Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cah-Cah Enom, Ngupayaa Bèn Cita-Cita Rohanimu Kelakon

Cah-Cah Enom, Ngupayaa Bèn Cita-Cita Rohanimu Kelakon

”Sakèhing panggawému pasrahna marang Pangéran Yéhuwah, temah sakèhé rancanganmu bakal kelakon.”​WB. 16:3.

LAGU: 135, 144

1-3. (a) Uripé cah-cah enom dipadhakké karo apa? (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Piyé bèn cah-cah enom Kristen ora bingung?

BAYANGNA kowé arep lunga menyang luar kota. Bèn tekan panggonan kuwi, kowé numpak bis. Ing terminal, ana akèh wong lan akèh banget bis. Kowé dadi bingung. Ning, sakjané kowé ora perlu bingung merga kowé wis ngerti ing ngendi tujuanmu lan ngerti kudu numpak bis sing endi. Kowé ora bakal numpak bis sing liyané merga tujuané béda.

2 Urip iki kaya wong sing arep lunga. Lan kowé cah enom kaya wong sing ana ing terminal. Kadhang kowé isa bingung merga akèh pilihan. Ning, nèk kowé ngerti arep lunga menyang ngendi, mesthi luwih gampang kanggo milih sing bener. Dadi, tujuanmu menyang ngendi?

3 Artikel iki bakal njawab pitakonan kuwi lan mbantu kowé terus fokus kanggo nyenengké Yéhuwah. Cah enom kudu manut tuntunané Yéhuwah wektu nggawé keputusan, contoné soal pendidikan utawa gawéan, soal arep nikah lan nduwé anak apa ora. Cah-cah enom kudu ngupaya bèn cita-cita rohaniné kelakon, iki isa mbantu cah-cah enom luwih cedhak karo Yéhuwah. Nèk kowé fokus ngabdi marang Yéhuwah, percayaa nèk Yéhuwah mesthi mberkahi lan mbantu kowé dadi suksès.​—Wacanen Wulang Bebasan 16:3.

APA SEBABÉ KUDU NDUWÉ CITA-CITA ROHANI?

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Apa sebabé kudu nduwé cita-cita rohani? Ana telung alesan sing bakal dirembug. Alesan sing kapisan lan kapindho nduduhké apa gunané nèk kowé ngupaya bèn cita-cita rohanimu kelakon, yaiku kowé isa luwih cedhak karo Yéhuwah. Alesan sing katelu nduduhké apa sebabé kudu nduwé cita-cita rohani wiwit isih cilik.

5. Apa alesan sing paling penting nduwé cita-cita rohani?

5 Alesan sing paling penting nduwé cita-cita rohani yaiku merga kita péngin maturnuwun karo Yéhuwah merga tresnané lan uga kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah kanggo kita. Salah siji sing nulis buku Jabur kandha, ’Ngucap sokur dhumateng Pangéran Yéhuwah punika prayogi [apik]. Déné Paduka, dhuh Yéhuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka, kawula badhé asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka.’ (Ms. 92:2, 5) Coba pikirna apa sing wis diparingké Yéhuwah kanggo kowé. Contoné, uripmu, Alkitab, jemaat, isa ngerti wulangan sing bener, lan nduwé harapan isa urip saklawasé ing Firdaus. Nèk nduwé cita-cita rohani, kowé nduduhké marang Yéhuwah nèk ngajèni kabèh sing wis diparingké Yéhuwah. Kuwi bakal nggawé kowé dadi saya cedhak karo Yéhuwah.

6. (a) Apa gunané nèk ngupaya bèn cita-cita rohanimu kelakon? (b) Wènèhana conto cita-cita rohani sing isa kok upayakké.

