Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Sebabé Kudu Ngibadah Bareng?

Apa Sebabé Kudu Ngibadah Bareng?

”Wong-wong mau padha ngantepi . . . lan anggoné tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk.”​—PR. 2:42.

LAGU: 20, 27

1-3. (a) Apa buktiné nèk para sedulur Kristen péngin banget ngibadah bareng? (Deloken gambar ndhuwur.) (b) Apa sing arep dirembug ing wulangan saiki?

WEKTU Corinna umur 17 taun, ibuké dicekel, digawa lunga adoh, lan dipenjara kanggo kerja paksa. Banjur, Corinna digawa lunga ing Siberia, sing adohé éwon kilomèter saka omahé. Ing kono, dhèwèké dikon kerja ing kebon, lan didadèkké budhak. Kadhang kala, dhèwèké dikon kerja ing njaba sing hawané adem banget, nganti klambi sing dinggo ora cukup nggawé anget awaké. Senajan ngono, Corinna lan sedulur wédok liyané tetep ngupaya metu saka kono, bèn isa ngibadah.

Corinna kandha, ”Aku lan sedulur wédok lunga ing wayah soré lan mlaku ing stasiun sing adohé 25 kilomèter. Sepuré mangkat jam loro ésuk, lan suwéné numpak nem jam, banjur kudu mlaku 10 kilomèter bèn isa tekan ing panggonan ibadah.” Corinna seneng banget isa teka ing pakumpulan ibadah. Dhèwèké kandha, ”Ing pakumpulan ibadah, aku sinau The Watchtower lan mèlu nyanyi lagu pamuji. Kuwi nggedhèkké atiku lan pengalaman mau nguwatké imanku.” Corinna lan kancané mulih telung dina sakwisé. Ning, sing ngawasi kebon ora ngerti nèk dhèwèké lunga.

3 Umaté Yéhuwah péngin terus isa ngumpul bareng. Contoné, wong-wong Kristen ing abad kapisan péngin banget isa ngibadah bareng lan sinau bab Yéhuwah. (PR. 2:42) Pancèn, panjenengan uga péngin banget isa ajeg ngibadah, ning mbokmenawa kuwi ora gampang. Kuwi uga dialami para sedulur liyané. Mbokmenawa, panjenengan kudu kerja mempeng, akèh gawéané, utawa kerep kesel awaké. Mula, apa sing isa mbantu awaké dhéwé ngupaya tenanan teka ing pakumpulan ibadah? [1] (Deloken katrangan ing kaca 20.) Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab lan liyané bèn ajeg teka ing pakumpulan ibadah? Wulangan iki bakal ngrembug nèk teka ing pakumpulan ibadah (1) ana gunané kanggo awaké dhéwé, (2) isa mbantu liyané, lan (3) isa nyenengké Yéhuwah. [2]—Deloken katrangan ing kaca 20.

GUNANÉ PAKUMPULAN IBADAH

4. Piyé carané pakumpulan ibadah mbantu sinau bab Yéhuwah?

4 Ndhidhik awaké dhéwé. Saben acara ibadah mbantu awaké dhéwé sinau luwih akèh bab Yéhuwah. Contoné, durung suwé iki akèh-akèhé jemaat sinau nganggo buku Kabar Apik saka Gusti Allah! ing acara Sinau Alkitab Jemaat. Piyé perasaan panjenengan wektu ngrembug sipat-sipaté Yéhuwah lan ngerti perasaané sedulur liyané bab Yéhuwah? Mesthiné kuwi nggawé panjenengan saya tresna marang Yéhuwah. Ing pakumpulan ibadah, awaké dhéwé uga sinau luwih akèh bab Alkitab wektu nggatèkké ceramah lan bagéan sing dilakonké, uga ngrungokké tenanan wektu Alkitab diwaca. (Ny. 8:9) Pikiren uga bab-bab sing disinaoni awaké dhéwé saben minggu wektu persiapan maca Alkitab, lan wektu krungu sing disinaoni liyané.

