PENGALAMAN
”Dadi Apa Waé kanggo Sakabèhing Wong”
Ing taun 1941, bapakku ngancam ibuku, ”Nèk kowé baptis, aku bakal minggat!” Senajan diancam ngono, ibu tetep baptis. Bapakku akhiré minggat tenan. Wektu kuwi, umurku lagi wolung taun.
SAKDURUNGÉ kuwi, aku wis seneng sinau Alkitab. Ibuku nampa wacan-wacan Alkitab lan aku ya seneng karo wacan-wacan kuwi. Aku paling seneng karo gambar-gambaré. Bapak ora ngéntukké ibu ngajari aku Alkitab. Ning, aku penasaran lan nduwé akèh pitakonan. Dadi, aku sinau karo ibu pas bapak ora ing omah. Akhiré ing taun 1943, wektu umurku sepuluh taun, aku mutuské kanggo ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis ing Blackpool, Inggris.
AKU MULAI NGABDI MARANG YÉHUWAH
Wiwit saka dibaptis, aku lan ibuku ajeg nginjil bareng. Wektu kuwi isih nggunakké fonograf. Fonograf kuwi gedhé lan abot banget, aboté kira-kira papat setengah kilo. Bayangna waé bocah cilik kaya aku nyoba nggotong fonograf kuwi.
Wektu umurku 14 taun, aku péngin dadi perintis. Ibuku kandha nèk aku kudu ngomong dhisik karo pinituwa wilayah. Sedulur kuwi ngandhani nèk arep merintis aku kudu sinau ketrampilan dhisik kanggo nyukupi kebutuhanku. Saran kuwi tak tindakké. Sakwisé kerja rong taun, aku takon karo pinituwa wilayah liyané bab merintis. Dhèwèké kandha, ”Ya, apik kuwi!”
Ing sasi April 1949, aku lan ibuku ngedol prabotan omah lan ana uga sing tak wènèhké wong liya. Banjur aku pindhah menyang Middleton, dhaérah cedhak Manchester, lan mulai merintis. Sakwisé patang sasi, aku ngajak salah siji sedulur ngancani merintis. Kantor cabang mènèhi saran bèn aku lan kancaku pindhah menyang jemaat sing durung suwé dibentuk ing Irlam. Ibuku merintis karo sedulur wédok ing jemaat liya.
Umurku lagi 17 taun, ning aku lan kanca merintisku nduwé tanggung jawab kanggo mimpin pakumpulan ibadah, merga sedulur lanang sing isa diwènèhi tanggung jawab ing kono mung sithik. Banjur, aku pindhah menyang Jemaat Buxton sing mbutuhké bantuan merga ing kono mung ana sithik penginjil. Kabèh pengalaman kuwi mbantu aku siap nindakké tugas-tugas liyané sukmbèn.
Taun 1951, aku daftar Sekolah Giléad. Banjur ing sasi Desember 1952, aku dikon mèlu wajib militèr. Aku kandha nèk aku iki rohaniwan, dadi ra isa mèlu wajib militèr. Ning, pengadilan ora nampa alesan kuwi lan aku dipenjara enem sasi. Ing penjara, aku éntuk undangan sekolah Giléad kelas 22. Sakwisé dibébaské saka penjara ing sasi Juli 1953, aku numpak kapal Georgic menyang New York.
Ing kono, aku mèlu Kebaktian Masyarakat Dunia Baru. Banjur, aku numpak sepur terus oper numpak bis menyang South Lansing, New York, panggonan sing dinggo
sekolah Giléad. Merga lagi metu saka penjara, dhuwitku mung sithik, ora cukup kanggo mbayar bis. Dadi, aku nyilih dhuwité wong liya sing padha-padha numpak bis kuwi.TUGAS ING NEGARA LIYA
Ing Sekolah Giléad, aku dilatih bèn ”dadi apa waé kanggo sakabèhing wong”. (1 Kr. 9:22, Terjemahan Dunia Baru) Aku lan kancaku, Paul Bruun sarta Raymond Leach, ditugaské menyang Filipina. Ning, aku lan kanca-kancaku isih kudu ngentèni pirang-pirang sasi kanggo ngurus visa. Banjur, aku wong telu numpak kapal menyang Rotterdam, ing Netherlands. Terus nyebrang Laut Mediterania, Terusan Suez, lan Samudra Hindia menyang Malaysia, banjur menyang Hongkong. Sakwisé 47 dina ing laut, akhiré tanggal 19 November 1954 aku tekan ing Manila.
Ing kono, aku lan kanca-kancaku kudu sinau budaya lan basa sing anyar. Ning, aku lan kancaku ditugaské dhisik ing jemaat Quezon City. Ing kono akèh-akèhé wong padha nganggo basa Inggris. Dadi, sakwisé nem sasi aku lagi ngerti sithik basa Tagalog.
Ing sasi Mei 1955, wektu lagi waé tekan omah sakwisé nginjil, aku lan Sedulur Leach nampa surat tugas dadi pinituwa wilayah. Umurku lagi 22 taun, ning tugas anyar iki mbantu aku bèn isa ”dadi apa waé kanggo sakabèhing wong”.
