Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 16

”Sedulurmu Bakal Urip Manèh”

”Sedulurmu Bakal Urip Manèh”

”Yésus kandha [karo Marta], ’Sedulurmu bakal urip manèh.’”​—YOH. 11:23.

LAGU 151 Yéhuwah Ngundang Sing Mati

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Matthew yakin soal apa?

 BOCAH lanang sing jenengé Matthew lara parah lan wis bola-bali dioperasi. Pas umur pitung taun, dhèwèké sak keluarga nonton bareng JW Broadcasting®. Ing akhir acara, ana vidéo musik sing nyritakké harapan wong mati isa diuripké manèh. b Bar acarané rampung, Matthew nyekel tangané wong tuwané terus ngomong, ”Pak, Bu, nèk aku mati, aku mesthi bakal diuripké manèh. Dadi mengko isa ketemu aku manèh.” Kira-kira piyé perasaané wong tuwané merga ngerti anaké bener-bener yakin isa diuripké manèh?

2-3. Kenapa mikirké harapan wong mati isa diuripké manèh kuwi penting?

2 Terus mikirké harapan wong mati isa diuripké manèh kuwi penting banget. (Yoh. 5:28, 29) Kenapa? Soalé awaké dhéwé ora ngerti sésuk bakal ana apa. Isa waé ngerti-ngerti lara parah utawa ditinggal mati karo wong sing disayangi. (Pkh. 9:11; Yak. 4:13, 14) Nèk ngerti wong mati isa diuripké manèh, awaké dhéwé bakal tetep semangat. (1 Tés. 4:13) Menurut Alkitab, Yéhuwah bener-bener kenal lan sayang karo awaké dhéwé. (Luk. 12:7) Tapi wektu mikirké harapan soal wong mati isa urip manèh, awaké dhéwé isa tambah yakin soal kuwi. Coba dipikirké. Bèn isa nguripké awaké dhéwé persis kaya sakdurungé mati, Yéhuwah mesthi kudu bener-bener kenal karo awaké dhéwé. Yéhuwah bakal nguripké awaké dhéwé manèh bèn isa urip saklawasé. Kuwi bukti sing jelas nèk Yéhuwah sayang awaké dhéwé.

3 Ing artikel iki bakal dibahas apa alesané awaké dhéwé percaya wong mati isa urip manèh. Terus ya bakal dibahas kisah Alkitab sing dadi ayat téma artikel iki yaiku, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” (Yoh. 11:23) Mengko ya bakal dibahas piyé carané bèn isa tambah yakin nèk wong mati isa urip manèh.

ALESANÉ ISA YAKIN NÈK WONG MATI ISA DIURIPKÉ MANÈH

4. Bèn yakin nèk janji bakal ditepati, kudu yakin soal apa? Wènèhana perumpamaan.

4 Nèk ana sing nggawé janji, njenengan isa yakin janji kuwi bakal ditepati nèk sing nggawé janji gelem lan sanggup nepati janjiné. Misalé ngéné, omahé njenengan rusak merga kena badai. Kancané njenengan janji arep ndandani. Dhèwèké tulus. Dadi njenengan yakin nèk dhèwèké gelem mbantu njenengan. Dhèwèké kuwi ya tukang lan nduwé alat-alaté. Dadi dhèwèké ya sanggup ndandani omahé njenengan. Janjiné isa dipercaya. Nèk janjiné Yéhuwah soal wong mati bakal diuripké manèh piyé? Apa Yéhuwah mémang gelem lan sanggup nepati janjiné?

5-6. Ngapa awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah gelem nguripké manèh wong mati?

5 Jelas nèk Yéhuwah gelem nguripké manèh wong mati. Buktiné, Yéhuwah bola-bali janji nèk bakal nguripké manèh wong mati. (Yés. 26:19; Hos. 13:14; Why. 20:11-13) Kabèh janjiné Yéhuwah selalu ditepati. (Yos. 23:14) Malah sakjané Yéhuwah ora mung gelem, tapi ya péngin banget nguripké manèh wong mati. Kok isa nyimpulké ngono?

6 Coba pikirna kata-katané Ayub. Ayub yakin meskipun dhèwèké mati, Yéhuwah bakal kangen banget karo dhèwèké. (Ayb. 14:14, 15) Yéhuwah ya kangen banget karo kabèh umaté sing wis mati. Yéhuwah péngin banget nguripké wong-wong kuwi. Tapi piyé sing durung dadi umaté Yéhuwah? Yéhuwah ya péngin nguripké manèh wong-wong kuwi. (Kis. 24:15) Yéhuwah péngin wong-wong kuwi dadi kancané lan urip saklawasé ing bumi. (Yoh. 3:16) Jelas, Yéhuwah gelem nguripké manèh wong mati.

