Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Niru Yéhuwah—Gusti Allah sing Nguwatké Abdiné

Niru Yéhuwah—Gusti Allah sing Nguwatké Abdiné

’Pinujia Gusti Allah sing nguwatké kita ing kabèh pacoban.’​—2 KOR. 1:3, 4, cathetan ngisor.

LAGU: 7, 3

1. Wektu Adam lan Hawa nglanggar prentahé Yéhuwah, piyé Yéhuwah nguwatké lan maringi harapan kanggo manungsa?

YÉHUWAH kuwi Gusti Allah sing seneng nguwatké. Malah, wiwit manungsa mulai nindakké dosa lan dadi ora sampurna, Yéhuwah isih nguwatké umaté. Sakwisé Adam lan Hawa nglanggar prentahé Yéhuwah, Yéhuwah langsung ngucapké ramalan nèk keturunané Adam lan Hawa bakal dikuwatké lan nduwé harapan. Ramalan iki dicathet ing Purwaning Dumadi 3:15 lan Yéhuwah janji nèk Sétan si Iblis bakal disingkirké saklawasé.​—1 Yoh. 3:8; Why. 12:9.

YÉHUWAH NGUWATKÉ ABDINÉ JAMAN MBIYÈN

2. Piyé Yéhuwah nguwatké Nuh?

2 Yéhuwah nguwatké abdiné, yaiku Nuh. Wong-wong ing jamané Nuh kasar lan bejat, lan mung Nuh sarta keluargané sing ngabdi marang Yéhuwah. Isa waé Nuh dadi cilik ati. (Pd. 6:4, 5, 11; Yd.  6) Yéhuwah mbantu Nuh dadi kendel bèn isa nindakké sing bener lan tetep ngabdi marang Yéhuwah. (Pd. 6:9) Yéhuwah ngandhani nèk bakal nyingkirké wong-wong sing jahat kuwi lan Yéhuwah uga njelaské carané bèn Nuh lan keluargané isa slamet. (Pd. 6:13-18) Yéhuwah bener-bener nguwatké Nuh.

3. Piyé Yéhuwah nguwatké Yosua? (Deloken gambar ing kaca 15.)

3 Yéhuwah uga nguwatké Yosua, sing nampa tugas sing abot. Yosua kudu mimpin umaté Yéhuwah menyang Tanah Perjanjian lan ngalahké mungsuh-mungsuh sing kuwat sing manggon ing kono. Yéhuwah ngerti nèk Yosua isa waé dadi wedi. Mula Yéhuwah ngandhani Musa, ”Sira préntaha marang [Yosua]; sira bombonga lan sira santosakna atiné, marga iku kang bakal nyabrang ngirid lakuné bangsa iki, iya dhèwèké iku kang bakal nuntun nganti padha ndarbèni nagara kang bakal sira deleng iku.” (PT. 3:28) Yéhuwah dhéwé uga nguwatké Yosua. Yéhuwah ngendika, ”Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris [wedi] lan semplah, amarga Pangéran Yéhuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.” (Ys. 1:1, 9) Kira-kira, piyé perasaané Yosua?

4, 5. (a) Jaman mbiyèn piyé Yéhuwah nguwatké umaté? (b) Piyé Yéhuwah nguwatké Putrané?

4 Yéhuwah uga nguwatké wong-wong sak kelompok. Contoné, Yéhuwah ngerti nèk wong-wong Yahudi butuh dikuwatké wektu ditawan ing Babilon, lan Yéhuwah janji nguwatké wong-wong kuwi, kandhané, ”Sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakaké, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.” (Yé. 41:10) Yéhuwah uga nguwatké wong-wong Kristen ing abad kapisan lan kita saiki.​—Wacanen 2 Korintus 1:3, 4.

5 Yéhuwah uga nguwatké Putrané. Sakwisé dibaptis, Yésus krungu swara saka langit, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” (Mat. 3:17) Kuwi mesthi nguwatké Yésus wektu dhèwèké nindakké tugasé ing bumi.

