Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ora Mèlu Urusan Politik

Ora Mèlu Urusan Politik

”Aturna marang Allah kang wajib kaaturaké marang Allah.”—MT. 22:21.

LAGU: 33, 137

1. Piyé carané manut karo Gusti Allah lan pamréntah?

ALKITAB mulang awaké dhéwé kon manut karo pamréntah, lan kudu terus manut karo Gusti Allah. (PR. 5:29; Tt. 3:1) Kok isa? Yésus nerangké pathokan sing ngandhani kudu manut karo sapa. Yésus kandha nèk awaké dhéwé kudu ngekèki ”apa kang wajib kacaosaké marang Sang Nata Agung” lan ngekèki ”marang Allah kang wajib kaaturaké marang Allah”. [1] (Deloken katrangan ing kaca 26.) (Mt. 22:21) Awaké dhéwé ngekèki ”apa kang wajib kacaosaké marang Sang Nata Agung,” nèk manut karo hukum negara, ngajèni pejabat pamréntah, lan mbayar pajeg. (Rm. 13:7) Nèk pamréntah ngongkon nindakké sing ora cocog karo kersané Gusti Allah, awaké dhéwé ora gelem manut, ning kudu nerangké nganggo cara sing apik.

2. Apa buktiné awaké dhéwé ora mèlu urusan politik?

2 Cara ngekèki ”marang Allah kang wajib kaaturaké marang Allah,” yaiku ora mèlu-mèlu urusan politik. (Yé. 2:4) Awaké dhéwé ora nglawan pamréntah merga isih diijinké Yéhuwah. Awaké dhéwé ora mèlu kagiyatan mbéla utawa fanatik karo negara. (Rm. 13:1, 2) Awaké dhéwé ora ngupaya ngganti pamréntahan, ora mempengaruhi pejabat pamréntah, ora mèlu pemilu, ora dadi pejabat, lan ora mèlu partai politik.

3. Apa sebabé awaké dhéwé ora mèlu urusan politik?

3 Apa sebabé Gusti Allah ngongkon awaké dhéwé ora mèlu urusan politik? Siji, merga niru Yésus sing ”boten saking jagad”. Yésus ora tau mèlu urusan politik lan ora mèlu perang. (Yo. 6:15; 17:16) Loro, merga awaké dhéwé ndhukung Kratoné Gusti Allah. Merga ora ndhukung pamréntahané manungsa, awaké dhéwé ora rumangsa salah wektu ngabarké nèk mung Kratoné Gusti Allah sing isa ngrampungké kabèh masalahé manungsa. Agama palsu mèlu politik sing nggawé manungsa ora rukun. Merga ora mèlu urusan politik, awaké dhéwé isa rukun karo para sedulur sak donya.—1 Pt. 2:17.

4. (a) Mbésuk, apa sebabé saya abot nèk ora mèlu urusan politik? (b) Apa sebabé kudu siap-siap saka saiki?

4 Saiki, mbokmenawa pamréntah ora meksa awaké dhéwé mèlu urusan politik. Ning mbésuk, saya cedhak pamréntahané Iblis disingkirké, saya abot kanggo awaké dhéwé nèk ora mèlu urusan politik. Saiki waé wong-wong wis ”ora gelem rukun” lan ”ora mulur budiné [ngèyèl]”, apamanèh mbésuk, bakal tambah ora rukun manèh. (2 Tm. 3:3, 4) Saiki, ana para sedulur sing uripé susah merga ana masalah politik ing negarané. Mbésuk, mbokmenawa awaké dhéwé ngadhepi masalah sing padha. Mula, awaké dhéwé kudu siap-siap saka saiki. Carané ana papat. Coba gatèkna.

PIKIRANÉ YÉHUWAH BAB PAMRÉNTAHANÉ MANUNGSA

5. Apa sing dipikirké Yéhuwah bab pamréntahané manungsa?

5 Sing nomer siji, yaiku nduwé pikiran sing padha karo Yéhuwah bab pamréntahané manungsa. Wektu nggawé manungsa, Yéhuwah ora ngekèki manungsa hak kanggo mréntah manungsa liyané. (Ym. 10:23) Kanggoné Yéhuwah, kabèh manungsa kuwi sak keluarga. Ning, pamréntahané manungsa nggawé negara dhéwé-dhéwé merga rumangsa negarané sing paling apik. Senajan kétoké pamréntahan kuwi apik, tetep ora isa ngrampungi kabèh masalahé manungsa. Malah, pamréntahané manungsa dadi mungsuhé Kratoné Gusti Allah sing mréntah kèt taun 1914. Ora suwé manèh, Kraton iki bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa.—Wacanen Jabur 2:2, 7-9.

Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn tetep ora mèlu urusan politik saka saiki

6. Piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé marang wong sing nduwé wewenang ing pamréntahan?

6 Gusti Allah ngekèki wewenang pamréntah manungsa kanggo ngatur lan njaga kahanan bèn aman. Dadi, awaké dhéwé isa nginjil bab Kratoné Gusti Allah. (Rm. 13:3, 4) Gusti Allah uga ngongkon ndongakké pamréntah bèn awaké dhéwé isa tentrem ngibadah. (1 Tm. 2:1, 2) Nèk ana sing tumindak ora adil, awaké dhéwé uga isa njaluk tulung pamréntah, kaya sing ditindakké Paulus. (PR. 25:11) Senajan kandha nèk Iblis nguwasani pamréntahané manungsa, Alkitab ora kandha nèk saben pejabat dikuwasani Iblis. (Lk. 4:5, 6) Mula, aja nganti awaké dhéwé ngomong karo wong liya nèk wong sing nduwé wewenang ing pamréntahan, dikuwasani Iblis. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé aja ngèlèk-èlèk utawa ngenyèk wong liya.—Tt. 3:1, 2.

7. Awaké dhéwé aja nganti mikir apa?

7 Awaké dhéwé manut karo Gusti Allah nèk ora ndhukung pejabat utawa partai politik, senajan mbokmenawa pikiran utawa tumindaké ana paédahé. Kuwi ora gampang. Contoné, ana wong-wong sing nglawan pamréntah merga pamréntah kuwi jahat, lan uga njahati Seksi-Seksi Yéhuwah. Pancèn, panjenengan ora bakal dadi pemberontak, ning apa panjenengan mikir nèk wong-wong kuwi tumindaké bener, lan ngarep-arep bèn pemberontak kuwi menang nglawan pamréntah? (Éf. 2:2) Nèk ora mèlu urusan politik, awaké dhéwé aja nganti mbélani salah sijiné. Kuwi bakal kétok saka tumindak lan omongané awaké dhéwé.

KUDU ”NGATI-ATI” LAN ”BARÈS”

8. Apa maksudé ”ngati-ati” lan ”barès”?

8 Sing nomer loro, yaiku kudu ”ngati-ati kaya ula lan sing barès [lugu] kaya manuk dara”. (Wacanen Matéus 10:16, 17.) ”Ngati-ati” maksudé siap-siap ngadhepi masalah mbésuk. ”Barès” utawa lugu, maksudé ora mèlu-mèlu urusan politik. Awaké dhéwé kudu lugu lan ati-ati ing bab apa waé?

9. Awaké dhéwé kudu ati-ati wektu ngrembug apa?

9 Omongan. Awaké dhéwé kudu ati-ati nèk ana wong sing mulai ngrembug politik. Contoné, wektu nginjil bab Kratoné Gusti Allah, aja nganti awaké dhéwé ngapik-apik utawa ngèlèk-èlèk partai politik utawa présidhèn. Ora usah ngrembug carané manungsa ngrampungi masalah donya. Ning, terangna saka Alkitab nèk Kratoné Gusti Allah sing isa ngrampungi kabèh masalah kuwi. Nèk ana wong ngrembug bab nggugurké bayi utawa kawin padha lanangé utawa padha wédoké, terangna kandhané Alkitab lan carané awaké dhéwé ngupaya ngetrapké pathokané Alkitab. Mbokmenawa, ana wong sing mikir nèk ana hukum sing perlu diganti utawa diilangi. Aja mèlu-mèlu, lan aja meksa wong kuwi ngowahi pikirané mau.

