Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cah-Cah Enom—”Tansah Udinen Karahayonmu”

Cah-Cah Enom—”Tansah Udinen Karahayonmu”

”Kowé iku tansah padha mituhu, mulané padha tansah udinen karahayonmu [ngupayaa keslametanmu] kalawan wedi lan geter.”​—FP. 2:12.

LAGU: 41, 11

1. Apa sebabé dibaptis kuwi penting? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

SABEN taun ana éwonan wong sing sinau Alkitab padha dibaptis. Akèh saka wong-wong kuwi isih remaja utawa malah luwih enom manèh. Wong-wong kuwi mbokmenawa wiwit cilik wis sinau Alkitab. Apa kowé salah sijiné? Nèk iya, kowé wis nggawé keputusan sing paling apik. Kabèh wong Kristen kudu dibaptis bèn isa dislametké lan urip saklawasé.​—Mt. 28:19, 20; 1 Pt. 3:21.

2. Apa sebabé kowé ora perlu wedi kanggo nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah?

2 Sakwisé dibaptis, kowé bakal nampa akèh berkah saka Yéhuwah. Ning, kowé uga nduwé tanggung jawab anyar. Apa kuwi? Ing dina kowé dibaptis, sedulur sing nyampèkké ceramah baptisan takon, ”Merga percaya karo kurban tebusané Yésus Kristus, apa panjenengan wis mertobat saka dosa-dosa panjenengan lan wis janji ngabdi marang Yéhuwah kanggo nindakké kersané?” Kowé njawab ya. Kowé janji kanggo nresnani Yéhuwah lan ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah ing uripmu. Kowé mesthiné ora gela nindakké kuwi. Lan kowé ora bakal gela nèk uripmu dituntun karo Yéhuwah. Wong-wong sing ora kenal karo Yéhuwah kuwi bagéan saka donyané Sétan. Sétan kuwi ora perduli blas karo wong-wong mau utawa karo kowé. Malah, dhèwèké seneng nèk kowé kélangan pangarep-arep urip saklawasé merga dadi kancané lan nolak Yéhuwah.

3. Berkah apa waé sing mbok tampa sakwisé kowé nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah?

3 Pikirna berkah-berkah sing mbok tampa sakwisé kowé nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. Uripmu mbok gunakké kanggo ngabdi marang Yéhuwah, mula kowé isa kandha, ”Pangéran Yéhuwah nunggil karo aku, aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawé apa marang aku?” (Ms. 118:6) Kaurmatan sing paling gedhé yaiku isa dadi kancané Yéhuwah lan ngerti nèk Yéhuwah bangga karo kowé.

TANGGUNG JAWAB PRIBADI

4, 5. (a) Apa sebabé janji ngabdi kuwi tanggung jawab pribadi? (b) Tantangan apa waé sing diadhepi kabèh wong Kristen?

4 Nèk wis dibaptis, hubunganmu karo Yéhuwah kuwi ora gumantung karo wong tuwamu. Keslametanmu dadi tanggung jawabmu dhéwé, senajan kowé isih manggon bareng karo wong tuwamu. Apa sebabé kuwi penting kanggo diéling-éling? Merga kita ora ngerti piyé iman kita bakal diuji sukmbèn. Contoné, isa waé kowé wis dibaptis wektu isih bocah. Ning, saiki kowé wis remaja, dadi cara mikir lan masalah sing mbok adhepi mesthi wis béda. Salah siji remaja wédok kandha, ”Wektu isih cilik, kita biyasané ora gela dadi Seksi Yéhuwah mung merga ora éntuk kué ulang taun ing sekolah. Ning, pirang-pirang taun sakbanjuré, wektu kepénginan sèks dadi saya kuwat, kita perlu yakin tenan nèk manut karo hukumé Yéhuwah kuwi mesthi keputusan sing paling apik.”

5 Ora mung cah-cah enom sing ngadhepi tantangan sing anyar. Wong-wong diwasa sing wis dibaptis uga ngadhepi ujian iman sing ora dinyana-nyana. Ujian kuwi bentuké isa waé masalah gawéan, keséhatan, utawa ing urip bebojoan. Kita kabèh kudu setya marang Yéhuwah ing kahanan apa waé, ora masalah umuré.​—Yb. 1:12-14.