YÉSUS NGUWATKÉ LIYANÉ

6. Piyé perumpamaané Yésus bab talènta nguwatké kita?

6 Yésus niru Bapaké nganggo cara nguwatké wong-wong liya bèn tetep setya. Ing perumpamaan bab talènta, Yésus kandha nèk majikan kuwi kandha marang budhak sing setya, ”Apik banget, kowé pancèn budhak sing apik lan setya. Kowé wis setya marang perkara sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus perkara sing luwih akèh. Mèlua bungah karo majikanmu.” (Mat. 25:21, 23) Omongan kuwi mesthi nguwatké para muridé Yésus bèn tetep setya.

Yésus nguwatké Pétrus lan malah mènèhi tugas kanggo nguwatké liyané

7. Piyé Yésus nguwatké para muridé, kususé Pétrus?

7 Yésus terus sabar, senajan para muridé padu bab sapa sing paling penting. Yésus nguwatké para muridé bèn tetep andhap asor lan kudu ngladèni liyané ketimbang njaluk diladèni. (Luk. 22:24-26) Pétrus wis bola-bali nggawé kesalahan lan nggawé Yésus kecéwa. (Mat. 16:21-23; 26:31-35, 75) Ning, Yésus ora tau sengit karo Pétrus. Yésus malah nguwatké Pétrus lan ngongkon dhèwèké nguwatké murid-murid liyané.​—Yoh. 21:16.

PADHA NGUWATKÉ ING JAMAN MBIYÈN

8. Piyé Hizkia nguwatké para pemimpin prajurit lan wong-wong ing Yérusalèm?

8 Para abdiné Yéhuwah ngerti nèk kudu nguwatké wong liya, malah sakdurungé Yésus mènèhi conto bab nguwatké wong liya. Gatèkna contoné Hizkia. Wektu bangsa Asiria arep nyerang Yérusalèm, Hizkia nglumpukké para pemimpin prajurit lan wong-wong, banjur nguwatké wong-wong kuwi. Hasilé, wong-wong kuwi dikuwatké karo omongané Hizkia.​—Wacanen 2 Babad 32:6-8.

9. Apa sing isa disinaoni saka Ayub bab nguwatké wong liya?

9 Bab nguwatké wong liya, kita uga isa sinau saka Ayub. Senajan dhèwèké uga butuh dikuwatké, ning dhèwèké ngandhani kanca-kancané carané nguwatké. Ayub kandha nèk pancèn arep nguwatké, kuduné omongané ora nglarani ati, ning nglipur. (Ay. 16:1-5) Ayub akhiré dikuwatké karo Élihu lan Yéhuwah dhéwé.​—Ay. 33:24, 25; 36:1, 11; 42:7, 10.

10, 11. (a) Apa sebabé anak wédoké Yéfta butuh dikuwatké? (b) Sapa sing isa kita kuwatké jaman saiki?

10 Anak wédoké Yéfta uga butuh dikuwatké. Bapaké, yaiku Hakim Yéfta, arep perang nglawan wong Amon. Bapaké janji nèk Yéhuwah mbantu dhèwèké menang perang kuwi, wong sing pertama metu nemoni dhèwèké bakal ngabdi marang Yéhuwah ing tabernakel kanggo saklawasé. Bangsa Israèl menang perang, lan wong sing pertama nemoni Yéfta kuwi anaké wédok. Kuwi anaké Yéfta siji-sijiné. Atiné Yéfta remuk. Ning dhèwèké netepi janjiné lan ngutus anaké bèn ngabdi ing tabernakel sajegé urip.​—PH. 11:30-35.

