Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 14

Niru Contoné Yésus

Niru Contoné Yésus

”Kristus waé ngalami kesusahan demi kowé. Dhèwèké dadi conto bèn isa bener-bener mbok tiru.”​—1 PTR. 2:21.

LAGU 13 Niru Tuladhané Yésus

ISINÉ ARTIKEL IKI *

Kaya pemandhu sing jejaké kétok ing pasir lan isa dietutké, Yésus ya mènèhi conto bèn isa ditiru murid-muridé (Deloken paragraf 1-2)

1-2. Kenapa murid-muridé Yésus isa niru Yésus? Wènèhana perumpamaan.

BAYANGNA njenengan lagi mlaku ing padhang pasir karo kanca-kancané njenengan. Ing ngarepé njenengan, ana pemandhu sing wis pengalaman. Merga wis ketinggalan, njenengan ora isa ndelok pemandhu kuwi. Ning, njenengan ora kuwatir merga njenengan isa ndelok jejaké pemandhu kuwi ing pasir. Mula, njenengan lan kanca-kancané njenengan ngupaya bèn isa ngetutké jejak kuwi.

2 Merga urip ing antarané wong-wong sing ora nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé isa dipadhakké kaya wong sing lagi mlaku ing padhang pasir sing panas lan berbahaya. Ning, awaké dhéwé ora perlu kuwatir merga isa ngetutké langkahé Yésus, pemimpin sing wis dipilih Yéhuwah. (1 Ptr. 2:21, deloken cathetan ngisor.) Ing 1 Pétrus 2:21, Pétrus sakjané lagi madhakké Yésus kaya pemandhu. Kaya pemandhu sing jejaké kétok ing pasir lan isa dietutké, Yésus ya mènèhi conto bèn isa ditiru murid-muridé. Saiki, ayo ngrembug pitakonan-pitakonan iki: Yésus mènèhi conto apa kanggo murid-muridé? Apa waé manfaaté nèk niru Yésus? Piyé carané bèn isa niru Yésus?

YÉSUS MÈNÈHI CONTO APA?

3. Kenapa niru contoné wong liya isa digambarké kaya ngetutké jejak langkah?

3 Kenapa niru contoné wong liya isa digambarké kaya ngetutké jejak langkah? Ing Alkitab, kata ”mlaku” lan ”sikil” kadhang isa dienggo nggambarké tumindaké wong liya. (PD. 6:9, ctn.; WB. 4:26, ctn.) Dadi, contoné wong liya kuwi isa dipadhakké kaya jejak langkah sing kétok wektu wong kuwi mlaku. Mula, wong sing niru contoné wong liya cocog nèk digambarké kaya wong sing lagi ngetutké jejak langkah.

4. Apa maksudé ngetutké langkahé Yésus?

4 Nèk niru contoné Yésus, awaké dhéwé kaya-kayané lagi ngetutké langkahé Yésus. Yésus wis mènèhi conto apa kanggo murid-muridé? Kaya sing disebutké ing ayat téma artikel iki, Rasul Pétrus kandha nèk Yésus tetep setya senajan ngalami kesusahan. Ning, isih ana akèh manèh sing isa ditiru saka Yésus. (1 Ptr. 2:18-25) Sakjané, kabèh omongan lan tumindaké Yésus dadi conto sing isa ditiru karo murid-muridé.

5. Apa manungsa sing ora sampurna isa bener-bener niru contoné Yésus? Jelasna.

5 Merga ora sampurna, apa awaké dhéwé isa bener-bener niru contoné Yésus? Ya, isa. Pétrus ora kandha nèk awaké dhéwé kudu dadi sampurna kaya Yésus, ning kandha nèk awaké dhéwé kudu ’bener-bener niru’ Yésus. Dadi, senajan ora sampurna, awaké dhéwé isa ngupaya tenanan bèn isa niru Yésus. Nèk ngupayakké kuwi, awaké dhéwé wis manut karo naséhaté Rasul Yohanes sing kandha nèk awaké dhéwé ”kudu nindakké sing padha kaya sing ditindakké Yésus”.​—1 Yoh. 2:6.

APA MANFAATÉ NÈK NIRU YÉSUS?

6-7. Kenapa awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah nèk niru Yésus?

6 Cedhak karo Yéhuwah. Kenapa awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah nèk niru Yésus? Pertama, Yésus wis nggawé Gusti Allah seneng. (Yoh. 8:29) Dadi, nèk niru Yésus, awaké dhéwé ya isa nggawé Gusti Allah seneng. Merga awaké dhéwé wis ngupaya bèn isa dadi kancané Gusti Allah lan nyenengké Dhèwèké, Gusti Allah mesthi ya bakal nyedhak marang awaké dhéwé.​—Yak. 4:8.

