Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wong Tuwa—Bantunen Anak Panjenengan Bèn Dadi Wicaksana lan Dislametké

Wong Tuwa—Bantunen Anak Panjenengan Bèn Dadi Wicaksana lan Dislametké

’Wiwit cilik kowé wus wanuh karo Kitab Suci, kang bisa ngolèhaké kawicaksanan lan nuntun kowé marang karahayon [keslametan].’​—2 TM. 3:15.

LAGU: 1, 41

1, 2. Apa sebabé ana wong tuwa sing kuwatir wektu anaké péngin nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis?

SABEN taun, ana éwonan wong sing sinau Alkitab nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. Akèh cah enom sing wis sinau Alkitab wiwit cilik mutuské dadi abdiné Yéhuwah. (Ms. 1:1-3) Nèk panjenengan wong tuwa Kristen, panjenengan mesthi ngarep-arep anak panjenengan dibaptis.​—Bandhingna 3 Yo. 4.

2 Ning, panjenengan mbokmenawa kuwatir merga ndelok ana cah enom sing dibaptis, ning bar kuwi ragu-ragu nèk pathokan-pathokané Yéhuwah kuwi migunani kanggo dhèwèké. Malah ana sing ora ngabdi manèh marang Yéhuwah. Mula, panjenengan isa waé kuwatir nèk anak panjenengan sing wis dibaptis ora nresnani Yéhuwah manèh. Dhèwèké mbokmenawa dadi kaya wong-wong Kristen ing Éfesus ing abad kapisan. Yésus kandha bab wong-wong Éfesus, ”Sira wus ninggal katresnanira kang kawitan.” (Wy. 2:4) Piyé wong tuwa isa mbantu anak-anaké bèn njaga katresnané tetep kuwat lan ”tuwuh ing bab karahayon”? (1 Pt. 2:2) Kita isa sinau saka tuladhané Timotéus.

NGERTI ISINÉ KITAB SUCI

3. (a) Piyé Timotéus isa dadi wong Kristen lan piyé tanggepané marang apa sing disinaoni? (b) Telung bab apa sing isa disinaoni saka Timotéus?

3 Rasul Paulus sepisanan marani kutha Listra ing taun 47 M. Mbokmenawa wektu kuwi Timotéus sing isih remaja lagi sinau ajarané Yésus. Dhèwèké ngetrapké apa sing disinaoni lan rong taun sakbanjuré lunga bareng karo Paulus. Kira-kira 16 taun sakwisé kuwi, Paulus nulis surat marang Timotéus, ”Tetepa nggondhèli ing kayektèn kang wus koktampani lan kokyakini [percaya tenan], kalawan tansah élinga marang wong kang wus mulangaké bab iku marang kowé. Élinga uga, yèn wiwit cilik kowé wus wanuh [ngerti] karo Kitab Suci [Kitab-Kitab Ibrani], kang bisa ngolèhaké kawicaksanan marang kowé lan nuntun kowé marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus Yésus.” (2 Tm. 3:14, 15) Gatèkna nèk Timotéus (1) ngerti isiné Kitab Suci, (2) percaya tenan karo apa sing disinaoni, lan (3) dadi wicaksana lan dislametké merga nduwé iman marang Yésus.

Malah, cah cilik waé isa sinau bab wong lan kedadéan ing Alkitab

4. Sarana apa waé sing wis panjenengan gunakké kanggo mbantu anak panjenengan? (Deloken gambar ing kaca 15.)

4 Nèk panjenengan wong tuwa Kristen, panjenengan mesthi péngin anaké panjenengan ngerti bab Kitab Suci, sing saiki klebu Kitab-Kitab Ibrani lan Yunani. Malah, cah cilik waé isa sinau bab wong lan kedadéan ing Alkitab. Pakumpulané Yéhuwah wis nyedhiyakké akèh buku, brosur, lan video sing isa digunakké wong tuwa kanggo mbantu anaké. Sarana apa waé sing ana ing basané panjenengan? Anaké panjenengan perlu ngerti isiné Alkitab bèn nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.

PERCAYA TENAN

5. (a) Apa maksudé percaya tenan? (b) Apa buktiné nèk Timotéus percaya tenan karo ajaran bab Yésus?

