Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 18

”Mlayu Tekan Garis Finis”

”Mlayu Tekan Garis Finis”

”Aku wis mlayu tekan garis finis.”​—2 TIM. 4:7.

LAGU 129 Kudu Tekun lan Setya

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing kudu ditindakké karo kabèh wong Kristen?

NÈK pas lagi kesel utawa lara, mesthiné awaké dhéwé ora bakal gelem mèlu balapan mlayu, ta? Ning, Rasul Paulus ngomong nèk kabèh wong Kristen saiki kaya-kayané lagi padha mèlu balapan mlayu. (Ibr. 12:1) Terus, ora soal isih enom utawa wis tuwa, séhat utawa lagi lara, awaké dhéwé ya kudu tetep tekun bèn isa nampa hadiah saka Yéhuwah.​—Mat. 24:13.

2. Nurut 2 Timotius 4:7, 8, apa sebabé Paulus isa ngandhani nèk wong-wong Kristen kudu tetep tekun?

2 Paulus isa ngandhani nèk wong-wong Kristen kudu tetep tekun merga dhèwèké wis berhasil ”mlayu tekan garis finis”. (Wacanen 2 Timotius 4:7, 8.) Saiki, ayo dirembug dhisik apa sing sakjané Paulus maksudké wektu mènèhi naséhat soal balapan mlayu.

BALAPAN APA?

3. Balapan apa sing dimaksud karo Paulus?

3 Wektu mulang wong-wong Kristen, Rasul Paulus kadhang kala nggunakké perumpamaan saka pertandingan olahragané wong-wong Yunani. (1 Kor. 9:25-27; 2 Tim. 2:5) Paulus tau madhakké uripé wong Kristen kaya atlét sing mèlu balapan mlayu. (1 Kor. 9:24; Flp. 2:16) ”Balapan” kuwi dimulai wektu awaké dhéwé nggawé janji ngabdi lan dibaptis. (1 Ptr. 3:21) Kaya atlét sing kudu ngliwati garis finis bèn isa éntuk hadiah, awaké dhéwé ya kudu terus setya nganti akhir bèn isa éntuk hadiah saka Yéhuwah, yaiku urip saklawasé.​—Mat. 25:31-34, 46; 2 Tim. 4:8.

4. Apa sing bakal awaké dhéwé rembug ing artikel iki?

4 Pancèn, uripé wong Kristen isa dipadhakké kaya lomba lari maraton. Apa waé persamaané? Pertama, awaké dhéwé kudu manut karo peraturané. Keloro, awaké dhéwé kudu fokus karo garis finis. Lan ketelu, awaké dhéwé kudu tetep tekun senajan ana akèh tantangan. Ayo dirembug telung persamaan kuwi.

MANUT KARO PERATURANÉ

Kabèh wong Kristen kudu manut karo pathokané Alkitab (Deloken paragraf 5-7) *

5. Awaké dhéwé kudu manut karo apa, lan apa sebabé?

5 Senajan wis ngliwati garis finis, atlét sing mèlu balapan ora bakal nampa hadiah nèk dhèwèké ora manut karo aturan pertandingan. Kaya perumpamaan kuwi, awaké dhéwé ya kudu manut karo pathokané Alkitab bèn isa urip saklawasé. (Kis. 20:24; 1 Ptr. 2:21) Ning, Sétan lan wong-wong sing manut karo kepénginané Sétan ora seneng nèk awaké dhéwé nindakké kuwi. Wong-wong kuwi ya péngin bèn awaké dhéwé ”mèlu-mèlu manèh” nglanggar pathokané Alkitab. (1 Ptr. 4:4) Wong-wong kuwi ngécé awaké dhéwé lan nganggep nèk manungsa kuwi malah isa bébas nèk ora manut karo pathokané Alkitab. Ning, sakjané kuwi klèru.​—2 Ptr. 2:19.

6. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Brian?

