Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 15

Nduwé Pandhangan sing Bener Wektu Nginjil

Nduwé Pandhangan sing Bener Wektu Nginjil

Deloken ladhang-ladhang wis putih lan siap dipanèn.”​—YOH. 4:35.

LAGU 64 Bungah Merga Mèlu Nginjil

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sebabé Yésus ngomongké kata-katané sing dicathet ing Yohanes 4:35, 36?

WEKTU kuwi, Yésus bar ngliwati ladhang-ladhang sing kétoké ditanduri gandum. (Yoh. 4:3-6) Sakjané gandum-gandum kuwi lagi siap dipanèn kira-kira patang sasi manèh. Ning, Yésus malah kandha, ”Deloken ladhang-ladhang wis putih lan siap dipanèn.” (Wacanen Yohanes 4:35, 36.) Apa sebabé Yésus ngomong kaya ngono?

2 Kaya-kayané Yésus lagi madhakké wong-wong sing bakal dadi muridé kaya gandum sing wis siap dipanèn. Sakdurungé ngomong kaya ngono, Yésus nginjil marang wong wédok Samaria. Padahal, wektu kuwi wong Yahudi lan wong Samaria ora rukun. Wong wédok kuwi gelem ngrungokké Yésus lan akhiré nyritakké soal Yésus marang wong-wong Samaria liyané. Hasilé, wong-wong Samaria kuwi péngin nemoni Yésus bèn isa sinau luwih akèh. Terus, pas wong-wong kuwi wis mèh tekan, Yésus kandha nèk ladhang-ladhang ”wis putih lan siap dipanèn”. (Yoh. 4:9, 39-42) Salah siji ahli Alkitab kandha, ”Semangaté wong-wong Samaria sing péngin sinau kuwi . . . nduduhké nèk wong-wong kuwi kaya gandum sing siap dipanèn.”

Apa sing bakal awaké dhéwé tindakké nèk nganggep wong-wong sing ditemoni wektu nginjil kuwi kaya gandum sing ”siap dipanèn”? (Deloken paragraf 3)

3. Nèk nduwé pandhangan kaya Yésus, apa waé pengaruhé kanggo awaké dhéwé?

3 Apa awaké dhéwé ya nganggep nèk wong-wong sing ditemoni wektu nginjil kuwi kaya gandum sing siap dipanèn? Nèk nduwé pandhangan sing padha kaya Yésus, awaké dhéwé bakal luwih semangat kanggo nginjil merga ngerti nèk gawéan nginjil kuwi wis mèh rampung. Terus, awaké dhéwé mesthi ya bakal seneng wektu ketemu karo wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik. Kuwi cocog karo kata-katané Alkitab sing kandha, ”Bingahipun tiyang ing mangsa panèn.” (Yé. 9:2) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé bakal nganggep nèk saben wong isa dadi muridé Yésus. Awaké dhéwé ya bakal ngupaya kanggo nyesuaikké kata pengantar bèn isa cocog karo keadaané wong sing ditemoni.

4. Apa waé sing bakal awaké dhéwé sinaoni saka contoné Paulus?

4 Yésus nganggep nèk wong-wong Samaria mau isa dadi muridé. Ning, mungkin ana murid-muridé sing nduwé pandhangan sing béda. Kaya Yésus, awaké dhéwé ya kudu nganggep nèk wong-wong sing ditemoni wektu nginjil kuwi isa dadi muridé Yésus. Rasul Paulus ya mènèhi conto sing apik soal kuwi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané awaké dhéwé isa niru contoné Paulus sing (1) ngertèni kepercayaané wong sing ditemoni, (2) nggolèk topik sing bakal disenengi, lan (3) nganggep nèk saben wong isa dadi muridé Yésus.

NGERTÈNI KEPERCAYAANÉ WONG LIYA

5. Apa sebabé Paulus ngerti tenan soal wong-wong Yahudi?

5 Paulus kerep nginjil ing sinagogé. Misalé, pas ing sinagogé ing Tésalonika ”Paulus rembugan karo [wong-wong Yahudi] nganggo dhasar Kitab Suci” nganti ”saksuwéné telung sabat”. (Kis. 17:1, 2) Paulus mesthiné wis kerep lunga ing sinagogé merga kèt cilik dhèwèké wis diajari tradhisiné wong Yahudi. (Kis. 26:4, 5) Mula, Paulus ngerti tenan soal wong-wong Yahudi. Hasilé, Paulus isa luwih percaya diri wektu nginjil marang wong-wong kuwi.​—Flp. 3:4, 5.