7 Keloro, Yésus kuwi bener-bener niru Bapaké. Mula, Yésus isa kandha, ”Sapa waé sing wis ndelok aku ya wis ndelok Bapak.” (Yoh. 14:9) Merga niru Yéhuwah, Yésus ngrasa mesakké lan gelem mbantu wong sing lara kusta, wong wédok sing lara parah, lan wong sing sedhih merga ditinggal mati keluargané. Dadi, nèk awaké dhéwé niru sipat-sipaté Yésus, kuwi artiné awaké dhéwé ya niru Yéhuwah. (Mrk. 1:40, 41; 5:25-34; Yoh. 11:33-35) Merga niru Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa luwih cedhak karo Yéhuwah.

8. Kenapa awaké dhéwé isa ”ngalahké” donya nèk niru Yésus?

8 Isa terus nglayani Yéhuwah lan ora kepengaruh karo donya iki. Ing bengi sakdurungé mati, Yésus kandha, ”Aku wis ngalahké donya.” (Yoh. 16:33) Yésus isa ngomong kaya ngono merga dhèwèké ora gelem dipengaruhi karo wong-wong sing ora nglayani Yéhuwah. Yésus terus ngluhurké Yéhuwah merga ngerti nèk kuwi tujuané dhèwèké diutus ing bumi. Saiki, ya ana akèh sing isa mengaruhi awaké dhéwé bèn ora nglayani Yéhuwah. Ning, kaya Yésus, nèk awaké dhéwé terus manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa ”ngalahké” donya.​—1 Yoh. 5:5.

9. Piyé carané bèn isa urip saklawasé?

9 Isa urip saklawasé. Wektu ana wong lanang sing takon piyé carané bèn isa urip saklawasé, Yésus njawab, ”Dadia muridku.” (Mat. 19:16-21) Terus, marang wong-wong Yahudi sing ora percaya nèk dhèwèké kuwi Kristus, Yésus kandha, ”Domba-dombaku . . . ngetutké aku. Aku bakal mènèhi domba-dombaku urip saklawasé.” (Yoh. 10:24-29) Yésus ya kandha marang anggota Sanhèdrin sing péngin ngerti ajarané Yésus, yaiku Nikodémus, nèk wong sing ”nduduhké iman” karo Yésus bakal ”isa urip saklawasé”. (Yoh. 3:16) Awaké dhéwé nduduhké iman karo Yésus nèk manut lan niru Yésus. Hasilé, awaké dhéwé bakal isa urip saklawasé.​—Mat. 7:14.

PIYÉ CARANÉ NIRU YÉSUS?

10. Piyé carané bèn isa ”kenal karo” Yésus? (Yohanes 17:3)

10 Bèn isa niru Yésus, awaké dhéwé kudu kenal karo Yésus. (Wacanen Yohanes 17:3.) Bèn isa ”kenal karo” Yésus, awaké dhéwé kudu terus sinau sipat-sipaté, pandhangané, lan kabèh sing diwulangké. Ora soal sepira suwéné awaké dhéwé wis dadi Seksi Yéhuwah, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn ”kenal karo” Yéhuwah lan Yésus.

11. Kitab-Kitab Injil nyritakké soal apa?

11 Bèn awaké dhéwé isa kenal karo Yésus, Yéhuwah wis nyedhiakké Kitab-Kitab Injil sing isiné nyritakké kisahé Yésus wektu urip ing bumi. Saka Kitab-Kitab Injil, awaké dhéwé isa ngerti omongané Yésus, tumindaké Yésus, lan piyé perasaané Yésus. Kuwi kabèh dadi conto sing isa awaké dhéwé tiru. Merga ana Kitab-Kitab Injil, awaké dhéwé dadi isa ”mikirké tenanan” contoné Yésus lan luwih kenal karo Yésus. (Ibr. 12:3) Terus, nèk wis luwih kenal, awaké dhéwé ya isa niru Yésus.

12. Piyé carané bèn éntuk manfaat saka kisahé Yésus sing dicathet ing Kitab-Kitab Injil?

12 Bèn éntuk manfaat saka kisahé Yésus, awaké dhéwé kudu maca Kitab-Kitab Injil. Terus, awaké dhéwé ya kudu sinau lan mikirké tenanan sing wis dipelajari. (Bandhingna karo Yosua 1:8.) Bèn isa paham karo apa sing lagi diwaca, pas sinau awaké dhéwé kudu piyé? Piyé carané bèn isa ngerti apa sing kudu ditrapké? Saiki, ayo dirembug loro cara iki.

