Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 17

Yéhuwah Bener-Bener Nresnani Njenengan

Yéhuwah Bener-Bener Nresnani Njenengan

”Yéhuwah nresnani umaté.”​—2 BB. 2:11.

LAGU 108 Katresnané Yéhuwah sing Langgeng

ISINÉ ARTIKEL IKI *

”Yéhuwah nresnani umaté”, termasuk awaké dhéwé (Deloken paragraf 1)

1. Yéhuwah ngerti apa waé soal awaké dhéwé?

”YÉHUWAH nresnani umaté.” (2 Bb. 2:11) Kata-kata ing ayat kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé ayem. Yéhuwah nggatèkké sipat-sipat apiké awaké dhéwé, ngerti nèk awaké dhéwé bakal manut préntahé, lan péngin mbantu awaké dhéwé bèn akrab karo Dhèwèké. Nèk terus setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal terus cedhak karo Yéhuwah nganti saklawasé.​—Yoh. 6:44.

2. Kenapa ana sedulur sing nganti mikir nèk Yéhuwah ora mungkin sayang karo dhèwèké?

2 Mungkin, ana sing mikir, ’Yéhuwah pancèn nresnani kabèh umaté. Ning apa ya tenan Yéhuwah nresnani aku?’ Kok isa ana sing mikir kaya ngono? Sedulur wédok sing jenengé Oksana * tau dijahati wong liya pas isih cilik. Dhèwèké kandha, ”Aku seneng banget pas dibaptis, terus aku merintis. Ning 15 taun bar kuwi, aku kèlingan karo kabèh sing tau tak alami pas isih cilik. Aku rumangsa ora berharga lan ora yakin nèk Yéhuwah sayang karo aku.” Yua, sedulur wédok sing nglayani dadi perintis, ya tau ngalami sing padha kaya Oksana. Yua kandha, ”Aku gelem nglayani Yéhuwah merga péngin nggawé Yéhuwah seneng. Ning, aku ora yakin nèk Yéhuwah sayang karo aku.”

3. Pitakonan-pitakonan apa sing bakal dirembug?

3 Njenengan mungkin nduwé perasaan sing padha karo Oksana lan Yua. Njenengan mesthi sayang karo Yéhuwah. Ning, mungkin njenengan ora yakin nèk Yéhuwah sayang karo njenengan. Kenapa awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah bener-bener perduli karo awaké dhéwé? Piyé carané bèn isa yakin nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo awaké dhéwé? Ayo ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi.

AKIBATÉ NÈK NGRASA RAGU-RAGU

4. Kenapa awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé?

4 Merga yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé, awaké dhéwé bakal terus ngupaya nyenengké Yéhuwah, termasuk pas lagi ngadhepi masalah. Ning, nèk ora yakin Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé, ’kekuwatané awaké dhéwé bakal entèk’. (WB. 24:10) Terus, nèk wis ora semangat lan ngrasa nèk Yéhuwah ora sayang, awaké dhéwé isa gampang nyerah wektu digodha Sétan.—Éf. 6:16.

5. Apa akibaté nèk ora yakin Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé? Wènèhana conto.

5 Ana sedulur-sedulur sing mulai mikir nèk Yéhuwah ora sayang lan ora perduli karo sedulur-sedulur kuwi. Akibaté, imané sedulur-sedulur kuwi dadi ora kuwat manèh. Gatèkna koméntaré sedulur-sedulur sing tau ngrasa kaya ngono. Misalé, pinituwa sing jenengé James kandha, ”Aku nglayani ing Bètel lan nggabung ing jemaat sing nggunakké basa asing. Ning, aku ora yakin apa kabèh sing wis tak upayakké kanggo Yéhuwah isa nggawé Yéhuwah seneng. Malah, aku ya tau mikir nèk Yéhuwah ora ngrungokké dongaku.” Eva, sing ya nglayani ing Bètel, kandha, ”Perasaan ragu-ragu kuwi bahaya banget. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé ora semangat nglayani Yéhuwah lan ora bahagia.” Michael, sing nglayani dadi perintis biasa lan pinituwa, kandha, ”Awaké dhéwé ora isa cedhak karo Yéhuwah nèk ora yakin Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé.”