Bandhingna karo ”apa kang wus kokrungu” sing ana ing Alkitab

10. Wektu nonton utawa maca berita, piyé carané bèn ora mèlu urusan politik?

10 Warta. Kadhang kala, berita digawé kanggo mbélani salah sijiné. Kuwi biasané ana ing negara sing kabèh beritané dikuwasani pamréntah. Nèk penyiar berita utawa kantor berita mbélani salah sijiné, awaké dhéwé aja mèlu-mèlu. Coba dipikir, ’Apa aku seneng ngrungokké penyiar berita kuwi merga aku seneng omongané bab politik?’ Bèn ora mèlu-mèlu, aja nganti nonton utawa maca berita sing ngunggulké salah siji lan ngèlèk-èlèk liyané. Golèka berita sing nétral waé. Uga, bandhingna karo ”apa kang wus kokrungu” sing ana ing Alkitab.—2 Tm. 1:13.

11. Apa sebabé nèk ngutamakké dhuwit lan bandha, mesthi bakal abot nèk ora mèlu urusan politik?

11 Ngutamakké Bandha. Nèk ngutamakké dhuwit lan bandha, mesthi bakal abot nèk ora mèlu urusan politik. Bar taun 1970, akèh Seksi Yéhuwah ing Malawi kudu kélangan bandhané merga ora gelem mèlu partai politik. Ning, sayangé ana sing wedi kélangan bandhané. Sedulur Rut kandha, ”Para sedulur sing ngungsi bareng aku, ana sing akhiré mèlu partai politik lan mulih omah, merga ora kuwat urip ing panggonan kanggo ngungsi.” Ning, akèh-akèhé Seksi Yéhuwah tetep ora gelem mèlu urusan politik, senajan kélangan bandhané utawa dadi mlarat.—Ib. 10:34.

12, 13. (a) Piyé pikirané Yéhuwah bab manungsa? (b) Apa buktiné nèk awaké dhéwé ngapik-apik dhaérahé dhéwé?

12 Ngapik-apik bangsané. Wis lumrah nèk wong ngapik-apik bangsa, suku, budaya, kutha, utawa negarané. Ning, Yéhuwah ora nganggep nèk salah sijiné wong utawa kelompok, luwih apik timbang liyané. Kanggoné Yéhuwah, kabèh padha. Yéhuwah pancèn nggawé wong béda-béda, lan kuwi kudu diajèni. Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé ngèlèk-èlèk utawa nganggep budayané awaké dhéwé paling apik.—Rm. 10:12.

13 Aja nganti nganggep negara utawa bangsané awaké dhéwé paling apik timbang liyané. Nèk nganggep ngono, kuwi tegesé mèlu urusan politik. Kuwi wis tau kedadéan ing jamané para rasul. Para sedulur Ibrani ora adil karo para randha Yunani. (PR. 6:1) Apa buktiné nèk awaké dhéwé ngapik-apik dhaérahé dhéwé? Nèk ana sedulur saka dhaérah liya ngekèki saran, apa panjenengan mikir, ’Nèng kéné ora kaya nggonmu’, banjur saran kuwi ora ditampa? Nèk ngono, élinga kandhané Alkitab, ”Kalawan andhap asor kang siji nganggepa marang sijiné luwih utama tinimbang awaké dhéwé.”—Fp. 2:3.

YÉHUWAH BAKAL MBANTU PANJENENGAN

14. Apa gunané ndonga? Ana pengalaman apa ing Alkitab?

14 Sing nomer telu, yaiku ngendelké Yéhuwah. Panjenengan isa ndonga njaluk roh suciné bèn isa sabar lan ora gampang nesu. Sipat-sipat kuwi isa ditrapké wektu ngadhepi pamréntah sing ora jujur, utawa ora adil. Njaluka bantuané Yéhuwah bèn isa tetep ora mèlu urusan politik, senajan ora gampang. Lan, njaluka dibantu bèn isa nggawé keputusan sing bener. (Yb. 1:5) Nèk dipenjara lan dianiaya merga setya marang Yéhuwah, panjenengan isa ndonga bèn wani nerangké karo liyané nèk ora mèlu urusan politik. Panjenengan isa percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu bèn tetep setya.—Wacanen Lelakoné Para Rasul 4:27-31.