7-8. Kenapa awaké dhéwé yakin Yéhuwah sanggup nguripké manèh sing wis mati?

7 Apa Yéhuwah sanggup nguripké manèh wong mati? Wis pasti. Dhèwèké kuwi ”Sing Mahakuwasa”. (Why. 1:8) Dhèwèké isa ngalahké apa waé termasuk kematian. (1 Kor. 15:26) Gatèkna pengalamané Sedulur Emma Arnold. Dhèwèké sak keluarga dianiaya selama Perang Donya II. Anaké wédok sedhih merga ditinggal mati karo wong sing disayangi pas ing kamp konsèntrasi Nazi. Emma ngomong karo anaké, ”Nèk wong mati ora isa urip manèh, berarti kematian luwih kuwat timbang Yéhuwah. Kuwi ora mungkin.” Ora ana sing luwih kuwat daripada Yéhuwah. Gusti Allah sing nggawé urip mesthi ya isa nguripké manèh wong sing wis mati.

8 Yéhuwah ya nduwé ingatan sing luar biasa. Yéhuwah ngerti jenengé kabèh bintang. (Yés. 40:26) Dhèwèké ya kèlingan kabèh soal sing wis mati. (Ayb. 14:13; Luk. 20:37, 38) Yéhuwah ngerti penampilané, sipaté, lan kabèh kenangané.

9. Ngapa awaké dhéwé yakin Yéhuwah bakal nguripké manèh wong mati?

9 Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné merga Dhèwèké gelem lan sanggup nepati janjiné. Awaké dhéwé ya yakin soal kuwi merga Yéhuwah wis tau nguripké manèh wong mati. Ana wong-wong sing tau diwènèhi kuwasa karo Yéhuwah kanggo nguripké manèh wong mati, termasuk Yésus. Saiki, ayo mbahas salah siji kisah pas Yésus nguripké manèh wong mati sing ditulis ing Yohanes 11.

YÉSUS DITINGGAL MATI SAHABATÉ

10. Ana peristiwa apa pas Yésus ing sebrangé Kali Yordan, terus Yésus piyé? (Yohanes 11:1-3)

10 Wacanen Yohanes 11:1-3. Peristiwa kuwi kelakon ing Bétani pas akhir taun 32 M. Yésus nduwé sahabat telu ing kana, yaiku Lazarus karo adhiné loro, Maria lan Marta. (Luk. 10:38-42) Tapi Lazarus lara. Dadi adhi-adhiné kuwatir banget. Maria karo Marta ngongkon wong ngandhani Yésus sing saiki lagi ana ing sebrangé Kali Yordan. Mlaku saka kana tekan Bétani kira-kira rong dina. (Yoh. 10:40) Sayangé wektu wong sing ngabari ketemu Yésus, Lazarus mati. Meskipun sakjané Yésus wis ngerti nèk Lazarus wis mati, dhèwèké sengaja ora langsung mangkat lan nginep manèh rong dina. Dadi pas Yésus tekan Bétani, Lazarus wis mati patang dina. Yésus mèh nggawé mukjijat sing luar biasa sing isa ngluhurké Yéhuwah.​—Yoh. 11:4, 6, 11, 17.

11. Nèk niru Yésus, njenengan bakal dadi kanca sing kaya apa?

11 Apa sing isa dipelajari? Coba dipikirké, Maria karo Marta ora ngongkon Yésus teka ing Bétani. Wong loro kuwi mung ngabari nèk Lazarus lara. (Yoh. 11:3) Sakjané Yésus ya isa nguripké Lazarus saka adoh. Tapi dhèwèké lunga ing Bétani bèn isa ngancani Maria karo Marta. Apa njenengan ya nduwé kanca kaya ngono, sing siap mbantu njenengan meskipun ora dijaluki tulung? Kanca kaya ngono isa diendelké ”wektu ana kesusahan”. (WB. 17:17) Kaya Yésus, njenengan ya isa dadi kanca kaya ngono kanggo wong liya. Saiki ayo ngrembug apa sing kelakon bar kuwi.