5. Apa gunané acara pakumpulan ibadah kanggo urip saben dina lan nginjil?

5 Acara ibadah mulang carané ngetrapké Alkitab ing urip saben dina. (1 Ts. 4:9, 10) Contoné, apa panjenengan wis teka ing acara sinau Warta Penting, sing isa mbantu panjenengan bèn luwih apik nginjilé, luwih apik dongané, utawa isa ngapura sedulur liyané? Acara pakumpulan ibadah sakliyané dina Setu-Minggu, mulang carané martakké kabar apik lan carané mbantu liyané ngerti bab Alkitab.​—Mt. 28:19, 20.

6. Piyé carané pakumpulan ibadah isa nggedhèkké ati lan nguwatké awaké dhéwé?

6 Nggedhèkké ati. Donya sing dikuwasani Iblis ngupaya bèn awaké dhéwé ilang imané, strès, lan cilik ati. Ning, pakumpulan ibadah isa nggedhèkké ati lan nguwatké awaké dhéwé bèn isa terus ngabdi marang Yéhuwah. (Wacanen Lelakoné Para Rasul 15:30-32.) Kadhang kala, ramalané Alkitab sing wis kelakon dirembug ing kono. Kuwi nggawé awaké dhéwé luwih yakin nèk janjiné Yéhuwah mbésuk mesthi kelakon. Para sedulur liyané nggedhèkké ati ora mung wektu ceramah, ning uga wektu urun rembug lan nyanyi kanggo Yéhuwah saka ati. (1 Kr. 14:26) Wektu ngobrol karo para sedulur sakdurungé utawa sakwisé acara ibadah, awaké dhéwé seneng merga nduwé akèh kanca sing nggatèkké.​—1 Kr. 16:17, 18.

Pakumpulan ibadah isa nggedhèkké ati lan nguwatké awaké dhéwé bèn isa terus ngabdi marang Yéhuwah

7. Apa sebabé teka ngibadah kuwi penting?

7 Nampa roh suciné Gusti Allah. Yésus nggunakké roh suci kanggo mimpin jemaat. Mula, Yésus kandha nèk awaké dhéwé kudu ngrungokké ”apa kang dipangandikakaké déning Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan”. (Wy. 2:7) Roh suci mbantu awaké dhéwé wani nginjil, tetep setya senajan ngadhepi masalah, lan nggawé keputusan sing bener. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan teka ngibadah bèn isa nampa roh suciné Gusti Allah.

MBANTU PARA SEDULUR LIYANÉ

8. Apa pengaruhé kanggo para sedulur liyané nèk awaké dhéwé teka ngibadah, mèlu urun rembug, lan nyanyi saka ati? (Deloken uga kothak ”Seneng Saben Rampung Ngibadah”.)

8 Kesempatan kanggo nduduhké katresnan marang sedulur liyané. Akèh sedulur ing jemaat tetep setya senajan ngadhepi masalah abot. Mula, rasul Paulus kandha, ”Ayo kita padha nggatèkaké kebutuhané wong siji lan sijiné.” (Ib. 10:24, 25, Basa Jawi Padintenan) Wektu teka ing pakumpulan ibadah, awaké dhéwé nduduhké nèk perduli karo para sedulur liyané merga isa nguwatké siji lan sijiné. Kuwi uga nduduhké nèk awaké dhéwé péngin ketemu, ngobrol, lan perduli karo perasaané. Wektu awaké dhéwé urun rembug lan nyanyi kanggo Yéhuwah saka ati, kuwi isa nggedhèkké ati sedulur liyané.​—Kl. 3:16.

9, 10. (a) Apa sebabé kumpul karo sedulur liyané kuwi penting kaya kandhané Yésus ing Yokanan 10:16? (b) Nèk ajeg teka ngibadah, apa pengaruhé kanggo sedulur sing ora diakoni keluargané?

