Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Niru Kaadilané Yéhuwah?

Apa Panjenengan Niru Kaadilané Yéhuwah?

’Asmané Sang Yéhuwah arep dakundhangaké, Gusti Allah kang setya-tuhu lan adil.’PT. 32:3, 4.

LAGU: 15, 2

1, 2. (a) Nabot lan anak-anaké ngalami tumindak ora adil apa? (b) Rong sipat apa sing bakal dirembug ing wulangan iki?

ANA wong lanang sing ditudhuh nindakké kejahatan sing serius. Tudhuhané kuwi ora bener. Ning, wong lanang kuwi tetep dianggep salah lan arep diukum mati. Wong sing adil mesthi ora seneng wektu ndelok wong kuwi lan anak-anaké banjur dibalangi watu nganti mati. Iki kisah nyata sing dialami karo Nabot, abdiné Yéhuwah sing setya, sing urip ing jamané Raja Akhab mréntah Israèl.1 Ra. 21:11-13; 2 Ra. 9:26.

2 Ing wulangan iki, kita bakal ngrembug pengalamané Nabot lan kesalahan serius sing ditindakké karo salah siji pinituwa sing setya ing jemaat Kristen abad kapisan. Saka rong pengalaman kuwi kita isa sinau pentingé sipat andhap asor lan seneng ngapura bèn isa niru kaadilané Yéhuwah.

TUMINDAK SING ORA ADIL LAN KEJEM

3, 4. Nabot kuwi wong sing kaya apa, lan apa sebabé Nabot ora gelem ngedol kebon angguré marang Raja Akhab?

3 Nabot tetep setya marang Yéhuwah wektu wong-wong Israèl padha mèlu-mèlu tumindak jahaté Raja Akhab lan bojoné, yaiku Ratu Izébèl. Wong-wong kuwi nyembah allah palsu Baal sarta ora ngajèni Yéhuwah lan hukum-hukumé. Ning, Nabot ngajèni hubungané karo Yéhuwah ngluwihi uripé dhéwé.

4 Wacanen 1 Para Raja 21:1-3. Wektu Akhab arep nuku kebon angguré Nabot utawa arep ngijoli nganggo kebon anggur sing luwih apik, Nabot ora gelem. Apa sebabé? Nabot njelaské nèk dhèwèké ora mungkin ”nyaosaken warisan saking para leluhur” marang Akhab. Nabot nolak tawarané Akhab merga nurut hukumé Yéhuwah, wong Israèl ora éntuk ngedol warisané keluarga. (Km. 25:23; Wi. 36:7) Dadi, cetha nèk Nabot kuwi manut karo Yéhuwah.

5. Apa sing ditindakké Ratu Izébèl bèn isa éntuk kebon angguré Nabot?

5 Merga Nabot ora gelem ngedol kebon angguré, Raja Akhab lan bojoné nindakké bab sing jahat. Ratu Izébèl ngongkon wong loro kanggo nudhuh nèk Nabot wis nindakké kejahatan. Akiré, Nabot lan anak-anaké dipatèni. Kuwi tumindak sing ora adil lan kejem. Apa sing banjur Yéhuwah tindakké?

KAADILANÉ YÉHUWAH

6, 7. Piyé Yéhuwah nduduhké kaadilané, lan apa sebabé iki nggawé keluarga lan kanca-kancané Nabot lega banget?

6 Yéhuwah langsung ngutus Élia kanggo nemoni Akhab. Élia kandha nèk Akhab kuwi maling lan tukang matèni. Yéhuwah mutuské nèk Akhab, bojoné, lan anak-anaké kudu dipatèni, kayadéné Nabot lan anak-anaké.1 Ra. 21:17-25.

7 Keluarga lan kanca-kancané Nabot sedhih banget merga tumindaké Akhab. Senajan ngono, Yéhuwah ngerti nèk kuwi ora adil lan langsung tumindak. Kuwi mesthi nggawé lega banget. Ning, apa sing kelakon sakbanjuré isa waé nguji sipat andhap asor lan rasa percayané wong-wong kuwi marang Yéhuwah.

