Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nguwatké Siji lan Sijiné ”Luwih Tenanan Manèh”

Nguwatké Siji lan Sijiné ”Luwih Tenanan Manèh”

”Ayo kita nggatèkké siji lan sijiné . . . , nguwatké siji lan sijiné, lan nindakké kabèh kuwi luwih tenanan manèh, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak.”​—IBR. 10:24, 25.

LAGU: 90, 87

1. Apa alesané Paulus mènèhi naséhat marang wong-wong Kristen ing Ibrani bèn ”luwih tenanan” nguwatké siji lan sijiné?

ING abad kapisan, rasul Paulus mènèhi naséhat marang wong-wong Kristen ing Ibrani, ”Ayo kita nggatèkké siji lan sijiné supaya isa nguwatké siji lan sijiné kanggo nduduhké katresnan lan nindakké apa sing apik, ora nyepèlèkké pakumpulan ibadah kita, kaya kebiasaané sapérangan wong, nanging nguwatké siji lan sijiné, lan nindakké kabèh kuwi luwih tenanan manèh, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak.” (Ibr. 10:24, 25) Para sedulur mungkin mikir apa sebabé Paulus ngandhani bèn luwih tenanan nguwatké siji lan sijiné. Ora nganti limang taun sakwisé kuwi, para sedulur ngerti apa alesané Paulus. Wektu kuwi, para sedulur ngerti nèk wektuné Yéhuwah kanggo ngadili Yérusalèm wis cedhak. Kaya préntahé Yésus, para sedulur kuwi ngerti nèk kudu mlayu saka Yérusalèm. (Luk. 21:20-22; Kis. 2:19, 20) Taun 70 M dinané Yéhuwah teka, wektu wong-wong Roma ngremuk kutha Yérusalèm.

2. Apa sebabé kita kudu luwih nggatèkké siji lan sijiné?

2 Kita uga ngadhepi keadaan sing padha. Dinané Yéhuwah sing ’ngédab-édabi sarta nggegirisi banget’ wis cedhak. (Yl. 2:11) Tulisané nabi Zéfanya uga kanggo jaman kita saiki, ”Wus cedhak dinané Sang Yéhuwah kang ngédab-édabi.” (Zf. 1:14) Mula kita kudu ”mikirké siji lan sijiné supaya isa nguwatké siji lan sijiné kanggo nduduhké katresnan lan nindakké apa sing apik”. (Ibr. 10:24, cathetan ngisor) Kita kudu luwih nggatèkké para sedulur, bèn isa nguwatké sedulur sing mbutuhké.

SAPA SING BUTUH DIKUWATKÉ?

3. Apa kandhané Paulus bab nguwatké liyané? (Deloken gambar ing kaca 21.)

3 Alkitab kandha, ”Sumelanging ati ndadèkaké wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadèkaké senengé atiné.” (WB. 12:25) Kita kabèh butuh dikuwatké. Paulus kandha nèk wong sing nguwatké uga butuh dikuwatké. Paulus nulis surat kanggo sedulur-sedulur ing Roma yaiku, ”Aku péngin banget ketemu karo kowé, supaya aku isa ngedum berkah saka Gusti Allah kanggo nguwatké kowé. Maksudku, supaya kita isa padha nguwatké siji lan sijiné. Aku dikuwatké merga imanmu, lan kowé dikuwatké merga imanku.” (Rm. 1:11, 12) Rasul Paulus uga kadhang-kadhang butuh dikuwatké.​—Wacanen Roma 15:30-32.

4, 5. Sapa sing isa kita kuwatké, lan apa sebabé?

4 Jaman saiki, kita isa nguwatké para perintis, merga wis nggawé pangurbanan bèn isa merintis. Kita uga isa nguwatké para utusan injil, sing ngabdi ing Bètel, pinituwa wilayah lan bojoné, sarta sing ngabdi ing kantor penerjemahan. Para sedulur kuwi wis nggawé pangurbanan bèn isa nggunakké luwih akèh wektu kanggo ngabdi. Ana uga sing péngin terus merintis, ning ora isa. Sedulur-sedulur kuwi uga butuh dikuwatké.

5 Kita uga isa nguwatké para sedulur sing durung nikah. Para sedulur kuwi mesthi péngin manut prentahé Yéhuwah, yaiku nikah ’mung karo pengikuté Gusti’. (1 Kor. 7:39) Wong lanang sing wis nikah isa nguwatké bojoné nganggo cara ngomong nèk dhèwèké sayang lan ngajèni kabèh sing wis ditindakké bojoné. (WB. 31:28, 31) Para sedulur sing dianiaya lan sing lara uga perlu dikuwatké. (2 Tés. 1:3-5) Yéhuwah lan Yésus nguwatké kabèh abdiné sing setya.​—Wacanen 2 Tésalonika 2:16, 17.

