​—Flp. 2:12.

APA AWAKÉ DHÉWÉ ISA NGENALI WONG-WONG SING DITRESNANI SING BAKAL DIURIPKÉ MANÈH?

8. Apa sebabé awaké dhéwé bakal isa ngenali keluarga utawa kanca-kanca sing diuripké manèh?

8 Sukmbèn, awaké dhéwé bakal isa ngenali keluarga utawa kanca-kanca sing diuripké manèh. Wong-wong sing diuripké manèh karo Yéhuwah mungkin bakal tetep nduwé kenangan, penampilan, lan kepribadian sing padha kaya sing sakdurungé dhèwèké mati. Kok isa? Yésus kandha nèk wong mati kuwi kaya wong sing lagi turu lan wong sing diuripké manèh kuwi kaya wong sing tangi turu. (Mat. 9:18, 24; Yoh. 11:11-13) Wong sing tangi turu mesthi nduwé kenangan, penampilan, lan kepribadian sing padha karo sakdurungé dhèwèké turu. Awaké dhéwé isa ngéling-éling kisahé Lazarus. Wektu kuwi, dhèwèké wis mati patang dina lan awaké wis bosok. Ning, wektu diuripké manèh karo Yésus, Marta lan Maria langsung isa ngenali dhèwèké lan Lazarus dhéwé mesthi ya isih kèlingan karo sedulur-seduluré kuwi.​—Yoh. 11:38-44; 12:1, 2.

9. Apa sebabé wong-wong sing diuripké manèh ora bakal langsung dadi sampurna?

9 Yéhuwah wis janji nèk sukmbèn ing Firdaus ora bakal ana sing kandha, ”Aku lara.” (Yé. 33:24; Rm. 6:7) Dadi, wong-wong sing diuripké manèh bakal nduwé badan sing séhat. Ning, wong-wong kuwi ora bakal langsung dadi sampurna. Merga nèk langsung dadi sampurna, keluarga lan kanca-kancané isa waé ora ngenali dhèwèké. Mungkin, manungsa suwé-suwé bakal dadi sampurna saksuwéné Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. Sakwisé Pamréntahan Sèwu Taun kuwi rampung, Yésus bakal masrahké manèh Kratoné Allah marang Yéhuwah. Terus, Yéhuwah bakal nggunakké Kratoné kanggo nindakké kabèh kepénginané, termasuk nggawé manungsa dadi bener-bener sampurna.​—1 Kor. 15:24-28; Why. 20:1-3.

APA SEBABÉ HARAPAN KUWI ISA NGGAWÉ AWAKÉ DHÉWÉ BAHAGIA?

10. Piyé perasaané njenengan wektu ketemu manèh karo wong-wong sing ditresnani sing wis mati?

10 Bayangna piyé perasaané njenengan wektu ketemu manèh karo wong-wong sing ditresnani sing wis mati. Saking senengé njenengan mungkin nganti nangis merga terharu. Njenengan mungkin ya bakal muji Yéhuwah. Sing jelas, njenengan bakal dadi luwih sayang karo Yéhuwah lan Yésus sing wis nguripké wong mati.

11. Nurut Yohanes 5:28, 29, berkah apa sing bakal ditampa karo wong-wong sing manut marang Yéhuwah?

11 Wong sing diuripké manèh mesthi ya bakal ngrasa bahagia merga wis nggawé perubahan lan manut karo pathokané Yéhuwah. Hasilé, wong-wong kuwi bakal urip saklawasé ing Firdaus. Ning, wong-wong sing ora gelem manut karo pathokané Alkitab ora bakal isa urip saklawasé ing Firdaus.​—Yé. 65:20; wacanen Yohanes 5:28, 29.

12. Berkah apa manèh sing isa dirasakké karo umaté Yéhuwah?

12 Wektu Kratoné Allah mréntah, umaté Yéhuwah bakal ngrasakké dhéwé kata-kata ing Wulang Bebasan 10:22 kelakon. Ayat kuwi kandha, ”Berkahé Pangéran Yéhuwah iku kang nyugihaké, ora bakal diwuwuhi déning rekasané dhéwé.” Merga dibantu karo roh suciné Yéhuwah, umaté Yéhuwah bakal nduwé sipat-sipat sing padha kaya Kristus lan suwé-suwé dadi bener-bener sampurna. (Yoh. 13:15-17; Éf. 4:23, 24) Sakliyané kuwi, umaté Yéhuwah ya bakal dadi luwih séhat lan kuwat. Kuwi mesthi nyenengké banget. (Ay. 33:25) Terus, apa manfaaté nèk ngrenungké janjiné Yéhuwah soal wong mati sing bakal diuripké manèh?

