Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Bèn Bener-Bener Bébas

Carané Bèn Bener-Bener Bébas

”Nèk Putra mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas.”​—YOH. 8:36.

LAGU: 54, 36

1, 2. (a) Apa sing ditindakké wong-wong bèn isa bébas? (b) Apa hasilé?

JAMAN saiki, akèh wong padha ngomongké bab hak asasi manusia lan kebébasan. Ana sing péngin bébas saka tumindak ora adil, prasangka, lan kemiskinan. Wong-wong liyané péngin bébas ngomongké pendapaté, bébas milih sing disenengi, lan urip nuruti kepénginané dhéwé. Kabèh wong péngin bébas.

2 Bèn isa bébas, wong-wong padha protès lan démo. Ning biasané pepénginané wong-wong kuwi tetep ora kelakon. Malah hasilé akèh sing sengsara lan mati. Tulisané Raja Salomo ing Kohèlèt 8:9 kuwi bener, yaiku ”Wong kang siji ngwasani sijiné ndadèkaké cilakané.”

3. Apa sing kudu ditindakké bèn kita isa bener-bener seneng lan puas?

3 Alkitab kandha bab apa sing kudu ditindakké bèn isa bener-bener seneng lan puas. Rasul Yakobus kandha, ”Wong sing nliti hukum sing sampurna sing nggawé merdéka lan sing terus manut karo apa sing ditulis ing kono . . . bakal bungah wektu nindakké kuwi.” (Yak. 1:25) Hukum sing sampurna asalé saka Yéhuwah, lan Yéhuwah ngerti apa sing paling apik kanggo kita bèn isa urip seneng lan puas. Yéhuwah maringi Adam lan Hawa kebébasan sing saktenané uga kabèh sing dibutuhké bèn uripé seneng.

MANUNGSA ISA BENER-BENER BÉBAS

4. Kebébasan apa sing diduwèni Adam lan Hawa? (Deloken gambar ing kaca 3.)

4 Wektu maca buku Purwaning Dumadi bab 1 lan 2, kita ngerti nèk Adam lan Hawa nduwé kebébasan sing ora mungkin kita duwèni saiki. Kabèh kebutuhané Adam lan Hawa wis disedhiakké. Ora ana sing nggawé Adam lan Hawa wedi lan ora ana sing tumindak ora adil karo Adam lan Hawa. Adam lan Hawa ora kuwatir bab panganan, gawéan, penyakit, utawa pati. (Pd. 1:27-29; 2:8, 9, 15) Ning, apa kebébasan kuwi ora ana batesé?

5. Piyé bèn wong isa bébas?

5 Akèh wong mikir nèk wong sing bener-bener bébas kuwi maksudé isa nindakké kabèh sing dipéngini tanpa kuwatir bakal nampa akibaté. The World Book Encyclopedia kandha nèk bébas kuwi ”kemampuan kanggo nggawé lan nindakké keputusan”. Ning, buku kuwi uga kandha nèk wong isa bébas nèk pamréntah nduwé batesan-batesan sing adil, sing dibutuhké, lan gampang dilakoni. Dadi, perlu ana batesan-batesan. Ning, sapa sing isa nemtokké apa batesan kuwi adil, pancèn dibutuhké, lan gampang dilakoni?

6. (a) Apa sebabé mung Yéhuwah sing nduwé kebébasan sing ora ana batesé? (b) Kebébasan apa sing diduwèni manungsa lan apa sebabé?

6 Kita kudu terus éling nèk mung Yéhuwah sing nduwé kebébasan sing ora ana batesé. Kuwi merga Yéhuwah sing nggawé kabèh, lan Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing Mahakuwasa. (1 Tim. 1:17; Why. 4:11) Raja Daud muji Yéhuwah nganggo tembung-tembung sing apik. (Wacanen 1 Babad 29:11, 12.) Ning, kabèh ciptaané Yéhuwah sing ana ing swarga lan ing bumi nduwé kebébasan sing ana batesé. Yéhuwah péngin kita ngerti nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mutuské endi batesan-batesan sing adil, sing dibutuhké, lan gampang dilakoni. Saka wiwitan, Yéhuwah wis nggawé batesan-batesan kanggo ciptaané.

7. Apa waé sing isa nggawé kita seneng?

7 Senajan Adam lan Hawa nduwé akèh kebébasan, ning tetep ana batesé. Bates-batesé kuwi pancèn dibutuhké Adam lan Hawa. Contoné, bèn tetep urip, Adam lan Hawa kudu ambegan, kudu mangan, lan kudu turu. Apa batesan kuwi nggawé Adam lan Hawa dadi ora bébas? Mesthiné ora, ta? Sakjané, Yéhuwah nggawé batesan-batesan kuwi bèn Adam lan Hawa seneng lan puas. (Ms. 104:14, 15; Ko. 3:12, 13) Kita seneng merga isa mangan panganan sing kita senengi, isa turu angler, lan isa ambegan. Kita ora rumangsa dibatesi pas nindakké kuwi kabèh. Adam lan Hawa mesthi uga rumangsa kaya ngono.