6. Pas nginjil ing Athéna, apa bédané wong-wong sing ditemoni Paulus ing pasar karo sing ditemoni ing sinagogé?

6 Merga ana tantangan ing Tésalonika lan Béréa, akhiré Paulus lunga menyang Athéna. Ing kono, ”Paulus mulai tukar pikiran ing sinagogé, karo wong-wong Yahudi lan wong-wong liya sing nyembah Gusti Allah”. (Kis. 17:17) Ning, pas nginjil ing pasar, Paulus ya ketemu karo para ahli filsafat lan wong-wong sing dudu Yahudi sing nganggep nèk wulangané Paulus kuwi ”wulangan anyar”. Wong-wong kuwi kandha marang Paulus, ”Kowé ngomongké bab-bab sing durung tau tak rungokké.”​—Kis. 17:18-20.

7. Nurut Kisah Para Rasul 17:22, 23, piyé carané Paulus nyesuaikké kata pengantaré?

7 Wacanen Kisah 17:22, 23. Paulus nggunakké kata pengantar sing béda wektu nginjil marang wong-wong sing dudu Yahudi ing Athéna. Bèn isa ngerti apa sing dipercayani karo wong-wong ing kono, Paulus nggatèkké tenanan keadaan ing sekitar lan carané wong-wong kuwi ngibadah. Terus, Paulus ngupaya kanggo nggolèki persamaané antara kepercayaané wong kuwi karo wulangané Alkitab. Ana salah siji ahli Alkitab sing kandha, ”Senajan Paulus ngerti nèk wong-wong ing Athéna kuwi ora nyembah Allah sing ’bener’ sing dadi Allahé wong Yahudi lan wong Kristen, ning dhèwèké ngandhani wong-wong kuwi nèk Gusti Allah sing Paulus critakké kuwi sakjané wis dikenal karo wong-wong ing Athéna.” Dadi, Paulus ngupaya kanggo nyesuaikké kata pengantaré. Dhèwèké ngandhani wong-wong ing Athéna nèk apa sing dhèwèké sampèkké kuwi asalé saka ”Allah sing Ora Dikenal” sing wis disembah karo wong-wong kuwi. Senajan wong-wong sing dudu Yahudi kuwi ora ngerti akèh soal Kitab Suci, ning Paulus nganggep nèk wong-wong kuwi kaya gandum sing siap dipanèn.

Niru contoné Paulus sing nggatèkké tenanan, nyesuaikké kata pengantaré, lan nganggep nèk saben wong isa dadi muridé Yésus (Deloken paragraf 8, 12, 18) *

8. (a) Piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngerti kepercayaané wong-wong sing ditemoni wektu nginjil? (b) Apa sing isa awaké dhéwé tindakké wektu wong sing ditemoni langsung kandha nèk dhèwèké wis nduwé agama?

8 Kaya Paulus, awaké dhéwé perlu nggatèkké tenanan. Apa sing isa digatèkké? Misalé, pas ketemu karo wong-wong wektu nginjil, awaké dhéwé isa nggatèkké hiasan sing ana ing omah utawa kendaraané. Terus, awaké dhéwé ya isa nggatèkké penampilané, kata-katané, utawa jenengé. Saka kono, awaké dhéwé mungkin isa ngerti apa kepercayaané wong kuwi. Terus, piyé nèk wong sing ditemoni kuwi langsung kandha nèk dhèwèké wis nduwé agama? Mungkin, awaké dhéwé isa niru contoné salah siji perintis istiméwa sing jenengé Flutura sing kandha, ”Tujuanku teka mréné dudu kanggo meksa njenengan pindhah agama. Ning, aku péngin omong-omongan karo njenengan soal . . . ”

9. Persamaan apa waé sing isa awaké dhéwé temokké wektu nginjil marang wong sing wis nduwé agama?

9 Apa sing isa ditindakké wektu nginjil marang wong sing wis nduwé agama? Awaké dhéwé isa ngupaya kanggo nggolèki persamaané antara kepercayaané wong kuwi karo wulangané Alkitab. Dhèwèké mungkin percaya nèk Gusti Allah kuwi mung siji, utawa percaya nèk Yésus kuwi juru selamat. Sakliyané kuwi, dhèwèké mungkin ya percaya nèk ing masa depan kesusahan ora bakal ana manèh. Saka persamaan-persamaan kuwi, awaké dhéwé isa nyampèkké topik Alkitab sing cocog kanggo dhèwèké.