6 Wong-wong sing ora manut karo pathokané Alkitab bakal sadhar nèk dhèwèké sakjané ora isa bébas, ning malah dadi budhaké Sétan lan budhaké dosa. (Rm. 6:16) Salah siji sedulur sing jenengé Brian tau ngalami kuwi. Kèt cilik, Brian wis diwulang karo wong tuwané bèn manut karo pathokané Alkitab. Ning, wektu remaja dhèwèké ngrasa ora bahagia merga nganggep nèk pathokané Alkitab kuwi wis nggawé dhèwèké dadi ora bébas. Mula, Brian mulai nindakké apa sing nglanggar pathokané Alkitab. Brian kandha, ”Aku mulai nggunakké narkoba, mabuk-mabukan, lan nindakké hubungan sèks sing bejat. Tak pikir kuwi bakal nggawé aku bébas. Ning, jebulé aku malah dadi kecanduan. Nganti pirang-pirang taun aku ora isa mandheg nggunakké narkoba lan kecanduanku dadi saya parah. . . . aku ya mulai ngedol narkoba bèn isa éntuk dhuwit.” Ning, akhiré Brian gelem berubah lan manut karo pathokané Alkitab. Hasilé, dhèwèké isa dibaptis ing taun 2001 lan saiki dhèwèké bener-bener bahagia. *

7. Dalan apa waé sing disebutké ing Matius 7:13, 14?

7 Awaké dhéwé kudu nggawé pilihan sing bener. Sétan ora seneng nèk awaké dhéwé ngliwati dalan sing ciyut sing ”ngarah menyang urip”. Dhèwèké péngin awaké dhéwé ngliwati dalan sing jembar. Pancèn, akèh wong sing seneng ngliwati dalan kuwi merga ing kono ora ana akèh aturan. Ning, sakjané dalan kuwi ”ngarah menyang pati”. (Wacanen Matius 7:13, 14.) Mula, awaké dhéwé kudu terus percaya lan manut karo Yéhuwah bèn ora kena pengaruhé wong-wong sing nglanggar pathokané Alkitab.

KUDU FOKUS

Awaké dhéwé kudu fokus lan aja nggawé wong liya kesandhung (Deloken paragraf 8-12) *

8. Apa sing ditindakké atlét balapan mlayu nèk dhèwèké tiba?

8 Atlét sing mèlu balapan mlayu bakal ngati-ati bèn dhèwèké aja nganti tiba. Senajan wis ngati-ati, kadhang kala dhèwèké ya isa tiba merga kesandhung atlét liyané utawa merga kena jeglongan. Ning, nèk atlét kuwi tiba, dhèwèké bakal ngupaya bèn isa tangi lan mlayu manèh. Merga péngin éntuk hadiah, atlét kuwi bakal fokus karo garis finisé, dudu fokus karo apa sing nggawé dhèwèké tiba.

9. Apa sing kuduné ditindakké nèk awaké dhéwé kesandhung?

9 Kaya atlét sing isa kesandhung, wong Kristen ya isa kesandhung. Apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé kesandhung? Omongan lan tumindaké awaké dhéwé isa waé ora cocog karo pathokané Alkitab. Sakliyané kuwi, para sedulur ing jemaat ya isa nggawé awaké dhéwé dadi lara ati lan ora semangat. Ning, sakjané kuwi lumrah. Kok isa? Awaké dhéwé kuwi ora sampurna lan para sedulur ya isih ngupaya kanggo ngetrapké kabèh pathokané Alkitab. Dadi, kaya sing disebutké Rasul Paulus, awaké dhéwé lan para sedulur isa waé padha-padha nggawé ”tersinggung”. (Kol. 3:13) Ning, mesthiné kuwi ditindakké dudu merga sengaja. Nèk awaké dhéwé terus-terusan lara ati lan ora semangat, awaké dhéwé ora bakal isa tekan garis finis lan malah isa nggawé sedulur liya dadi mèlu kesandhung. Mula, ketimbang terus mikirké apa sing nggawé kesandhung, luwih apik nèk awaké dhéwé mikirké hadiah sing bakal ditampa ing masa depan lan terus semangat ngabdi marang Yéhuwah.

