Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 19

Carané Bèn Isa Terus Percaya karo Janjiné Yéhuwah

Carané Bèn Isa Terus Percaya karo Janjiné Yéhuwah

”Nèk [Yéhuwah] ngomong, mesthi ditindakké.”​—WI. 23:19.

LAGU 142 Yéhuwah Harapanku

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa terus percaya karo janjiné Yéhuwah?

 AWAKÉ DHÉWÉ mesthi seneng banget pas ngerti nèk Yéhuwah bakal nggawé bumi iki dadi firdaus. (2 Ptr. 3:13) Mémang, awaké dhéwé ora ngerti kapan pastiné kuwi kelakon. Tapi nèk nggatèkké keadaan saiki, awaké dhéwé isa yakin nèk kuwi ora suwé manèh.​—Mat. 24:32-34, 36; Kis. 1:7.

2 Ora soal wis suwé utawa lagi waé nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat bèn isa terus percaya karo janjiné Yéhuwah. Kuwi penting banget. Aja nganti awaké dhéwé dadi kurang iman, soalé Rasul Paulus ngomong nèk kurang iman kuwi ”dosa sing isa njerat awaké dhéwé”. (Ibr. 12:1) Bèn iman tetep kuwat, awaké dhéwé kudu mikirké tenanan bukti-bukti saka Alkitab nèk janjiné Yéhuwah mesthi kelakon.​—Ibr. 11:1.

3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Ing artikel iki bakal dibahas telu cara bèn isa terus percaya karo janjiné Yéhuwah: (1) ngrenungké tebusané Yésus, (2) mikirké kuwasané Yéhuwah, lan (3) tetep sibuk nglayani Yéhuwah. Mengko ya bakal dibahas piyé omongané Yéhuwah karo Habakuk isa nguwatké imané awaké dhéwé. Saiki ayo dibahas dhisik ing situasi apa waé awaké dhéwé butuh iman sing kuwat.

KUDU NDUWÉ IMAN SING KUWAT

4. Awaké dhéwé kudu nggawé keputusan apa waé?

4 Saben dina awaké dhéwé kudu nggawé keputusan. Misalé, soal milih kanca, hiburan, pendidikan, gawéan, utawa keputusan ing keluarga. Kuwi sebabé kudu nduwé iman sing kuwat. Sakdurungé nggawé keputusan, coba pikirna, ’Apa keputusanku nduduhké nèk aku yakin sedhéla manèh wong jahat bakal disingkirké lan bumi iki dadi firdaus? Utawa apa keputusan sing tak gawé kuwi mung merga mèlu-mèlu wong-wong sing percaya nèk urip iki mung sepisan?’ (Mat. 6:19, 20; Luk. 12:16-21) Awaké dhéwé bakal nggawé keputusan sing bener nèk terus percaya karo janjiné Yéhuwah soal donya anyar.

5-6. Pas ngadhepi masalah, kenapa kudu nduwé iman sing kuwat? Wènèhana perumpamaan.

5 Awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat pas ngadhepi masalah, misalé dianiaya, lara parah, utawa masalah liyané sing isa nggawé ora semangat. Awalé awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk isa ngatasi kuwi. Tapi, isa waé masalahé ora rampung-rampung. Kuwi sebabé kudu nduwé iman sing kuwat bèn isa terus setya lan semangat nglayani Yéhuwah.​—Rm. 12:12; 1 Ptr. 1:6, 7.

6 Pas akèh masalah, awaké dhéwé mungkin mikir nèk donya anyar ora bakal teka. Tapi, apa kuwi berarti awaké dhéwé wis ora percaya manèh karo janjiné Yéhuwah? Ya durung tentu. Misalé ngéné. Pas udan deres, awaké dhéwé mungkin mikir, ’Kok udané ora terang-terang ya?’ Tapi, awaké dhéwé mesthi ngerti nèk mengko udané bakal mandheg lan langité cerah manèh. Padha kaya ngono, merga saking akèhé masalah sing diadhepi, awaké dhéwé isa ora yakin nèk donya anyar bakal teka. Tapi nèk percaya karo janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé ngerti nèk donya anyar bakal teka tenan. (Mzm. 94:3, 14, 15; Ibr. 6:17-19) Merga yakin, awaké dhéwé bakal ngutamakké Yéhuwah.