13. Pas maca Injil, njenengan isa mbayangké apa waé?

13 Pertama, bayangna kisah-kisah sing dicathet ing Kitab-Kitab Injil. Pas maca Injil, njenengan isa mbayangké nèk njenengan ana ing kono. Bayangna njenengan ndelok lan ngrungokké apa sing lagi kelakon. Terus, bayangna piyé perasaané wong-wong sing ana ing kono. Bèn isa mbayangké, njenengan isa nggolèk katrangan soal kisah kuwi saka bacaan-bacaan sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah. Njenengan isa nggatèkké apa sing kelakon sakdurungé utawa sakwisé kisah kuwi. Terus, njenengan ya isa nggolèk informasi soal wong-wong utawa panggonan sing disebutké ing kisah kuwi. Kadhang, ana penulis injil sing nyebutké perincian sing ora disebutké karo penulis injil liyané. Mula, njenengan ya perlu mbandhingké kisah sing lagi diwaca karo kisah sing padha sing dicathet karo penulis Injil liyané.

14-15. Bèn isa ngerti apa sing kudu ditrapké, awaké dhéwé isa mikirké apa?

14 Keloro, ngetrapké apa sing dipelajari saka Kitab-Kitab Injil. (Yoh. 13:17) Bèn isa ngerti apa sing kudu ditrapké, sakwisé sinau njenengan isa mikirké iki: ’Apa ya sing isa tak pelajari saka kisah iki? Piyé aku isa nggunakké kisah iki kanggo mbantu wong liya?’ Mungkin, njenengan isa mikirké kanca utawa keluargané njenengan sing isa éntuk manfaat saka kisah kuwi. Terus, njenengan isa nggolèk wektu sing cocog bèn isa nyritakké sing wis njenengan pelajari saka kisah kuwi.

15 Saiki, ayo nyoba nggunakké loro cara kuwi kanggo ngrembug kisahé Yésus wektu ndelok randha mlarat ing bait.

RANDHA MLARAT ING BAIT

16. Critakna apa sing isa njenengan bayangké wektu maca Markus 12:41.

16 Mbayangké kisahé. (Wacanen Markus 12:41.) Bayangna situasiné. Peristiwa iki kelakon tanggal 11 Nisan taun 33 M, yaiku telung dina sakdurungé Yésus mati. Wektu kuwi, Yésus lagi mulang ing bait. Para pemimpin agama golèk-golèk masalah karo Yésus lan péngin ngerti Yésus éntuk kuwasa saka sapa. Terus, sing liyané péngin nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé. (Mrk. 11:27-33; 12:13-34) Sakwisé mulang, Yésus pindhah ing panggonan liya ing bait, mungkin ing panggonan sing disebut Halaman Wong Wédok. Ing kono, Yésus isa ndelok kothak-kothak sumbangan. Yésus lungguh karo ndelok wong-wong sing lagi nglebokké dhuwit ing kothak sumbangan. Yésus ndelok ana wong-wong sugih sing nyumbangé akèh. Mungkin, Yésus lungguhé ora pati adoh saka kono. Dadi, isa waé Yésus krungu swarané dhuwit sing kemrincing wektu dilebokké ing kothak sumbangan.

17. Critakna soal randha mlarat sing disebutké ing Markus 12:42.

17 Wacanen Markus 12:42. Pas nggatèkké wong-wong sing lagi nyumbang, Yésus ndelok ana ”randha mlarat” mara ing kothak sumbangan. Merga uripé susah, randha kuwi mungkin ora isa nyukupi kebutuhané. Ning, dhèwèké tetep nyumbang lan nglebokké dhuwit rècèh loro sing cilik banget nilainé. Merga sumbangané mung sithik, mungkin dhuwit kuwi swarané ora kemrincing wektu dilebokké ing kothak sumbangan. Yésus ngerti wektu randha mlarat kuwi nglebokké sumbangané, yaiku rong lèpta. Dhuwit lèpta kuwi dhuwit sing paling cilik nilainé pas jamané Yésus. Saking sithiké, dhuwit sing disumbangké randha kuwi ora isa dienggo tuku manuk emprit siji, padahal manuk emprit kuwi manuk sing regané paling murah.