6. (a) Apa sing kudu diéling-éling bab janji ngabdimu? (b) Apa sing isa disinaoni saka Filipi 4:11-13?

6 Bèn isa tetep setya, terusa éling nèk kowé wis janji marang Yéhuwah kanggo ngabdi ing kahanan apa waé, senajan kanca utawa wong tuwamu ora ngabdi manèh marang Yéhuwah. (Ms. 27:10) Ing kahanan apa waé, kowé perlu njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa netepi janjimu.​—Wacanen Filipi 4:11-13.

7. Apa maksudé ngupaya bèn isa slamet ”kalawan wedi lan geter”?

7 Yéhuwah péngin kowé dadi kancané. Ning, kowé kudu terus ngupaya kanggo njaga hubunganmu tetep kuwat lan isa dislametké. Filipi 2:12 kandha, ”Mulané padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter.” Kuwi tegesé kita perlu mikirké tenanan carané bèn isa tetep cedhak lan setya karo Yéhuwah ing kahanan apa waé. Kita aja ngira nèk kita mesthi bakal isa terus setya. Élinga nèk ana sing wis ngabdi marang Yéhuwah pirang-pirang taun ning ora setya manèh. Piyé carané kowé isa terus ngupaya bèn isa slamet?

SINAU ALKITAB KUWI PENTING

8. Kaya apa sinau Alkitab sing apik kuwi? Apa sebabé kuwi penting?

8 Bèn isa dadi kancané Yéhuwah, kita perlu ngrungokké lan omong-omongan karo Yéhuwah. Cara sing utama kanggo ngrungokké Yéhuwah yaiku sinau Alkitab. Kuwi klebu maca lan mikirké tenanan Alkitab lan wacan-wacan sing dhasaré saka Alkitab. Ning, tujuané sinau Alkitab kuwi dudu kanggo ngapalké, kaya nèk arep ujian sekolah. Sinau Alkitab kuwi kaya petualangan sing nyenengké. Kowé isa nggolèki lan nemokké bab-bab anyar saka Yéhuwah. Hasilé, kowé bakal cedhak karo Yéhuwah, lan Yéhuwah uga bakal cedhak karo kowé.​—Yb. 4:8.

Apa komunikasimu karo Yéhuwah wis apik? (Deloken paragraf 8-11)

9. Sarana apa waé sing isa mbantu kowé sinau Alkitab pribadi?

9 Pakumpulané Yéhuwah nyedhiyakké akèh sarana sing isa mbantu kowé sinau Alkitab.Contoné, ana sèri ”Menggali Isi Alkitab” ing bagéan ” Anak Muda” ing jw.org sing isa mbantu kowé ngetrapké piwulang saka crita-crita ing Alkitab. Uga, ing jw.org kowé isa nemokké panduan belajar kanggo buku ”Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan?”. Kuwi isa mbantu kowé nguwatké iman lan njelaské apa sing mbok percaya marang wong liya. Kowé isa nemokké bahan-bahan liyané kanggo sinau Alkitab pribadi ing Warta Penting No. 1 2017 kaca 3-7. Sinau lan mikirké tenanan isiné Alkitab kuwi penting kanggo mbantu kowé ngupaya bèn isa slamet.​—Wacanen Jabur 119:105.

DONGA KUWI PENTING

10. Apa sebabé wong Kristen kudu ndonga?

Nèk ana sing mbok kuwatirké, ”sumelangmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah”

10 Wektu sinau Alkitab, kita ngrungokké Yéhuwah. Lan wektu ndonga kita omong-omongan karo Yéhuwah. Kita aja nganggep nèk donga kuwi mung dadi kebiyasaan utawa kaya jimat sing isa nggawa berkah. Wektu ndonga, kita tenanan omong-omongan karo Yéhuwah. Yéhuwah péngin ngrungokké apa sing mbok omongké. (Wacanen Filipi 4:6.) Dadi, nèk ana sing mbok kuwatirké, Alkitab kandha, ”Sumelangmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah.” (Ms. 55:23) Jutaan sedulur wis mbuktèkké nèk saran kuwi migunani. Kuwi uga isa mbantu kowé.