Merga Akhab andhap asor, Yéhuwah ngendika marang Élia nèk Akhab ora bakal diukum

8. Piyé tanggepané Akhab wektu krungu keputusané Yéhuwah, lan apa hasilé?

8 Wektu krungu keputusané Yéhuwah, Akhab ”nyuwèk-nyuwèk pangagemané lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggoné saré uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan”. Akhab nduduhké sipat andhap asoré. Akiré, Yéhuwah ngendika marang Élia, ”Ing sarèhné wong iku wus ngesoraké awaké ana ing ngarsaningSun, Ingsun ora bakal ndhatengaké bilai ing sajroné dhèwèké isih urip. Bésuk ing jamané anaké Ingsun bakal ndhatengaké bilai marang kulawargané.” (1 Ra. 21:27-29; 2 Ra. 10:10, 11, 17) Yéhuwah ngapurani Akhab, merga Yéhuwah isa ngerti apa sing ana ing njero atiné manungsa.WB. 17:3.

ANDHAP ASOR KUWI PENTING

9. Apa sebabé sipat andhap asor kuwi penting kanggo keluarga lan kanca-kancané Nabot?

9 Wektu krungu nèk keluargané Akhab ora bakal diukum nganti Akhab mati, isa waé keluarga lan kanca-kancané Nabot dadi kélangan iman marang Yéhuwah. Ning, sipat andhap asor bakal mbantu wong-wong kuwi percaya nèk Yéhuwah ora mungkin tumindak ora adil lan akiré tetep nyembah Yéhuwah. (Wacanen Pangandharing Torèt 32:3, 4.) Sukmbèn, keluargané Nabot isa ketemu karo Nabot lan anak-anaké sing diuripké manèh. Kuwi bener-bener dadi bukti kaadilané Yéhuwah. (Ay. 14:14, 15; Yo. 5:28, 29) Wong sing andhap asor ngerti nèk ”Gusti Allah bakal masrahaké sabarang panggawé marang pangadilan, kang ngadili samubarang kang samar, kang becik lan kang ala”. (Ko. 12:14) Yéhuwah ngerti lan nimbang-nimbang fakta sing ora kita ngertèni. Dadi, sipat andhap asor bakal mbantu kita bèn ora nganti kélangan iman.

Sipat andhap asor bakal mbantu kita bèn ora nganti kélangan iman

10, 11. (a) Kahanan apa waé sing isa nggawé kita ora percaya manèh marang Yéhuwah? (b) Apa paédahé sipat andhap asor?

10 Piyé nèk panjenengan ora mudheng utawa ora setuju karo keputusané para pinituwa? Contoné, piyé nèk panjenengan utawa wong sing panjenengan tresnani kélangan hak istiméwa ing pakumpulané Yéhuwah? Piyé nèk bojo, anak, utawa kanca cedhak panjenengan dipecat lan panjenengan ora setuju? Apa sing bakal panjenengan tindakké nèk pinituwa malah ngapurani sedulur sing nindakké dosa? Kahanan-kahanan kaya ngono kuwi isa waé nggawé kita ora percaya manèh marang Yéhuwah lan carané Yéhuwah ngatur jemaat. Ayo dirembug apa paédahé sipat andhap asor wektu ngalami kahanan kaya ngono.

Piyé nèk panjenengan ora setuju karo keputusané para pinituwa? (Deloken paragraf 10, 11)

11 Sing kapisan, wong sing andhap asor bakal ngakoni nèk dhèwèké ora ngerti kabèh faktané. Senajan mbokmenawa kita rumangsa ngerti masalahé, mung Yéhuwah sing ngerti isi atiné manungsa. (1 Sa. 16:7) Nèk ngéling-éling kuwi, kita bakal ngakoni nèk kita iki ora sampurna lan perlu ngowahi pikiran kita. Sing kapindho, wong sing andhap asor bakal manut lan sabar ngentèni Yéhuwah ngatasi tumindak sing ora adil. Alkitab kandha, ’Wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal olèh kaslametan. Nanging wong duraka ora bakal olèh kaslametan lan ora bakal dawa umuré.’ (Ko. 8:12, 13) Dadi, sipat andhap asor kuwi pancèn ana paédahé kanggo awaké dhéwé lan wong liya.Wacanen 1 Pétrus 5:5.

