Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 16

Terus Bersyukur Merga Tebusan

Terus Bersyukur Merga Tebusan

’Anaké manungsa teka kanggo masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh.’​—MRK. 10:45.

LAGU 18 Maturnuwun kanggo Tebusan

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Tebusan kuwi maksudé apa, lan kenapa awaké dhéwé butuh tebusan?

MERGA Adam nggawé dosa, dhèwèké lan keturunané ora isa urip saklawasé. Dosané Adam ora isa diapura merga kuwi pilihané dhéwé. Mula, Adam pantes dihukum mati. Ning, keturunané Adam kan ora ngerti apa-apa lan ora mèlu-mèlu wektu Adam nggawé dosa. (Rm. 5:12, 14) Apa isa keturunané Adam dibébaské saka kematian lan urip saklawasé? Isa. Ora suwé sakwisé Adam nggawé dosa, Yéhuwah mulai nduduhké carané mbébaské keturunané Adam saka dosa lan kematian. (PD. 3:15) Yéhuwah wis nentokké kapan Dhèwèké bakal ngutus Anaké saka swarga, bèn Anaké isa ”masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh”.​—Mrk. 10:45; Yoh. 6:51.

2 Wektu disebutké ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, tebusan kuwi maksudé Yésus masrahké uripé bèn keturunané Adam isa urip saklawasé. (1 Kor. 15:22) Kenapa awaké dhéwé butuh tebusan? Kaya sing disebutké ing Hukum Taurat, Yéhuwah nduwé aturan nèk nyawa kudu diganti nganggo nyawa. (Pa. 21:23, 24) Adam wis nggawé dhèwèké lan keturunané dadi ora sampurna. Mula, Yésus masrahké uripé sing sampurna bèn keturunané Adam isa urip sampurna manèh. (Rm. 5:17) Merga gelem masrahké uripé, Yésus dadi ”Bapak sing Ana Saklawasé” kanggo wong-wong sing nduduhké iman marang tebusan.​—Yés. 9:6; Rm. 3:23, 24.

3. Nurut Yohanes 14:31 lan 15:13, kenapa Yésus gelem ngorbanké uripé sing sampurna?

3 Yésus gelem ngorbanké uripé merga bener-bener nresnani Bapaké lan awaké dhéwé. (Wacanen Yohanes 14:31; 15:13.) Merga nresnani Bapaké lan awaké dhéwé, Yésus gelem nuruti kepénginané Bapaké lan setya nganti mati. Hasilé, manungsa isa nduwé harapan urip saklawasé lan bumi isa dadi firdaus kaya sing dipéngini Yéhuwah wektu nyiptakké bumi lan manungsa. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa Yéhuwah ora nulungi wektu Yésus disiksa nganti mati. Terus, awaké dhéwé bakal ndelok contoné Rasul Yohanes sing bener-bener bersyukur merga tebusan. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané nduduhké nèk bersyukur merga tebusan lan piyé carané bèn luwih menghargai pengorbanané Yéhuwah lan Yésus.

KENAPA YÉSUS KUDU DISIKSA LAN DIPATÈNI?

Bayangna apa sing dialami Yésus bèn isa nebus awaké dhéwé (Deloken paragraf 4)

4. Critakna apa sing dialami Yésus sakdurungé mati.

4 Bayangna apa sing dialami Yésus sakdurungé dihukum mati. Yésus sakjané isa njaluk bantuané para malaékat bèn nglindhungi dhèwèké. Ning, Yésus ora nglawan wektu dicekel karo para prajurit Romawi. Bar kuwi, Yésus dipecuti karo para prajurit kuwi. (Mat. 26:52-54; Yoh. 18:3; 19:1) Sakwisé dipecuti, Yésus dikon mikul cagak sing abot. Padahal, gegeré Yésus luka parah. Yésus mikul cagak kuwi menyang panggonan sing dienggo ngukum dhèwèké. Ning merga Yésus ora kuwat, para prajurit Romawi ngongkon wong liya mikul cagaké Yésus. (Mat. 27:32) Pas wis tekan ing panggonan sing dienggo ngukum mati Yésus, tangan lan sikilé Yésus dipaku ing cagak. Tangan lan sikilé Yésus mesthi lara banget merga nahan awaké. Ing kono, ana kanca-kanca lan ibuné Yésus sing lagi nangis. Ning, para pemimpin Yahudi malah ngécé Yésus. (Luk. 23:32-38; Yoh. 19:25) Yésus mesthi ngrasakké lara nganti pirang-pirang jam. Merga tangan lan sikilé Yésus dipaku, dienggo ambegan waé rasané mesthi lara banget. Yésus ngerti nèk tugasé wis rampung, lan persis sakdurungé mati, Yésus ndonga marang Yéhuwah. Bar kuwi, Yésus ndhingkluk, terus mati. (Mrk. 15:37; Luk. 23:46; Yoh. 10:17, 18; 19:30) Yésus disiksa, matiné alon-alon, lan dianggep kaya penjahat. Kabèh sing dialami Yésus iki mesthi nggawé dhèwèké sengsara banget.

