Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngabdi marang Gusti Allah, Sumberé Kebébasan

Ngabdi marang Gusti Allah, Sumberé Kebébasan

”Ing ngendi ana roh suciné Yéhuwah, ing kono ana kemerdékaan.”​—2 KOR. 3:17.

LAGU: 49, 73

1, 2. (a) Apa sebabé ngomongké bab kebébasan lan perbudhakan kuwi wis biasa ing jamané Paulus? (b) Miturut Paulus, sapa sing dimaksud Sumber kebébasan sing saktenané?

WONG-WONG Kristen ing abad kapisan urip ing wilayah pemerintahan Romawi. Wong-wong ing kana bangga merga nduwé kebébasan, hukum, lan sistem pengadilan. Ning negara sing kuwat kuwi nggunakké para budhak nindakké gawéan-gawéan sing abot. Malah 30 persèn wong Roma dadi budhak. Dadi nèk ngomongké bab kebébasan lan perbudhakan kuwi wis biasa, klebu ing antarané wong Kristen.

2 Ning, ora kaya wong-wong umumé, rasul Paulus ora arep ngrampungi masalah ing ndonya. Paulus lan wong-wong Kristen liyané ngupaya kanggo mulang kabar apik Kratoné Allah lan mbantu wong-wong liya bèn ngerti nèk tebusané Yésus kuwi aji banget. Rasul Paulus ngandhani wong-wong Kristen bab Sumber kebébasan sing saktenané. Dhèwèké kandha, ”Yéhuwah kuwi Roh, lan ing ngendi ana roh suciné Yéhuwah, ing kono ana kemerdékaan.”​—2 Kor. 3:17.

3, 4. (a) Apa sing dirembug Paulus ing ayat-ayat sakdurungé 2 Korintus 3:17? (b) Apa sing kudu kita tindakké bèn éntuk kebébasan sing asalé saka Yéhuwah?

3 Ing suraté sing kapindho kanggo wong Kristen ing Korintus, Paulus nerangké apa sing dialami Musa wektu mudhun saka Gunung Sinai sakwisé ketemu karo malaékaté Yéhuwah. Ana sinar saka wajahé Musa. Wektu ndelok kuwi, wong-wong Israel padha wedi, lan Musa nutupi wajahe nganggo kain. (Pa. 34:29, 30, 33; 2 Kor. 3:7, 13) Paulus nerangké, ”Wektu ana wong sing bali marang Yéhuwah, kain kuwi disingkirké.” (2 Kor. 3:16) Apa maksudé Paulus?

4 Kita wis sinau ing artikel sakdurungé nèk mung Yéhuwah, yaiku Sing Nggawé jagad sak isiné, sing nduwé kebébasan sing ora ana batesé. Kuwi sebabé ”ing ngendi ana roh suciné Yéhuwah”, ing kono ana kebébasan. Ning Paulus kandha nèk kita péngin kebébasan sing kaya ngono, kita kudu bali marang Yéhuwah. Kuwi maksudé nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Yéhuwah wis maringi kebébasan marang wong-wong Israèl bèn isa ngibadah, ning malah padha nggunakké kuwi kanggo nuruti pepénginané dhéwé. Kuwi kaya-kaya ana kain ing ati lan pikirané wong-wong Israèl.​—Ibr. 3:8-10.

Senajan dipenjara, kita isih isa ngrasakké kebébasan

5. (a) Kebébasan kaya apa sing diparingké Yéhuwah? (b) Apa buktiné nèk wong sing dipenjara utawa dadi budhak isih isa ngrasakké kebébasan sing diparingké Yéhuwah? (c) Pitakonan apa sing bakal dirembug?