11 Iki angèl kanggo Yéfta, apa manèh kanggo anaké wédok. Ning, anaké gelem nindakké apa sing wis dijanjèkké bapaké. (PH. 11:36, 37) Anaké Yéfta ora bakal nikah lan nduwé anak, ora ana sing bakal neruské garis keturunané Yéfta. Anaké Yéfta butuh dikuwatké lan dilipur. Alkitab kandha, ”Para prawan ing Israèl saben taun padha lunga nangisi putrané Sang Yéfta, wong Giléad, lawasé patang dina sajroning sataun.” (PH. 11:39, 40) Anaké Yéfta ngélingké kita bab wong-wong Kristen jaman saiki sing isih durung nduwé bojo bèn isa ngabdi luwih akèh kanggo Yéhuwah. Apa panjenengan isa ngalem lan nguwatké para sedulur kuwi?​—1 Kor. 7:32-35.

PARA RASUL NGUWATKÉ SEDULUR-SEDULUR

12, 13. Piyé Pétrus nguwatké para seduluré?

12 Ing bengi sakdurungé séda, Yésus kandha marang rasul Pétrus, ”Simon, Simon, gatèkna! Sétan wis njaluk kanggo napèni kowé kabèh kaya gandum. Nanging aku wis nyuwun marang Gusti Allah kanggo kowé, supaya imanmu aja nganti ilang. Lan sakwisé kowé mertobat, kuwatna sedulur-sedulurmu.”​—Luk. 22:31, 32.

Surat-suraté para rasul nguwatké wong-wong Kristen ing abad kapisan lan kita saiki (Deloken paragraf 12-17)

13 Pétrus kuwi salah siji rasul sing mimpin jemaat Kristen abad kapisan. (Gal. 2:9) Pétrus nguwatké sedulur-sedulur liyané liwat tumindaké sing kendel wektu Péntakosta lan sakterusé. Sakwisé Pétrus ngabdi pirang-pirang taun, dhèwèké nulis, ”Aku nulis surat singkat iki kanggo nguwatké lan nggawé kowé yakin nèk iki bener-bener welas asihé Gusti Allah sing nggumunké. Gegemen kuwi kanthi kenceng.” (1 Ptr. 5:12) Surat saka Pétrus uga nguwatké wong-wong Kristen jaman mbiyèn. Lan isih nguwatké kita jaman saiki karo ngentèni janjiné Yéhuwah bakal kelakon kabèh.​—2 Ptr. 3:13.

14, 15. Piyé Injil Yohanes lan surat Yohanes isa nguwatké kita?

14 Rasul Yohanes uga salah siji sing mimpin jemaat Kristen ing abad kapisan. Rasul Yohanes nulis pelayanané Yésus ing kitab Injil. Buku kuwi isa nguwatké wong-wong Kristen nganti atusan taun. Lan buku kuwi isih terus nguwatké kita saiki. Contoné, mung ing buku Yohanes ana katrangan bab omongané Yésus nèk murid-muridé sing sejati isa dititèni merga nresnani siji lan sijiné.​—Wacanen Yohanes 13:34, 35.

15 Telung surat sing ditulis Yohanes isiné apik banget. Wektu sedhih merga nindakké salah, kita dikuwatké wektu maca nèk kurban tebusané Yésus ”ngresiki kita saka sakabèhé dosa”. (1 Yoh. 1:7) Nèk kita isih ngrasa salah, kita dikuwatké wektu maca nèk ”Gusti Allah luwih gedhé ketimbang ati kita lan ngerti sakabèhé”. (1 Yoh. 3:20) Mung Yohanes sing nyathet nèk ”Gusti Allah kuwi katresnan”. (1 Yoh. 4:8, 16) Ing surat sing kapindho lan katelu, Yohanes ngalem wong-wong Kristen merga ”terus manut karo apa sing bener”.​—2 Yoh. 4; 3 Yoh. 3, 4.

16, 17. Piyé rasul Paulus nguwatké wong-wong Kristen abad kapisan?