9 Mbantu jemaat bèn tetep rukun. (Wacanen Yokanan 10:16.) Yésus mbandhingké dhèwèké kaya wong angon, lan para muridé kaya wedhus sak kelompok. Bayangna wedhus-wedhus sing lagi diangon ing cedhak gunung. Wedhus-wedhus kuwi padha misah dhéwé-dhéwé, loro ing dhuwur, loro ing ngisor, lan sijiné mbuh ing endi. Apa wedhus lima kuwi isa dianggep sak kelompok? Ora, merga sak kelompok wedhus kuwi kudu dadi siji lan ngetutké sing angon. Semono uga, aja nganti awaké dhéwé ngadoh saka para sedulur merga ora teka ing pakumpulan ibadah. Awaké dhéwé kudu ngumpul bareng merga dadi bagéan saka ”pepanthan [kelompok] siji” lan manut karo ”pangon [sing angon] siji”.

10 Pakumpulan ibadah mbantu awaké dhéwé dadi keluarga sing rukun. (Ms. 133:1) Ana sedulur ing jemaat sing ora diakoni keluarga karo wong tuwa utawa seduluré. Ning, Yésus janji bakal ngekèki keluarga sing nresnani lan nggatèkké wong-wong mau. (Mk. 10:29, 30) Nèk ajeg teka ngibadah, panjenengan isa dadi bapak, ibu, mas, utawa mbak kanggo wong liya ing jemaat. Nèk mikirké bab kuwi, awaké dhéwé isa ngupaya tenanan teka ing pakumpulan ibadah.

BAKAL NYENENGKÉ YÉHUWAH

11. Piyé carané awaké dhéwé ngekèki sing dadi haké Yéhuwah ing pakumpulan ibadah?

11 Ngekèki apa sing dadi haké Yéhuwah. Merga Yéhuwah sing nggawé jagat sak isiné, awaké dhéwé kudu maturnuwun, ngajèni, lan ngluhurké Yéhuwah. (Wacanen Wahyu 7:12.) Kabèh kuwi isa ditindakké wektu awaké dhéwé ndonga, nyanyi, lan ngluhurké Yéhuwah ing pakumpulan ibadah. Kaurmatan gedhé isa ngluhurké Yéhuwah saben minggu.

Yéhuwah nggatèkké lan ngajèni upayané awaké dhéwé bèn isa teka ing pakumpulan ibadah

12. Piyé perasaané Yéhuwah nèk awaké dhéwé manut préntahé kanggo teka ing pakumpulan ibadah?

12 Merga Yéhuwah sing nggawé manungsa, awaké dhéwé kudu manut préntahé. Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé terus ngibadah bareng, kususé merga Armagédhon wis saya cedhak. Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé manut préntah kuwi. (1 Yo. 3:22) Yéhuwah nggatèkké lan ngajèni upayané awaké dhéwé bèn isa teka ing pakumpulan ibadah.​—Ib. 6:10.

13, 14. Piyé carané awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah lan Yésus ing pakumpulan ibadah?

13 Nduduhké marang Yéhuwah nèk péngin cedhak karo Yéhuwah lan Yésus. Ing pakumpulan ibadah, awaké dhéwé sinau Alkitab lan sinau saka Yéhuwah apa sing kudu ditindakké lan piyé carané urip sing bener. (Yé. 30:20, 21) Wektu teka ing pakumpulan ibadah, wong sing dudu abdiné Yéhuwah uga ngakoni nèk awaké dhéwé dituntun Gusti Allah. (1 Kr. 14:23-25) Yéhuwah nggunakké roh suciné kanggo nuntun pakumpulan ibadah, lan sing disinaoni ing kono mesthi saka Yéhuwah. Mula, wektu teka ing pakumpulan ibadah, awaké dhéwé ngrungokké sabdané, ngrasakké tresnané, lan isa luwih cedhak karo Yéhuwah.

14 Yésus, sing Mimpin jemaat, kandha, ”Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk kalawan nganggep marang jenengKu, ing kono Aku ana ing tengahé.” (Mt. 18:20) Alkitab uga kandha nèk Yésus ”mlaku nang tengahé” [Basa Jawa Suriname] jemaat-jemaat. (Wy. 1:20–2:1) Pancèn, Yéhuwah lan Yésus nuntun lan nguwatké awaké dhéwé ing jemaat. Nurut panjenengan, piyé perasaané Yéhuwah wektu weruh upaya panjenengan bèn isa cedhak karo Yéhuwah lan putrané?