7. Awaké dhéwé aja nganti terpengaruh karo apa?

7 Awaké dhéwé ya kudu nduwé iman sing kuwat pas nginjil, soalé akèh sing ora percaya karo ”kabar apik” soal harapan ing masa depan. (Mat. 24:14; Yèh. 33:32) Aja nganti awaké dhéwé terpengaruh karo pandhangan kaya ngono. Kuwi sebabé awaké dhéwé kudu berupaya bèn isa nduwé iman sing kuwat. Saiki ayo mbahas telu carané.

NGRENUNGKÉ TEBUSANÉ YÉSUS

8-9. Kok isa ngrenungké tebusané Yésus nggawé iman tambah kuwat?

8 Pertama, ngrenungké tebusané Yésus. Merga ana tebusan, janji-janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon. Nèk ngrenungké pengorbanané Yéhuwah lan kenapa Yéhuwah mènèhi tebusan, awaké dhéwé isa tambah yakin nèk janjiné Yéhuwah soal donya anyar mesthi ditepati. Kok isa?

9 Coba pikirna manèh pengorbanané Yéhuwah. Yéhuwah réla ngutus Anaké siji-sijiné sing paling disayangi ing bumi bèn dadi tebusan. Pas ing bumi, Yésus ngalami akèh penderitaan. Dhèwèké sengsara nganti mati. Kuwi bener-bener pengorbanan sing luar biasa. (Yoh. 3:16; 1 Ptr. 1:18, 19) Yéhuwah ora mungkin berkorban kaya ngono nèk manungsa uripé mung sedhéla thok. Merga ana tebusan, manungsa bakal isa urip saklawasé.

MIKIRKÉ KUWASANÉ YÉHUWAH

10. Menurut Éfésus 3:20, Yéhuwah isa apa?

10 Keloro, mikirké kuwasané Yéhuwah. Merga nduwé kuwasa sing gedhé, Yéhuwah sanggup nepati kabèh janjiné. Akèh wong mikir nèk manungsa ora bakal isa urip saklawasé. Meskipun kanggoné manungsa kuwi kétoké mustahil, tapi kanggoné Yéhuwah ora ana sing mustahil merga Dhèwèké kuwi mahakuwasa. (Ayb. 42:2; Mrk. 10:27) Dadi, awaké dhéwé ora perlu ragu karo janjiné Yéhuwah.​—Wacanen Éfésus 3:20.

11. Sebutna contoné janjiné Yéhuwah. (Deloken kothak ” Yéhuwah Nepati Janjiné”.)

11 Yéhuwah tau nggawé janji karo abdiné jaman mbiyèn sing kétoké ora masuk akal. Misalé, Yéhuwah ngomong karo Abraham lan Sara nèk wong loro kuwi bakal nduwé anak padahal umuré wis tuwa. (PD. 17:15-17) Yéhuwah ya ngandhani Abraham nèk keturunané bakal manggon ing Kanaan. Tapi keturunané Abraham, yaiku wong Israèl, dadi budhak ing Mesir. Dadi kétoké janjiné Yéhuwah ora mungkin kelakon. Tapi kenyataané kuwi kelakon tenan. Yéhuwah ya tau ngomong karo Èlisabèt nèk dhèwèké bakal nduwé anak meskipun umuré wis tuwa. Yéhuwah ya ngomong karo Maria sing isih prawan nèk dhèwèké bakal nglairké Anaké Gusti Allah, sing dadi bukti nèk janjiné Yéhuwah ing Purwaning Dumadi 3:15 kelakon.