6 Alesan sing kapindho yaiku, nèk ngupaya bèn cita-citamu kelakon, kowé sakjané lagi ngupayakké sing apik kanggo Yéhuwah. Lan kuwi bakal nggawé kowé saya cedhak karo Yéhuwah. Rasul Paulus nulis, ”Merga Gusti Allah kuwi adil, Panjenengané ora bakal lali karo tumindak lan katresnan sing kok duduhké kanggo asmané.” (Ibr. 6:10) Kowé isa nduwé cita-cita rohani mulai isih cilik. Contoné, wektu Christine umur 10 taun, dhèwèké péngin ajeg maca pengalamané sedulur-sedulur sing setya. Wektu umur 12 taun, Toby nduwé tujuan ngrampungké maca Alkitab sakdurungé dibaptis. Maxim sing umur 11 taun lan adhiné Noemi umuré 10 taun, dibaptis. Cah loro kuwi nduwé cita-cita kanggo ngabdi ing Bètel. Bèn tetep fokus, cah loro kuwi majang formulir Bètel ing témbok omahé. Nèk kowé piyé? Coba pikirna apa cita-cita rohanimu lan upayakna kuwi mulai saiki.​—Wacanen Filipi 1:10, 11.

Nèk kowé nduwé cita-cita rohani, luwih gampang kanggo nggawé keputusan sing bener

7, 8. (a) Apa sebabé nèk nduwé tujuan luwih gampang nggawé keputusan? (b) Apa sebabé Damaris mutuské ora kuliah?

7 Apa alesan katelu kowé nduwé cita-cita rohani wiwit isih enom? Merga isih enom, kowé bakal nggawé akèh keputusan. Kowé kudu mutuské soal pendidikan lan gawéan sarta liya-liyané. Wektu kowé arep nggawé keputusan, kowé kaya wong sing ana ing prapatan. Nèk kowé ngerti tujuané, luwih gampang mutuské arep liwat dalan endi. Semono uga, nèk kowé nduwé cita-cita rohani, luwih gampang kanggo nggawé keputusan sing bener. Wulang Bebasan 21:5 kandha, ”Rancangané wong sregep iku nekakaké kalubèran [nggawé suksès].” Luwih awal kowé nduwé tujuan, luwih cepet kowé isa suksès. Kuwi sing dialami Damaris wektu dhèwèké nggawé keputusan penting pas isih remaja.

8 Bijiné Damaris apik banget wektu lulus SMA. Dhèwèké isa waé éntuk béasiswa kanggo kuliah jurusan hukum. Ning dhèwèké milih kerja sing gajiné luwih sithik, merga wiwit cilik dhèwèké péngin dadi perintis. Damaris kandha, ”Bèn isa merintis, aku kudu golèk gawéan sing mlebuné ora saben dina. Nèk aku kuliah hukum lan éntuk gelar hukum, aku isa éntuk dhuwit akèh, ning mesthi bakal angèl golèk gawéan sing mlebuné ora saben dina.” Damaris wis 20 taun dadi perintis. Apa dhèwèké gela merga wis nggawé keputusan kuwi? Ora. Ing panggonan nyambut gawéné, Damaris kerep ketemu karo pengacara. Nèk mbiyèn dhèwèké kuliah hukum, mesthi bakal dadi pengacara kaya wong-wong kuwi. Damaris kandha nèk akèh-akèhé pengacara uripé ora nyenengké. Ning Damaris ngrasa uripé nyenengké banget merga wis merintis.

9. Apa sebabé cah-cah enom Kristen pantes dialem?

9 Éwonan cah enom Kristen pantes dialem merga ngutamakké Yéhuwah. Cah-cah enom kuwi ngutamakké hubungané karo Yéhuwah lan ngupaya bèn cita-cita rohaniné kelakon. Cah-cah enom kuwi uga ngrasakké nèk uripé nyenengké, lan manut tuntunané Yéhuwah ing bab apa waé, klebu pendidikan, gawéan, lan urip bebojoan. Raja Salomo kandha, ”Kumandela marang Pangéran Yéhuwah klawan gumolonging atimu. . .  Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengané, temah Panjenengané bakal nglencengaké dalanmu.” (WB.3:5, 6) Cah-cah enom, Yéhuwah sayang banget karo kowé. Kowé aji banget, lan Yéhuwah bakal njaga, nuntun, lan mberkahi kowé.

PERSIAPAN KANGGO NYRITAKKÉ YÉHUWAH

10. (a) Apa sebabé nginjil kuwi penting banget? (b) Piyé bèn kowé isa njelaské apa sing kok percaya?