5 Anak-anak ora cukup nèk mung diwulang bab wong lan kedadéan sing ana ing Alkitab. Élinga nèk Timotéus uga percaya tenan karo apa sing disinaoni. Timotéus wis ngerti isiné Kitab-Kitab Ibrani ”wiwit cilik”. Banjur, Timotéus dadi yakin nèk Yésus kuwi Mèsias lan kuwi nggawé imané saya kuwat. Akiré kuwi nggawé Timotéus gelem dibaptis lan mèlu Paulus dadi utusan injil.

6. Piyé carané mbantu anak panjenengan bèn kuwat imané marang Alkitab?

6 Piyé carané mbantu anak panjenengan bèn kuwat imané lan isa percaya tenan kaya Timotéus? Panjenengan kudu sabar merga butuh wektu kanggo nguwatké imané. Panjenengan kudu ngerti nèk anak panjenengan durung mesthi langsung percaya karo apa sing panjenengan percayani. Bocah-bocah kudu dilatih kanggo ”mbédakaké kang becik sarta kang ala” bèn isa nguwatké imané marang Alkitab. (Wacanen Ibrani 5:14.) Ana akèh sing isa wong tuwa tindakké kanggo nguwatké imané anaké, kususé nèk anak-anak kerep takon. Ayo dirembug pengalamané salah siji bapak lan piwulangé kanggo kita.

7, 8. (a) Apa buktiné nèk Thomas sabar wektu mulang anaké wédok? (b) Kapan wong tuwa kudu sabar marang anak-anaké?

7 Thomas nduwé anak wédok sing umuré 11 taun. Anaké kadhang kala takon, ”Apa Yéhuwah nggunakké évolusi kanggo ngebaki bumi?” utawa ”Apa sebabé kita ora mèlu ndhukung masyarakat, misalé mèlu ndhukung pemilu, bèn kahanan dadi luwih apik?” Pas ditakoni kuwi, Thomas ora langsung ngandhani apa sing kudu dipercayani anaké. Dhèwèké ngerti nèk wong isa percaya dudu merga dikandhani endi sing bener, ning merga diwènèhi bukti-buktiné.

8 Thomas uga ngerti nèk dhèwèké perlu sabar wektu mulang anaké wédok. Kabèh wong Kristen pancèn kudu sabar. (Kl. 3:12) Thomas sadhar nèk dhèwèké perlu nyedhiyakké akèh wektu kanggo omong-omongan bab Alkitab karo anaké wédok bèn isa nguwatké imané. Thomas kandha, ”Aku lan bojoku péngin ngerti apa anakku pancèn wis percaya tenan karo apa sing dhèwèké sinaoni lan apa kuwi masuk akal kanggo anakku, kususé ing bab-bab sing penting. Aku seneng nèk dhèwèké takon. Malah, nèk dhèwèké langsung setuju tanpa takon, aku dadi kuwatir.”

Wong tuwa kudu sabar bèn isa mbantu nguwatké imané anaké marang Alkitab

9. Piyé wong tuwa isa mbantu nguwatké imané anak-anak marang Alkitab?

9 Nèk wong tuwa mulang kanthi sabar, anak-anak bakal ngerti ”sapira ambané lan dawané sarta dhuwuré lan jeroné” piwulangé Alkitab. (Éf. 3:18) Kita perlu mulang anak-anak nganggo cara sing cocog karo umur lan pemahamané. Nèk imané dadi saya kuwat, anak-anak bakal dadi luwih gampang mbéla imané ing ngarepé wong liya, klebu kanca sekolahé. (1 Pt. 3:15) Contoné, apa anaké panjenengan isa nggunakké Alkitab kanggo njelaské kahanané wong mati? Apa dhèwèké nganggep katrangan saka Alkitab kuwi masuk akal? * (Deloken katrangan ing ngisor.) Élinga nèk wong tuwa kudu sabar bèn isa mbantu nguwatké imané anaké marang Alkitab, ning kuwi ora bakal siya-siya.​—PT. 6:6, 7.