12. Yésus janji apa karo Marta, lan kenapa janji kuwi isa dipercaya? (Yohanes 11:23-26)

12 Wacanen Yohanes 11:23-26. Pas Marta ngerti nèk Yésus wis cedhak Bétani, dhèwèké langsung cepet-cepet nemoni Yésus lan ngomong, ”Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” (Yoh. 11:21) Mémang Yésus isa marèkké Lazarus sakdurungé dhèwèké mati. Tapi, Yésus mèh nggawé mukjijat sing luar biasa. Yésus janji, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” Yésus ya ngandhani Marta alesané Marta isa percaya karo janji kuwi. Yésus ngomong, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.” Yéhuwah wis mènèhi Yésus kuwasa kanggo nguripké manèh wong mati. Sakdurungé, Yésus wis tau nguripké manèh cah wédok lan cah lanang sing matiné durung suwé. (Luk. 7:11-15; 8:49-55) Tapi, apa isa Yésus nguripké manèh wong sing matiné wis suwé lan badané mulai bosok?

”LAZARUS, METUA!”

Yésus ngrasa mesakké pas ndelok kanca-kancané berduka (Deloken paragraf 13-14)

13. Menurut Yohanes 11:32-35, Yésus piyé pas ndelok Maria karo wong-wong liyané nangis? (Deloken gambar kanggo paragraf 13.)

13 Wacanen Yohanes 11:32-35. Bayangna peristiwané bar kuwi. Maria nemoni Yésus. Dhèwèké ngomong persis kaya Marta, ”Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” Dhèwèké karo wong-wong ing kana sedhih banget nganti nangis. Merga ngrasa mesakké, Yésus ya mèlu nangis. Yésus ngerti ditinggal mati karo wong sing disayangi kuwi rasané sedhih banget. Yésus mesthi péngin banget nyingkirké rasa sedhihé wong-wong kuwi.

14. Merga Yésus nangis, awaké dhéwé dadi ngerti apa soal Yéhuwah?

14 Merga ngerti nèk Yésus nangis pas kanca-kancané berduka, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yéhuwah gampang mesakké. Kok isa nyimpulké ngono? Kaya sing wis dirembug mau, Yésus nduwé pikiran lan perasaan sing padha kaya Yéhuwah. (Yoh. 12:45) Dadi, nèk Yésus waé nganti nangis pas kanca-kancané sedhih, Yéhuwah mesthi ya bener-bener ngrasa mesakké wektu awaké dhéwé sedhih. (Mzm. 56:8) Merga ngerti nèk Yéhuwah gampang mesakké, apa njenengan dadi péngin tambah cedhak karo Dhèwèké?

Yésus nduwé kuwasa kanggo nguripké manèh wong mati (Deloken paragraf 15-16)

15. Menurut Yohanes 11:41-44, apa waé sing kelakon ing kuburané Lazarus? (Deloken gambar kanggo paragraf 15.)

15 Wacanen Yohanes 11:41-44. Pas Yésus tekan ing kuburané Lazarus, dhèwèké njaluk bèn watu ing kuburan kuwi diglundhungké. Marta ora setuju. Dhèwèké ngomong nèk badané Lazarus mesthi wis mambu merga wis mati patang dina. Wektu kuwi ana wong-wong sing mikir nèk keadaané kaya ngono ora mungkin isa diuripké manèh. (Deloken katrangan kanggo sinau Yohanes 11:17 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru edisi pelajaran.) Tapi Yésus ngomong, ”Aku kan wis ngomong karo kowé, nèk kowé percaya, kowé bakal ndelok kuwasané Gusti Allah sing luar biasa.” (Yoh. 11:39, 40) Bar kuwi Yésus ndhangak lan ndonga nganggo swara banter. Yésus péngin wong-wong ngerti nèk dhèwèké isa nggawé mukjijat merga kuwasané Yéhuwah. Bar kuwi Yésus mbengok, ”Lazarus, metua!” Terus, Lazarus metu saka kuburan.

16. Sakwisé maca Yohanes bab 11, kenapa awaké dhéwé dadi tambah yakin nèk wong mati bakal urip manèh?

16 Merga maca kisah ing Yohanes bab 11, awaké dhéwé dadi tambah yakin nèk wong mati isa urip manèh. Yésus janji karo Marta, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” (Yoh. 11:23) Kaya Yéhuwah, Yésus gelem lan nduwé kuwasa kanggo nepati janjiné. Yésus péngin banget nyingkirké kematian. Dhèwèké waé nganti nangis wektu sahabaté mati. Wektu Lazarus isa metu saka kuburan, kuwi bukti sing jelas nèk Yésus sanggup nguripké manèh wong mati. Yésus ngomong karo Marta, ”Aku kan wis ngomong karo kowé, nèk kowé percaya, kowé bakal ndelok kuwasané Gusti Allah sing luar biasa.” (Yoh. 11:40) Awaké dhéwé ya isa yakin nèk janjiné Gusti Allah kanggo nguripké manèh wong mati bakal kelakon. Piyé carané bèn isa semakin yakin karo janji kuwi?

