Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cobanen Iki

Cobanen Iki

Pas maca Alkitab, apa njenengan maca keterangan saka Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah?

Nèk maca keterangan ing buku kuwi, njenengan isa ngerti luwih akèh soal ayat sing diwaca. Misalé, kapan peristiwa ing ayat kuwi ditulis, sapa penulisé, ayat kuwi kanggo sapa, utawa apa maksudé kata-kata ing ayat kuwi.

Ing PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting lan JW Library®, buku Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah isa diwaca langsung saka ayat sing dibuka. Kuwi muncul ing kolom réferènsi.

Pas ndelok kolom kuwi, coba gatèkna tanggal réferènsiné. Sing paling ndhuwur kuwi artikel sing paling anyar. Sing ngisor-ngisor kuwi artikel sing lawas sing keterangané wis diganti.

  • Buku Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah wis tersedia ing PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting.

  • Ing JW Library, njenengan isa download buku Panduan Riset sing paling anyar. Njenengan isa download kuwi ing kolom réferènsi bagéan ndhuwur ing Alkitab.