TUMINDAK MUNAFIK ING JEMAAT

12. Pengalaman apa sing bakal dirembug saiki lan apa sebabé?

12 Wong-wong Kristen abad kapisan ing Antiokhia Siria kudu nduwé sipat andhap asor lan seneng ngapura bèn isa ngadhepi kahanan wektu kuwi. Pengalaman kuwi isa dinggo mriksa apa awaké dhéwé seneng ngapura. Kuwi uga isa mbantu kita ngerti apa sebabé Yéhuwah isa nggunakké wong sing ora sampurna tanpa nglanggar pathokané.

13, 14. Rasul Pétrus éntuk tugas apa lan apa buktiné nèk Pétrus kuwi kendel?

13 Rasul Pétrus kuwi salah siji pinituwa sing dikenal apik karo wong-wong Kristen abad kapisan. Dhèwèké kuwi kanca cedhaké Yésus lan éntuk tugas sing penting. (Mt. 16:19) Contoné, ing taun 36 M, Pétrus ditugaské kanggo nginjil marang Kornélius lan kabèh sing ana ing omahé. Tugas kuwi istiméwa merga Kornélius kuwi dudu wong Yahudi lan ora disunat. Wektu wong-wong kuwi nampa roh suci, Pétrus langsung ngerti nèk wong-wong kuwi isa dibaptis dadi wong Kristen. Pétrus kandha, ”Apa ana wong kang bisa ngalang-alangi wong-wong iki padha dibaptisi nganggo banyu, wong wis padha tampa Roh Suci kayadéné kita?”PR. 10:47.

14 Ing taun 49 M, para rasul lan pinituwa ing Yérusalèm rapat kanggo mutuské apa wong Kristen sing dudu Yahudi perlu disunat. Ing rapat kuwi, Pétrus kanthi kendel ngélingké nèk dhèwèké wis ndelok dhéwé wektu wong Kristen sing dudu Yahudi lan ora disunat nampa roh suci. Pengalamané Pétrus kuwi mbantu pengurus pusat kanggo nggawé keputusan. (PR. 15:6-11, 13, 14, 28, 29) Wong-wong Kristen Yahudi lan sing dudu Yahudi mesthi maturnuwun banget merga Pétrus wis kendel nyritakké pengalamané. Wong-wong kuwi mesthi isa percaya karo Pétrus, wong sing setya lan nduwé iman sing kuwat.Ib. 13:7.

15. Kesalahan apa sing Pétrus tindakké wektu ana ing Antiokhia Siria? (Deloken gambar ing kaca 21.)

15 Ora suwé sakwisé kuwi, Pétrus mara menyang Antiokhia Siria lan kerep srawung karo para sedulur sing dudu Yahudi. Para sedulur kuwi mesthi seneng sinau saka Pétrus lan pengalamané. Ning, wong-wong kuwi mesthi kagèt lan lara ati wektu Pétrus ujug-ujug ora gelem mangan bareng manèh. Pétrus uga ngojok-ojoki Barnabas lan wong Kristen Yahudi liyané bèn tumindak kaya ngono. Kuwi isa marahi jemaat dadi ora rukun. Apa sebabé Pétrus nganti kaya ngono, padhahal dhèwèké kuwi pinituwa sing setya lan kuwat imané? Wektu ana omongan utawa tumindaké pinituwa sing nglarani ati, apa sing isa disinaoni saka kesalahané Pétrus?

Piyé tanggepané wong Kristen sing dudu Yahudi wektu ngalami tumindak sing ora adil?

