Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Berkah kanggo sing Ngupaya Nyedhak marang Yéhuwah

Berkah kanggo sing Ngupaya Nyedhak marang Yéhuwah

”Sing sapa sowan marang ngarsané Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengané.”​—IB. 11:6.

LAGU: 26, 55

1, 2. (a) Apa hubungané tresna lan iman? (b) Pitakonan-pitakonan apa sing bakal dirembug?

YÉHUWAH janji bakal mberkahi para abdiné sing setya. Kuwi bukti katresnané Yéhuwah ”marang kita luwih dhisik”. Mula, kita uga nresnani Yéhuwah. (1 Yo. 4:19) Saya nresnani Yéhuwah, iman kita dadi saya kuwat lan saya yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong sing ditresnani.​—Wacanen Ibrani 11:6.

2 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing seneng mberkahi. Alkitab kandha, ”Pracaya iku dhasaring samubarang kang kita arep-arep.” (Ib. 11:1) Dadi, nduwé iman marang Yéhuwah kuwi tegesé kita yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong sing setya lan tenanan ngupaya nyedhak marang Yéhuwah. Apa paédahé kanggo awaké dhéwé? Piyé Yéhuwah wis mberkahi abdiné jaman mbiyèn lan jaman saiki? Ayo dirembug bareng-bareng.

YÉHUWAH JANJI BAKAL MBERKAHI PARA ABDINÉ

3. Janji apa sing ana ing Maléakhi 3:10?

3 Yéhuwah wis janji arep mberkahi para abdiné sing setya. Kita diparingi kesempatan kanggo ngupaya nyenengké Yéhuwah lan percaya nèk Yéhuwah bakal mberkahi kita. Yéhuwah ngendika, ”Titi-priksanen, . . . apa sira ora Sunwengani inebé langit, sarta apa Ingsun ora ngesoki berkah marang sira nganti lubèr?” (Ml. 3:10) Nèk nindakké kuwi, iku bukti nèk awaké dhéwé ngajèni undangané Yéhuwah.

4. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya karo kandhané Yésus ing Matéus 6:33?

4 Yésus janji karo para muridé nèk padha ndhisikké Kratoné Gusti Allah, Yéhuwah bakal mberkahi. (Wacanen Matéus 6:33.) Yésus isa ngomong kaya ngono, merga yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon. (Yé. 55:11) Nèk nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah, kita mesthi yakin nèk Yéhuwah bakal netepi janjiné, ”Ingsun ora bakal négakaké sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.” (Ib. 13:5) Janji kuwi mbantu awaké dhéwé percaya karo kandhané Yésus ing Matéus 6:33.

Yésus kandha nèk pangurbanané para muridé bakal diberkahi (Deloken paragraf 5)

5. Apa sebabé jawabané Yésus marang Pétrus nguwatké kita kabèh?

5 Rasul Pétrus wis tau takon karo Yésus, ”Kawula sadaya sampun sami nilar samukawis saha lajeng ndhèrèk Paduka; ingkang punika kawula sami badhé angsal punapa?” (Mt. 19:27) Yésus ora nyenèni Pétrus merga takon kaya ngono. Malah, Yésus kandha nèk para muridé bakal diberkahi merga wis padha nggawé pangurbanan. Sukmbèn, para murid lan wong sing setya liyané bakal dadi raja bareng karo Yésus ing swarga. Ning, saiki waé uga ana berkah sing isa ditampa. Yésus kandha, ”Saben wong kang marga saka Aku wis ninggal omahé, saduluré lanang utawa wadon, bapa-biyungé, anak-anaké apadéné palemahané, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal olèh warisan urip langgeng.” (Mt. 19:29) Saiki, kabèh muridé Yésus isa éntuk bapak, ibu, sedulur-sedulur, lan anak-anak ing jemaat. Berkah kuwi ngluwihi pangurbanan apa waé sing wis kita tindakké kanggo Kratoné Gusti Allah.