BUKTI KATRESNANÉ YÉHUWAH

13. Kaya sing disebutké Jabur 139:1-4, apa sebabé harapan kanggo wong mati dadi bukti nèk Yéhuwah bener-bener kenal karo umaté?

13 Awaké dhéwé wis ngrembug nèk wong-wong sing diuripké manèh karo Yéhuwah bakal tetep nduwé kenangan lan kepribadian sing padha kaya sing sakdurungé dhèwèké mati. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo awaké dhéwé merga gelem ngéling-éling kabèh sing tau awaké dhéwé alami. Dadi, nèk awaké dhéwé mati terus diuripké manèh karo Yéhuwah, Dhèwèké bakal nggawé awaké dhéwé tetep nduwé kenangan lan kepribadian sing padha kaya sing sakdurungé. Raja Daud ya kandha nèk Yéhuwah bener-bener kenal marang saben umaté. (Wacanen Jabur 139:1-4.) Piyé perasaané njenengan sakwisé ngerti soal kuwi?

14. Sakwisé ngerti nèk Yéhuwah bener-bener kenal marang saben umaté, apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé?

14 Awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah bener-bener kenal marang umaté. Senajan ngono, awaké dhéwé ora perlu ngrasa kuwatir nèk Yéhuwah bakal terus-terusan ngéling-éling kesalahané awaké dhéwé. Apa sebabé? Yéhuwah bener-bener perduli marang umaté lan nganggep nèk saben umaté kuwi berharga. Dhèwèké ngerti apa waé sing wis tau awaké dhéwé alami lan rasakké. Nèk ngrenungké tumindaké Yéhuwah, kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé dadi ora kuwatir manèh. Yéhuwah mesthi bakal gelem mbantu awaké dhéwé.​—2 Bb. 16:9.

BUKTI KAWICAKSANANÉ YÉHUWAH

15. Apa sebabé harapan kanggo wong mati dadi bukti nèk Yéhuwah kuwi wicaksana?

15 Wong-wong biasané wedi mati. Mula, wong jahat biasané ngancam arep matèni nèk wong kuwi ora gelem nindakké apa sing dhèwèké péngini. Wong jahat isa waé meksa wong kuwi bèn ora setya marang kancané utawa nindakké apa sing salah. Wong sing sengit karo awaké dhéwé pancèn isa matèni awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé ora perlu wedi merga Yéhuwah bakal nguripké awaké dhéwé manèh. (Why. 2:10) Awaké dhéwé isa yakin nèk ora ana sing isa ngalang-alangi awaké dhéwé kanggo ngabdi marang Yéhuwah. (Rm. 8:35-39) Harapan kanggo wong mati kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah wicaksana. Mula, awaké dhéwé ora perlu wedi wektu diancam arep dipatèni karo wong-wong sing nentang Yéhuwah merga awaké dhéwé ora gelem nindakké kepénginané wong-wong kuwi. Harapan kuwi ya mbantu awaké dhéwé kanggo terus setya karo Yéhuwah.

Apa keputusan- keputusan sing digawé nduduhké nèk awaké dhéwé yakin Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé? (Deloken paragraf 16) *

16. Pitakonan apa waé sing isa njenengan pikirké, lan piyé jawabané isa mbantu njenengan ngerti nèk njenengan percaya tenan karo Yéhuwah?

16 Nèk wong sing nentang Yéhuwah ngancam arep matèni njenengan, apa njenengan yakin nèk Yéhuwah bakal nguripké njenengan manèh? Bèn isa ngerti jawabané, njenengan isa mikirké pitakonan-pitakonan iki, ’Apa saben keputusan sing tak gawé nduduhké nèk aku ngendelké Yéhuwah?’ (Luk. 16:10) Terus, ’Saka carané aku nggunakké wektu lan dhuwit, apa aku yakin Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhanku nèk aku ngutamakké dhisik Kratoné Allah?’ (Mat. 6:31-33) Nèk jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi ya, kuwi artiné njenengan bener-bener percaya karo Yéhuwah lan isa berhasil ngadhepi tantangan apa waé.​—WB. 3:5, 6.

BUKTI KESABARANÉ YÉHUWAH

17. (a) Apa sebabé harapan kanggo wong mati dadi bukti nèk Yéhuwah kuwi sabar? (b) Piyé carané awaké dhéwé nduduhké rasa maturnuwun marang Yéhuwah sing wis tumindak sabar?

