Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Ngarahké Pikiran Manut Roh Tegesé Urip lan Ayem Tentrem”

”Ngarahké Pikiran Manut Roh Tegesé Urip lan Ayem Tentrem”

”Wong-wong sing uripé manut roh, pikirané diarahké miturut roh.”​—RM. 8:5, Terjemahan Dunia Baru (NW).

LAGU: 22, 52

1, 2. Rum bab 8 njelaské apa bab wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga?

RUM 8:15-17 biyasané diwacakké wektu mèngeti sédané Yésus. Ayat-ayat kuwi njelaské piyé wong-wong Kristen sing dipilih ngerti nèk dhèwèké nduwé pangarep-arep urip saklawasé ing swarga. Rum 8:1 kandha nèk wong-wong kuwi ”padha ana ing Sang Kristus Yésus”. Ning, apa Rum bab 8 kuwi mung kanggo wong-wong sing dipilih munggah swarga? Utawa uga isa kanggo wong-wong sing nduwé pangarep-arep urip saklawasé ing bumi?

2 Rum bab 8 kususé ditulis kanggo wong-wong sing dipilih munggah swarga. Wong-wong sing nampa ”roh” kuwi ”ngentèni wektuné Gusti Allah ngangkat dadi putrané, lan mbébaské saka badan [dagingé wong-wong kuwi]”. (Rm. 8:23, NW) Merga ana tebusan, wong-wong kuwi wis diapura sarta dianggep bener lan sukmbèn isa dadi putra-putrané Gusti Allah.​—Rm. 3:23-26; 4:25; 8:30.

3. Apa sebabé wong-wong sing ngarep-arep urip ing bumi uga kudu sinau Rum bab 8?

3 Ing wiwitané buku Rum, Paulus nulis bab Abraham, wong sing setya lan dianggep bener karo Yéhuwah senajan ora dipilih munggah swarga. Abraham wis ana suwé sakdurungé Yésus nebus manungsa. (Wacanen Rum 4:20-22.) Saiki, wong-wong Kristen setya sing ngarep-arep urip ing bumi uga isa dianggep bener karo Yéhuwah. Naséhat ing Rum bab 8 uga ana gunané kanggo wong-wong kuwi.

4. Apa sing kudu dipikirké wektu maca Rum 8:21?

4 Ing Rum 8:21, Yéhuwah njamin nèk donya anyar mesthi bakal kelakon lan manungsa bakal dibébaské saka dosa lan pati. Ayat kuwi kandha nèk wong-wong bakal ngrasakké ”kamardikaning kamulyané para putrané Gusti Allah”. Apa panjenengan yakin nèk bakal isa urip ing donya anyar? Naséhat ing Rum bab 8 isa mbantu kita ngerti apa sing kudu ditindakké bèn isa urip ing donya anyar.

”NGARAHKÉ PIKIRAN MANUT DAGING”

5. Kahanan apa sing dijelaské Paulus ing Rum 8:4-13?

5 Wacanen Rum 8:4-13. * Ing Rum bab wolu, Paulus nerangké bab wong sing uripé ”manut daging” lan sing uripé ”manut roh”. Ana sing ngira nèk Paulus lagi ngomongké bab wong Kristen lan dudu Kristen. Ning, Paulus nulis ayat kuwi kanggo wong-wong Kristen, wong-wong sing ”katimbalan lan kadadèkaké suci”. (Rm. 1:7) Dadi, wong sing uripé ”manut daging” lan sing uripé ”manut roh” kuwi padha-padha wong Kristen. Apa sebabé kok dibédakké?

6, 7. (a) Apa waé maksudé tembung ”daging” ing Alkitab? (b) Piyé tembung ”daging” digunakké ing Rum 8:4-13?

6 Wektu Alkitab nggunakké tembung ”daging”, sing dimaksud isa béda-béda. Kadhang kala sing dimaksud yaiku daging sing saktenané utawa badan kita. (Rm. 2:28; 1 Kr. 15:39, 50) Sakliyané kuwi, maksudé isa uga hubungan keluarga. Contoné, Alkitab kandha nèk Yésus kuwi ”saka tedhaké Sang Prabu Dawud mungguh ing daging”, lan Paulus nyebut wong-wong Yahudi kuwi ’para saduluré, golonganing bangsané mungguhing daging’.​—Rm. 1:3; 9:3.

7 Sapa sing dimaksud Paulus urip ”manut daging” ing Rum 8:4-13? Paulus nulis ing Rum 7:5, ”Nalika kita isih padha urip ana ing daging, hawa-nepsuning dosa kang kagugah déning angger-anggering Torèt, iku ndayani ana ing gegelitaning badan kita.” Dadi, sing dimaksud Paulus wong sing urip ”manut daging” yaiku wong-wong sing mung terus mikir lan tumindak sak karepé dhéwé, manut kepénginané sing salah.

