Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 17

Yéhuwah Mbantu Njenengan Ngadhepi Masalah sing Ora Disangka-sangka

Yéhuwah Mbantu Njenengan Ngadhepi Masalah sing Ora Disangka-sangka

”Wong sing bener ngalami akèh kesusahan, tapi Yéhuwah mbébaské wong kuwi saka kabèh kesusahan mau.”​—MZM. 34:19.

LAGU 44 Donga Wektu Aku Susah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Awaké dhéwé yakin soal apa waé?

 MERGA nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah sayang lan péngin awaké dhéwé bahagia. (Rm. 8:35-39) Awaké dhéwé ya manut karo pathokan ing Alkitab merga ngerti nèk kuwi ana manfaaté. (Yés. 48:17, 18) Meskipun wis ngono, isa waé ngerti-ngerti ana masalah.

2. Awaké dhéwé isa waé ngalami masalah apa, lan isa waé dadi mikir apa?

2 Kabèh umaté Yéhuwah ngalami masalah. Misalé, ana sing dilarani atiné karo anggota keluarga, lara parah nganti ora isa nglayani Yéhuwah manèh, kena bencana alam, utawa dianiaya. Pas ngalami kaya ngono mungkin njenengan mikir, ’Ngapa kok aku ngalami masalah iki? Salahku apa? Apa Yéhuwah wis ora mberkahi aku manèh?’ Wajar nèk ngrasa kaya ngono. Akèh umaté Yéhuwah sing setya ya tau ngrasa ngono.​—Mzm. 22:1, 2; Hab. 1:2, 3.

3. Apa sing isa disimpulké saka Mazmur 34:19?

3 Wacanen Mazmur 34:19. Ana loro kesimpulan saka ayat kuwi: (1) Wong sing bener ngalami kesusahan. (2) Yéhuwah mbébaské awaké dhéwé saka kabèh kesusahan. Carané piyé? Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pandhangan sing bener soal donya iki. Mémang nèk nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé bakal bahagia. Tapi, Yéhuwah ora janji nèk saiki awaké dhéwé isa bébas saka masalah. (Yés. 66:14) Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus mikirké harapan ing masa depan pas isa urip saklawasé. (2 Kor. 4:16-18) Nganti kuwi kelakon, saben dinané Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa tetep setya.​—KP. 3:22-24.

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Saiki ayo dirembug apa sing isa dipelajari saka umaté Yéhuwah sing setya ing jaman Alkitab lan jaman saiki. Mémang awaké dhéwé isa ngalami masalah sing ora disangka-sangka. Tapi nèk percaya karo Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal ndhukung awaké dhéwé. (Mzm. 55:22) Pas ngrembug conto-conto kuwi coba pikirna pertanyaan-pertanyaan iki, ’Nèk ngalami masalah sing padha, sikapku piyé? Kok isa aku dadi tambah percaya karo Yéhuwah? Piyé carané niru?’   

JAMAN ALKITAB

Meskipun Yakub dimanfaatké karo Laban selama 20 taun, Yéhuwah tetep mberkahi Yakub (Deloken paragraf 5)

5. Gara-gara Laban, Yakub ngalami masalah apa? (Deloken gambar halaman 1.)

5 Ana umaté Yéhuwah ing jaman Alkitab sing ngalami masalah sing ora disangka-sangka. Contoné Yakub. Yakub dikongkon bapaké nikah karo salah siji anaké wédok Laban. Laban kuwi pakdhéné Yakub sing nyembah Yéhuwah. Yakub ya dikandhani nèk Yéhuwah bakal mberkahi dhèwèké. (PD. 28:1-4) Yakub manut. Dhèwèké lunga saka Kanaan ing omahé Laban sing nduwé anak wédok loro, yaiku Léa karo Rakhèl. Yakub seneng karo Rakhèl, anaké Laban sing keloro. Dhèwèké gelem kerja pitung taun bèn isa nikah karo Rakhèl. (PD. 29:18) Tapi ana masalah. Laban ngapusi Yakub. Yakub malah dinikahké karo Léa. Mémang seminggu bar kuwi, Yakub éntuk nikah karo Rakhèl. Tapi dhèwèké kudu kerja pitung taun manèh. (PD. 29:25-27) Nèk ditotal, Yakub wis dimanfaatké karo Laban selama 20 taun.​—PD. 31:41, 42.