16 Rasul Paulus dadi tuladha sing apik bab nguwatké sedulur liyané. Ora suwé sakwisé Yésus séda, akèh-akèhé saka para rasul manggon ing Yérusalèm, panggonané pengurus pusat. (Kis. 8:14; 15:2) Wong-wong Kristen ing Yudéa nginjil bab Yésus marang wong-wong sing wis percaya karo Gusti Allah. Ning roh suci ngarahké rasul Paulus nginjil ing Yunani, Roma, lan panggonan liyané sing wong-wongé nyembah akèh allah.​—Gal. 2:7-9; 1 Tim. 2:7.

17 Paulus lunga menyang dhaérah sing saiki disebut Turki, uga Yunani lan Italia. Dhèwèké nginjil marang wong-wong dudu Yahudi sing manggon ing kono. Paulus uga ngedegké jemaat-jemaat Kristen ing kono. Akèh tantangan sing dialami karo sedulur-sedulur ing kono, contoné sedulur-sedulur kuwi dianiaya karo wong-wong sing sak bangsa. Dadi, sedulur-sedulur kuwi butuh dikuwatké. (1 Tés. 2:14) Kira-kira taun 50 M, Paulus nulis surat sing nguwatké marang jemaat sing anyar ing Tésalonika. Dhèwèké kandha, ”Aku kabèh tansah ngucap sokur marang Gusti Allah saben ndongakké kowé kabèh . . . aku kabèh tansah éling piyé kowé kabèh mempeng nyambut gawé merga iman lan katresnan, lan piyé kowé kabèh padha tekun.” (1 Tés. 1:2, 3) Dhèwèké uga péngin bèn para sedulur ’terus nggedhèkké ati lan nguwatké siji lan sijiné’.​—1 Tés. 5:11.

PENGURUS PUSAT UGA NGUWATKÉ

18. Piyé pengurus pusat ing abad kapisan nguwatké Filipus?

18 Ing abad kapisan, Yéhuwah nggunakké pengurus pusat kanggo nguwatké kabèh wong Kristen, klebu wong-wong sing mimpin jemaat. Wektu Filipus nginjil bab Yésus ing Samaria, pengurus pusat ndhukung dhèwèké. Pengurus pusat ngutus Pétrus lan Yohanes kanggo ndongakké wong-wong Kristen sing isih anyar bèn nampa roh suci. (Kis. 8:5, 14-17) Filipus lan para sedulur ing kana dikuwatké liwat dhukungan sing ditampa saka pengurus pusat.

19. Piyé perasaané wong-wong Kristen wektu nampa surat saka pengurus pusat?

19 Pengurus pusat kudu nggawé keputusan sing penting. Miturut Hukum Musa wong Yahudi kudu disunat, mula apa wong Kristen sing dudu Yahudi perlu disunat? (Kis. 15:1, 2) Sakwisé ndonga nyuwun roh suci lan ngrembug ayat-ayat Kitab Suci, pengurus pusat mutuské nèk wong Kristen ora perlu disunat. Sakwisé kuwi pengurus pusat nulis surat sing njelaské keputusan kuwi, lan ngutus sedulur-sedulur nggawa surat kuwi menyang jemaat-jemaat. Wektu padha maca surat kuwi, sedulur-sedulur dadi ”bungah merga nampa tembung-tembung sing nguwatké”.​—Kis. 15:27-32.

20. (a) Piyé Pengurus Pusat nguwatké kita saiki? (b) Pitakonan apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

20 Jaman saiki, Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah nguwatké para anggota Keluarga Bètel, para perintis istiméwa, pinituwa wilayah, lan kita kabèh. Kaya sedulur-sedulur ing abad kapisan, kita seneng wektu dikuwatké. Sakliyané kuwi kanggo nguwatké liyané, Pengurus Pusat nyedhiakké buku Kembalilah kepada Yehuwa ing taun 2015. Ning, apa mung sedulur-sedulur sing mimpin jemaat sing isa nguwatké liyané? Kita bakal ngrembug pitakonan kuwi ing artikel sakbanjuré.