10. Senajan wis ngerti agamané wong sing ditemoni wektu nginjil, apa sing perlu awaké dhéwé tindakké, lan apa sebabé?

10 Awaké dhéwé ngerti nèk ana wong sing ora percaya karo ajaran tertentu saka agamané. Mula, awaké dhéwé perlu ngupaya kanggo ngertèni apa waé sing dipercayani karo wong kuwi senajan wis ngerti agamané. Perintis istiméwa ing Australia sing jenengé David kandha, ”Saiki, akèh wong sing nggabungké tradhisi karo ajaran agamané.” Terus, sedulur wédok ing Albania sing jenengé Donalta kandha, ”Wong-wong sing tak temoni ana sing kandha nèk dhèwèké wis nduwé agama. Ning, bar kuwi dhèwèké kandha nèk dhèwèké ora bener-bener percaya karo Gusti Allah.” Salah siji utusan injil ing Argentina ya nggatèkké nèk ana wong-wong sing ngakuné percaya karo ajaran Tritunggal, ning dhèwèké ora bener-bener percaya nèk Bapak, Putra, lan roh suci kuwi dadi siji pribadi. Utusan injil kuwi ya kandha, ”Wektu aku nginjil marang wong sing ora percaya karo ajaran tertentu saka agamané, aku dadi luwih gampang kanggo nggolèki topik apa sing cocog kanggo dhèwèké.” Dadi, nèk awaké dhéwé ngupaya kanggo ngertèni kepercayaané wong, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé niru contoné Paulus sing ’nindakké sak isa-isané kanggo mbantu kabèh wong’.​—1 Kor. 9:19-23.

NGGOLÈK TOPIK SING BAKAL DISENENGI

11. Nurut Kisah Para Rasul 14:14-17, piyé carané Paulus isa nyesuaikké kata pengantaré wektu nginjil marang wong Listra?

11 Wacanen Kisah Para Rasul 14:14-17. Paulus isa nyesuaikké kata pengantaré merga ngupaya kanggo ngertèni topik apa sing bakal disenengi karo wong-wong. Misalé, akèh wong ing Listra ora pati ngerti utawa ora ngerti babar blas soal Kitab Suci. Mula, Paulus nggunakké topik sing wis dingertèni karo wong-wong kuwi. Paulus nyebutké soal musim panèn lan apa sing isa nggawé urip bahagia. Apa sing disampèkké Paulus kuwi mesthi isa langsung dingertèni karo wong-wong Listra.

12. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngerti apa sing disenengi wong-wong sing ditemoni wektu nginjil lan nyesuaikké kata pengantaré awaké dhéwé?

12 Awaké dhéwé perlu ngupaya bèn isa ngerti apa sing disenengi wong-wong sing ditemoni wektu nginjil lan nyesuaikké kata pengantaré awaké dhéwé. Piyé carané? Sepisan manèh, awaké dhéwé kudu nggatèkké tenanan. Mungkin dhèwèké lagi berkebun, maca buku, ndandani kendaraané, utawa nindakké kegiatan liyané. Saka kono, mungkin awaké dhéwé isa mulai omong-omongan karo wong kuwi. (Yoh. 4:7) Terus, saka pakaiané, awaké dhéwé mungkin ya isa ngerti asalé wong kuwi, apa gawéané, utawa tim olahraga sing disenengi dhèwèké. Salah siji sedulur lanang sing jenengé Gustavo kandha, ”Aku ketemu karo cah lanang sing umuré 19 taun. Dhèwèké nganggo kaos sing ana gambaré salah siji penyanyi terkenal. Terus, pas tak takoni, cah lanang kuwi nyritakké kenapa kok dhèwèké seneng karo penyanyi kuwi. Saka kono, akhiré dhèwèké gelem sinau Alkitab lan saiki wis dibaptis.”

13. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn wong-wong dadi kepéngin sinau Alkitab?