6. Nèk mulai ngrasa ragu-ragu, awaké dhéwé kudu piyé?

6 Saka pengalamané sedulur-sedulur mau, awaké dhéwé isa ngerti nèk perasaan ragu-ragu kuwi isa nggawé imané awaké dhéwé ora kuwat manèh. Dadi, nèk wis mulai ngrasa ragu-ragu, awaké dhéwé kudu cepet-cepet nglawan perasaan kuwi. Wektu ngrasa ”ora tenang”, awaké dhéwé isa ndonga bèn Yéhuwah mènèhi ’rasa ayem sing bakal njaga ati lan pikirané awaké dhéwé’. (Mzm. 139:23; ctn.; Flp. 4:6, 7) Nèk njenengan ngrasa Yéhuwah ora sayang karo njenengan, sakjané ora mung njenengan sing ngrasa kaya ngono. Sedulur-sedulur sing liya ya ana sing lagi berjuang bèn isa nglawan perasaan kuwi. Malah, para abdiné Yéhuwah ing jaman mbiyèn ya ana sing tau ngrasa kaya ngono. Dadi, piyé carané bèn isa nglawan perasaan ragu-ragu? Ayo ngrembug pengalamané Rasul Paulus.

SINAU SAKA PENGALAMANÉ PAULUS

7. Paulus ngalami masalah apa waé?

7 Apa njenengan ngrasa kewalahan merga nduwé akèh tanggung jawab lan ora isa ngrampungké kabèh tugasé njenengan? Nèk ngono, njenengan mungkin isa ngerti sing dirasakké Paulus. Dhèwèké ora mung nguwatirké siji jemaat, ning nguwatirké ”kabèh jemaat”. (2 Kor. 11:23-28) Apa njenengan lagi sedhih merga lara? Paulus mungkin ya nduwé masalah keséhatan sing nggawé dhèwèké sengsara lan péngin bèn masalah kuwi disingkirké. (2 Kor. 12:7-10) Apa njenengan lagi ora semangat merga kelemahané njenengan? Paulus ya tau ngrasa kaya ngono. Paulus kandha nèk dhèwèké kuwi ”wong sing sengsara banget” merga nduwé kelemahan sing nggawé dhèwèké dadi angèl nindakké sing bener.​—Rm. 7:21-24.

8. Senajan ngadhepi masalah, kenapa Paulus isa tetep nglayani Yéhuwah?

8 Senajan ngadhepi masalah-masalah mau, ning Paulus tetep nglayani Yéhuwah. Kenapa Paulus isa kaya ngono? Paulus ngerti nèk dhèwèké nduwé kelemahan. Ning, Paulus ya nduwé iman sing kuwat karo tebusan. Paulus ngerti nèk ”saben wong sing nduduhké iman marang [Yésus] . . . isa urip saklawasé”. (Yoh. 3:16; Rm. 6:23) Merga nduwé iman sing kuwat karo tebusan, Paulus mesthi yakin nèk Yéhuwah bakal ngapura wong-wong sing mertobat, senajan wong kuwi dosané gedhé.​—Mzm. 86:5.

9. Saka kata-katané Paulus ing Galatia 2:20, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

9 Paulus ngerti nèk Gusti Allah wis ngutus Yésus bèn masrahké uripé kanggo kabèh wong, termasuk kanggo Paulus. Mula, Paulus bener-bener yakin nèk Gusti Allah sayang karo dhèwèké. (Wacanen Galatia 2:20.) Gatèkna kata-katané Paulus ing bagéan akhir ayat kuwi. Paulus kandha, ’Anaké Gusti Allah nresnani aku lan masrahké uripé kanggo aku.’ Paulus ora ngrasa nèk dhèwèké kuwi jahat banget nganti Gusti Allah ora isa sayang karo dhèwèké. Paulus ora mikir, ’Gusti Allah pancèn sayang karo sedulur-sedulurku. Ning, Gusti Allah ora mungkin sayang karo aku.’ Mula, Paulus isa kandha marang wong-wong Kristen ing Roma, ”Kristus mati kanggo awaké dhéwé sing isih dosa iki.” (Rm. 5:8) Dadi, senajan awaké dhéwé nduwé kelemahan, Gusti Allah bakal tetep sayang karo awaké dhéwé.

10. Saka kata-katané Paulus ing Roma 8:38, 39, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

10 Wacanen Roma 8:38, 39. Paulus yakin nèk Yéhuwah kuwi bener-bener sayang karo dhèwèké. Paulus kandha nèk ”ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé”. Paulus ngerti nèk Yéhuwah sabar karo bangsa Israèl. Paulus ya ngerti nèk Gusti Allah wis apikan karo dhèwèké. Kata-katané Paulus nduduhké nèk Paulus yakin Yéhuwah sayang karo dhèwèké, merga Yéhuwah wis ngorbanké Anaké kanggo dhèwèké.​Rm. 8:32.