PARA PINITUWA ISA NGUWATKÉ KITA

6. Apa sing isa kita sinaoni bab pinituwa ing Yésaya 32:1, 2?

6 Wacanen Yésaya 32:1, 2Kita urip ing jaman sing susah lan kadhang ngrasa sedhih lan cilik ati. Yésus nggunakké para sedulur sing dipilih roh suci lan ”para pemimpin” kanggo nguwatké kita. Para pinituwa kuwi dudu ”majikan” kanggo iman kita ning ’kanca nyambut gawé kanggo kabungahan’ kita. Para sedulur kuwi péngin kita tetep seneng lan setya.​—2 Kor. 1:24.

7, 8. Piyé para pinituwa isa nguwatké liyané liwat omongan lan tumindak?

7 Para pinituwa niru tuladhané Paulus. Dhèwèké seneng nguwatké para sedulur. Paulus nulis surat kanggo wong-wong Kristen ing Tésalonika sing lagi dianiaya, ”Merga aku kabèh bener-bener nresnani kowé, aku kabèh seneng martakké kabar apik bab Gusti Allah marang kowé, lan aku kabèh lila masrahké uripku kanggo mbantu kowé.”​—1 Tés. 2:8.

8 Para pinituwa isa nguwatké liyané nganggo omongané. Ning, kuwi ora cukup. Paulus kandha marang para pinituwa ing Éfesus, ”Kowé kudu mbantu wong sing mbutuhké lan kudu terus ngéling-éling omongané Gusti Yésus, yaiku, ’Luwih bungah mènèhi ketimbang nampani.’” (Kis. 20:35) Paulus gelem ’mènèhké kabèh sing diduwèni lan uga nyawané’ kanggo para sedulur. Liwat tumindaké, Paulus mbuktèkké nèk dhèwèké lila nindakké apa waé kanggo para sedulur. (2 Kor. 12:15) Semono uga, para pinituwa kudu nguwatké lan nglipur sedulur liyané ora mung liwat omongan, ning uga liwat tumindak. Kuwi nduduhké nèk para pinituwa bener-bener nggatèkké kita.​—1 Kor. 14:3.

9. Piyé carané para pinituwa isa mènèhi naséhat nganggo cara sing apik?

9 Kanggo nguwatké sedulur liyané, para pinituwa kadhang kala kudu mènèhi naséhat. Para pinituwa isa sinau saka Alkitab piyé cara sing apik wektu mènèhi naséhat. Sakwisé Yésus séda lan diuripké manèh, dhèwèké dadi tuladha sing apik wektu mènèhi naséhat marang jemaat-jemaat ing Asia Kecil. Ana naséhat-naséhat sing tegas kanggo jemaat-jemaat ing Éfesus, Pergamus, lan Tiatira. Sakdurungé mènèhi naséhat, Yésus ngalem sedulur-sedulur ing jemaat kuwi merga tumindaké sing apik. (Why. 2:1-5, 12, 13, 18, 19) Yésus kandha marang jemaat ing Laodikia, ”Aku ngélikké lan mènèhi disiplin marang kabèh wong sing tak tresnani. Mula, mertobata lan dadia semangat.” (Why. 3:19) Para pinituwa ngupaya niru tuladhané Yésus wektu mènèhi naséhat.

PARA SEDULUR UGA ISA NGUWATKÉ LIYANÉ

Para wong tuwa, apa panjenengan nglatih anak panjenengan kanggo nguwatké liyané? (Deloken paragraf 10)

10. Piyé kita kabèh isa nguwatké liyané?

10 Ora mung para pinituwa sing isa nguwatké liyané. Paulus ngongkon kabèh wong Kristen bèn ngomong ”apa sing apik kanggo nguwatké, supaya wong sing ngrungokké isa éntuk paédah”. (Éf. 4:29) Kita kabèh kudu ngerti karo kebutuhan liyané bèn isa mbantu sing butuh bantuan. Paulus nulis surat marang sedulur-sedulur Kristen ing Ibrani, ”Kuwatna tangan sing sèngklèh lan dhengkul sing théklok. Terus mlakua lurus nganggo sikilmu, supaya bagéan sing lara kuwi ora dadi saya parah nanging dadi mari.” (Ibr. 12:12, 13) Kita kabèh, klebu sing isih cilik, isa nguwatké liyané.

11. Apa sing mbantu Marthe wektu ngalami deprèsi?

11 Sedulur wédok sing jenengé Marthe tau ngalami deprèsi. * (Deloken cathetan ing ngisor.) Dhèwèké kandha, ”Sakwisé ndonga bèn isa dikuwatké, aku ketemu karo sedulur wédok sing wis sepuh. Sedulur kuwi apikan banget karo aku lan kuwi sing tak butuhké. Sedulur kuwi crita nèk tau ngalami masalah sing tak alami. Jebulé ora mung aku sing ngalami iki.” Sedulur kuwi mbokmenawa ora ngerti nèk omongané isa nguwatké Marthe.

12, 13. Piyé kita isa ngetrapké naséhat ing Filipi 2:1-4?