5. Apa sing paling nggawé Yésus sedhih?

5 Pancèn, Yésus kudu disiksa lan dipatèni. Ning, kanggoné Yésus, sing paling nggawé sedhih kuwi merga dhèwèké ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah. (Mat. 26:64-66) Tudhuhan kuwi bener-bener nggawé Yésus kuwatir. Saking kuwatiré, Yésus nganti njaluk Bapaké bèn ora ngalami kuwi. (Mat. 26:38, 39, 42) Terus, kenapa Yéhuwah meneng waé wektu Yésus disiksa lan dipatèni? Ayo dirembug telu alesané.

6. Kenapa Yésus kudu digantung ing cagak?

6 Pertama, Yésus kudu digantung ing cagak bèn isa mbébaské wong Yahudi saka kutukané Hukum Musa. (Gal. 3:10, 13, ctn.) Wong Yahudi pancèn kudu mati merga dosa saka Adam. (Rm. 5:12) Ning, merga ora nepati janjiné sing kandha nèk arep manut Hukum Musa, wong Yahudi ya dadi wong sing dikutuk. Terus, piyé carané Yésus mbébaské wong Yahudi saka kutukan kuwi? Hukum Musa kandha nèk wong sing nindakké dosa lan éntuk hukuman mati, mayaté kudu digantung ing cagak. * Hukum kuwi ya kandha nèk wong sing mayaté digantung ing cagak kuwi wong sing dikutuk. (PT. 21:22, 23; 27:26) Dadi, merga Yésus wis digantung ing cagak, Yésus isa nggantèni wong Yahudi dadi wong sing dikutuk. Hasilé, wong Yahudi isa éntuk manfaat saka tebusané Yésus, senajan wong-wong kuwi wis nolak dhèwèké.

7. Apa alesan keloro Yéhuwah ora nulungi wektu Yésus disiksa nganti mati?

7 Keloro, Yéhuwah péngin nglatih Yésus merga sukmbèn Yésus bakal dadi Imam Agung. Yésus wis ngrasakké dhéwé nèk manut karo Gusti Allah kuwi ora gampang nèk lagi ngadhepi masalah sing abot. Saking aboté sing kudu diadhepi, Yésus nganti ndonga njaluk bantuané Yéhuwah ’karo nangis lan nganggo swara banter’. Merga wis tau ngalami masalah sing abot, Yésus ”isa mbantu” wektu awaké dhéwé ”lagi diuji”. Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah wis nglantik Yésus dadi Imam Agung sing ”isa ngerti kelemahané awaké dhéwé”.​—Ibr. 2:17, 18; 4:14-16; 5:7-10.

8. Apa alesan ketelu Yéhuwah ora nulungi wektu Yésus dianiaya nganti mati?

8 Ketelu, Yéhuwah ora nulungi wektu Yésus dianiaya nganti mati bèn isa njawab tudhuhané Sétan. Sétan nudhuh manungsa ora bakal isa tetep setya nèk dianiaya. Sétan kandha nèk manungsa gelem nglayani Yéhuwah mung merga péngin diberkahi. Sétan ya nganggep nèk kabèh manungsa kuwi padha kaya Adam sing ora sayang karo Yéhuwah. (Ayb. 1:9-11; 2:4, 5) Merga yakin nèk Anaké bakal tetep setya, Yéhuwah ora nulungi wektu Yésus dianiaya nganti mati. Yésus tetep setya lan mbuktèkké nèk Sétan kuwi tukang ngapusi.