Nèk mbiyèn tau nggawé kesalahan, njenengan ora perlu kuwatir merga Yéhuwah gelem ngapura. Yéhuwah péngin bèn njenengan terus ngupaya nyenengké Dhèwèké, saiki lan nganti saklawasé (Deloken paragraf 11) *

11. Senajan tau nggawé kesalahan kaya sing disebutké ing 1 Timotius 1:12-15, kenapa Paulus isa yakin nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké?

11 Wacanen 1 Timotius 1:12-15. Paulus mesthi sedhih nèk ngéling-éling mbiyèn sakdurungé dadi wong Kristen. Wektu kuwi, Paulus lunga ing kutha-kutha liyané bèn isa nganiaya murid-muridé Yésus, nglebokké wong-wong kuwi ing penjara, lan ndhukung keputusan kanggo ngukum mati wong-wong kuwi. (Kis. 26:10, 11) Kuwi sebabé, dhèwèké ngrasa nèk dhèwèké kuwi ”sing paling dosa”. Coba bayangna nèk Paulus ketemu karo cah enom ing jemaat sing wong tuwané mbiyèn dihukum mati gara-gara Paulus. Paulus mesthi gela merga wis nganiaya murid-muridé Yésus. Ning, dhèwèké ya ngerti nèk apa sing wis kelakon ora isa diubah. Paulus yakin nèk Kristus wis mati kanggo nebus dosané Paulus. Mula, dhèwèké isa nulis, ”Aku isa nindakké tugasku saiki merga Gusti Allah apikan banget marang aku.” (1 Kor. 15:3, 10) Apa pelajarané? Njenengan ya kudu yakin nèk Kristus wis mati kanggo nebus dosané njenengan, lan hasilé njenengan isa cedhak karo Yéhuwah. (Kis. 3:19) Njenengan mungkin tau nggawé kesalahan, termasuk sakwisé dadi Seksi Yéhuwah. Ning, nèk mbiyèn tau nggawé kesalahan, njenengan ora perlu kuwatir merga Yéhuwah gelem ngapura kesalahané njenengan. (Yés. 1:18) Yéhuwah péngin bèn njenengan terus ngupaya nyenengké Yéhuwah, saiki lan nganti saklawasé.

12. Apa manfaaté ngrenungké 1 Yohanes 3:19, 20 nèk ngrasa ora berharga utawa ora pantes disayangi?

12 Wektu mikirké pengorbanané Yésus kanggo nebus dosané awaké dhéwé, mungkin awaké dhéwé ngrasa ora pantes. Merga ora sampurna, awaké dhéwé isa waé ngrasa ora berharga utawa ora pantes disayangi. (Wacanen 1 Yohanes 3:19, 20.) Pas ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé kudu éling nèk ”Gusti Allah luwih unggul timbang atiné awaké dhéwé”. Senajan awaké dhéwé ngrasa nèk Yéhuwah ora sayang lan ora bakal ngapura awaké dhéwé, ning Yéhuwah bakal tetep sayang lan ngapura awaké dhéwé. Bèn isa yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé, awaké dhéwé kudu kerep maca Alkitab, ndonga, lan bergaul karo sedulur-sedulur. Kenapa kuwi kabèh penting?

MANFAATÉ MACA ALKITAB, NDONGA, LAN BERGAUL

13. Apa manfaaté maca lan ngrenungké Alkitab saben dina? (Deloken kothak ” Manfaaté Maca Alkitab”.)

13 Maca lan ngrenungké Alkitab saben dina. Alkitab kuwi isa ”nggawé [pikiran] sing salah dadi bener manèh”. (2 Tim. 3:16) Kok isa? Nèk maca lan ngrenungké Alkitab saben dina, awaké dhéwé bakal luwih ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal ngerti lan yakin nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo awaké dhéwé. Ana pinituwa sing jenengé Kevin sing tau ngrasa nèk Yéhuwah ora sayang karo dhèwèké. Dhèwèké kandha, ”Wektu maca lan ngrenungké Mazmur 103, aku dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi bener-bener nganggep aku berharga.” Eva, sing disebutké mau, kandha, ”Saben bengi, aku ngrenungké Alkitab bèn isa ngerti apa sing dipéngini Yéhuwah. Aku dadi ngrasa ayem lan imanku dadi luwih kuwat.”