11. Apa sebabé kita perlu terus ngucap sukur marang Yéhuwah?

11 Ning, kita kuduné ora mung ndonga pas butuh bantuané Yéhuwah. Alkitab ngélingké, ”Saosa sokur.” (Kl. 3:15) Kadhang kala kita ngrasa kuwatir banget nganti ora kèlingan karo berkah sing wis kita tampa. Dadi, saben dina pikirna paling ora telung bab sing isa disukuri lan ucapna sukur marang Yéhuwah. Salah siji remaja sing jenengé Abigail wis dibaptis wektu umuré 12 taun. Dhèwèké kandha, ”Mung Yéhuwah sing pantes nampa rasa sukur kita. Kita kuduné terus ngucap sukur kanggo berkah-berkah sing wis Yéhuwah paringké.” Kadhang kala, Abigail mikirké pitakonan sing wis tau dhèwèké rungokké, ”Nèk sésuk kita mung nduwèni bab-bab sing kita sukuri dina iki, apa waé sing isih kita duwèni sésuk?” * (Deloken katrangan ing ngisor.)

NGRASAKKÉ DHÉWÉ DHUKUNGANÉ YÉHUWAH

12, 13. Piyé kowé ngrasakké dhéwé dhukungané Yéhuwah lan apa sebabé penting kanggo mikirké piyé Yéhuwah wis mbantu kowé?

12 Yéhuwah mbantu wektu Raja Dawud ngadhepi akèh masalah. Mula, Dawud nyritakké pengalamané dhéwé wektu kandha, ”Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhéné kasaénané Pangéran Yéhuwah iku! Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengané!” (Ms. 34:9) Ayat kuwi nduduhké nèk kita perlu ngrasakké dhéwé dhukungané Yéhuwah. Wektu maca Alkitab lan wacan-wacan saka pakumpulan sarta teka ing pakumpulan ibadah, kowé sinau piyé Yéhuwah wis mbantu wong liya kanggo tetep setya. Ning, bèn hubunganmu karo Yéhuwah isa saya kuwat, kowé kudu ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah. Pengalaman apa waé sing mbuktèkké nèk Yéhuwah ndhukung kowé?

Kita perlu ngajèni hak istiméwa dadi bagéan saka pakumpulané Yéhuwah

13 Kabèh wong Kristen sakjané wis tau ngrasakké dhukungané Yéhuwah sing istiméwa. Yéhuwah ngundang kita kabèh kanggo nyedhak marang Yéhuwah lan Putrané. Yésus kandha, ’Ora ana wong kang bisa marani aku, kajaba manawa digèndèng déning Sang Rama kang ngutus aku.’ (Yo. 6:44) Apa kowé ngrasa wis ditarik karo Yéhuwah? Utawa apa kowé mikir, ’Yéhuwah narik wong tuwaku lan aku mung kétut?’ Élinga nèk wektu nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis, kowé nduwé hubungan kusus karo Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Wong kang tresna marang Gusti Allah, iku diudanèni [dikenal] déning Gusti Allah.” (1 Kr. 8:3) Kita perlu ngajèni hak istiméwa dadi bagéan saka pakumpulané Yéhuwah.

14, 15. Piyé nginjil isa nguwatké imanmu?

14 Kowé uga isa ngrasakké dhukungané Yéhuwah wektu Yéhuwah mbantu kowé kendel nyritakké imanmu marang wong liya wektu nginjil utawa ing sekolahan. Ora gampang kanggo nginjil marang kanca sekolah. Mbokmenawa kowé kuwatir karo tanggepané. Kuwi isa saya angèl manèh nèk kudu nyritakké imanmu ing ngarepé wong akèh. Apa sing isa mbantu kowé?