Pilihen ayat-ayat sing nyritakké kahanan sing péngin dirasakké ing Pirdus, lan bayangna wektu panjenengan ing kana

15. Piyé Alkitab isa mbantu bèn ora mèlu politik? (Deloken uga kothak ”Alkitab Nguwatké Imané”.)

15 Yéhuwah ngekèki Alkitab kanggo nguwatké awaké dhéwé. Ana ayat-ayat Alkitab sing isa mbantu bèn tetep setya. Ayat-ayat kuwi isa dipikirké lan diéling-éling, senajan wektu kuwi ora nggawa Alkitab. Alkitab uga nggawé awaké dhéwé tetep percaya janjiné Gusti Allah bab donya mbésuk. Rasa percaya kuwi isa nguwatké awaké dhéwé wektu ngadhepi sengsara. (Rm. 8:25) Pilihen ayat-ayat sing nyritakké kahanan sing péngin dirasakké ing Pirdus, lan bayangna wektu panjenengan ing kana.

NIRU TULADHANÉ PARA ABDINÉ YÉHUWAH

16, 17. Apa gunané mikirké pengalamané para abdiné Yéhuwah sing tetep setya senajan sengsara? (Deloken gambar ing kaca 21.)

16 Sing nomer papat, yaiku mikirké tuladhané para abdiné Yéhuwah sing setya. Jaman mbiyèn, akèh abdiné Yéhuwah sing kendel lan nggawé keputusan sing bener. Contoné, Sadrakh, Mésakh, lan Abèdnégo sing ora gelem nyembah patung sing dadi lambangé negara Babil. (Wacanen Dhanièl 3:16-18.) Pengalaman ing Alkitab mbantu para Seksi Yéhuwah jaman saiki bèn kendel, lan ora gelem nyembah gendéra negarané. Yésus ora gelem mèlu urusan politik lan liyané, sing nggawé wong ora rukun. Yésus ngerti nèk tuladhané kuwi isa ditiru para muridé. Mula, Yésus kandha, ”Padha diteteg atimu, Aku wus ngalahaké donya.”—Yo. 16:33.

17 Akèh Seksi Yéhuwah jaman saiki ora mèlu urusan politik, mula ana sing dianiaya, dipenjara, lan dipatèni merga setya marang Yéhuwah. Pengalaman kuwi isa marahi awaké dhéwé luwih kendel. Sedulur saka Turki kandha, ”Franz Reiter kuwi isih enom wektu dipatèni merga ora gelem dadi tentarané Hitler. Dhèwèké nulis surat kanggo ibuné sedina sakdurungé mati. Isi suraté nduduhké nèk imané kuwat marang Yéhuwah. Aku péngin niru tuladhané nèk ngadhepi masalah sing padha.” [2]—Deloken katrangan ngisor.

18, 19. (a) Piyé carané para sedulur ing jemaat isa mbantu? (b) Awaké dhéwé kudu ngupaya apa?

18 Para sedulur ing jemaat uga isa mbantu bèn ora mèlu politik. Wektu nduwé masalah, panjenengan isa kandha karo para pinituwa. Para pinituwa isa ngekèki saran saka Alkitab. Nèk para sedulur ing jemaat uga ngerti masalah panjenengan, para sedulur kuwi isa mbantu. Panjenengan isa njaluk didongakké. Lan, panjenengan uga kudu ndhukung lan ndongakké sedulur liya. (Mt. 7:12) Bèn ngerti jeneng-jenengé para sedulur sing dipenjara, deloken jw.org/id ing RUANG BERITA > BERITA HUKUM, sing judhulé ”Saksi-Saksi Yehuwa yang Dipenjarakan Karena Iman Mereka—Menurut Lokasi”. Pilihen jenengé, banjur dongakna bèn Yéhuwah mbantu para sedulur kuwi tetep kendel lan setya marang Yéhuwah.—Éf. 6:19, 20.

19 Saya cedhak Armagédhon, saya gedhé upayané pamréntah meksa awaké dhéwé mèlu urusan politik. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn tetep ora mèlu urusan politik saka saiki.

^ [1] (paragraf 1) Wektu ngomongké Sang Nata Agung utawa Kaisar, Yésus ngrembug bab pamréntah. Wektu kuwi, sing paling kwasa ing kono yaiku Sang Nata Agung.

^ [2] (paragraf 17) Deloken buku Saksi-Saksi Yehuwa—Pemberita Kerajaan Allah, kaca 662, lan kothak ”Ia Mati Demi Kehormatan Allah” kaca 150 buku Kerajaan Allah Memerintah!