Sepisanan dadi pinituwa wilayah, aku ceramah ing èmpèrané toko. Ing Filipina, ceramah umum kuwi bener-bener ing panggonan umum. Aku ceramah ing pendhapa, pasar, taman, lapangan baskét, ngarep gedhung pertemuan, lan uga ing dalan-dalan. Wis tau ing San Pablo City, aku ora sida ceramah ing pasar merga udan deres. Dadi aku ngomong karo para
sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat, piyé nèk ceramahé ing Balé Ibadah waé. Terus para sedulur kuwi takon apa iki isa disebut ceramah umum merga ora dianakké ing panggonan umum.Aku biyasané nginep ing omahé para sedulur. Omahé resik senajan sedherhana lan lantainé saka kayu. Kerepé aku turu nggelar klasa. Adusé ing njaba, isa didelok wong liya. Dadi nèk adus, aku tetep nganggo klambi. Merga ora nduwé mobil, aku numpak bis lan kadhang kala numpak prau nèk arep menyang pulau liya.
Aku sinau basa Tagalog dhéwé. Carané, aku ngrungokké para sedulur wektu nginjil lan ing pakumpulan ibadah. Aku matur nuwun merga para sedulur sabar mbantu aku lan mènèhi saran wektu aku salah ngomong.
Sakwisé kuwi, aku éntuk tugas anyar. Ing taun 1956, Sedulur Nathan Knorr teka wektu ana kebaktian nasional. Aku éntuk tugas bagéan informasi. Aku ora nduwé pengalaman bab kuwi, ning para sedulur mbantu aku. Ora nganti setaun, ana kebaktian nasional manèh pas Sedulur Frederick Franz mara saka kantor pusat. Wektu kuwi aku dadi pengawas kebaktiané. Pas ceramah, Sedulur Franz nganggo klambi tradhisional saka Filipina sing disebut barong Tagalog. Kuwi nggawé para sedulur ing kono seneng banget. Kuwi uga piwulang kanggo aku supaya
gelem nggawé penyesuaian karo wong-wong ing kono.Wektu dadi pengawas distrik, aku kudu nggawé penyesuaian luwih akèh manèh. Wektu nginjil, aku nyetèlké vidhéo The Happiness of the New World Society. Vidhéo kuwi biyasané disetèl ing panggonan umum, terus kadhang kala ana serangga sing ngganggu merga nyetèlé ing njaba. Kéwan-kéwan kuwi seneng karo sinar saka proyéktor, lan nèmplèk ing kono. Kuwi ngreged-ngregedi tur angèl diresiki. Ngatur acara kaya ngono kuwi ora gampang. Ning, seneng banget rasané wektu ndeleng wong-wong teka lan sinau bab pakumpulané Yéhuwah sakdonya.
Para imam Katolik ing dhaérah-dhaérah meksa pamréntah bèn ora ngijinké Seksi-Seksi Yéhuwah nganakké kebaktian. Terus, wektu para Seksi nganakké ceramah ing cedhak gréja, para imam kuwi ngunèkké loncèng gréja bèn ora ana sing isa ngrungokké ceramahé. Senajan ngono, wong-wong terus sinau Alkitab lan akèh sing saiki dadi abdiné Yéhuwah.
TUGAS ANYAR, AKÈH PENYESUAIAN
Ing taun 1959, aku ditugaské menyang kantor cabang. Ing kono aku éntuk pengalaman akèh banget. Ora let suwé, aku ditugaské marani negara-negara liya. Ing salah siji negara sing tak parani, aku ketemu karo Janet Dumond, utusan injil ing Thailand. Aku lan Janet surat-suratan, banjur akhiré nikah. Aku lan Janet seneng isa ngabdi bareng saksuwéné 51 taun.
Aku seneng isa marani para sedulur ing 33 negara. Tugas-tugas sing sakdurungé wis mbantu aku sinau carané ngadhepi wong sing béda-béda. Aku dadi PR. 10:34, 35.
ngerti dhéwé nèk Yéhuwah pancèn nresnani kabèh wong.—AKU ISIH TERUS NGGAWÉ PENYESUAIAN
Aku lan Janet terus ngabdi ing kantor cabang Filipina, ing Quezon City. Aku wong loro seneng isa ngabdi karo para sedulur ing Filipina. Wektu aku mulai ngabdi ing Filipina 60 taun kepungkur, cacahé Seksi Yéhuwah ing kono lagi sithik. Saiki, cacahé wis mundhak ping sepuluhé. Nganti saiki, aku isih terus ngupaya nggawé penyesuaian. Contoné, durung suwé iki pakumpulan nggawé pengaturan sing anyar, dadi aku lan Janet kudu gelem nggawé penyesuaian manèh.
Aku lan bojoku nindakké kabèh arahané Yéhuwah sak isa-isané. Kuwi nggawé uripku dadi bener-bener marem. Aku lan Janet uga ngupaya nggawé penyesuaian bèn isa terus mbantu para sedulur. Aku wong loro nduwé tékad kanggo ”dadi apa waé kanggo sakabèhing wong”, kaya kersané Yéhuwah.