13 Bèn wong-wong dadi kepéngin sinau Alkitab, awaké dhéwé isa nduduhké apa manfaaté sinau Alkitab kanggo dhèwèké. (Yoh. 4:13-15) Misalé, salah siji sedulur wédok sing jenengé Poppy ketemu karo wong wédok sing péngin ngerti luwih akèh soal Alkitab. Sakwisé dikongkon mlebu karo wong wédok kuwi, Poppy ndelok ana ijasah sing dipajang ing témbok sing nduduhké nèk wong wédok kuwi profésor ing bidang pendidikan. Terus, Poppy kandha nèk program sinau Alkitab lan perhimpunané Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi ya mènèhi pendidikan marang wong-wong. Akhiré, wong wédok kuwi gelem sinau Alkitab. Dhèwèké ya langsung teka ing perhimpunan lan kebaktian. Setaun sakwisé kuwi, dhèwèké dibaptis. Dadi, awaké dhéwé isa mikir, ’Kira-kira apa ya sing disenengi karo wong sing arep tak parani manèh? Piyé ya carané aku isa njelaské bèn dhèwèké dadi kepéngin sinau Alkitab?’

14. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké bèn sinau Alkitabé isa cocog karo kebutuhané saben wong sing sinau?

14 Awaké dhéwé perlu nggawé persiapan kanggo saben wong sing awaké dhéwé bantu sinau Alkitab. Awaké dhéwé isa mikirké latar belakangé wong kuwi lan apa sing dhèwèké senengi. Wektu persiapan, awaké dhéwé isa milih ayat apa waé sing bakal diwaca, vidéo apa sing arep ditonton, lan perumpamaan apa sing isa digunakké kanggo njelaské wulangané Alkitab. Awaké dhéwé isa mikir, ’Kira-kira, apa ya sing isa nggawé wong kuwi dadi yakin karo wulangané Alkitab?’ (WB. 16:23) Gatèkna pengalamané salah siji perintis sing jenengé Flora. Salah siji wong wédok sing sinau Alkitab karo Flora kandha nèk dhèwèké ora yakin nèk wong mati isa diuripké manèh. Ning, Flora ora meksa wong wédok kuwi. Flora kandha, ”Aku ngerti nèk dhèwèké kudu kenal dhisik karo Gusti Allah bèn isa percaya karo janjiné Alkitab soal wong mati.” Mula, saben sinau Alkitab, Flora nduduhké apa hubungané sing lagi disinaoni karo katresnan, kawicaksanan, lan kuwasané Yéhuwah. Hasilé, wong wédok kuwi dadi percaya nèk wong mati isa urip manèh lan saiki dhèwèké ya wis dadi Seksi Yéhuwah.

NGANGGEP SABEN WONG ISA DADI MURIDÉ YÉSUS

15. Nurut Kisah Para Rasul 17:16-18, apa sing ditindakké wong-wong Athéna, lan apa sebabé Paulus tetep nginjil marang wong-wong kuwi?

15 Wacanen Kisah Para Rasul 17:16-18. Paulus tetep nginjil marang wong-wong Athéna senajan wong-wong kuwi nyembah brahala, nindakké hubungan sèks sing bejat, percaya karo ajaran palsu, lan ngécé Paulus. Apa sebabé? Sakdurungé dadi wong Kristen, Paulus kuwi ”wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan sombong banget”. (1 Tim. 1:13) Ning, Yésus nganggep nèk Paulus isa dadi muridé. Kaya Yésus, Paulus ya nganggep nèk wong-wong Athéna isa dadi muridé Yésus. Hasilé, ana wong-wong Athéna sing akhiré gelem dadi wong Kristen.​—Kis. 9:13-15; 17:34.

16-17. Apa buktiné nèk wong-wong isa dadi muridé Yésus ora soal apa latar belakangé? Wènèhana conto.

16 Wong-wong sing dadi muridé Yésus ing jamané para rasul nduwé latar belakang sing béda-béda. Misalé, wektu nulis surat kanggo wong-wong Kristen sing manggon ing kutha Korintus ing Yunani, Paulus nyebutké nèk ana sedulur-sedulur ing kono sing mbiyèné tau dadi penjahat utawa nindakké hubungan sèks sing bejat. Ning, ing suraté, Paulus ya kandha marang sedulur-sedulur kuwi, ”Saiki kowé wis digawé resik.” (1 Kor. 6:9-11) Nèk wektu kuwi awaké dhéwé ketemu karo wong-wong Korintus, apa awaké dhéwé ya mikir nèk wong-wong kuwi isa dadi muridé Yésus?