”JANGKARING NYAWA KITA”

6. Apa gunané janjiné Yéhuwah kanggo para abdiné?

6 Sakliyané berkah-berkah mau, kita uga ngarep-arep berkah sing luwih gedhé sukmbèn. (1 Tm. 4:8) Yéhuwah janji bakal mberkahi para abdiné sing setya lan janji kuwi mbantu awaké dhéwé tetep setya wektu ngadhepi kasusahan. Kita yakin tenan nèk Yéhuwah bakal ”maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengané”.​—Ib. 11:6.

7. Apa sebabé pangarep-arep kuwi padha karo jangkar?

7 Wektu Ceramah ing Gunung, Yésus kandha, ”Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhé ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggoné wong-wong padha nganiaya para nabi sadurungé kowé.” (Mt. 5:12) Ana abdiné Gusti Allah sing bakal urip saklawasé ing swarga, lan liyané bakal urip ing bumi pirdus. Kuwi uga isa marahi ’bungah lan sukarena’. (Ms. 37:11; Lk. 18:30) Pangarep-arep kuwi isa dadi ”jangkaring nyawa kita kang kukuh lan santosa”. (Ib. 6:17-20) Jangkar isa njaga kapal tetep aman wektu ana angin gedhé. Semono uga, nèk nduwé pangarep-arep sing kuwat, kita isa tetep setya senajan ngalami kasusahan.

Yéhuwah janji bakal mberkahi abdiné sing setya lan janji kuwi mbantu awaké dhéwé tetep setya wektu ngadhepi kasusahan

8. Piyé pangarep-arep isa ngurangi rasa kuwatir?

8 Pangarep-arep uga isa mbantu kita ngurangi rasa kuwatir. Yéhuwah bakal mbantu nèk kita masrahké rasa kuwatir marang Yéhuwah. Kuwi isa marahi ati dadi ayem lan adhem, kaya minyak sing isa ngadhemké kulit. (Ms. 55:23) Kita isa percaya tenan nèk Yéhuwah isa nindakké ”luwih déning akèh tinimbang apa kang kita dongakaké utawa kita pikir”. (Éf. 3:20) Yéhuwah bakal maringi pitulungan marang kita, ora mung akèh utawa akèh banget, ning malah ”luwih déning akèh”.

9. Apa sing kudu ditindakké bèn diberkahi Yéhuwah?

9 Bèn isa diberkahi, kita perlu nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah lan ngetrapké arahané. Musa kandha marang bangsa Israèl, ”Yéhuwah mesthi bakal nglubèraké berkahé marang kowé ana ing tanah kang diparingaké déning Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu, marang kowé dadi tanah-pusakamu; anggeré kowé padha nggatèkaké dhawuhé Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu, kalawan temen-temen, lan nglakoni kalawan temen-temen sakèhing angger-angger kang dakluntakaké marang kowé ing dina iki. Samangsa Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu, wus mberkahi kowé, kaya kang wus dadi dhawuhé marang kowé.” (PT. 15:4-6) Yéhuwah bakal mberkahi nèk panjenengan tetep setya. Apa panjenengan yakin bab kuwi?

YÉHUWAH MBERKAHI ABDINÉ SING SETYA

10, 11. Piyé Yéhuwah mberkahi Yusuf?

10 Alkitab nyathet nèk Gusti Allah mberkahi para abdiné ing jaman mbiyèn. Pengalaman-pengalaman kuwi ana gunané kanggo kita. (Rm. 15:4) Contoné pengalamané Yusuf. Para seduluré ngedol dhèwèké dadi budhak. Banjur, dhèwèké difitnah karo bojoné juragané lan akhiré Yusuf dipenjara ing Mesir. Wektu dipenjara, apa Yéhuwah terus ninggalké Yusuf? Ora babar blas. Alkitab kandha, ”Sang Yéhuwah nunggil kalawan Yusuf, [lan Yusuf] kaparingan sih,” sarta ”apa kang ditindakaké iku dilestarèkaké déning Sang Yéhuwah”. (Pd. 39:21, 23) Senajan ngadhepi kasusahan, Yusuf sabar ngentèni pitulungané Yéhuwah.