8. Apa sebabé Paulus ngélikké wong-wong sing dipilih munggah swarga bèn ora urip ”manut daging”?

8 Apa sebabé Paulus ngélikké wong-wong sing dipilih munggah swarga bèn ora urip ”manut daging”? Lan apa sebabé pangéling-éling kuwi ana gunané kanggo kabèh wong Kristen ing jaman saiki? Alesané merga kabèh abdiné Yéhuwah sing setya isa waé mulai ngutamakké kepénginané dhéwé. Contoné, Paulus nulis nèk ana para sedulur ing Roma ”padha ngawula marang wetengé [kepénginané] dhéwé”. Isa waé wong-wong kuwi ngutamakké sèks, panganan, utawa kesenengan liyané. (Rm. 16:17, 18; Fp. 3:18, 19; Yd. 4, 8, 12) Malah, ing jemaat Korintus ana sedulur sing laku jina karo ”somahé bapakné”. (1 Kr. 5:1) Dadi, cetha nèk wong-wong Kristen ing abad kapisan perlu diélikké karo Paulus bèn ora urip ”manut daging”.​—Rm. 8:5, 6, NW.

9. Rum 8:6 ora ngrembug bab apa?

9 Pangéling-éling kuwi uga ana gunané kanggo jaman saiki. Senajan wis suwé ngabdi marang Yéhuwah, ana sing isa waé mulai urip ”manut daging”. Dadi, maksudé Paulus apa awaké dhéwé ora éntuk mikirké bab panganan, gawéan, rékréasi, utawa nduduhké sikap romantis ing urip bebojoan? Ora ngono maksudé. Kuwi bab sing lumrah dilakoni wong urip. Yésus waé ya seneng mangan lan mènèhi panganan kanggo wong liya. Yésus uga rumangsa butuh ngaso. Lan Paulus nulis nèk hubungan sèksual kuwi bab sing penting ing urip bebojoan.

Bab apa sing seneng kita omongké? (Deloken paragraf 10, 11)

10. Apa maksudé ”pikirané diarahké”?

10 Apa maksudé ”pikirané diarahké”? Tembung Yunani sing digunakké Paulus kuwi maksudé yaiku mung terus mikirké salah siji perkara lan nggawé rencana bab kuwi. Ana ahli sing njelaské nèk wong sing ”pikirané diarahké” kuwi ”nduwé kepénginan sing gedhé lan kerep ngomongké bab kuwi”, sarta mung terus mikirké kepentingané dhéwé. Dadi uripé mung mikirké kepénginané dhéwé.

Apa sing paling penting kanggo awaké dhéwé?

11. Perkara apa waé sing isa dadi paling penting ing uripé awaké dhéwé?

11 Wong-wong Kristen ing Roma perlu mriksa apa pikirané diarahké ”miturut daging”. Saiki, kita uga perlu mikirké apa sing paling penting kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé seneng ngomongké bab apa? Apa sing paling awaké dhéwé senengi? Mbokmenawa ana sing sadhar nèk dhèwèké terus mikirké bab dolan, ngapikké omahé, tuku klambi anyar, invèstasi dhuwit, utawa nyoba ngombé anggur sing werna-werna. Kuwi kabèh ora salah lan bab sing lumrah. Wektu teka ing acara nikahan Yésus waé nggawé mukjijat kanggo nyedhiyakké anggur, lan Paulus ngandhani Timotéus bèn ngombé ”anggur sathithik” kanggo keséhatané. (1 Tm. 5:23; Yo. 2:3-11) Ning anggur dudu perkara sing paling penting ing uripé. Nèk awaké dhéwé piyé? Apa sing paling penting ing uripé awaké dhéwé?

12, 13. Apa sebabé awaké dhéwé aja nganti ngarahké pikiran manut daging?

12 Paulus ngélikké, ”Ngarahké pikiran manut daging kuwi tegesé pati.” (Rm. 8:6, NW) Apa maksudé? Nèk urip ”manut daging”, awaké dhéwé isa kélangan hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan sukmbèn ora isa urip langgeng. Ning, kuwi ora bakal kelakon nèk awaké dhéwé malih. Apa panjenengan éling karo wong ing Korintus sing dipecat merga laku jina? Wong kuwi wis mertobat lan mandheg nindakké kepénginané sing bejat, banjur isa nindakké ibadah sing murni manèh marang Yéhuwah.​—2 Kr. 2:6-8.