6. Yakub ngalami masalah apa waé?

6 Yakub ya ngalami masalah liya. Anaké akèh, tapi padha ora rukun. Misalé, Yusuf waé nganti didol kakang-kakangé bèn dadi budhak. Siméon karo Lèwi ngisin-ngisinké keluarga lan nggawé èlèk jenengé Yéhuwah. Bojoné Yakub, Rakhèl, mati pas nglairké anaké sing keloro. Pas Yakub wis tuwa, dhèwèké kepeksa pindhah ing Mesir merga ana kelaparan.​—PD. 34:30; 35:16-19; 37:28; 45:9-11, 28.

7. Apa buktiné Yéhuwah mberkahi Yakub?

7 Meskipun ngalami akèh masalah, Yakub tetep setya karo Yéhuwah. Yéhuwah ya terus mberkahi Yakub. Misalé, Yakub dadi tambah sugih meskipun diapusi Laban. Yakub mesthi ya bersyukur merga isa ketemu manèh karo Yusuf sing dikira wis mati. Yakub isa ngatasi masalahé merga akrab karo Yéhuwah. (PD. 30:43; 32:9, 10; 46:28-30) Awaké dhéwé ya isa ngatasi masalah nèk akrab karo Yéhuwah.

8. Raja Daud péngin apa?

8 Ora kabèh sing dipéngini Raja Daud kelakon. Misalé, Daud péngin banget mbangun bait kanggo Yéhuwah. Dhèwèké ya crita karo Nabi Natan. Terus Nabi Natan ngomong, ”Tindakna apa waé sing dadi karepé njenengan, merga Gusti Allah sing bener ndhukung njenengan.” (1 Bb. 17:1, 2) Daud mesthi dadi semangat banget. Mungkin dhèwèké langsung nggawé rencana kanggo proyèk kuwi.

9. Piyé tanggepané Daud wektu krungu berita sing ora disangka-sangka?

9 Tapi ora suwé bar kuwi, ana berita sing ora disangka-sangka. ”Benginé”, Yéhuwah ngongkon Natan ngandhani Daud nèk dudu Daud sing bakal mbangun bait, tapi anaké. (1 Bb. 17:3, 4, 11, 12) Piyé tanggepané Daud? Daud tetep ndhukung. Dhèwèké ngumpulké dhuwit lan bahan-bahan sing mengko dibutuhké anaké, yaiku Salomo, kanggo mbangun bait.​—1 Bb. 29:1-5.

10. Yéhuwah mènèhi berkah apa kanggo Daud?

10 Sakwisé ngandhani nèk Daud ora bakal mbangun bait, Yéhuwah nggawé perjanjian karo Daud. Yéhuwah janji nèk salah siji saka keturunané bakal mréntah dadi raja nganti saklawasé. (2 Sam. 7:16) Bayangna piyé perasaané Daud wektu sukmbèn ngerti nèk sing dadi raja ing Pamréntahan Sèwu Taun kuwi keturunané, yaiku Yésus. Apa pelajarané? Meskipun péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh, ora kabèh rencanané awaké dhéwé isa kelakon. Tapi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhi berkah liyané sing ora disangka-sangka.   

11. Meskipun wong Kristen ing jamané Yésus ora ngerti kapan Kerajaané Gusti Allah teka, tapi piyé Yéhuwah mberkahi wong-wong kuwi? (Kisah 6:7)

11 Wong Kristen ing jamané Yésus ngentèn-entèni tekané Kerajaané Gusti Allah, tapi ora ngerti kapan kuwi bakal kelakon. (Kis. 1:6, 7) Lha terus piyé? Wong-wong kuwi tetep semangat nginjil. Merga terus nginjil, wong-wong kuwi dadi ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah.​—Wacanen Kisah 6:7.

12. Meskipun ana kelaparan, wong Kristen ing jamané Yésus tetep ngapa?

12 Ngerti-ngerti ana kelaparan sing parah ”ing sak donya”. (Kis. 11:28) Wong Kristen wektu kuwi ya kena dampaké. Coba bayangna piyé keadaané. Para kepala keluarga mesthi bingung carané nyukupi kebutuhané keluargané. Terus piyé cah-cah enom sing nduwé rencana kanggo pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké? Cah-cah enom kuwi mungkin mikir apa perlu rencanané ditunda waé. Embuh piyé keadaané, wong-wong kuwi tetep berupaya bèn isa nginjil. Malah, wong-wong kuwi ya ngirim bantuan kanggo sedulur-sedulur ing Yudéa.​—Kis. 11:29, 30.