12 Paulus nulis surat marang wong-wong kristen ing Filipi, ”Merga kowé kabèh nyawiji karo Kristus, nguwatké siji lan sijiné, nglipur siji lan sijiné merga tresna, perduli karo siji lan sijiné, nduwé katresnan lan welas asih ing antaramu, mula gawénen supaya aku bungah banget nganggo cara nduduhké nèk kowé kabèh nduwé pikiran lan katresnan sing padha, bener-bener nyawiji lan sak pikiran. Aja seneng padu utawa sombong. Nanging, kowé kudu kanthi andhap asor nganggep wong liya luwih unggul ketimbang kowé, lan gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—Flp. 2:1-4.

13 Kita kabèh kudu ngupaya mbantu siji lan sijiné. Kita isa nresnani, perduli, lan welas asih marang siji lan sijiné. Kuwi isa nguwatké para sedulur.

CARA-CARA KANGGO NGUWATKÉ

14. Piyé carané nguwatké wong liya?

14 Kita mesthi seneng nèk wong sing mbiyèn kita kuwatké isih setya nganti saiki. Rasul Yohanes nulis, ”Ora ana sing nggawé aku luwih bungah kejaba krungu nèk anak-anakku uripé terus manut karo apa sing bener.” (3 Yoh. 4) Akèh perintis seneng banget wektu ngerti nèk wong sing mbiyèn dibantu sinau Alkitab isih setya ngabdi marang Yéhuwah, malah ana sing dadi perintis. Nèk ana perintis sing cilik ati, kita isa ngélingké kabèh sing wis tau dhèwèké tindakké kanggo mbantu liyané.

15. Apa manèh sing isa ditindakké kanggo nguwatké para abdiné Yéhuwah sing setya?

15 Akèh pinituwa wilayah sing kandha nèk dhèwèké lan bojoné dikuwatké merga nampa kartu ucapan maturnuwun sakwisé rampung nekani jemaat. Semono uga para pinituwa, utusan injil, anggota keluarga Bètel, lan para perintis sing setya ngabdi. Nèk kita maturnuwun karo sedulur-sedulur mau, kita isa nguwatké sedulur-sedulur kuwi.

KITA KABÈH ISA NGUWATKÉ LIYANÉ

16. Piyé panjenengan isa nguwatké wong liya?

16 Piyé nèk panjenengan rumangsa angèl kanggo nguwatké wong liya merga ora ngerti kudu ngomong apa? Sakjané, nguwatké wong liya kuwi ora angèl. Panjenengan isa mèsem. Nèk wongé ora mèlu mèsem, mbokmenawa lagi ngadhepi masalah lan péngin crita karo wong liya. Panjenengan isa nguwatké nganggo cara ngrungokké dhèwèké.​—Yak. 1:19.

17. Apa sing nguwatké salah siji sedulur lanang enom?

17 Sedulur lanang enom sing jenengé Henri sedhih banget merga ana anggota keluargané sing wis ora ngabdi manèh marang Yéhuwah. Salah sijiné yaiku bapaké, sing wektu kuwi dadi pinituwa. Ana pinituwa wilayah sing nggatèkké nèk Henri lagi sedhih, banjur dhèwèké ngejak Henri metu bareng. Pinituwa wilayah kuwi tenanan ngrungokké wektu Henri nyritakké perasaané. Henri sadhar nèk carané mbantu keluargané bèn ngabdi manèh marang Yéhuwah, yaiku dhèwèké kudu tetep setya. Henri uga dilipur merga maca Jabur 46, Zéfanya 3:17, lan Markus 10:29, 30.

Kita kabèh isa nguwatké liyané (Deloken paragraf 18)

18. (a) Apa kandhané Salomo bab nguwatké wong liya?

18 Apa piwulang saka pengalamané Marthe lan Henri? Kita kabèh isa nglipur lan nguwatké sedulur liyané. Raja Salomo kandha, ”Iba beciké tembung kang patitis ing wektu kang cocog. Sumunaring mripat mbungahaké ati, sarta pawarta kang becik nyegeraké balung.” (WB. 15:23, 30) Apa ana sedulur sing lagi sedhih lan cilik ati? Apa panjenengan isa macakké artikel kanggo sedulur sing lagi sedhih lan cilik ati kuwi saka Warta Penting utawa saka situs wèb? Sakliyané kuwi, Paulus kandha nèk kita isa nglipur liyané nganggo cara bebarengan nyanyi lagu pamuji. Rasul Paulus nulis, ”Terusa mulang lan nguwatké siji lan sijiné nganggo mazmur, lagu pamuji kanggo Gusti Allah, lagu-lagu rohani sing dinyanyèkké nganggo rasa sokur, lan nyanyia kanggo Yéhuwah saka atimu.”​—Kol. 3:16; Kis. 16:25.

19. Apa sebabé kita kudu luwih tenanan nguwatké siji lan sijiné, lan apa sing kudu kita tindakké?

19 Dinané Yéhuwah wis saya cedhak, mula kita kudu nguwatké siji lan sijiné luwih tenanan manèh. (Ibr. 10:25) Kita bakal bungah nèk ngetrapké naséhaté Paulus, ”Terusa padha nggedhèkké ati lan nguwatké siji lan sijiné kaya sing lagi padha kok tindakké.”​—1 Tés. 5:11.

^ par. 11 Dudu jeneng asliné.