14. Apa manfaaté nèk kerep ndonga?

14 Kerep ndonga. (1 Tés. 5:17) Nèk péngin luwih akrab karo kancané awaké dhéwé, biasané awaké dhéwé bakal kerep ngobrol karo dhèwèké. Persahabatané awaké dhéwé karo Yéhuwah ya kaya ngono. Nèk kerep nyritakké perasaané awaké dhéwé, apa sing lagi dipikirké, lan apa sing lagi dikuwatirké, awaké dhéwé dadi luwih percaya karo Yéhuwah lan yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. (Mzm. 94:17-19; 1 Yoh. 5:14, 15) Yua, sing disebutké mau, kandha, ”Yéhuwah kuwi ora kaya majikan sing mung péngin krungu laporan saka karyawané. Dadi pas ndonga, aku nyritakké kabèh sing tak rasakké karo Yéhuwah. Suwé-suwé, aku isa ngrasakké nèk Yéhuwah kuwi sayang karo aku, kaya Bapak sing sayang karo anak-anaké.”​—Deloken kothak ”Apa Njenengan Wis Maca Buku Iki?”

15. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé?

15 Bergaul karo para sedulur. Sedulur-sedulur kuwi kaya hadiah saka Yéhuwah. (Yak. 1:17) Yéhuwah sayang banget karo awaké dhéwé. Mula, Dhèwèké mènèhi sedulur-sedulur sing ”terus nresnani” awaké dhéwé. (WB. 17:17) Ing suraté kanggo jemaat Kolose, Rasul Paulus nyebutké sedulur-sedulur sing wis ndhukung lan ”menghibur” dhèwèké. (Kol. 4:10, 11) Yésus waé ya tau dibantu karo wong liya lan malaékat. Yésus mesthi menghargai bantuané kanca-kancané kuwi.​—Luk. 22:28, 43.

16. Apa manfaaté nèk nduwé sahabat-sahabat sing akrab karo Yéhuwah?

16 Apa njenengan wis ngrasakké manfaaté nèk bergaul karo sedulur-sedulur sing akrab karo Yéhuwah? Nyritakké perasaané awaké dhéwé karo sedulur-sedulur kuwi ora berarti awaké dhéwé wong sing lemah. Kuwi malah isa nggawé awaké dhéwé tetep cedhak karo Yéhuwah. James, sing disebutké mau, kandha, ”Aku ngrasakké manfaaté merga nduwé sahabat-sahabat sing akrab karo Yéhuwah. Pas aku lagi akèh pikiran, kanca-kancaku gelem ngrungokké lan kandha nèk sayang karo aku. Dadi, aku ya isa ngrasakké nèk Yéhuwah ya sayang lan perduli karo aku.” Dadi, akrab karo sedulur-sedulur ing jemaat kuwi penting banget.

TETEP DADI WONG SING DITRESNANI YÉHUWAH

17-18. Njenengan kudu manut karo sapa, lan apa sebabé?

17 Sétan péngin awaké dhéwé ora manut karo Yéhuwah. Dhèwèké péngin awaké dhéwé nganggep nèk Yéhuwah ora sayang karo awaké dhéwé lan nèk awaké dhéwé ora pantes dislametké. Ning, kuwi kabèh ora bener.

18 Njenengan ora perlu percaya karo Sétan sing péngin nggawé njenengan adoh karo Yéhuwah. Terus, wektu ngrasa nèk Yéhuwah ora sayang karo njenengan, njenengan kudu cepet-cepet nglawan perasaan kuwi. Yéhuwah sayang banget karo njenengan, lan njenengan berharga kanggo Yéhuwah. Kaya Yésus, njenengan bakal ’tetep dadi wong sing ditresnani’ Yéhuwah nèk terus manut karo Yéhuwah. (Yoh. 15:10) Yéhuwah nggatèkké sipat-sipat apiké njenengan. Mula, njenengan kudu yakin nèk ”Yéhuwah nresnani” njenengan.

LAGU 141 Mukjijat ing Urip

^ par. 5 Ana sedulur-sedulur sing mungkin ora yakin apa Yéhuwah bener-bener sayang karo sedulur-sedulur kuwi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa buktiné nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo umaté, termasuk njenengan. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo awaké dhéwé.

^ par. 2 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 67 GAMBAR: Sakdurungé dadi wong Kristen, Paulus kerep nganiaya lan nglebokké murid-muridé Yésus ing penjara. Ning, Paulus yakin nèk Yésus wis mati kanggo nebus dosané Paulus. Hasilé, dhèwèké isa berubah. Paulus ya ora ragu-ragu nguwatké sedulur-sedulur sing keluargané tau dianiaya karo Paulus.