5 Kebébasan saka Yéhuwah luwih apik timbang kebébasan saka perbudhakan. Manungsa ora mungkin isa éntuk kebébasan kaya sing diparingké Yéhuwah. Kita isa bébas saka dosa lan pati sarta ibadah palsu lan kebiasaan-kebiasaané. (Rm. 6:23; 8:2) Kuwi kebébasan sing luar biasa. Senajan dipenjara utawa dadi budhak, kita isih isa ngrasakké kebébasan sing kaya ngono. (Pd. 39:20-23) Sedulur Nancy Yuen lan Sedulur Harold King sing wis pirang-pirang taun dipenjara merga imané, isih tetep ngrasakké kebébasan kuwi. Panjenengan isa ndelok pengalamané ing JW Broadcasting. (Deloken videoné ing bagéan WAWANCARA DAN PENGALAMAN > BERTEKUN MENGHADAPI KESULITAN.) Saiki ayo kita rembug pitakonan loro iki: Piyé kita isa mbuktèkké nèk kebébasan kuwi aji banget kanggo kita? Piyé kita nggunakké kebébasan kuwi nganggo cara sing wicaksana?

KEBÉBASAN SAKA GUSTI ALLAH KUWI AJI BANGET

6. Apa buktiné wong-wong Israèl ora maturnuwun karo Yéhuwah sing wis maringi kebébasan?

6 Kita mesthi maturnuwun nèk diwènèhi hadiah sing aji banget. Ning wong-wong Israèl ora maturnuwun karo Yéhuwah merga wis diparingi kebébasan. Mung pirang-pirang sasi sakwisé dibébaské saka Mesir, wong-wong Israèl péngin banget mangan panganan kaya ing Mesir mbiyèn. Wong-wong kuwi sambat bab manna, yaiku panganan sing disedhiakké Yéhuwah. Malah, wong-wong kuwi péngin bali menyang Mesir. Kanggoné wong Israèl, ’daging, timun lan semangka, loncang, brambang sarta bawang’ kuwi luwih penting timbang kebébasan kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Mula Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi. (Wi. 11:5, 6, 10; 14:3, 4) Apa piwulangé?

7. Piyé Paulus ngetrapké ayat ing 2 Korintus 6:1, lan piyé kita isa niru?

7 Rasul Paulus ngélingké kabèh wong Kristen aja nganti ora ngajèni kebébasan sing diparingké Yéhuwah liwat Putrané, Yésus Kristus. (Wacanen 2 Korintus 6:1.) Rasul Paulus kuwi ora sampurna lan dadi budhaké dosa lan pati. Kuwi nggawé dhèwèké sengsara. Ning rasul Paulus kandha, ”Sokur marang Gusti Allah, sing bakal nylametké aku liwat Yésus Kristus, Gusti kita.” (Rm. 7:24, 25; 8:2) Kaya rasul Paulus, kita kudu éling nèk Yéhuwah wis mbébaské kita saka dosa lan pati. Merga wis ditebus, kita isa ngabdi marang Yéhuwah nganggo hati nurani sing apik lan iki isa nggawé kita bener-bener bungah.​—Ms. 40:9.

Apa panjenengan nggunakké kebébasan sing kita duwèni kanggo nindakké préntahé Yéhuwah? (Deloken paragraf 8-10)

8, 9. (a) Bab carané nggunakké kebébasan, apa pangéling-éling saka rasul Pétrus? (b) Nganggo cara apa kita isa salah nggunakké kebébasan?

8 Kita aja mung maturnuwun marang Yéhuwah, ning kudu nggunakké kebébasan sing diparingké Yéhuwah nganggo cara sing bener. Contoné, rasul Pétrus ngélingké kita bèn ora nggunakké kebébasan dadi alesan kanggo nindakké salah. (Wacanen 1 Pétrus 2:16.) Kuwi ngélingké kita kedadéan sing dialami wong Israèl wektu ing padhang belantara. Saiki kita uga mbutuhké pangéling-éling kuwi. Merga, saiki ana akèh sing ditawakké karo Sétan lan donyané, contoné, hiburan, panganan, dandanan, lan sandhangan sing werna-werna. Sing nggawé iklan nggunakké wong-wong wédok sing ayu-ayu bèn kita mikir nèk kita butuh barang kuwi, padahal sakjané ora. Nèk ora ati-ati, kita bakal gampang kapusan karo donya iki lan nggunakké kebébasan kita nganggo cara sing salah.