10 Nèk kowé fokus kanggo nyenengké Yéhuwah, kowé mesthi bakal seneng crita bab Yéhuwah karo wong liya. Yésus kandha nèk ”kabar apik kudu diwartakké dhisik”. (Mrk. 13:10) Dadi, nginjil kuwi penting banget lan kudu ditindakké. Apa kowé isa luwih kerep nginjil utawa merintis? Ning, piyé nèk kowé ora pati seneng nginjil? Piyé bèn kowé isa njelaské apa sing kok percaya? Cobanen iki: Persiapan sing apik, lan terusa nyritakké Yéhuwah marang wong-wong liya. Nèk nindakké kuwi, suwé-suwé kowé bakal seneng nginjil.

Piyé carané persiapan bèn isa nyritakké Yéhuwah marang wong liya? (Deloken paragraf 11, 12)

11, 12. (a) Piyé kowé isa nggawé persiapan bèn isa crita bab Yéhuwah? (b) Critakna piyé Luca nyritakké Yéhuwah ing sekolahan.

11 Kowé isa mulai nyiapké jawaban kanggo pitakonan sing biasané ditakokké kancamu ing sekolah. Ing situs wèb jw.org lan wacan-wacan liyané, ana akèh artikel sing mbantu cah-cah enom njawab pitakonan-pitakonan sing umum. Contoné, ”Menurutmu, hubungan sèks sakdurungé nikah kuwi éntuk apa ora?” Pitakonan nomer 7 ing brosur Jawaban kanggo 10 Pitakonané Cah Enom isa mbantu kowé nyiapké jawabané. Lan kowé isa nggunakké brosur kuwi bèn isa njawab pitakonan-pitakonan liyané.​—Wacanen 1 Pétrus 3:15.

12 Kandhanana kanca sekolahmu nèk isa mbukak dhéwé bahan saka jw.org. Kuwi sing ditindakké Luca. Wektu kuwi, ana rembugan bab werna-werna agama, lan Luca ngerti nèk katrangan bab Seksi Yéhuwah ing buku pelajarané ora bener. Luca ndhredheg, ning dhèwèké njaluk ijin karo guruné bèn isa njelaské nèk katrangan ing buku mau salah. Guruné ngijinké Luca njelaské apa sing dipercaya lan Luca isa nduduhké situs wèb kuwi marang kanca-kancané sak kelas. Guruné malah ngongkon kabèh muridé kanggo nonton video Ngadhepi Kanca sing Nakal lan Seneng Ngécé. Lan kuwi didadèkké PR. Luca mesthi seneng banget isa nyritakké Yéhuwah karo kanca-kancané ing sekolahan.

13. Apa sebabé aja nyerah wektu ngadhepi tantangan?

13 Wektu kowé ngadhepi tantangan, aja cilik ati, ning terusa ngupaya bèn tujuanmu kelakon. (2 Tim. 4:2) Kuwi sing ditindakké Katharina. Wektu umur 17 taun, Katharina nduwé tujuan kanggo nginjil marang kabèh kanca kerjané. Ana salah siji kanca kerjané sing terus-terusan ngécé, ning Katharina ora nyerah. Tumindaké sing apik nggawé kanca kerjané sing jenengé Hans dadi gumun. Hans mulai maca wacan-wacan Alkitab, sinau Alkitab, lan akhiré dibaptis. Katharina ora ngerti kuwi kabèh merga wis pindhah. Katharina kagèt banget merga sakwisé 13 taun, wektu dhèwèké lan keluargané teka ing pakumpulan ibadah, sing ceramah kuwi Hans. Katharina seneng banget merga terus ngupaya nginjil karo kanca kerjané.

AJA LALI KARO TUJUANMU

14, 15. (a) Apa sing kudu kok éling-éling nèk dijak mèlu seneng-seneng karo kancamu? (b) Piyé bèn kowé ora nganti mèlu-mèlu wektu digodha kanggo nindakké sing salah?

14 Artikel iki nyemangati kabèh cah enom bèn terus nyenengké Yéhuwah lan nduwé cita-cita rohani. Ning, akèh cah enom sing saumuran karo kowé pénginé mung seneng-seneng. Lan mbokmenawa kowé dijak bèn mèlu-mèlu. Ning, kowé kudu nduduhké karo kanca-kancamu nèk kowé nduwé tujuan. Aja nganti wong liya nggawé kowé lali karo tujuanmu. Ing awal artikel iki, kowé dipadhakké karo wong sing ana ing terminal bis. Apa kowé bakal numpak bis liyané mung merga wong-wong ing bis kuwi lagi seneng-seneng? Mesthiné ora, ta?