15. Apa sebabé teka ngibadah kuwi bukti nèk awaké dhéwé péngin manut karo Yéhuwah?

15 Nduduhké marang Yéhuwah nèk péngin manut karo Yéhuwah. Yéhuwah ora meksa awaké dhéwé manut préntahé. (Yé. 43:23) Mula, nèk gelem manut préntahé teka ngibadah, kuwi bukti awaké dhéwé tresna marang Yéhuwah lan percaya nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak nemtokké sing kudu ditindakké. (Rm. 6:17) Contoné, apa sing kudu ditindakké wektu bos ngongkon kerja lembur, nganti ora isa ajeg teka ngibadah? Utawa, mbokmenawa pamréntah nggawé aturan nèk ngibadah marang Yéhuwah bakal didhendha, dipenjara, utawa dianiaya. Utawa, kadhang kala awaké dhéwé luwih péngin nindakké liyané timbang teka ngibadah. Ing kahanan kaya ngéné, awaké dhéwé kudu nggawé keputusan sing arep ditindakké. (PR. 5:29) Nèk gelem manut karo Yéhuwah, Yéhuwah mesthi seneng.​—WB. 27:11.

TERUSA NGIBADAH BARENG PARA SEDULUR

16, 17. (a) Apa buktiné nèk pakumpulan ibadah kuwi penting banget kanggo wong-wong Kristen abad kapisan? (b) Piyé perasaané Sedulur George Gangas bab teka ing pakumpulan ibadah?

16 Sakwisé ngibadah bareng ing dina Péntakosta taun 33 M, wong-wong Kristen ajeg ngibadah marang Yéhuwah. Wong-wong mau ”padha ngantepi ing piwulangé para rasul lan anggoné tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk”. (PR. 2:42) Wong-wong mau tetep ngibadah senajan dianiaya pamréntah Rum lan para pemimpin agama Yahudi. Senajan kuwi ora gampang, wong-wong mau tetep ngupaya bèn isa ngibadah bareng.

17 Abdiné Yéhuwah jaman saiki uga ngajèni banget lan seneng teka ing pakumpulan ibadah. George Gangas, sing luwih saka 22 taun dadi anggotané Pengurus Pusat, kandha: ”Kanggoku, kumpul bareng para sedulur kuwi kesempatan sing paling nyenengké lan isa nguwatké aku. Nèk isa, aku teka paling gasik ing Balé Ibadah lan mulihé kèri dhéwé. Aku seneng banget isa ngobrol karo umaté Gusti Allah. Rasané kaya karo keluargaku dhéwé, ayem ing antarané para abdiné Allah. Sing paling tak péngini lan tak pikirké yaiku teka ing pakumpulan ibadah.”

18. Piyé perasaan panjenengan bab pakumpulan ibadah, lan apa sing kudu diupayakké?

18 Apa panjenengan uga ngrasakké sing padha wektu ngibadah marang Yéhuwah? Nèk ngono, terusa ngibadah bareng para sedulur, senajan kuwi ora gampang. Duduhna perasaan panjenengan marang Yéhuwah, kaya Raja Dawud sing kandha, ”Dhuh Yéhuwah, kawula tresna dhateng papan padaleman Paduka.”​—Ms. 26:8.

^ [1] (paragraf 3) Ana sedulur-sedulur sing ora isa ajeg teka ing pakumpulan ibadah, merga ngadhepi masalah abot. Mbokmenawa merga lara parah. Para sedulur kuwi isa percaya nèk Yéhuwah ngerti tenan kahanan sing diadhepi, lan ngajèni kabèh upayané kanggo ngibadah. Para pinituwa isa mbantu para sedulur kuwi bèn tetep isa ngrungokké acara ibadah, mbokmenawa nganggo sambungan tilpun utawa ngrekamké acara kuwi.

^ [2] (paragraf 3) Deloken kothak “ Alesané Teka Ngibadah.”