Tuladhané panjenengan uga penting kanggo nguwatké imané anak-anak

10. Bab penting apa manèh sing kudu digatèkké wektu mulang anak-anak?

10 Tuladhané panjenengan uga penting kanggo nguwatké imané anak-anak. Stephanie sing nduwé anak wédok telu kandha, ”Wiwit anak-anakku isih cilik, aku terus mikirké, ’Apa aku crita karo anak-anakku alesané aku percaya nèk Yéhuwah kuwi ana, nresnani kita, lan pathokané mesthi bener? Apa anak-anakku isa weruh nèk aku tresna tenan marang Yéhuwah?’ Nèk aku dhéwé ora yakin, piyé aku isa nggawé anak-anakku yakin?”

DADI WICAKSANA LAN DISLAMETKÉ

11, 12. Kawicaksanan kuwi apa lan apa sebabé kuwi ora gumantung karo umur?

11 Kita wis sinau nèk Timotéus (1) ngerti isiné Alkitab lan (2) percaya tenan karo apa sing disinaoni. Ning, apa maksudé Paulus wektu ngomong nèk Kitab Suci isa nggawé Timotéus nduwé ’kawicaksanan sing nuntun marang karahayon’?

12 Buku Pemahaman, Jilid 2, njelaské nèk miturut Alkitab kawicaksanan kuwi ”kemampuan kanggo nggunakké pangertèn lan pemahaman kanthi cara sing bener kanggo ngrampungi masalah, ngedohi bahaya, nggayuh bab-bab sing diarep-arep, utawa mènèhi naséhat marang wong liya ing bab-bab kuwi. Kawicaksanan kuwi kosok balèné kabodhoan”. Alkitab kandha nèk ”kabodhoan iku tumèmpèl ing atiné wong anom”. (WB. 22:15) Kawicaksanan kuwi salah siji tandha wong sing wis diwasa. Wong isa dadi diwasa rohaniné merga ngajèni Yéhuwah lan péngin manut karo Yéhuwah, ora mung merga umuré.​—Wacanen Jabur 111:10.

13. Piyé cah-cah enom isa nduduhké nèk dhèwèké wicaksana?

13 Cah enom sing wis diwasa rohaniné ora gampang dipengaruhi karo kepénginané dhéwé utawa karo cah enom liyané. (Éf. 4:14) Ning, kemampuané kanggo ”mbédakaké kang becik sarta kang ala” lagi dilatih. (Ib. 5:14) Mula, cah-cah enom isa nggawé keputusan sing wicaksana senajan adoh saka wong tuwa utawa wong diwasa liyané. (Fp. 2:12) Kawicaksanan kaya ngono dibutuhké bèn isa dislametké. (Wacanen Wulang Bebasan 24:14.) Piyé carané wong tuwa isa mbantu anak-anaké nduwé kawicaksanan kaya ngono? Anak-anak kudu isa weruh dhéwé nèk wong tuwané ngupaya ngetrapké pathokané Alkitab liwat omongan lan tumindaké.​—Rm. 2:21-23.

Apa sebabé wong tuwa kudu terus mulang anaké? (Deloken paragraf 14-18)

14, 15. (a) Apa sing kuduné dipikirké karo cah enom sing péngin dibaptis? (b) Piyé wong tuwa isa mbantu anak-anaké mikirké berkahé nèk manut karo pathokané Alkitab?

14 Ning, kanggo nguwatké imané anak panjenengan ora cukup nèk mung ngandhani apa sing bener lan sing salah. Panjenengan uga kudu mbantu anak-anak panjenengan mikirké pitakonan kaya, ’Apa sebabé Alkitab nglarang bab-bab sing kétoké nyenengké? Apa buktiné nèk pathokané Alkitab kuwi mesthi migunani kanggo aku?’​—Yé. 48:17, 18.

15 Nèk anak panjenengan péngin dibaptis, bantunen dhèwèké kanggo mikirké tanggung jawabé sakwisé dibaptis. Piyé pandhangané dhèwèké bab kuwi? Apa waé paédahé? Apa waé tantangané? Apa sebabé paédahé luwih akèh timbang tantangané? (Mk. 10:29, 30) Penting banget kanggo mikirké bab-bab kuwi sakdurungé dibaptis. Bantunen dhèwèké mikirké berkahé nèk manut lan akibaté nèk ora manut. Hasilé, dhèwèké bakal luwih percaya nèk manut karo pathokané Alkitab kuwi mesthi migunani kanggo dhèwèké.​—PT. 30:19, 20.