17 Yéhuwah pancèn wis nentokké kapan wektuné Dhèwèké bakal nyirnakké donya iki. (Mat. 24:36) Ning, Dhèwèké tetep sabar lan bakal tumindak ing wektu sing wis ditentokké. Yéhuwah sakjané ya péngin banget nguripké manèh wong sing wis mati. Ning, Dhèwèké gelem ngentèni wektu sing cocog kanggo nindakké kuwi. (Ay. 14:14, 15; Yoh. 5:28) Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing sabar. Apa sebabé? Merga Yéhuwah sabar, akèh wong, termasuk awaké dhéwé, nduwé kesempatan kanggo ”mertobat” lan isa urip saklawasé. (2 Ptr. 3:9) Terus, piyé carané awaké dhéwé nduduhké rasa maturnuwun marang Yéhuwah sing wis tumindak sabar? Awaké dhéwé bakal ngupaya tenanan mbantu wong-wong sing ”nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé” bèn isa kenal karo Yéhuwah lan nglayani Dhèwèké. (Kis. 13:48) Wong-wong kuwi mesthi bakal ngrasakké akèh manfaat, kaya sing wis awaké dhéwé rasakké.

18. Apa sebabé awaké dhéwé kudu sabar marang wong liya?

18 Saksuwéné Pamréntahan Sèwu Taun, Yéhuwah mesthi ya bakal sabar marang umaté sing durung sampurna. Yéhuwah gelem ngapurani dosa-dosané awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé mesthi péngin niru Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal sabar lan ora nggatèkké kesalahan-kesalahané wong liya. Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing bojoné ngalami serangan panik sing parah nganti ora isa teka berhimpun. Dhèwèké kandha, ”Rasané susah banget. Keadaané keluargaku saiki wis berubah. Apa sing wis direncanakké durung mesthi isa kelakon.” Senajan ngono, dhèwèké tetep sayang lan sabar marang bojoné. Dhèwèké ya ora nyerah lan tetep ngendelké Yéhuwah. Kaya Yéhuwah, sedulur wédok kuwi ngupaya nduwé pikiran sing positif. Dhèwèké kandha, ”Bojoku nduwé sipat-sipat sing apik. Dhèwèké ya bener-bener ngupaya kanggo nglawan penyakité.” Awaké dhéwé mesthi ya bakal sabar marang sedulur ing jemaat utawa keluargané awaké dhéwé sing lagi ngadhepi akèh tantangan.

19. Apa tékadé awaké dhéwé?

19 Yésus lan para malaékat ngrasa bahagia wektu Yéhuwah nyiptakké bumi. Yésus lan para malaékat mesthi ya seneng wektu bumi dienggoni karo manungsa sampurna sing nresnani Yéhuwah lan gelem nglayani Dhèwèké. Sakliyané kuwi, wong-wong sing mréntah bareng karo Yésus mesthi ya bakal seneng merga manungsa isa ngrasakké manfaat saka apa sing ditindakké wong-wong kuwi. (Why. 4:4, 9-11; 5:9, 10) Kabèh wong bakal urip bahagia merga ora ana manèh kesusahan, penyakit, utawa kematian. (Why. 21:4) Mula, wektu ngentèni perkara-perkara kuwi kelakon, awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo niru Yéhuwah sing sayang, sabar, lan wicaksana. Hasilé, ora soal masalah apa waé sing diadhepi, awaké dhéwé bakal tetep bahagia. (Yak. 1:2-4) Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah bakal nguripké manèh wong sing wis mati.​—Kis. 24:15.

LAGU 141 Mukjijat ing Urip

^ par. 5 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing sayang, wicaksana, lan sabar. Awaké dhéwé isa ngerti soal kuwi saka carané Yéhuwah nggawé kabèh ciptaan lan janjiné Yéhuwah soal wong mati sing bakal diuripké manèh. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan sing ana hubungané karo harapan kanggo wong mati. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sebabé harapan kanggo wong mati dadi bukti nèk Yéhuwah kuwi sayang, sabar, lan wicaksana. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané nduduhké rasa maturnuwun merga ana harapan kanggo wong mati.

^ par. 59 GAMBAR: Wong lanang sing mati atusan taun kepungkur sing diuripké manèh karo Yésus ing Firdaus. Terus, dhèwèké sinau karo sedulur lanang sing slamet saka Armagédon soal carané bèn isa éntuk manfaat saka korban tebusané Yésus.

^ par. 61 GAMBAR: Sedulur lanang sing lagi njelaské marang bosé nèk dhèwèké isa lembur pas wektuné cocog lan ora ngganggu kegiatan ibadahé.