CARANÉ BÈN TAMBAH YAKIN WONG MATI BAKAL URIP MANÈH

17. Wektu sinau soal kisahé wong-wong sing diuripké manèh, apa waé sing isa dipikirké?

17 Maca lan ngrenungké kisahé wong-wong sing tau diuripké manèh. Ing Alkitab dicritakké ana wong wolu sing tau diuripké manèh. c Apa njenengan wis tau sinau kisah-kisah kuwi? Aja lali kuwi dudu mung dongèng, kuwi tau kelakon tenan. Golèkana pelajarané. Pikirna piyé kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah gelem lan sanggup nguripké manèh wong mati. Sing paling penting, pikirna pas Yésus diuripké manèh. Ana akèh sing ngerti nèk Yésus diuripké manèh, lan kuwi dadi salah siji ajaran sing penting kanggo wong Kristen.​—1 Kor. 15:3-6, 20-22.

18. Piyé lagu-lagu saka organisasi isa nguwatké? (Deloken cathetan ngisor.)

18 Ngrungokké, nyanyi, lan mikirké lagu-lagu sing nyritakké soal harapan ketemu manèh karo wong sing wis mati. d (Éf. 5:19) Lagu-lagu kuwi isa nguwatké imané awaké dhéwé. Mula rungokna, latihan, lan rembugen liriké bareng-bareng pas ibadah keluarga. Hafalna liriké. Dadi, wektu njenengan kena musibah utawa ditinggal mati wong sing disayangi, Yéhuwah isa mbantu njenengan kèlingan manèh karo liriké lan kuwi isa nguwatké njenengan.

19. Pas mikirké soal harapan isa ketemu manèh karo wong sing wis mati, apa waé sing isa dibayangké? (Deloken kothak ” Njenengan Arep Takon Apa?”)

19 Bayangna. Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé kemampuan kanggo mbayangké piyé rasané urip ing donya anyar. Ana sedulur wédok sing crita, ”Aku kerep banget mbayangké piyé pas sukmbèn urip ing donya anyar. Aku nganti isa mbayangké harumé kembang mawar ing Firdaus.” Bayangna sukmbèn isa ketemu karo abdiné Yéhuwah saka jaman Alkitab. Njenengan péngin ketemu sapa? Mèh takon apa? Bayangna isa ketemu manèh karo wong-wong sing njenengan sayangi. Bayangna dhèwèké bakal ngomong apa, bayangna pas mengko pelukan, lan wektu njenengan ngusapi air matané.

20. Apa tékadé awaké dhéwé?

20 Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis janji nèk bakal nguripké manèh wong mati. Janji kuwi isa dipercaya merga Yéhuwah gelem lan sanggup nepati janjiné kuwi. Dadi, ayo terus berupaya bèn tambah yakin karo janji kuwi. Awaké dhéwé bakal tambah cedhak karo Gusti Allah sing wis janji nèk bakal nguripké manèh wong sing njenengan sayangi.   

LAGU 147 Urip Saklawasé sing Dijanjèkké Yéhuwah

a Nèk ditinggal mati wong sing disayangi, njenengan isa terhibur merga ngerti nèk wong-wong kuwi bakal diuripké manèh. Tapi, apa njenengan isa njelaské kenapa njenengan yakin nèk kuwi bakal kelakon? Piyé carané bèn njenengan isa luwih yakin nèk kuwi mesthi kelakon? Sing dirembug ing artikel iki bakal nguwatké imané njenengan soal kuwi.

b Vidéo musik kuwi judhulé Donya Anyar Wis Cedhak saka JW Broadcasting sasi November 2016.

d Rungokna lagu ”Bayangna Donya Anyar” (Lagu 139), ”Terus Diharapké” (Lagu 144), lan ”Yéhuwah Ngundang Sing Mati” (Lagu 151) saka buku Seneng Nyanyi Muji Yéhuwah. Rungokna lagu ”Donya Anyar Wis Cedhak”, ”Donya sing Anyar”, lan ”Bayangna Janjiné Yéhuwah” ing jw.org.