13. Berkah apa waé sing dirasakké sedulur-sedulur pas ana kelaparan?

13 Berkah apa waé sing dirasakké sedulur-sedulur pas ana kelaparan? Sedulur-sedulur sing nampa bantuan bener-bener ngrasakké nèk Yéhuwah ngopèni. (Mat. 6:31-33) Wong Kristen wektu kuwi mesthi ya dadi semakin akrab. Sedulur-sedulur sing mènèhi bantuan mesthi ya bahagia merga mènèhi. (Kis. 20:35) Yéhuwah mberkahi sedulur-sedulur kuwi meskipun ana keadaan sing ora disangka-sangka.

14. Apa sing dialami karo Barnabas lan Paulus, tapi apa hasilé? (Kisah 14:21, 22)

14 Wong Kristen jaman mbiyèn kerep dianiaya. Kadhang kuwi ora disangka-sangka. Kuwi sing dialami karo Barnabas lan Paulus pas nginjil ing kutha Listra. Awalé, wong-wong ing kana gelem ngrungokké. Tapi ngerti-ngerti, ana wong-wong sing ”ngojok-ojoki wong akèh”, lan akhiré Barnabas karo Paulus dibandhemi watu nganti mèh mati. (Kis. 14:19) Tapi bar kuwi, Barnabas karo Paulus tetep nginjil ing panggonan liya. Hasilé ana ”cukup akèh wong dadi murid”. Ora mung kuwi. Sedulur-sedulur ing kana ya dikuwatké merga ndelok Barnabas karo Paulus. (Wacanen Kisah 14:21, 22.) Nèk awaké dhéwé ora nyerah wektu éntuk tugas saka Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal mberkahi.

JAMAN SAIKI

15. Apa waé sing isa ditiru saka Sedulur A. H. Macmillan?

15 Sakdurungé taun 1914, umaté Yéhuwah ngarep-ngarep peristiwa penting sing kelakon. Contoné Sedulur A. H. Macmillan. Kaya akèh sedulur wektu kuwi, Sedulur Macmillan mikir nèk bakal munggah swarga taun 1914. Ing ceramahé sasi September 1914, dhèwèké ngomong, ”Mungkin iki dadi ceramah terakhirku.” Tapi nyatané ora. Terus Sedulur Macmillan nulis, ”Mungkin awaké dhéwé kesusu nyimpulké nèk bakal langsung munggah swarga. Sing penting saiki awaké dhéwé kudu tetep sibuk nglayani Yéhuwah.” Sedulur Macmillan terbukti tetep sibuk. Dhèwèké semangat nginjil, nguwatké sedulur-sedulur sing dipenjara merga ora gelem mèlu perang, lan tetep rajin teka ngibadah meskipun wis tuwa. Apa hasilé? Sakdurungé mati taun 1966, dhèwèké ngomong, ”Imanku padha kuwaté kaya mbiyèn.” Awaké dhéwé mesthi péngin niru Sedulur Macmillan sing tetep sibuk nglayani Yéhuwah, apa manèh nèk awaké dhéwé ngadhepi masalah sing ora rampung-rampung.​—Ibr. 13:7.

16. Sedulur Jennings karo bojoné ngerti-ngerti ngalami masalah apa? (Yakobus 4:14)

16 Akèh umaté Yéhuwah jaman saiki sing ngerti-ngerti lara. Misalé, Sedulur Herbert Jennings. b Dhèwèké karo bojoné seneng isa nglayani dadi utusan injil ing Ghana. Tapi ngerti-ngerti, dhèwèké dikandhani dokter nèk nduwé gangguan méntal. Sedulur Jennings ngutip kata-kata ing Yakobus 4:14, terus ngomong nèk dhèwèké ora nyangka isa ngalami kuwi. (Wacanen.) Dhèwèké nulis, ”Aku kudu nampa kenyataan. Dadi aku karo bojoku kudu lunga saka Ghana, ninggalké kanca-kancaku, lan pindhah ing Kanada kanggo berobat.” Yéhuwah terus mbantu Sedulur Jennings karo bojoné bèn isa tetep nglayani meskipun ngadhepi masalah.

