WARTA PENTING—ÉDHISI WULANGAN April 2020

Artikel pelajaran sing disinaoni saka 1 Juni–5 Juli 2020.

Serangan saka Sisih Lor

Artikel pelajaran 14: 1-7 Juni 2020. Ana patang alesan sing nduduhké nèk katrangan ing Yoèl pasal 1 lan 2 kuwi perlu diganti. Apa waé alesané?

Nduwé Pandhangan sing Bener Wektu Nginjil

Artikel pelajaran 15: 8-14 Juni 2020. Awaké dhéwé bakal ngrembug piyé pandhangané Yésus lan Rasul Paulus soal wong-wong sing ditemoni wektu nginjil. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug carané bèn isa ngertèni kepercayaané wong sing ditemoni, nggolèk topik sing bakal disenengi, lan nganggep nèk saben wong isa dadi muridé Yésus.

Ngrungokké Tenanan, Luwih Kenal, lan Nduduhké Rasa Mesakké

Artikel pelajaran 16: 15-21 Juni 2020. Yéhuwah mbantu Yunus, Élia, Hagar, lan Lot merga sayang karo wong-wong kuwi. Piyé carané awaké dhéwé isa nindakké sing padha marang para sedulur?

”Aku Nyebut Kowé Sahabat”

Artikel pelajaran 17: 22-28 Juni 2020. Bèn isa dadi sahabaté Yésus, apa waé tantangané lan apa waé sing isa awaké dhéwé tindakké?

”Mlayu Tekan Garis Finis”

Artikel pelajaran 18: 29 Juni–5 Juli 2020. Piyé carané bèn tetep semangat ngabdi senajan saiki awaké dhéwé wis tuwa lan nduwé masalah keséhatan?