18. Nurut Markus 12:43, 44, piyé pandhangané Yésus soal sumbangané randha mlarat kuwi?

18 Wacanen Markus 12:43, 44. Yésus bener-bener kagum karo randha kuwi. Mula, Yésus ngundang murid-muridé, ngongkon murid-muridé nggatèkké randha kuwi, lan kandha, ”Randha mlarat iki nglebokké sumbangan sing luwih akèh timbang wong-wong liyané.” Terus, Yésus kandha, ”Wong-wong liyané [khususé sing sugih] mènèhi persembahan saka hartané sing turah-turah. Ning randha kuwi mènèhi kabèh duwèké, yaiku kabèh sing sakjané isa dienggo nyambung uripé, senajan dhèwèké mlarat.” Merga mènèhké kabèh dhuwité, randha kuwi nduduhké nèk dhèwèké percaya nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké lan bakal nyukupi kebutuhané.​—Mzm. 26:3.

Kaya Yésus, awaké dhéwé isa ngalem sedulur-sedulur merga wis mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah (Deloken paragraf 19-20) *

19. Apa sing isa dipelajari saka omongan Yésus soal randha mlarat?

19 Ngetrapké sing dipelajari. Sakwisé maca kisahé, njenengan isa mikirké iki: ’Apa ya sing isa tak pelajari saka omongan Yésus soal randha mlarat kuwi?’ Randha kuwi mesthiné péngin mènèhi sumbangan luwih akèh. Ning, senajan sumbangané mung sithik, randha kuwi wis mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Yésus ya ngerti nèk Yéhuwah nganggep berharga sumbangané randha kuwi. Dadi, pelajarané: Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé mènèhi sing paling apik, yaiku ngabdi marang Yéhuwah saktulusé ati lan sepenuh jiwa. (Mat. 22:37; Kol. 3:23) Yéhuwah menghargai kabèh upayané awaké dhéwé kanggo nglayani Dhèwèké, termasuk wektu mènèhi koméntar lan teka berhimpun. Nèk awaké dhéwé wis ngupaya sak isa-isané, kuwi nggawé Yéhuwah seneng.

20. Piyé carané nggunakké kisahé randha mlarat kanggo nguwatké wong liya?

20 Piyé carané nggunakké kisahé randha mlarat kuwi kanggo nguwatké wong liya? Mungkin, ana kanca utawa keluargané njenengan sing butuh dikuwatké. Misalé, mungkin njenengan kenal karo sedulur wédok sing wis tuwa lan lara-laranen sing lagi sedhih merga ora isa kerep nginjil manèh kaya mbiyèn. Utawa, mungkin ana sedulur lanang sing lara parah lan sedhih merga ora isa mèlu berhimpun ing Balé Ibadah. Njenengan isa ”ngomongké apa sing apik kanggo nguwatké” sedulur-sedulur kuwi. (Éf. 4:29) Njenengan isa nyritakké apa sing wis njenengan pelajari saka kisahé randha mlarat. Njenengan ya isa ngandhani sedulur-sedulur kuwi nèk Yéhuwah mesthi seneng merga sedulur-sedulur kuwi wis ngupaya sak isa-isané nglayani Yéhuwah. Hasilé, sedulur-sedulur kuwi mesthi seneng lan dadi luwih semangat. (WB. 15:23; 1 Tés. 5:11) Mungkin, sing diwènèhké sedulur-sedulur kuwi kétoké mung sithik. Ning, njenengan tetep isa ngalem sedulur-sedulur kuwi merga wis mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Nèk ngupayakké kuwi, berarti njenengan wis niru contoné Yésus.

21. Apa tékadé njenengan?

21 Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga kisahé Yésus dicathet ing Kitab-Kitab Injil. Saka kisah-kisah kuwi, awaké dhéwé isa sinau soal Yésus lan akhiré isa niru contoné. Mungkin, njenengan isa nyoba nggunakké Kitab-Kitab Injil kanggo bahan sinau Alkitab pribadi utawa Ibadah Keluarga. Kaya sing wis disebutké mau, bèn isa éntuk luwih akèh manfaat pas sinau, awaké dhéwé kudu mbayangké kisahé lan ngetrapké sing wis dipelajari. Sakliyané niru contoné Yésus, awaké dhéwé ya kudu ngrungokké kata-katané Yésus. Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug kata-katané Yésus wektu dipaku ing cagak.

LAGU 15 Pujinen Putra Mbarepé Huwah!

^ par. 5 Kristus dadi ”conto” sing kudu ditiru murid-muridé. ”Conto” apa saka Yésus sing kudu ditiru murid-muridé? Apa waé manfaaté nèk niru Yésus? Piyé carané bèn isa niru Yésus? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dijawab ing artikel iki.

^ par. 60 GAMBAR: Sakwisé ngrenungké omongané Yésus soal randha mlarat, sedulur wédok iki ngalem sedulur wédok sing wis sepuh merga wis sak isa-isané nglayani Yéhuwah.