8. Préntah kusus apa sing diparingké marang Adam lan Hawa, lan apa sebabé?

8 Yéhuwah maringi préntah sing kusus marang Adam lan Hawa. Yéhuwah mréntahké wong loro kuwi bèn nduwé anak, ngebaki bumi, lan ngrumat bumi iki. (Pd. 1:28) Apa préntah kuwi nggawé Adam lan Hawa ora bébas? Ora. Merga préntah kuwi, Adam lan Hawa nduwé kesempatan kanggo ndadèkké saklumahing bumi dadi firdaus lan isa urip seneng saklawasé karo keturunané sing sampurna. Kuwi tujuané Gusti Allah. (Yé. 45:18) Jaman saiki, nèk ana wong-wong sing milih ora nikah utawa ora nduwé anak, kuwi dudu tegesé ora manut préntahé Gusti Allah. Ning senajan akèh tantangané, wong-wong padha nikah lan nduwé anak. (1 Kor. 7:36-38) Wong-wong kuwi péngin uripé seneng lan puas. (Ms. 127:3) Nèk manut préntahé Yéhuwah, Adam lan Hawa mesthi isa urip seneng saklawasé.

APA SEBABÉ MANUNGSA SAIKI ORA BÉBAS?

9. Apa sebabé préntah ing Purwaning Dumadi 2:17 kuwi adil, pancèn dibutuhké, lan gampang dilakoni?

9 Yéhuwah maringi Adam lan Hawa préntah liyané lan ngandhani akibaté nèk ora manut. Yéhuwah ngendika, ”Nanging wit pangawruhing becik [apik] lan ala iku wohé aja sira pangan. Dèné samangsa sira mangan wohé, mesthi sira bakal mati.” (Pd. 2:17) Apa préntah kuwi ora adil, ora dibutuhké, lan angèl dilakoni? Apa kuwi mbatesi kebébasané Adam lan Hawa? Ora, ta? Miturut akèh ahli Alkitab, préntahé Gusti Allah kuwi wicaksana lan gampang dilakoni. Salah siji ahli Alkitab kuwi kandha nèk préntah kuwi nggawé kita ngerti nèk ”mung Gusti Allah sing ngerti apa sing apik . . . kanggo manungsa lan mung Gusti Allah sing ngerti apa sing èlèk . . . kanggo manungsa. Bèn isa éntuk paédah merga nindakké sing ’apik’, manungsa kudu percaya lan manut karo Gusti Allah. Nèk ora manut, manungsa kudu mutuské dhéwé apa sing apik lan sing èlèk”. Manungsa ora mungkin isa mutuské dhéwé sing apik lan sing èlèk.

Pilihané Adam lan Hawa marahi cilaka (Deloken paragraf 9-12)

10. Apa sebabé kebébasan kanggo milih kuwi béda karo hak kanggo mutuské sing apik lan sing èlèk?

Mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mutuské sing apik lan sing èlèk

10 Ana sing mikir nèk Yéhuwah ora maringi Adam kebébasan kanggo nindakké apa sing disenengi. Wong-wong kuwi ora paham nèk kebébasan utawa hak kanggo milih apa sing arep ditindakké kuwi béda karo hak kanggo mutuské apa sing apik lan sing èlèk. Adam lan Hawa bébas milih arep manut Gusti Allah apa ora. Ning, mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mutuské sing apik lan sing èlèk, buktiné yaiku anané ”wit pangawruhing becik lan ala”. (Pd. 2:9) Kadhang, kita ora ngerti apa hasilé keputusan sing wis kita gawé, lan kadhang kita ora ngerti apa hasilé mesthi bakal apik. Kuwi sebabé akèh wong saiki sing karepé apik, ning hasilé malah nggawé sengsara lan susah. (WB. 14:12) Kemampuané manungsa kuwi ana batesé. Yéhuwah maringi préntah marang Adam lan Hawa, yaiku ora éntuk mangan saka ”wit pangawruhing becik lan ala”. Saka préntah kuwi, sakjané Adam lan Hawa dikandhani carané bèn bener-bener bébas, yaiku kudu manut karo Yéhuwah. Apa sing ditindakké Adam lan Hawa?

11, 12. Apa sebabé keputusané Adam lan Hawa marahi cilaka? Wènèhana conto.

11 Sayangé, Adam lan Hawa milih ora manut karo Yéhuwah. Hawa milih manut karo Sétan sing janji, ”Sampéyan badhé kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang saé lan ingkang awon [èlèk].” (Pd. 3:5) Apa pilihané Adam lan Hawa nggawé wong loro kuwi luwih bébas kaya sing diomongké Sétan? Ora. Adam lan Hawa akhiré ngerti nèk ora manut karo Yéhuwah kuwi hasilé sengsara. (Pd. 3:16-19) Kok isa? Merga Yéhuwah ora maringi manungsa kebébasan kanggo nemtokké sing apik lan sing èlèk.​—Wacanen Wulang Bebasan 20:24; Yérémia 10:23.