RASUL YOHANES BERSYUKUR MERGA TEBUSAN

9. Kenapa Rasul Yohanes isa dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé?

9 Merga ngerti tenan soal tebusan, akèh wong Kristen dadi nduwé iman sing kuwat. Wong-wong kuwi terus nginjil senajan ditentang lan terus setya senajan ngadhepi akèh masalah. Contoné yaiku Rasul Yohanes. Kétoké nganti luwih saka 60 taun, Rasul Yohanes terus martakké soal Yésus lan tebusan. Merga ”ngomongké soal Gusti Allah lan mènèhi kesaksian soal Yésus”, Yohanes dianggep nglawan pamréntah Romawi. (Why. 1:9) Mula, pas umuré mèh 100 taun, dhèwèké dipenjara ing Pulau Patmos. Rasul Yohanes bener-bener conto sing apik kanggo awaké dhéwé.

10. Apa buktiné nèk Rasul Yohanes bener-bener menghargai tebusan?

10 Ing buku-buku Alkitab sing ditulis Yohanes, Yohanes ngrembug soal tebusan utawa manfaaté tebusan nganti luwih saka ping 100. Misalé, Yohanes nulis, ”Nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulungi awaké dhéwé, yaiku Yésus Kristus sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener.” (1 Yoh. 2:1, 2) Yohanes ya bola-bali ngandhani nèk awaké dhéwé kudu ”mènèhi kesaksian soal Yésus”. (Why. 19:10) Kuwi kabèh bukti nèk Yohanes bener-bener nresnani Yésus lan bersyukur merga tebusan. Terus, piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé menghargai tebusan?

CARANÉ NDUDUHKÉ NÈK BERSYUKUR MERGA TEBUSAN

Nèk bersyukur merga tebusan, awaké dhéwé ora bakal gelem nglanggar pathokané Alkitab (Deloken paragraf 11) *

11. Piyé nèk awaké dhéwé digodha bèn nglanggar pathokané Alkitab?

11 Aja gelem nglanggar pathokané Alkitab. Wektu digodha bèn nglanggar pathokané Alkitab, mungkin ana sing mikir, ’Nèk saiki aku nggawé dosa ki ora apa-apa. Kan mengko tinggal njaluk ngapura.’ Ning, nèk bersyukur merga tebusan, awaké dhéwé ora bakal mikir kaya ngono. Terus, piyé nèk awaké dhéwé digodha bèn nglanggar pathokané Alkitab? Awaké dhéwé isa mikirké kabèh pengorbanané Yéhuwah lan Yésus. Nèk mikirké kuwi, awaké dhéwé ora bakal nyerah wektu digodha. Terus, awaké dhéwé ya isa njaluk kekuwatan saka Yéhuwah lan ndonga, ”Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha.”​—Mat. 6:13.

12. Piyé carané ngetrapké 1 Yohanes 3:16-18?

12 Nresnani sedulur-sedulur. Yésus ngorbanké uripé ora mung kanggo awaké dhéwé, ning ya kanggo sedulur-sedulur. Nèk Yésus gelem mati kanggo sedulur-sedulur, berarti sedulur-sedulur kuwi dianggep berharga karo Yésus. (Wacanen 1 Yohanes 3:16-18.) Mula, nèk awaké dhéwé bersyukur merga tebusan, awaké dhéwé bakal nresnani lan apikan karo sedulur-sedulur. (Éf. 4:29, 31–5:2) Misalé, awaké dhéwé bakal mbantu sedulur-sedulur sing lagi lara utawa lagi ana masalah, termasuk sedulur-sedulur sing kena bencana alam. Ning, piyé nèk ana sedulur sing nggawé awaké dhéwé tersinggung?

13. Kenapa awaké dhéwé kudu ngapura sedulur-sedulur?

13 Apa njenengan kadhang ngrasa nèk ngapura sedulur-sedulur kuwi angèl? (Km. 19:18) Nèk ngono, njenengan isa ngetrapké naséhat iki: ”Senajan ana alesan kanggo tersinggung, kowé kudu terus sabar lan tulus ngapura liyané. Kowé kudu tulus ngapura wong liya, kaya Yéhuwah tulus ngapura kowé.” (Kol. 3:13) Nèk awaké dhéwé ngapura sedulur-sedulur, Yéhuwah isa ngerti nèk awaké dhéwé bersyukur merga tebusan. Terus, piyé carané bèn luwih menghargai tebusan?