12. Saka Yosua 23:14 lan Yésaya 55:10, 11, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

12 Awaké dhéwé semakin yakin nèk janjiné Yéhuwah soal donya anyar bakal kelakon nèk ngrenungké janji-janjiné Yéhuwah lan carané janji kuwi ditepati. (Wacanen Yosua 23:14; Yésaya 55:10, 11.) Awaké dhéwé mesthi dadi semangat crita karo wong liya nèk donya anyar mesthi teka tenan. Yéhuwah ngyakinké awaké dhéwé nèk janjiné soal langit anyar lan bumi anyar kuwi ”bener lan isa dipercaya”.​—Why. 21:1, 5.

TETEP SIBUK NGLAYANI YÉHUWAH

PERTEMUAN IBADAH

Kok isa kuwi nggawé iman tambah kuwat? (Deloken paragraf 13)

13. Kok isa teka ngibadah nggawé iman tambah kuwat?

13 Ketelu, tetep sibuk nglayani Yéhuwah. Misalé teka ngibadah. Gatèkna pengalamané Sedulur Anna sing wis ngrasakké manfaaté merga teka ngibadah. b Dhèwèké wis puluhan taun dadi perintis. Anna crita, ”Merga teka ngibadah imanku tetep kuwat. Mémang kadhang sing ceramah ora pinter mulang utawa sing dibahas dudu keterangan sing anyar. Tapi tetep ana hal-hal menarik sing isa tak pelajari. Aku tambah ngerti isiné Alkitab.” Imané awaké dhéwé ya isa dadi tambah kuwat pas ngrungokké koméntaré sedulur-sedulur ing pertemuan ibadah.​—Rm. 1:11, 12; 10:17.

NGINJIL

Kok isa kuwi nggawé iman tambah kuwat? (Deloken paragraf 14)

14. Kok isa nginjil nggawé iman tambah kuwat?

14 Iman isa dadi tambah kuwat nèk kerep nginjil. (Ibr. 10:23) Barbara, sing wis luwih saka 70 taun nglayani Yéhuwah crita ngéné, ”Aku wis ngrasakké manfaaté merga kerep nginjil. Semakin sering aku nyritakké soal janji-janjiné Yéhuwah, aku dadi semakin percaya karo Yéhuwah.”

PELAJARAN PRIBADI

Kok isa kuwi nggawé iman tambah kuwat? (Deloken paragraf 15)

15. Kok isa pelajaran pribadi nggawé iman tambah kuwat? (Deloken gambar kanggo paragraf 15.)

15 Bèn iman tambah kuwat ya perlu pelajaran pribadi. Gatèkna pengalamané Susan. Dhèwèké nggawé jadwal bèn isa pelajaran pribadi. Dhèwèké crita, ”Dina Minggu aku persiapan Warta Penting sing dienggo minggu berikuté. Dina Senèn karo Selasa aku persiapan kanggo pertemuan ibadah tengah pekan. Hari-hari berikuté aku sinau liyané.” Merga rajin pelajaran pribadi, imané Susan dadi tambah kuwat. Irene, sing wis suwé nglayani ing kantor pusat, ngomong nèk sinau ramalané Alkitab nggawé imané saya kuwat. Dhèwèké crita, ”Aku kagum banget pas sinau ramalan ing Alkitab. Kabèh kelakon persis kaya sing diomongké Yéhuwah.” c

”KUWI MESTHI KELAKON”

