Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané sing Maca

Pitakonané sing Maca

Apa wong Kristen éntuk nggunakké spiral utawa IUD (intrauterine device)?

Ing bab iki, saben wong Kristen sing wis nikah kudu nggawé keputusan sing ora ngganggu hati nuraniné. Kanggo nindakké kuwi, wong Kristen sing wis nikah kudu mikirké tenanan cara kerjané IUD lan pathokan-pathokan Alkitab sing cocog.

Yéhuwah ndhawuhi Adam lan Kawa, banjur Nuh lan keluargané, ”Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara.” (Pd. 1:28; 9:1) Alkitab ora mréntahké wong-wong Kristen kanggo nindakké kuwi. Mula, wong sing wis nikah kudu mutuské apa bakal mèlu program KB kanggo mbatesi jumlah anak utawa kapan bakal nduwé anak. Bab-bab apa waé sing kudu dipikirké?

Keputusané wong-wong Kristen bab kuwi kudu cocog karo pathokan-pathokané Alkitab. Kuwi sebabé wong Kristen ora bakal nindakké aborsi kanggo mbatesi jumlah anak. Aborsi ditindakké kanggo matèni bakal bayi. Kuwi ora cocog karo kandhané Alkitab bab ngajèni urip. (Pa. 20:13; Ym. 1:5) Piyé nèk nggunakké IUD?

The Watchtower 15 Mei 1979 (kaca 30-31) ngrembug bab kuwi. Jenis-jenis IUD sing umum digunakké wektu kuwi yaiku alat sing digawé saka plastik sing dilebokké ing rahim kanggo nyegah bèn ora mbobot. Ing artikel kuwi disebutké nèk cara kerjané IUD ora pati dipahami. Akèh ilmuwan kandha nèk IUD kuwi nyegah bèn sèl telur ora dibuahi karo sperma. Nèk sèl telur ora dibuahi, ora isa dadi bakal bayi.

Ning, ana bukti-bukti nèk sèl telur kadhang kala isih isa dibuahi. Sèl telur sing lagi waé dibuahi isa waé berkembang ing tuba Fallopi (kehamilan diluar kandungan) utawa mlebu ing rahim. Nèk wis ana ing rahim, IUD nyegah sèl telur sing wis dibuahi mau bèn ora nèmpèl ing dinding rahim, lan akiré sèl telur kuwi mati. Kuwi padha kaya aborsi. Artikel kuwi nyimpulké, ”Wong-wong Kristen sing sejati sing péngin nggunakké IUD kudu mikirké tenanan katrangan-katrangan kuwi lan nggunakké bantuan saka Alkitab kanggo ngajèni urip sing suci.”​—Ms. 36:10.

Ning, wiwit taun 1979, wektu artikel mau dicétak, ilmu pengetahuan lan kedhokteran wis saya maju.

Saiki, ana rong jenis IUD sing anyar. Sing kapisan yaiku sing nggunakké tembaga lan iki wis umum digunakké ing Amerika Serikat wiwit taun 1988. Sing kapindho yaiku sing ngetokké hormon lan iki mulai didol ing taun 2001. Piyé cara kerjané rong jenis IUD iki?

Tembaga: Kaya sing wis disebutké mau, cara kerjané IUD kuwi nyegah bèn sèl telur ora dibuahi karo sperma ing rahim. Sakliyané kuwi, tembaga sing digunakké ing IUD isa dadi spermisida yaiku racun kanggo sperma. * (Deloken katrangan ing ngisor.) IUD sing nggunakké tembaga uga isa nipiské dinding rahim.

Hormon: Jenis IUD sing liyané yaiku sing isiné hormon. Hormoné kuwi mirib karo sing ana ing pil KB. Gunané padha kaya IUD sing ana sakdurungé. Ning, IUD sing jenis iki ngetokké hormon ing njero rahim. Ana wong wédok sing nggunakké IUD iki ora isa ngasilké sèl telur manèh. Mula, nèk sèl telur ora isa diasilké, ora bakal isa dibuahi. IUD jenis iki uga nipiské dinding rahim. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Sakliyané kuwi, IUD iki ngenthelké lendir ing leher rahim. Hasilé, sperma ora isa mlebu ing rahim liwat vagina.

Kaya sing wis disebutké, IUD kuwi ana rong jenis. Loro-loroné nipiské dinding rahim. Kuwi tegesé nèk ana wong wédok sing ngasilké sèl telur lan sèl kuwi dibuahi, sèl kuwi mbokmenawa isa mlebu ing rahim, ning ora isa nèmpèl ing dinding rahim. Akibaté, ngalami keguguran. Ning, para ilmuwan percaya nèk kuwi arang kedadéan lan kedadéan kaya ngono uga isa dialami karo wong sing nggunakké pil KB.

Dadi, ora ana sing isa mesthèkké nèk nggunakké IUD tembaga utawa hormon isa nyegah sèl telur dibuahi. Ning, nurut penelitian, IUD sing disebutké mau isa nyegah sèl telur dibuahi. Mula, arang banget ana wong wédok sing nggunakké IUD bakal mbobot.

Wong Kristen sing wis nikah sing péngin nggunakké IUD kudu rembugan dhisik karo dhokteré bèn ngerti IUD jenis apa sing ana ing dhaérah kono lan uga untung ruginé kanggo wong wédok. Wong sing wis nikah kudu mutuské dhéwé apa sing bakal ditindakké, merga kuwi keputusan pribadi. Aja ngarep-arep utawa ngéntukké wong liya, klebu dhokter, kanggo nggawèkké keputusan. (Rm. 14:12; Gl. 6:4, 5) Wong sing wis nikah kudu ngupaya kanggo nyenengké Gusti Allah lan nduwé hati nurani sing resik.​—Bandhingna 1 Tm. 1:18, 19; 2 Tm. 1:3.

^ par. 8 Salah siji buku panduan saka National Health Service ing Inggris nglaporké, ”IUD sing nggunakké tembaga luwih akèh kuwi 99 persen luwih ampuh. Kuwi tegesé, saksuwéné setaun, kurang saka 1 ing antarané 100 wong sing nggunakké IUD sing bakal mbobot.”

^ par. 9 Merga IUD sing isiné hormon iki isa nipiské dinding rahim, para dhokter kadhang kala nggunakké kuwi kanggo wong wédok sing wis nikah utawa durung sing menstruasiné ora mandheg-mandheg.