CARANÉ BÈN LUWIH MENGHARGAI TEBUSAN

14. Apa salah siji cara bèn luwih menghargai tebusan?

14 Ngomong maturnuwun karo Yéhuwah. Sedulur Joanna saka India sing umuré 83 taun kandha, ”Saben dina kan awaké dhéwé ndonga. Nah, pas ndonga, awaké dhéwé aja nganti lali ngomong maturnuwun karo Yéhuwah merga wis mènèhi tebusan.” Dadi, saben dina pas ndonga, njenengan isa nyritakké wis nggawé kesalahan apa waé, terus njaluka ngapura karo Yéhuwah. Pancèn, nèk dosané gedhé, njenengan kudu njaluk bantuané para pinituwa. Para pinituwa mesthi gelem mbantu njenengan lan bakal tetep apikan wektu mènèhi naséhat saka Alkitab. Para pinituwa bakal ndonga karo njenengan lan njaluk bèn Yéhuwah ngapura njenengan. Hasilé, njenengan isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Yéhuwah.​—Yak. 5:14-16.

15. Apa manfaaté nèk mikirké tenanan soal pengorbanané Yésus?

15 Mikirké tenanan soal tebusan. Rajamani, sedulur wédok sing umuré 73 taun kandha, ”Wektu maca kisahé Yésus sing disiksa nganti mati, aku mesthi nangis.” Njenengan mungkin ya sedhih nèk mbayangké wektu Anaké Gusti Allah disiksa. Ning, nèk njenengan terus mikirké tenanan soal pengorbanané Yésus, njenengan bakal saya nresnani Yéhuwah lan Yésus. Dadi, apa njenengan isa nyedhiakké wektu bèn isa sinau luwih akèh soal tebusan?

Yésus nduduhké carané memperingati kematiané (Deloken artikel pelajaran 16, paragraf 16)

16. Apa manfaaté mulang wong liya soal tebusan? (Deloken gambar ing halaman 1.)

16 Mulang wong liya soal tebusan. Nèk mulang wong liya soal tebusan, awaké dhéwé bakal luwih menghargai tebusan. Ana akèh bacaan lan vidéo sing isa dienggo njelaské kenapa Yésus perlu mati. Misalé, awaké dhéwé isa nggunakké bab 4 saka buku Kabar Apik saka Gusti Allah! sing judhulé ”Sapa Yésus Kuwi?” Awaké dhéwé ya isa nggunakké bab 5 saka buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? sing judhulé ”Tebusan Kuwi Hadiah saka Gusti Allah”. Sakliyané mulang wong liya soal tebusan, awaké dhéwé ya isa luwih menghargai tebusan nèk teka ing acara Pèngetan lan ngundang wong liya bèn isa mèlu ing acara kuwi. Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga isa ngandhani wong liya soal tebusan.

17. Kenapa tebusan kuwi hadiah sing luar biasa saka Yéhuwah?

17 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis mènèhi tebusan. Merga ana tebusan, awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah, senajan awaké dhéwé ora sampurna. Merga ana tebusan, kabèh tumindaké Iblis bakal disingkirké. (1 Yoh. 3:8) Merga ana tebusan, bumi bakal dadi firdaus kaya sing dipéngini Yéhuwah wektu nyiptakké bumi. Akhiré, kabèh wong bakal nresnani Yéhuwah lan nglayani Dhèwèké. Tebusan kuwi bener-bener hadiah sing luar biasa saka Yéhuwah. Mula, ayo terus nduduhké nèk awaké dhéwé bersyukur merga tebusan.

LAGU 20 Putrané sing Paling Aji Dikurbanké

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa Yésus kudu disiksa lan dipatèni. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn luwih menghargai tebusan.

^ par. 6 Maku utawa nggantung wong sing isih urip ing cagak kuwi kebiasaané wong Romawi. Yéhuwah ora nyegah wektu Yésus dipatèni nganggo cara kaya ngono.

^ par. 55 GAMBAR: Ana sedulur lanang telu. Sing siji ora gelem ndelok gambar-gambar sing saru. Sing sijiné nolak wektu ditawani rokok karo kancané. Sing sijiné manèh ora gelem nampa suap.