MULAI RAGU-RAGU SAKWISÉ DIBAPTIS

16. Apa sing kuduné ditindakké wong tuwa nèk anaké sing wis dibaptis mulai ragu-ragu?

16 Apa sing isa ditindakké nèk anak panjenengan mulai ragu-ragu sakwisé dibaptis? Contoné, anak panjenengan isa waé kepéncut karo bab-bab sing ana ing donya. Utawa mulai ragu-ragu nèk manut karo pathokané Alkitab kuwi migunani. (Ms. 73:1-3, 12, 13) Tanggepané panjenengan isa nemtokké apa anak panjenengan bakal terus ngabdi marang Yéhuwah apa ora. Aja nganti panjenengan padu karo anak panjenengan merga bab iki, ora masalah dhèwèké isih cilik utawa wis remaja. Ning, duduhna nèk panjenengan sayang lan péngin mbantu dhèwèké.

17, 18. Piyé wong tuwa isa mbantu anaké sing mulai ragu-ragu?

17 Cah enom sing wis dibaptis mesthi wis nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah, yaiku janji kanggo nresnani lan ngutamakké Yéhuwah. (Wacanen Markus 12:30.) Yéhuwah nganggep nèk janji ngabdi kuwi serius, mula kita uga kudu nganggep kuwi serius. (Ko. 5:3, 4) Élingna anak panjenengan bab iki. Ning sakdurungé kuwi, panjenengan kudu maca lan sinau dhisik bahan-bahan sing disedhiyakké pakumpulané Yéhuwah kanggo para wong tuwa. Banjur, nggolèka wektu sing cocog lan cara sing apik, kanggo ngélingké anak panjenengan nèk keputusané kanggo nggawé janji ngabdi lan dibaptis kuwi bab sing penting banget lan kuwi bakal mènèhi akèh berkah.

18 Contoné, panjenengan isa éntuk saran-saran sing apik ing buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 1 ing bagéan apéndiks ”Pertanyaan Orang Tua”. Wong tuwa diélingké bèn ora cepet-cepet nganggep nèk anaké wis nolak piwulangé Alkitab ning kudu nggolèki apa sebabé. Dhèwèké isa waé diécé karo kanca-kanca sekolahé, kesepian, utawa ngrasa nèk cah-cah enom liyané ing jemaat luwih maju rohaniné timbang dhèwèké. Apéndiks kuwi uga njelaské nèk masalah-masalah kaya ngono ora nduduhké nèk anak panjenengan ora setuju karo apa sing panjenengan percayani. Kuwi biyasané merga dhèwèké ngalami kahanan sing angèl. Banjur, apéndiks kuwi mènèhi saran-saran kanggo wong tuwa bèn isa mbantu anaké sing ragu-ragu.

19. Piyé wong tuwa isa mbantu anak-anaké dadi wicaksana lan dislametké?

19 Wong tuwa nduwé tanggung jawab sing penting lan hak istiméwa kanggo ndhidhik anaké nganggo ”piwulang lan pepéling kang saka ing Gusti”. (Éf. 6:4) Kaya sing wis dirembug, kuwi tegesé wong tuwa kudu mulangké Alkitab marang anak-anaké lan mbantu bèn isa percaya karo apa sing disinaoni. Nèk imané saya kuwat, anak-anak bakal péngin nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Muga-muga Alkitab, roh suci, lan upayané wong tuwa isa mbantu anak-anaké dadi wicaksana lan dislametké.

^ par. 9 Panduan belajar kanggo buku ”Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan?” kuwi sarana sing apik kanggo mbantu anak-anak lan wong diwasa bèn isa ngerti lan isa njelaské piwulang saka Alkitab. Kuwi ana ing jw.org lan wis ana ing akèh basa. Golèkana ing bagéan AJARAN ALKITAB > BANTUAN UNTUK BELAJAR ALKITAB.