9 Naséhaté rasul Pétrus uga isa ditrapké kanggo bab-bab liyané, kaya pendidikan utawa gawéan. Contoné, cah-cah enom saiki rumangsa kudu ngupaya tenanan bèn isa ditampa ing universitas sing paling apik. Akèh wong sing kandha nèk kudu sekolah dhuwur bèn isa éntuk gawéan sing apik, éntuk dhuwit sing akèh, lan diajèni. Wong-wong kuwi mungkin ngekèki conto sing nduduhké nèk wong sing sekolahé dhuwur isa éntuk dhuwit luwih akèh timbang sing mung lulusan SMA. Wektu arep nggawé keputusan sing gedhé, cah-cah enom isa waé mikir nèk sing paling apik kuwi sekolah dhuwur. Ning apa sing kuduné diéling-éling karo cah-cah enom kuwi lan wong tuwané?

10. Wektu arep nggawé keputusan bab urusan pribadi, apa sing kuduné kita éling-éling?

10 Ana sing ngrasa nèk kuwi kabèh urusan pribadi. Lan wong-wong kuwi mikir kuduné isa bébas nindakké apa waé sing dipéngini, sing penting ora rumangsa salah. Wong-wong kuwi isa waé mikir, ’Ngapa kok kebébasanku kudu diadili karo hati nuraniné wong liya?’ Senajan nduwé kebébasan arep sekolah dhuwur utawa arep nyambut gawé apa, ning kita kudu éling nèk kebébasan kita ana batesé lan keputusan kita uga ana akibaté. Mula kuwi sebabé Paulus kandha, ”Kabèh bab éntuk ditindakké, nanging ora kabèh ana paédahé. Kabèh bab éntuk ditindakké, nanging ora kabèh nguwatké.” (1 Kor. 10:23) Dadi, senajan kita bébas arep nggawé keputusan apa bab urusan pribadi, ning sing paling penting dudu pepénginan kita dhéwé.

NGGUNAKKÉ KEBÉBASAN KITA NGANGGO CARA SING WICAKSANA

11. Apa sebabé Yéhuwah mbébaské kita?

11 Wektu ngélingké bèn ora nggunakké kebébasan nganggo cara sing salah, Pétrus kandha nèk cara sing bener kuwi nggunakké kebébasan kanggo dadi ”budhaké Gusti Allah”. Liwat Yésus, Yéhuwah wis mbébaské kita saka dosa lan pati bèn kita isa nggunakké urip kita kanggo ngabdi marang Yéhuwah.

Cara sing paling apik nggunakké kebébasan kita yaiku nggunakké wektu lan tenaga kanggo ngabdi marang Yéhuwah

12. Apa conto saka keluargané Nuh kanggo kita?

12 Cara sing paling apik nggunakké kebébasan kita yaiku nggunakké wektu lan tenaga kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Nèk nindakké kuwi, kita ora bakal ndadèkké pepénginan kita dhéwé utawa perkara-perkara ing ndonya dadi sing paling penting. (Gal. 5:16) Bayangna keadaané Nuh lan keluargané, sing urip ing antarané wong-wong sing bejat lan kasar. Ning uripé keluargané Nuh ora kaya wong-wong ing sakiwa tengené. Keluargané Nuh tetep sibuk nindakké tugas saka Yéhuwah, yaiku mbangun bahtera, nglumpukké panganan kanggo keluargané lan kéwan-kéwan, lan ngélingké wong-wong nèk bakal ana Banjir Gedhé. Alkitab kandha, ”Rama Nuh tumuli nglampahi, ngèstokaké apa sadhawuhé Gusti Allah mau kabèh.” (Pa. 6:22) Akhiré, Nuh lan keluargané isa slamet.​—Ibr. 11:7.

13. Apa préntahé Yéhuwah kanggo kita saiki?

13 Apa préntahé Yéhuwah kanggo kita saiki? Merga dadi muridé Yésus, Yéhuwah ngongkon kita nginjil. (Wacanen Lukas 4:18, 19.) Saiki Sétan nggawé wong-wong ora sadhar nèk wis dadi budhaké agama palsu, bandha, lan politik. (2 Kor. 4:4) Kaya Yésus, kita nduwé kaurmatan mbantu wong-wong liya bèn kenal lan isa nyembah Yéhuwah, Gusti Allah sumberé kebébasan. (Mat. 28:19, 20) Nginjil marang wong-wong kuwi ora gampang. Kadhang, wong-wong ora péngin ngerti bab Gusti Allah. Malah, ana sing nesu nèk kita nginjil marang dhèwèké. Ning merga Yéhuwah sing mréntahké kita kanggo nginjil, kita kudu mikir, ’Apa aku isa nggunakké kebébasanku iki bèn luwih akèh ngabdi marang Yéhuwah?’