11 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Firaun mbébaské Yusuf saka penjara, lan Yusuf dadi panguwasa ing Mesir sak ngisoré Firaun. (Pd. 41:1, 37-43) Yusuf nduwé anak lanang loro. Sing mbarep dijenengké, ”Manasyé”, merga Yusuf kandha, ”Gusti Allah wus ndadèkaké aku lali marang sakabèhé kasusahanku lan kulawargané bapakku.” Lan sing nomer loro dijenengké, ”Éfraim”, merga kandhané Yusuf, ”Gusti Allah wus maringi anak marang aku ana ing nagaraning kasangsaranku.” (Pd. 41:51, 52) Yéhuwah mberkahi Yusuf merga kasetyané. Yusuf isa nylametké wong-wong Israèl lan Mesir saka mangsa kurang pangan. Yusuf ngerti nèk Yéhuwah sing mberkahi lan nulungi dhèwèké.​—Pd. 45:5-9.

Yésus bener-bener marem merga wis nyucèkké asmané Gusti Allah

12. Piyé Yésus isa tetep setya wektu ngadhepi tantangan?

12 Yéhuwah mberkahi Yésus merga Yésus tetep manut senajan ngadhepi akèh tantangan. Apa sebabé Yésus isa tetep setya? Alkitab njelaské nèk Yésus ’ora ngétang kanisthan manggul [cagak, Terjemahan Dunia Baru] kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisaké kagem Panjenengané’. (Ib. 12:2) Yésus bener-bener marem merga wis nyucèkké asmané Gusti Allah. Yésus wis nggawé Bapaké seneng lan diparingi akèh kaurmatan. Alkitab kandha nèk Yésus ”lenggah ana ing tengening dhamparé Gusti Allah”. Alkitab uga kandha, ”Gusti Allah banget anggoné banjur ngluhuraké Panjenengané lan maringi asma marang Panjenengané ngungkuli sadhéngahing jeneng.”​—Fp. 2:9.

YÉHUWAH ORA LALI KARO SING WIS KITA TINDAKKÉ

13, 14. Piyé perasaané Yéhuwah bab sing kita tindakké kanggo Yéhuwah?

13 Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ngajèni apa waé sing wis kita tindakké kanggo ngabdi, senajan kita ora isa akèh ngabdi manèh kaya mbiyèn merga lagi lara utawa nglokro. Wektu awaké dhéwé ora yakin karo kemampuané dhéwé, Yéhuwah ngertèni kahanan kita. Yéhuwah uga nggatèkké wektu awaké dhéwé lagi ngadhepi tantangan sarta wektu kuwatir bab gawéan utawa nyedhiyakké kebutuhan keluarga.​—Wacanen Ibrani 6:10, 11.

14 Élinga uga nèk Yéhuwah kuwi ”ingkang midhangetaken pandonga”. Kita yakin nèk Yéhuwah bakal mirengké donga kita. (Ms. 65:3) ”Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur” bakal mbantu kita bèn tetep cedhak karo Yéhuwah. Kadhang kala, Yéhuwah nggunakké para sedulur kanggo nindakké kuwi. (2 Kr. 1:3) Yéhuwah seneng nèk kita nduduhké katresnan marang liyané. Alkitab kandha, ”Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangaké marang Pangéran Yéhuwah, Panjenengané kang bakal males panggawéné iku.” (WB. 19:17; Mt. 6:3, 4) Dadi, nèk awaké dhéwé loma lan mbantu para sedulur, kuwi dianggep ngutangi Yéhuwah lan bakal dibayar lunas karo Yéhuwah.

BERKAH SAIKI LAN SAKLAWASÉ

15. Berkah apa sing panjenengan arep-arep? (Deloken gambar ing kaca 21.)

15 Wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga bakal nampa hadiah saka Yésus, yaiku ”makuthaning kayektèn”. (2 Tm. 4:7, 8) Ning, kita kabèh sing nduwé pangarep-arep urip ing bumi uga diajèni. Jutaan ”wedhus liyané” duwèké Yésus ngarep-arep tenan urip saklawasé ing bumi pirdus. Ing kono, wong-wong kuwi ”bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih”.​—Yo. 10:16; Ms. 37:11.