10. Piyé carané bèn awaké dhéwé ora dadi ”watu sing nggawé kesandhung” para sedulur?

10 Bèn ora dadi ”watu sing nggawé kesandhung” para sedulur, awaké dhéwé kudu ngupaya sak isa-isané kanggo ngalah lan ora meksa sedulur-sedulur ing jemaat kanggo nindakké kepénginané awaké dhéwé. (Rm. 14:13, 19-21; 1 Kor. 8:9, 13) Pancèn, atlét sing mèlu balapan mlayu bakal saingan karo atlét liyané. Mula, apa sing dhèwèké pikirké kuwi ya mung piyé carané bèn isa menang. Malah, pas balapan, dhèwèké ya isa waé nyikut atlét sing dadi saingané. Ning, wong Kristen kuwi ora lagi saingan karo sedulur-seduluré. (Gal. 5:26; 6:4) Awaké dhéwé mesthiné péngin mbantu sak akèh-akèhé wong bèn isa urip saklawasé ing Firdaus bareng-bareng karo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo ngetrapké kata-katané Paulus sing kandha nèk awaké dhéwé kudu ’nggatèkké kepentingané wong liya, dudu mung kepentingané awaké dhéwé’.​—Flp. 2:4.

11. Atlét sing mèlu balapan mlayu bakal fokus karo apa, lan apa hasilé?

11 Sakliyané ngati-ati bèn ora tiba, atlét sing mèlu balapan mlayu ya bakal fokus karo garis finisé. Apa maksudé? Mungkin, atlét kuwi durung ndelok garis finisé. Ning, dhèwèké mesthi terus mbayangké wektu dhèwèké nampa hadiah sakwisé menang ing balapan kuwi. Hasilé, dhèwèké isa tetep semangat mlayu nganti ngliwati garis finis.

12. Yéhuwah mènèhi janji apa marang umaté?

12 Yéhuwah ya janji nèk awaké dhéwé bakal urip saklawasé ing bumi utawa ing swarga nèk awaké dhéwé terus setya nganti akhir. Merga janji kuwi dicathet ing Alkitab, mula awaké dhéwé isa mbayangké kaya apa uripé awaké dhéwé wektu janji kuwi kelakon. Nèk terus mikirké janjiné Yéhuwah soal masa depan, awaké dhéwé bakal terus semangat kanggo ngabdi marang Yéhuwah.

TETEP TEKUN SENAJAN AKÈH TANTANGAN

Awaké dhéwé mesthi péngin ngupaya bèn isa tetep setya marang Yéhuwah senajan ana akèh tantangan (Deloken paragraf 13-20) *

13. Apa bédané awaké dhéwé karo atlét balapan mlayu?

13 Atlét balapan mlayu ing jaman mbiyèn mesthiné ya tau ngrasa kesel lan lara. Mula, dhèwèké kudu nduwé awak sing kuwat lan kerep latihan bèn isa ngatasi tantangan kuwi. Piyé nèk awaké dhéwé? Yéhuwah wis janji nèk Dhèwèké bakal nglatih umaté. Ning, béda karo atlét sing kudu ngendelké kekuwatané dhéwé, awaké dhéwé isa ngendelké Yéhuwah merga kekuwatané ora ana entèkké. Nèk awaké dhéwé ngendelké Yéhuwah lan gelem dilatih karo Dhèwèké, awaké dhéwé bakal isa berhasil ngadhepi kabèh tantangan.​—1 Ptr. 5:10.

14. Nurut 2 Korintus 12:9, 10, apa sing kudu awaké dhéwé tindakké wektu ngadhepi tantangan?

14 Rasul Paulus ngadhepi akèh tantangan. Misalé, dhèwèké tau diécé lan dianiaya karo mungsuh-mungsuhé. Kadhang kala, Paulus ya ngrasa cilik ati lan kudu ngadhepi ”eri ing njero daging”. (2 Kor. 12:7) Ning, tantangan-tantangan kuwi ora nggawé Paulus dadi mandheg ngabdi merga dhèwèké terus ngendelké Yéhuwah. (Wacanen 2 Korintus 12:9, 10.) Hasilé, Yéhuwah mbantu Paulus bèn isa berhasil ngatasi tantangan-tantangan sing dhèwèké adhepi.

15. Nèk niru Paulus, apa sing bakal awaké dhéwé rasakké?

15 Merga ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé isa waé diécé lan dianiaya. Awaké dhéwé mungkin ya nduwé masalah keséhatan utawa ngrasa cilik ati. Ning, wektu ngadhepi tantangan kaya ngono, awaké dhéwé isa niru Paulus sing terus ngendelké Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé bakal ngrasakké bantuané Yéhuwah lan ngerti nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo awaké dhéwé.