17 Saiki, akèh wong sing gelem berubah merga péngin dadi muridé Yésus. Misalé, perintis istiméwa ing Australia sing jenengé Yukina nggatèkké nèk ana wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik ora soal apa latar belakangé. Misalé, wektu nginjil ing dhaérah bisnis, Yukina ketemu karo cah wédok sing tatonan. Yukina kandha, ”Senajan awalé ragu-ragu, ning aku tetep mènèhi kesaksian marang cah wédok kuwi. Aku dadi ngerti nèk ana ayat-ayat saka buku Jabur sing dadi tatoné. Iki nduduhké nèk dhèwèké seneng karo isiné Alkitab.” Cah wédok kuwi akhiré gelem sinau Alkitab lan teka ing perhimpunan. *

18. Apa sebabé awaké dhéwé aja cepet-cepet nggawé kesimpulan sing klèru soal wong-wong sing ditemoni wektu nginjil?

18 Wektu Yésus madhakké wong-wong kaya gandum sing siap dipanèn, apa kuwi artiné Yésus lagi kandha nèk bakal ana akèh wong sing gelem dadi muridé? Ora. Alkitab wis ngramalké nèk mung sithik sing bakal nduwé iman marang Yésus. (Yoh. 12:37, 38) Pancèn, Yésus ngutamakké wong-wong sing percaya marang dhèwèké. Ning, Yésus ya tetep semangat nginjil marang kabèh wong senajan dhèwèké wis ngerti isi atiné wong-wong. (Mat. 9:4) Awaké dhéwé ora isa ngerti isi atiné wong liya. Mula, awaké dhéwé aja cepet-cepet nggawé kesimpulan sing klèru soal wong-wong sing ditemoni wektu nginjil. Awaké dhéwé kudu nganggep nèk saben wong isa dadi muridé Yésus. Salah siji utusan injil ing Burkina Faso sing jenengé Marc kandha, ”Wong-wong sing tak pikir bakal nggawé kemajuan akhiré malah mandheg sinau Alkitab. Ning, wong-wong sing tak pikir ora bakal nggawé kemajuan akhiré malah nggawé kemajuan sing apik. Aku dadi ngerti nèk sing paling apik kuwi awaké dhéwé manut karo arahané roh suci.”

19. Piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé marang wong-wong sing awaké dhéwé temoni wektu nginjil?

19 Awalé, mungkin awaké dhéwé nganggep nèk ora ana akèh wong ing dhaérah nginjilé awaké dhéwé sing isa dipadhakké kaya gandum sing siap dipanèn. Ning, awaké dhéwé isa éling kata-katané Yésus nèk ladhang-ladhang wis putih lan siap dipanèn. Wong-wong isa berubah lan akhiré gelem dadi muridé Yésus. Yéhuwah nganggep wong-wong kuwi ’raja-brana’, utawa barang-barang sing berharga kanggo Yéhuwah. (Hg. 2:8) Nèk nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé bakal ngupaya kanggo mikirké latar belakangé wong-wong sing ditemoni lan apa sing dhèwèké senengi. Awaké dhéwé ya bakal yakin nèk wong-wong kuwi isa dadi seduluré awaké dhéwé.

LAGU 57 Martakké marang Kabèh sing Ditemoni

^ par. 5 Pandhangané awaké dhéwé marang wong-wong sing ditemoni wektu nginjil kuwi ana pengaruhé kanggo carané awaké dhéwé nginjil lan mulang. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé pandhangané Yésus lan Rasul Paulus soal wong-wong sing ditemoni wektu nginjil. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug telung cara kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nduwé pandhangan sing padha kaya Yésus lan Rasul Paulus. Cara-cara kuwi yaiku ngupaya kanggo ngertèni kepercayaané wong sing ditemoni, nggolèk topik sing bakal disenengi, lan nganggep nèk saben wong isa dadi muridé Yésus.

^ par. 17 Ing sèri artikel ”Kuwasané Alkitab”, ana luwih akèh conto soal wong-wong sing tingkah lakuné isa berubah merga sinau Alkitab. Sèri artikel kuwi ana ing Warta Penting nganti taun 2017 lan saiki ana ing jw.org®. Deloken ing bagéan BAB SEKSI YÉHUWAH > PENGALAMAN.

^ par. 57 GAMBAR: Suami istri sing lagi nginjil ing omah-omah nggatèkké tenanan omah sing (1) rapi lan ana akèh tandurané; (2) dienggoni keluarga sing nduwé anak cilik; (3) ora tau diresiki; lan (4) ana salibé. Nurut njenengan, kira-kira omah endi sing bakal nampa kabar apik?