17. Apa manfaaté pengalamané Sedulur Jennings kanggo sedulur liyané?

17 Pengalamané Sedulur Jennings isa nguwatké sedulur liyané. Ana sedulur wédok sing crita, ”Artikel iki cocog banget kanggo aku. . . . Sedulur Jennings ora dadi utusan injil manèh bèn isa berobat. Aku dadi ngerti nèk kuduné aku nglayani Yéhuwah sesuai karo kesanggupanku.” Ana sedulur lanang sing crita, ”Aku wis sepuluh taun nglayani dadi pinituwa. Tapi, aku ora dadi pinituwa manèh merga nduwé gangguan méntal. Aku dadi ngrasa ora berguna. Pas maca pengalamané sedulur-sedulur, biasané aku sedhih. . . . Tapi pas maca pengalamané Sedulur Jennings, aku dadi semangat.” Nèk tetep setya pas ana masalah, kuwi isa nguwatké sedulur liyané. Meskipun uripé awaké dhéwé ora sesuai kaya sing direncanakké, awaké dhéwé tetep isa dadi conto kanggo sedulur-sedulur.​—1 Ptr. 5:9.

Pas ana masalah, nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi dadi tambah cedhak karo Dhèwèké (Deloken paragraf 18)

18. Kaya ing gambar kanggo paragraf 18, apa sing isa ditiru saka pengalamané sedulur wédok ing Nigeria?

18 Selama pandemi COVID-19, ana akèh umaté Yéhuwah sing kena dampaké. Misalé, ana sedulur wédok sing wis dadi randha ing Nigeria sing ora nduwé panganan lan dhuwit. Pas ésuk, dhèwèké mung nduwé beras sak gelas. Terus, anaké wédok takon mengko awan mangan apa. Sedulur wédok kuwi ngomong nèk kudu niru randha Zaréfat, maem sing ana waé terus sisané pasrahké karo Yéhuwah. (1 Raj. 17:8-16) Durung sempat mikir mengko awan mèh mangan apa, ana sedulur sing ngirimi bantuan. Isiné kuwi panganan sing cukup kanggo luwih saka rong minggu. Sedulur wédok kuwi kagum merga Yéhuwah krungu omongané dhèwèké karo anaké. Pas ana masalah, nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi dadi tambah cedhak karo Dhèwèké.​—1 Ptr. 5:6, 7.

19. Apa sing dialami Sedulur Aleksey Yershov?

19 Akhir-akhir iki, akèh sedulur sing dianiaya. Misalé Sedulur Aleksey Yershov, sing manggon ing Rusia. Pas Sedulur Yershov dibaptis taun 1994, Seksi-Seksi Yéhuwah ing kono isih isa bébas ngibadah. Tapi ngerti-ngerti keadaané berubah. Taun 2020, omahé Sedulur Yershov digrebeg, digelédah, lan barang-barangé disita. Beberapa bulan bar kuwi, pamréntah nudhuh nèk Sedulur Yershov nglanggar hukum. Kuwi merga ana vidéo sing digawé karo wong sing éthok-éthok sinau Alkitab. Kuwi kejem banget.

20. Sedulur Yershov ngapa waé bèn isa terus akrab karo Yéhuwah?

20 Meskipun Sedulur Yershov dianiaya, apa ana berkahé? Ya. Sedulur Yershov dadi semakin cedhak karo Yéhuwah. Dhèwèké crita, ”Aku karo bojoku luwih kerep ndonga bareng. Aku dadi ngerti nèk aku ora mungkin isa ngatasi iki dhèwèkan nèk ora dibantu Yéhuwah.” Terus dhèwèké ya ngomong, ”Aku isa dadi semangat merga kerep sinau Alkitab. Aku ya mikirké contoné umaté Yéhuwah jaman mbiyèn. Aku dadi ngerti nèk penting banget tetep tenang lan percaya karo Yéhuwah.”

21. Apa waé sing isa dipelajari saka artikel iki?

21 Mémang isa waé ana keadaan sing ora disangka-sangka. Tapi Yéhuwah selalu mbantu umaté sing terus percaya karo Dhèwèké. Kaya ayat téma kanggo artikel iki, ”Wong sing bener ngalami akèh kesusahan, tapi Yéhuwah mbébaské wong kuwi saka kabèh kesusahan mau.” (Mzm. 34:19) Dadi aja terus-terusan mikirké masalahé, tapi pikirna piyé carané Yéhuwah mbantu. Kaya Paulus, awaké dhéwé ya isa ngomong, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”​—Flp. 4:13.

LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat

a Urip saiki ora pasti, tapi sing pasti Yéhuwah bakal ndhukung umaté. Piyé Yéhuwah ndhukung umaté jaman mbiyèn? Piyé Yéhuwah ndhukung umaté jaman saiki? Nèk ngrembug kuwi, awaké dhéwé dadi tambah yakin nèk Yéhuwah bakal ndhukung awaké dhéwé.

b Kisahé Sedulur Jennings dicritakké ing Menara Pengawal 1 Desember 2000, halaman 24-28.