13 Wong kuwi uripé ”manut daging” lan tumindaké bejat banget, ning dhèwèké isa malih. Dadi, wong Kristen jaman saiki ya isa malih senajan wis mulai mikirké kepénginané sing ora cocog karo pathokané Yéhuwah. Ngéling-éling naséhaté Paulus mau isa mbantu awaké dhéwé gelem ngowahi urip.

”NGARAHKÉ PIKIRAN MANUT ROH”

14, 15. (a) Paulus ngandhani awaké dhéwé supaya ngarahké pikiran marang apa? (b) ”Ngarahké pikiran manut roh” kuwi dudu ateges apa?

14 Sakwisé Paulus ngomongké bahayané ”ngarahké pikiran manut daging”, dhèwèké kandha, ”Ngarahké pikiran manut roh tegesé urip lan ayem tentrem.” Kuwi bener-bener hadiah sing nyenengké tenan.

15 Ning, ”ngarahké pikiran manut roh” kuwi dudu ateges nèk wong Kristen ora éntuk urip lumrah. Utawa mung mikir sarta ngomongké bab Yéhuwah lan Alkitab. Wong Kristen ing abad kapisan waé ya urip lumrah. Wong-wong kuwi ya padha nduwé bojo, keluarga lan gawéan sarta seneng mangan lan ngombé.​—Mk. 6:3; 1 Ts. 2:9.

Sing paling penting kanggo Paulus yaiku ngabdi marang Yéhuwah

16. Apa sing paling penting ing uripé Paulus?

16 Ning, kagiyatan sing lumrah kuwi ora dadi perkara sing paling penting kanggo Paulus lan wong-wong Kristen abad kapisan. Contoné, Paulus pancèn nyambut gawé nggawé téndha. Ning, kuwi dudu bab sing paling penting ing uripé. Sing paling penting kanggo Paulus yaiku ngabdi marang Yéhuwah. Paulus ngutamakké gawéan nginjil lan mulang Alkitab. (Wacanen Para Rasul 18:2-4; 20:20, 21, 34, 35.) Kita perlu niru tuladhané Paulus, kayadéné para sedulur ing Roma.​—Rm. 15:15, 16.

17. Apa berkahé nèk awaké dhéwé ngarahké ”pikiran manut roh”?

17 Apa berkahé nèk terus ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah? Rum 8:6 kandha nèk ”ngarahké pikiran manut roh tegesé urip lan ayem tentrem”, (NW). Kuwi maksudé ngarahké pikiran manut arahané Yéhuwah lan mikir kaya carané Yéhuwah mikir. Yéhuwah janji nèk awaké dhéwé isa urip seneng saiki lan urip langgeng sukmbèn.

Yéhuwah isa mbantu kita nduwé pikiran sing ayem

18. Apa sebabé ”ngarahké pikiran manut roh” kuwi isa nggawé ayem tentrem?

18 Apa sing dimaksud Paulus wektu kandha nèk ”ngarahké pikiran manut roh” kuwi isa nggawé ayem tentrem? Saben wong péngin ayem tentrem, kususé ayem pikirané, ning mung sithik sing isa ngono. Yéhuwah isa mbantu kita nduwé pikiran sing ayem. Kita uga isa ngrasakké tentrem ing keluarga lan jemaat. Merga ora sampurna, kadhang kala kita nduwé masalah karo para sedulur. Wektu ana masalah, élinga naséhaté Yésus, ”Maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik.” (Mt. 5:24) Élinga nèk para sedulur uga ngabdi marang Yéhuwah, ”Gusti Allah, etuking tentrem-rahayu”.​—Rm. 15:33; 16:20.

19. Awaké dhéwé uga isa rukun karo sapa?

19 Nèk ngarahké ”pikiran manut roh”, awaké dhéwé uga isa rukun karo Gusti Allah. Nabi Yésaya kandha, ”Ingkang manahipun santosa Paduka [Yéhuwah] paringi tentrem rahayu, amargi pitados dhumateng Paduka.”​—Yé. 26:3; wacanen Rum 5:1.

20. Apa paédahé naséhat ing Rum bab 8 kanggo awaké dhéwé?

20 Ora masalah awaké dhéwé nduwé pangarep-arep urip ing swarga utawa ing bumi, kita kabèh isa éntuk paédah saka Rum bab 8. Awaké dhéwé maturnuwun merga Alkitab ngélingké bèn terus ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah timbang kepénginané dhéwé. Kita ngerti nèk ngarahké ”pikiran manut roh” kuwi isa nggawé awaké dhéwé éntuk berkah sing nyenengké banget. Paulus kandha, ”Sih-peparingé Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yésus, Gusti kita.”​—Rm. 6:23.

^ par. 5 Rum 8:5, NW: ”Wong-wong sing uripé manut daging, pikirané diarahké miturut daging, ning wong-wong sing uripé manut roh, pikirané diarahké miturut roh.”