15 Pikirna apa sebabé kowé yakin karo apa sing mbok percayani. Gunakna panduan belajar sing ana ing jw.org. Kuwi isa mbantu kowé mikirké apa sing mbok percayani, apa sebabé kowé percaya kuwi, lan carané nyritakké kuwi marang wong liya. Nèk kowé yakin tenan lan wis persiapan sing apik, kowé bakal péngin nyritakké bab Yéhuwah.​—Ym. 20:8, 9.

16. Apa sing isa mbantu kowé bèn kendel nyritakké imanmu?

16 Senajan wis persiapan sing apik, mbokmenawa kowé isih wedi kanggo nyritakké imanmu. Ana sedulur wédok sing umuré 18 taun, sing dibaptis wektu umur 13 taun, kandha, ”Aku ngerti apa sing tak percayani, ning kadhang kala aku angèl nyritakké kuwi.” Mula, wektu nyritakké imané, dhèwèké nyoba nyantai lan ora terlalu resmi. Dhèwèké kandha, ”Kanca-kanca sekolahku isa bébas nyritakké kagiyatané. Aku kuduné ya ngono. Dadi, aku nyelipké kuwi ing critaku, contoné, ’Wingi aku mulangké Alkitab lan . . .’ Banjur, aku neruské critaku sing liya. Senajan topik utamané dudu bab Alkitab, kanca-kancaku padha penasaran bab apa sing tak tindakké wektu mulang Alkitab. Kadhang kala ana sing takon bab kuwi. Saya kerep nggunakké cara iki, aku dadi saya gampang nyritakké imanku. Hasilé, aku ngrasa marem!”

17. Apa manèh sing isa mbantu kowé kanggo nyritakké imanmu?

17 Wong liya dadi luwih gampang ngajèni kowé lan imanmu, nèk kowé bener-bener perduli lan ngajèni dhèwèké. Olivia, sing umuré 17 taun lan wis dibaptis pirang-pirang taun sakdurungé, kandha, ”Mbiyèn, aku wedi dianggep fanatik nèk aku kerep nyritakké bab Alkitab.” Banjur, dhèwèké mulai ngowahi pandhangané. Dhèwèké mikir, ”Akèh cah enom ora ngerti babar blas bab Seksi-Seksi Yéhuwah lan isa waé ngertiné mung saka kita. Dadi, carané kita mènèhi kesaksian isa nemtokké piyé tanggepané wong-wong. Nèk kita isin, sungkan, utawa kangèlan wektu nyritakké iman kita, isa waé wong-wong nganggep nèk kita ora bangga dadi Seksi Yéhuwah. Mbokmenawa wong-wong malah ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Ning, nèk kita nyritakké iman kanthi tenang lan yakin, kaya nèk kita omong-omongan biyasa, wong-wong biyasané dadi luwih ngajèni kita.”

TERUSA NGUPAYA BÈN ISA SLAMET

18. Apa waé sing kudu mbok tindakké kanggo ngupaya bèn isa slamet?

18 Kita nduwé tanggung jawab sing serius kanggo ngupaya bèn isa slamet. Kanggo nindakké kuwi, kowé kudu maca lan mikirké tenanan isiné Alkitab, ndonga marang Yéhuwah, lan mikirké piyé Yéhuwah wis mbantu kowé. Kuwi isa mbantu kowé dadi luwih yakin nèk Yéhuwah kuwi Kanca akrabmu. Hasilé, kowé dadi péngin nyritakké imanmu marang wong liya.​—Wacanen Jabur 73:28.

19. Apa sebabé upaya kita bèn isa slamet kuwi ora siya-siya?

19 Yésus kandha, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, kudu mikul cagak paukumané, lan terus ngetutké aku.” (Mt. 16:24, Terjemahan Dunia Baru) Bèn isa dadi muridé Yésus, wong Kristen kudu nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. Ning, iki mung awal saka urip sing nyenengké saiki lan kuwi bakal nuntun kita ing urip saklawasé ing ndonya anyar. Mula, terusa ngupaya bèn isa slamet.

^ par. 11 Kanggo saran-saran luwih akèh, deloken ”Pertanyaan Anak Muda—Apa Gunanya Berdoa?” lan lembar kegiatané ing jw.org.