16. Kenapa kata-katané Yéhuwah kanggo Habakuk nguwatké awaké dhéwé? (Ibrani 10:36, 37)

16 Wong-wong sing suwé nglayani Yéhuwah mungkin ngentèn-ngentèni tekané dinané Yéhuwah. Mungkin ana sing mikir nèk dinané Yéhuwah kuwi ora teka-teka. Mbiyèn Habakuk ya tau ngrasa ngono. Tapi, Yéhuwah ngyakinké Habakuk, ”Wahyu iki bakal kelakon nurut wektu sing wis ditentokké. Kuwi bakal ndang kelakon lan ora bakal gagal. Ning nèk kétoké telat, tetepa yakin lan entènana merga kuwi mesthi kelakon. Kuwi ora bakal telat.” (Hab. 2:3) Apa kata-katané Yéhuwah kuwi mung kanggo Habakuk thok? Ora. Kuwi ya kanggo umaté jaman saiki. Yéhuwah ngongkon Rasul Paulus ngandhani wong Kristen wektu kuwi bèn sabar ngentèni dinané Yéhuwah. (Wacanen Ibrani 10:36, 37.) Dadi nèk ngrasa dinané Yéhuwah kuwi ora teka-teka, tetepa yakin nèk ”kuwi mesthi kelakon. Kuwi ora bakal telat”.   

17. Piyé Louise isa tetep yakin karo janjiné Yéhuwah?

17 Akèh umaté Yéhuwah sing tetep yakin lan ’ngentèni’ dinané Yéhuwah bahkan nganti puluhan taun. Misalé, Louise sing dibaptis taun 1939. Dhèwèké crita, ”Mbiyèn tak kira Armagédon ki tekané sakdurungé aku lulus sekolah, jebulé ora. Bèn isa sabar ngentèni, aku maca kisah-kisah ing Alkitab. Misalé soal Nuh, Abraham, Yusuf, lan liyané sing kudu sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon. Merga terus percaya karo janjiné Yéhuwah, kuwi nguwatké imanku nèk donya anyar wis mèh cedhak.” Sedulur-sedulur sing wis suwé nglayani Yéhuwah mesthi ya nduwé pandhangan sing padha.

18. Kenapa nggatèkké ciptaan isa nggawé iman tambah kuwat?

18 Mémang saiki bumi durung dadi Firdaus, tapi awaké dhéwé yakin nèk kuwi mesthi bakal kelakon sesuai wektu sing wis Yéhuwah tentokké. Kok isa? Coba pikirna. Apa ana sing ragu nèk bintang, tanduran, kéwan, lan manungsa kuwi ana? Mbiyèn kuwi ora ana, tapi kabèh kuwi dadi ana merga Yéhuwah sing nyiptakké. (PD. 1:1, 26, 27) Yéhuwah wis janji bakal nggawé bumi iki dadi Firdaus. Nah, apa sing dijanjèkké Yéhuwah mesthi bakal kelakon. Sukmbèn ing donya anyar kabèh wong bakal sampurna lan urip saklawasé.​—Yés. 65:17; Why. 21:3, 4.

19. Piyé bèn iman tambah kuwat?

19 Mulai saiki terusa berupaya bèn nduwé iman sing kuwat. Terusa bersyukur karo Yéhuwah sing wis nyedhiakké tebusan. Renungna kuwasané Yéhuwah. Terusa rajin ngibadah, nginjil, lan pelajaran pribadi. Nèk ngono, njenengan bakal ”nampa apa sing wis dijanjèkké merga nduwé iman lan sabar”.​—Ibr. 6:11, 12; Rm. 5:5.

LAGU 139 Bayangna Donya Anyar

a Akèh sing ora percaya karo janjiné Yéhuwah soal donya anyar. Wong-wong nganggep nèk kuwi mung dongèng. Tapi, awaké dhéwé yakin nèk kuwi mesthi kelakon. Piyé carané bèn isa terus percaya karo janjiné Gusti Allah?

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c Ing Indeks Publikasi Menara Pengawal ing subjudhul ”Nubuat” ana akèh artikel sing mbahas soal ramalan ing Alkitab. Misalé, deloken artikel ”Apa yang Yehuwa Nubuatkan Menjadi Kenyataan” ing Menara Pengawal 1 Januari 2008.