16. Piyé 1 Yo. 3:19, 20 isa nentremké ati kita?

16 Kadhang kala awaké dhéwé rumangsa ora isa nindakké akèh kanggo Yéhuwah, utawa mikir apa Yéhuwah seneng karo sing wis tak tindakké. Malah, kita isa waé rumangsa ora pantes nampa berkah saka Yéhuwah. Ning, élinga nèk ”Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sarta nguningani samubarang”. (Wacanen 1 Yo. 3:19, 20.) Yéhuwah mesthi mberkahi nèk kita ngabdi merga tresna lan nduwé iman marang Yéhuwah, senajan awaké dhéwé rumangsa kuwi ora ana ajiné.​—Mk. 12:41-44.

17. Berkah apa waé sing awaké dhéwé tampa saiki?

17 Ing dina-dina pungkasan donyané Sétan, Yéhuwah njamin awaké dhéwé bakal éntuk piwulang sing akèh lan rasa ayem merga dadi bagéan saka paseduluran sakdonya. (Yé. 54:13) Kaya janjiné Yésus, ing jaman saiki kita nduwé sedulur-sedulur sakdonya sing nresnani siji lan sijiné. (Mk. 10:29, 30) Sakliyané kuwi, wong-wong sing ngupaya nyedhak marang Yéhuwah isa ngrasakké bungah lan marem sarta nduwé pikiran lan ati sing ayem. Kuwi kabèh berkah saka Yéhuwah.​—Fp. 4:4-7.

18, 19. Piyé perasaané abdiné Yéhuwah bab berkah sing ditampa?

18 Abdiné Yéhuwah ing saklumahing bumi wis ngrasakké akèh berkah saka Yéhuwah. Contoné, Bianca saka Jerman kandha, ”Aku maturnuwun banget merga Yéhuwah wis mbantu aku ngatasi rasa kuwatir lan terus ndhukung aku saben dina. Kahanan donya saiki ruwed lan marahi strès. Ning, aku rumangsa aman merga cedhak karo Yéhuwah. Pangurbanan sing wis tak gawé kanggo Yéhuwah, diijoli ping satusé.”

19 Gatèkna uga pengalamané Paula sing umuré 70 taun saka Kanada. Paula nduwé penyakit spina bifida, yaiku penyakit tulang belakang. Dhèwèké pancèn angèl obah, ning tetep semangat ngabdi. Paula kandha, ”Aku nginjil nganggo cara ora resmi lan liwat tilpun. Aku uga nyathet ayat-ayat lan bab-bab saka wacan Alkitab sing isa nguwatké aku saben dina. Kuwi tak arani ’Buku Cathetan Keslametanku’. Nèk terus mikirké janjiné Yéhuwah, aku dadi ora nglokro manèh. Ing kahanan apa waé, Yéhuwah mesthi siap nulungi awaké dhéwé.” Kahanan panjenengan mbokmenawa ora padha karo Bianca utawa Paula. Ning, panjenengan isa mikirké cara-cara sing wis Yéhuwah tindakké kanggo mberkahi panjenengan lan wong liya. Seneng banget rasané nèk mikirké berkahé Yéhuwah sing wis ditampa saiki lan bakal ditampa sukmbèn.

20. Apa berkahé nèk awaké dhéwé terus setya ngabdi marang Yéhuwah?

20 Élinga nèk panjenengan ndonga tulus saka ati, berkahé ”bakal gedhé”. Panjenengan isa yakin nèk ’sawusé nglakoni karsané Gusti Allah’, panjenengan bakal ’olèh apa kang wis kaprasetyakaké’. (Ib. 10:35, 36) Mula, ayo padha terus nguwatké iman lan ngupaya sak isa-isané kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Kita yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi kita.​—Wacanen Kolosé 3:23, 24.