16. Apa sebabé Pétrus kudu dinaséhati lan kuwi isa marahi ana pitakonan apa?

16 Wacanen Galati 2:11-14. Pétrus wedi karo manungsa. (WB. 29:25) Pétrus ngerti piyé perasaané Yéhuwah marang wong sing dudu Yahudi. Ning, wektu ana wong-wong Kristen Yahudi sing disunat teka saka Yérusalèm, Pétrus wedi nèk bakal dirèmèhké merga srawung karo wong Kristen sing dudu Yahudi. Rasul Paulus kandha nèk Pétrus kuwi munafik. Lha ngapa? Merga Paulus ngerti nèk mbiyèn Pétrus mbéla wong Kristen sing dudu Yahudi wektu rapat ing Yérusalèm taun 49 M. (PR. 15:12; Gl. 2:13) Saiki, piyé tanggepané wong-wong sing dudu Yahudi kuwi? Apa wong-wong kuwi bakal kesandhung? Apa Pétrus bakal kélangan hak istiméwané merga kesalahané?

SENENGA NGAPURA

17. Merga Yéhuwah seneng ngapura, apa paédahé kanggo Pétrus?

17 Pétrus andhap asor lan gelem nampa naséhaté Paulus. Alkitab ora kandha nèk Pétrus kélangan hak istiméwané. Malah, Pétrus banjur éntuk wahyu kanggo nulis rong surat sing dadi bagéan saka Alkitab. Ing suraté sing kapindho, Pétrus malah nyebut Paulus ’sadulur kita kang kinasih’. (2 Pt. 3:15) Kesalahané Pétrus mesthi nglarani atiné wong-wong Kristen sing dudu Yahudi. Ning, Yésus, sing dadi sesirahing jemaat, isih terus nggunakké Pétrus. (Éf. 1:22) Para sedulur ing jemaat nduwé kesempatan kanggo niru Yésus lan Yéhuwah sing ngapurani Pétrus. Dadi, aja nganti ana sing kesandhung merga kesalahané wong liya sing ora sampurna.

18. Kapan waé kita perlu niru kaadilané Yéhuwah?

18 Pancèn, ora ana pinituwa sing sampurna ing abad kapisan lan jaman saiki. Alkitab kandha, ”Kita kabèh padha kaluputan ing prakara akèh.” (Yb. 3:2) Ning, piyé nèk awaké dhéwé ngalami tumindak sing ora nyenengké merga kesalahané wong liya sing ora sampurna? Apa kita bakal niru kaadilané Yéhuwah? Contoné, piyé nèk ana pinituwa sing kétoké ora adil? Apa panjenengan bakal kesandhung nèk ana pinituwa sing omongané nglarani ati? Apa panjenengan gelem sabar lan percaya karo Yésus, sesirahing jemaat, utawa malah mikir nèk wong kuwi kuduné ora dadi pinituwa? Ketimbang terus mikirké kesalahané, apa panjenengan gelem ngéling-éling kasetyané pinituwa kuwi saksuwéné ngabdi marang Yéhuwah? Nèk sedulur sing nglarani ati kuwi tetep dadi pinituwa utawa malah éntuk hak istiméwa luwih akèh, apa panjenengan bakal mèlu seneng? Nèk gelem ngapurani, kuwi bukti nèk panjenengan niru kaadilané Yéhuwah.Wacanen Matéus 6:14, 15.

19. Apa kuduné tékad kita?

19 Kita mesthi ora seneng nèk ana tumindak ora adil. Mula, kita ngarep-arep Yéhuwah nyingkirké kabèh tumindak ora adil sing disebabké karo Sétan lan donyané sing jahat. (Yé. 65:17) Ning, saiki kita kabèh isih ngalami tumindak ora adil. Mula, kita perlu ngakoni nèk kita isa waé ora ngerti kabèh faktané lan seneng ngapurani wong sing nduwé salah marang kita. Kuwi bukti nèk kita niru kaadilané Yéhuwah.