16. Senajan nduwé masalah keséhatan, apa sing isa njenengan tindakké?

16 Merga nduwé masalah keséhatan, mungkin njenengan mung isa turonan thok ing kasur utawa kudu nggunakké kursi roda. Terus, nèk njenengan wis tuwa, mungkin dhengkulé njenengan saiki dadi kerep lara utawa mripaté wis ora pati cetha. Senajan ngono, njenengan isa tetep ngabdi marang Yéhuwah bareng karo para sedulur sing isih enom lan séhat. Merga ngendelké Yéhuwah, akèh sedulur isa tetep setya senajan nduwé masalah keséhatan. Piyé carané bèn njenengan isa éntuk kekuwatan saka Yéhuwah? Njenengan tetep isa éntuk manfaat saka acara perhimpunan nèk ngrungokké liwat télépon utawa ndélok vidéo rekaman perhimpunan. Njenengan ya tetep isa mèlu martakké kabar apik nèk mènèhi kesaksian marang dokter, perawat, utawa anggota keluargané njenengan.

17. Piyé pandhangané Yéhuwah marang umaté sing nduwé masalah keséhatan?

17 Merga nduwé masalah keséhatan, mungkin njenengan ora isa nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah. Ning, njenengan ora perlu cilik ati lan nganggep nèk njenengan ora bakal isa terus setya. Yéhuwah sayang karo njenengan lan ora bakal nglalèkké kabèh sing wis njenengan tindakké kanggo Dhèwèké. Nèk njenengan terus ngendelké Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal mbantu njenengan. (Ms. 9:11) Salah siji sedulur wédok sing nduwé masalah keséhatan kandha, ”Merga laraku saya suwé saya parah, aku dadi ora isa kerep nginjil. Ning, aku ngerti nèk Yéhuwah seneng merga aku wis ngupaya sak isa-isané kanggo mènèhi kesaksian. Kuwi nggawé aku bahagia.” Wektu ngrasa cilik ati, élinga nèk Yéhuwah bakal mbantu njenengan. Njenengan ya isa dikuwatké nèk mikirké contoné Paulus lan ngrenungké kata-katané, yaiku, ”Wektu aku tanpa daya, aku dadi kuwat.”​—2 Kor. 12:10.

18. Masalah apa sing isa waé luwih angèl kanggo diadhepi karo umaté Yéhuwah?

18 Umaté Yéhuwah mungkin ya isa ngadhepi masalah sing ora isa didelok wong liya, misalé ngrasa strès utawa terlalu kuwatir. Masalah-masalah kuwi isa waé luwih angèl kanggo diadhepi. Kok isa? Nèk awaké dhéwé ngalami patah tulang utawa kudu nganggo kursi roda, wong liya isa ndelok masalahé awaké dhéwé lan mungkin akhiré dadi gelem mbantu. Ning, nèk awaké dhéwé ngalami gangguan émosi utawa nduwé penyakit méntal, wong liya mungkin bakal nganggep nèk awaké dhéwé ora nduwé masalah apa-apa. Padahal, wong sing ngalami gangguan émosi kuwi sakjané nduwé masalah sing padha aboté karo wong sing ngalami patah tulang. Ning, merga gangguan émosi utawa penyakit méntal kuwi ora isa didelok, akhiré wong liya mungkin ora mènèhi bantuan apa-apa kanggo wong sing ngalami kuwi.

19. Apa sing isa disinaoni saka contoné Mèfibosyèt?

19 Mungkin, awaké dhéwé ngrasa cilik ati merga nduwé keterbatasan lan rumangsa nèk wong liya ora ngerti apa sing sakjané awaké dhéwé rasakké. Ning, awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké nèk sinau saka contoné Mèfibosyèt. (2 Sa. 4:4) Mèfibosyèt kuwi sikilé cacad. Terus, Raja Daud ya tau salah paham lan akhiré tumindak ora adil karo dhèwèké. Kesusahan sing dialami Mèfibosyèt kuwi sakjané dudu merga kesalahané dhèwèké dhéwé. Senajan ngono, Mèfibosyèt tetep nduwé pandhangan sing positif lan ngrasa bersyukur merga Raja Daud wis apikan karo dhèwèké. (2 Sa. 9:6-10) Dadi, wektu Raja Daud tumindak ora adil, Mèfibosyèt ora fokus karo masalahé thok. Mèfibosyèt ora dadi cilik ati utawa nyalahké Yéhuwah. Dhèwèké malah mikirké piyé carané dhèwèké isa ndhukung raja sing wis dipilih Yéhuwah kuwi. (2 Sa. 16:1-4; 19:24-30) Kisahé Mèfibosyèt sing dicathet ing Alkitab kuwi bener-bener dadi conto sing apik kanggo ditiru.​—Rm. 15:4

