Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Sakdurungé mati, kenapa Yésus ngutip kata-katané Daud sing dicathet ing Mazmur 22:1?

Salah siji omongané Yésus pas dipaku ing cagak dicathet ing Matius 27:46. Pas kuwi, Yésus kandha, ”Gusti Allahku, Gusti Allahku, ngapa kok Njenengan ninggalké aku?” Kata-katané Yésus kuwi ngutip saka Mazmur 22:1. Wektu Yésus ngomong kaya ngono, ramalan sing dicathet ing Mazmur 22:1 kelakon. (Mrk. 15:34) Pas Yésus ngomong ngono, kuwi ora berarti Yésus kurang iman utawa ngrasa nèk Gusti Allah ninggalké dhèwèké. Kok isa? Yésus ngerti nèk dhèwèké kudu mati bèn isa dadi tebusan, lan Yésus dhéwé ya gelem ngorbanké uripé. (Mat. 16:21; 20:28) Yésus ya ngerti nèk Yéhuwah ora bakal ”nglindhungi” pas Yésus dipatèni. (Ayb. 1:10) Merga ora dilindhungi Yéhuwah, Yésus isa mbuktèkké nèk dhèwèké isa tetep setya senajan disiksa nganti mati.​—Mrk. 14:35, 36.

Pancèn awaké dhéwé ora ngerti pasti kenapa Yésus ngutip kata-kata ing Mazmur 22:1. Ning, ayo dirembug beberapa kemungkinan iki. *

Yésus mungkin péngin nduduhké nèk Yéhuwah ora bakal nyegah Yésus dipatèni. Yésus kudu mati bèn isa nebus ”kabèh wong”. (Ibr. 2:9) Mula, Yéhuwah ora nglindhungi pas Yésus dipatèni.

Yésus mungkin péngin murid-muridé mikirké kabèh ayat ing Mazmur 22. Wektu kuwi, wong Yahudi biasané ngapalké ayat-ayat ing Kitab Mazmur. Nèk ana sing nyebutké siji ayat saka salah siji mazmur, wong Yahudi isa langsung kèlingan ayat-ayat liyané ing mazmur kuwi. Dadi, mungkin Yésus ngutip Mazmur 22:1 bèn murid-muridé kèlingan karo ayat-ayat liyané ing Mazmur 22. Ing ayat-ayat kuwi, ana ramalan soal apa sing bakal dialami Yésus sakdurungé mati. (Mzm. 22:7, 8, 15, 16, 18, 24) Terus, ing ayat-ayat terakhir Mazmur 22, Yéhuwah dipuji, lan ana ayat sing nyebutké nèk Yéhuwah kuwi raja sing mréntah kabèh wong ing bumi.​—Mzm. 22:27-31.

Yésus mungkin péngin nduduhké nèk dhèwèké ora bersalah. Sakdurungé dihukum mati, Yésus ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah lan diputuské bersalah karo kabèh anggota Sanhèdrin. Padahal, Yésus ora salah apa-apa. (Mat. 26:65, 66) Apa manèh wektu kuwi, kabèh anggota Sanhèdrin langsung ngumpul pas tengah wengi kanggo ngadili Yésus. Carané anggota Sanhèdrin ngadili Yésus bener-bener ora cocog karo hukum sing ana wektu kuwi. (Mat. 26:59; Mrk. 14:56-59) Dadi, pas ngomong, ”Gusti Allahku, Gusti Allahku, ngapa kok Njenengan ninggalké aku?”, Yésus mungkin lagi nduduhké nèk dhèwèké sakjané ora salah lan ora pantes dihukum mati.

Yésus mungkin péngin nduduhké nèk wektu Daud ngalami masalah, kuwi dudu bukti nèk Yéhuwah ninggalké Daud. Omongané Daud sing dicathet ing Mazmur 22:1 ora nduduhké nèk dhèwèké kurang iman. Apa buktiné? Sakwisé ngomong kaya ngono, Daud kandha nèk Yéhuwah isa nylametké umaté. Iki bukti nèk Daud percaya karo Yéhuwah, lan Yéhuwah ya terus mberkahi Daud. (Mzm. 22:23, 24, 27) Dadi, senajan Yésus, sing disebut ”Anaké Daud”, dianiaya lan dipaku ing cagak hukuman, iki dudu bukti nèk Yéhuwah ninggalké Yésus.​—Mat. 21:9.

Yésus mungkin sedhih merga dhèwèké kudu disiksa lan ora dilindhungi Yéhuwah bèn isa mbuktèkké nèk tetep setya nganti mati. Yéhuwah sakjané ora péngin Anaké disiksa lan dipatèni. Ning, Yésus kudu ngalami kuwi merga Adam lan Hawa ora manut. Yésus sakjané ora salah apa-apa. Ning, bèn isa njawab tudhuhané Sétan lan nebus manungsa, Yésus kudu ngorbanké uripé. (Mrk. 8:31; 1 Ptr. 2:21-24) Wektu Yésus dipatèni, kuwi pertama kaliné Yéhuwah ora nglindhungi Yésus.

Yésus mungkin péngin murid-muridé mikirké alesané Yéhuwah ora nyegah Yésus dihukum mati kaya penjahat. * Yésus ngerti nèk merga dhèwèké dihukum mati ing cagak hukuman, wong-wong bakal nganggep dhèwèké kaya penjahat. (1 Kor. 1:23) Ning, nèk mikirké tenanan alesané Yésus kudu mati, murid-muridé Yésus bakal ngerti nèk Yésus dihukum mati bèn isa mbébaské wong Yahudi saka kutukané Hukum Musa. (Gal. 3:13, 14) Hasilé, murid-muridé Yésus bakal nganggep nèk Yésus kuwi wong sing nylametké, dudu penjahat.

Ora soal apa alesané Yésus ngutip kata-katané Daud, sing pasti Yésus ngerti nèk dhèwèké dihukum mati merga nuruti karepé Yéhuwah. Sakwisé ngutip kata-katané Daud, Yésus kandha, ”Tugasku wis rampung.” (Yoh. 19:30; Luk. 22:37) Merga Yéhuwah ora nglindhungi Yésus wektu dihukum mati, Yésus isa ngrampungké kabèh tugasé ing bumi lan kabèh sing ditulis soal Yésus ”ing Hukum Musa, Tulisané Para Nabi, lan Mazmur” isa kelakon.​—Luk. 24:44.

^ par. 2 Deloken paragraf 9 lan 10 ing artikel ”Sing Isa Dipelajari saka Omongané Yésus Pas Dipaku ing Cagak” sing ana ing majalah iki.

^ par. 4 Pas ngomong utawa takon karo wong liya, kadhang Yésus nduwé tujuan tertentu. Misalé, Yésus péngin ngerti apa sing dipikirké murid-muridé.​—Mrk. 7:24-27; Yoh. 6:1-5; deloken Menara Pengawal 15 Oktober 2010, halaman 4-5.