15 Dadi, piyé bèn kowé ora nganti mèlu-mèlu wektu digodha kanggo nindakké sing salah? Aja nganti ana ing panggonan sing nggawé kowé susah kanggo nolak godhaan saka kanca-kancamu. (WB. 22:3) Pikirna akibaté nèk kowé nindakké sing salah. (Gal. 6:7) Kowé kudu ngakoni nèk butuh naséhat sing apik. Rungokna naséhaté wong tuwamu lan sedulur-sedulur sing wis pengalaman.​—Wacanen 1 Pétrus 5:5, 6.

16. Piyé pengalamané Christoph nduduhké nèk kita kudu gelem nampa naséhat?

16 Merga andhap asor, Christoph gelem nampa naséhat. Ora suwé sakwisé dibaptis, dhèwèké mulai ajeg olahraga ing panggonan fitness. Ing kono, cah-cah enom liyané ngejak dhèwèké gabung karo kelompok olahraga. Christoph crita karo pinituwa lan pinituwa kuwi ngandhani dhèwèké bèn mikirké bahayané. Contoné, Christoph isa dadi seneng saingan, ning Christoph tetep gabung karo kelompok olahraga kuwi. Terus Christoph ngerti nèk jebulé olahragané kasar banget, malah ana sing bahaya. Dhèwèké crita manèh karo pinituwa lan pinituwa kuwi mènèhi naséhat saka Alkitab. Christoph kandha, ”Yéhuwah nyedhiakké sedulur-sedulur sing isa mènèhi naséhat sing apik. Senajan ora langsung tak rungokké, ning akhiré aku ngrungokké Yéhuwah.” Apa kowé ya gelem nampa naséhat?

17, 18. (a) Yéhuwah péngin cah-cah enom uripé piyé? (b) Piyé bèn kowé mbésuké ora gela karo keputusan sing wis kok gawé?

17 Alkitab kandha, ”Bungah-bungaha, hèh wong anom, ing sajroné anggonmu isih anom, atimu cikbèn seneng ing wektu kowé isih anom.” (Ko. 11:9) Yéhuwah péngin cah-cah enom urip seneng. Ing artikel iki, kowé wis sinau carané bèn uripmu seneng yaiku nèk fokus karo cita-cita rohani, lan nggawé keputusan cocog karo naséhat saka Yéhuwah. Nèk kowé nindakké kuwi kabèh, kowé bakal dituntun, dijaga, lan diberkahi Yéhuwah. Pikirna kabèh naséhat saka Alkitab lan ”élinga marang kang nitahaké kowé ing sajroné isih anom”.​—Ko. 12:1.

18 Cah-cah enom bakal cepet gedhé lan dadi wong sing diwasa. Sayangé, akèh sing akhiré gela merga nduwé tujuan sing salah utawa merga babar blas ora nduwé tujuan. Nèk kowé terus fokus karo cita-cita rohanimu, kowé bakal seneng wektu wis diwasa. Kuwi sing dirasakké Mirjana. Wektu isih remaja, dhèwèké nduwé bakat ing bidang olahraga. Dadi dhèwèké diundang mèlu Pertandingan Olimpiade Musim Dingin. Ning Mirjana milih ngabdi dadi perintis, bareng karo bojoné. Dhèwèké kandha nèk wong-wong sing péngin sugih, terkenal, lan dihormati ora bakal bener-bener ngrasakké seneng. Dhèwèké uga kandha nèk tujuan sing paling apik kuwi ngabdi marang Gusti Allah lan mbantu wong liya kenal Yéhuwah.

19. Apa gunané nèk kowé terus fokus ngutamakké Yéhuwah wiwit isih enom?

19 Cah-cah enom, kowé pantes dialem merga tetep fokus ngutamakké Yéhuwah senajan ora gampang. Kowé nduwé cita-cita rohani lan nginjil dadi bab sing paling penting. Kowé ora lali karo tujuanmu senajan kuwi ora gampang. Kowé isa yakin nèk apa sing wis kok tindakké kuwi ora sia-sia. Ana sedulur-sedulur sing sayang lan ndhukung kowé. Dadi ”sakèhing panggawému pasrahna marang Pangéran Yéhuwah, temah sakèhé rancanganmu bakal kelakon”.