12 Iki padha kaya pilot pesawat. Bèn isa slamet tekan tujuané, pilot kudu manut jalur sing wis ditemtokké. Dhèwèké uga kudu nggunakké alat kanggo ngatur jaluré pesawat lan komunikasi karo wong-wong sing ngatur jalur kuwi. Nèk pilot kuwi ora manut karo arahan lan ngarahké pesawat sakarepé dhéwé, kuwi isa marahi cilaka. Kaya pilot kuwi, Adam lan Hawa péngin urip sakarepé dhéwé. Wong loro kuwi ora manut karo arahané Yéhuwah. Akibaté, wong loro kuwi lan kabèh keturunané nduwé dosa lan akhiré mati. (Rm. 5:12) Adam lan Hawa ora luwih bébas, ning malah kélangan kebébasan sing diparingké Yéhuwah. Kuwi merga Adam lan Hawa mutuské dhéwé apa sing apik lan sing èlèk.

CARANÉ BÈN BENER-BENER BÉBAS

13, 14. Piyé carané bèn kita isa bener-bener bébas?

13 Ana sing mikir nèk sing paling apik kuwi kita ora dibatesi. Ning apa kuwi bener? Senajan bébas kuwi ana paédahé, ning coba bayangna nèk babar blas ora ana batesan. Buku The World Book Encyclopedia kandha nèk aturan sing ana ing masyarakat kuwi rumit, merga kudu nglindhungi lan mbatesi kebébasané wong-wong. Nggawé aturan sing kaya ngono kuwi ora gampang. Mula saiki ana akèh banget aturan, uga akèh pengacara lan hakim nyoba njelaské sarta ngetrapké aturan-aturan mau.

14 Yésus njelaské piyé bèn kita isa bener-bener bébas. Yésus kandha, ”Nèk kowé terus percaya marang omonganku, kowé bener-bener muridku, lan kowé bakal ngerti apa sing bener, lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” (Yoh. 8:31, 32) Dadi, bèn isa bener-bener bébas, ana loro sing kudu ditindakké. Kapisan, kita kudu nampa piwulang saka Yésus. Kapindho, kita kudu dadi muridé. Nèk nindakké kuwi, kita bakal bener-bener bébas. Ning bébas saka apa? Yésus kandha, ”Saben wong sing nindakké dosa kuwi budhaké dosa.” Lan Yésus kandha manèh, ”Nèk Putra mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas.”​—Yoh. 8:34, 36.

15. Apa maksudé kebébasan sing dijanjèkké Yésus isa nggawé kita ”bener-bener bébas”?

15 Kebébasan sing dijanjèkké Yésus kanggo para muridé kuwi luwih apik ketimbang kebébasan sing dikarepké wong-wong saiki. Yésus kandha, ”Nèk Putra mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas.” Kuwi maksudé ora dadi budhaké dosa. Dadi budhaké dosa kuwi sengsara banget, merga dosa marahi kita nindakké sing èlèk. Kuwi uga ngalang-alangi kita nindakké sing bener utawa ora ngupayakké sing paling apik. Hasilé kita dadi putus asa, sengsara, susah, lan akhiré mati. (Rm. 6:23) Rasul Paulus rumangsa nèk dadi budhaké dosa kuwi sengsara banget. (Wacanen Roma 7:21-25.) Nèk dosa wis bener-bener disingkirké, kita lagi isa bener-bener bébas kaya Adam lan Hawa mbiyèn.

16. Piyé bèn kita bener-bener bébas?

16 Nèk péngin Yésus mbébaské kita, kita kudu nindakké apa? Yésus kandha, ”Nèk kowé terus percaya marang omonganku.” Apa maksudé? Wektu wis dadi wong Kristen sing ngabdi marang Gusti Allah, kita milih manut karo batesan-batesan sing ditemtokké Yésus lan wis nolak pepénginan kita dhéwé. (Mat. 16:24) Kaya janjiné Yésus, kita bakal bener-bener bébas nèk nampa kabèh paédah saka tebusan.

17. (a) Piyé kita isa seneng lan puas? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

17 Bèn isa seneng lan puas, kita kudu dadi muridé Yésus sing manut karo wulangané. Nèk nindakké kuwi, kita bakal bener-bener bébas lan ora dadi budhaké dosa lan pati. (Wacanen Roma 8:1, 2, 20, 21.) Ing wulangan sakbanjuré, kita bakal sinau carané nggunakké kebébasan sing kita duwèni nganggo cara sing bener. Kita bakal ngluhurké Yéhuwah, Gusti Allah sing bakal nggawé kita bener-bener bébas.