20. Apa sing dirasakké para sedulur sing terus-terusan ngrasa kuwatir, ning sedulur-sedulur kuwi isa yakin soal apa?

20 Merga terus-terusan kuwatir, ana sedulur-sedulur sing ngrasa kurang percaya diri utawa ora nyaman nèk ketemu wong akèh. Senajan ngono, sedulur-sedulur kuwi tetep ajeg teka ing perhimpunan lan kebaktian. Sedulur-sedulur kuwi mungkin ya ngrasa angèl nèk kudu omong-omongan karo wong sing durung dikenal. Ning, para sedulur kuwi terus ngupaya bèn isa martakké kabar apik marang wong liya. Apa njenengan ya ngrasa kaya ngono? Nèk iya, njenengan ora dhèwèkan. Akèh sedulur ya ngalami masalah sing padha. Yéhuwah mesthi seneng merga njenengan wis ngupaya sak isa-isané kanggo nindakké kepénginané. Njenengan ya terus setya nganti saiki. Kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah wis mberkahi lan nguwatké njenengan. * (Flp. 4:6, 7; 1 Ptr. 5:7) Nèk njenengan terus setya senajan ngadhepi masalah keséhatan utawa nduwé gangguan émosi lan penyakit méntal, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah mesthi seneng karo kabèh sing njenengan tindakké kanggo Dhèwèké.

21. Apa hasilé nèk awaké dhéwé terus ngendelké Yéhuwah?

21 Senajan uripé wong Kristen isa dipadhakké karo balapan mlayu, ning kuwi tetep ana bédané. Misalé, sing dadi juara ing balapan mlayu kuwi mung ana siji. Ning, hadiah urip saklawasé isa ditampa karo kabèh wong Kristen sing wis ngupaya kanggo tetep setya. (Yoh 3:16) Terus, ora kaya atlét sing kudu kuwat bèn isa menang balapan mlayu, awaké dhéwé isa tetep setya senajan nduwé masalah keséhatan utawa masalah-masalah liyané. (2 Kor. 4:16) Mula, ayo terus ngendelké Yéhuwah bèn awaké dhéwé isa tetep setya nganti pungkasan.

LAGU 144 Kuwi Isa Kok Percaya

^ par. 5 Saiki, akèh umaté Yéhuwah sing ngadhepi masalah merga umuré tambah tuwa utawa nduwé masalah keséhatan. Kadhang kala, awaké dhéwé ya isa ngrasa cilik ati. Kuwi kabèh isa nggawé awaké dhéwé dadi ora semangat kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé Paulus madhakké uripé wong Kristen kaya balapan mlayu. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn isa ngatasi tantangan sing mungkin lagi diadhepi.

^ par. 6 Deloken artikel ”Alkitab Mengubah Kehidupan” ing Menara Pengawal 1 Januari 2013.

^ par. 20 Saran-saran liyané kanggo ngatasi rasa kuwatir lan pengalamané wong-wong sing wis berhasil ngatasi rasa kuwatiré isa didelok ing acara sasi Mei 2019 ing jw.org®. Deloken ing bagéan PERPUSTAKAAN > JW BROADCASTING®.

^ par. 63 GAMBAR: Sedulur sing wis tuwa iki terus semangat nindakké gawéan nginjil merga péngin manut karo pathokané Alkitab.

^ par. 65 GAMBAR: Awaké dhéwé isa nggawé wong liya kesandhung nèk awaké dhéwé kakèhan ngombé minuman sing ana alkoholé utawa awaké dhéwé meksa wong liya bèn ngombé luwih akèh.

^ par. 67 GAMBAR: Senajan lagi dirawat ing rumah sakit, sedulur iki tetep mènèhi kesaksian marang wong sing ngrawat dhèwèké merga péngin tetep setya marang Yéhuwah.