14, 15. Akèh-akèhé umaté Yéhuwah mutuské kanggo nindakké apa? (Deloken kaca 9.)

14 Akèh abdiné Yéhuwah sing seneng merga ngerti nèk akhir ndonya iki wis cedhak, lan milih kanggo urip sederhana sarta mulai merintis. (1 Kor. 9:19, 23) Ana sing merintis ing dhaérahé dhéwé, ana uga sing pindhah ing jemaat sing mbutuhké. Limang taun iki, ana luwih saka 250.000 sedulur-sedulur sing mulai merintis lan saiki ana luwih saka 1.100.000 perintis biasa. Nyenengké banget merga akèh sing nggunakké kebébasané kanggo ngabdi.​—Ms. 110:3.

15 Apa sebabé wong-wong kuwi nggunakké kebébasané nganggo cara sing wicaksana? Gatèkna pengalamané John lan Judith, sing wis ngabdi 30 taun ing pirang-pirang negara. Wong loro kuwi nyritakké wektu Sekolah kanggo Perintis dimulai taun 1977, para muridé disemangati bèn pindhah ing jemaat sing luwih mbutuhké bantuan. Bèn isa nindakké kuwi, John lan Judith kudu urip sederhana. Dadi John kerep gonta-ganti gawéan. Kadhang wong loro kuwi pindhah ing negara liya. Piyé wong loro kuwi ngatasi tantangan cuaca, budaya, lan sinau basa anyar? Wong loro kuwi ndonga marang Yéhuwah lan percaya Yéhuwah bakal mbantu. Piyé perasaané wong loro kuwi bab ngabdi marang Yéhuwah? John kandha, ”Iki pengalaman sing paling nyenengké. Yéhuwah luwih nyata kanggo aku, kaya bapak sing apikan. Saiki aku ngerti maksudé Yakobus 4:8, ’Nyedhaka marang Gusti Allah, lan Panjenengané bakal nyedhak marang kowé.’ Aku ngerti apa sing saktenané tak golèki, yaiku urip seneng lan puas.”

16. Piyé para sedulur nggunakké kebébasané nganggo cara sing wicaksana?

16 Kaya John lan Judith, akèh sing isa merintis nganti suwé. Liyané mung isa merintis sedhéla merga keadaan. Ning, ana akèh sukarélawan sing nyambut gawé ing proyèk pembangunan sakdonya. Contoné, ana kira-kira 27.000 sedulur-sedulur sing mbantu proyèk pembangunan kantor pusat ing Warwick, New York. Ana sing mbantu rong minggu, sing liyané pirang-pirang sasi, lan sing liyané manèh setaun utawa luwih suwé. Akèh sedulur-sedulur sing nggawé pangurbanan bèn isa mèlu kerja ing Warwick. Para sedulur kuwi dadi conto sing apik banget bab nggunakké kebébasan kanggo muji lan ngluhurké Yéhuwah, Gusti Allah, sumberé kebébasan.

17. Nèk nggunakké kebébasan nganggo cara sing wicaksana, kita isa ngarep-arep berkah apa?

17 Kita seneng banget merga kenal Yéhuwah lan nduwé kebébasan merga wis dadi abdiné Yéhuwah. Buktèkna nèk kebébasan sing kita tampa kuwi aji banget. Timbang nggunakké kebébasan kuwi nganggo cara sing salah, kita kudu ngupaya nggunakké kebébasan kuwi kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Banjur kita bakal nampa berkahé Yéhuwah wektu ramalan iki kelakon, ”Kabèh ciptaan bakal dibébaské saka perbudhakan dosa lan pati, lan nduwé kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah.”​—Rm 8:21.