Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Ninggalké sing Tak Duwèni lan Dadi Muridé Yésus

Ninggalké sing Tak Duwèni lan Dadi Muridé Yésus

Wektu umurku 16 taun, bapakku kandha, ”Nèk kowé tetep nginjil, ora usah mulih waé. Nèk kowé nganti mulih, sikilmu bakal tak tugel.” Akiré aku tenanan lunga saka omah lan kuwi sing sepisanan tak tinggalké kanggo dadi muridé Yésus.

APA sebabé bapakku nesu banget? Ayo tak critani pengalamanku. Aku lair tanggal 29 Juli 1929 lan digedhèkké ing salah siji désa ing propinsi Bulacan, Filipina. Keluargaku ora nduwé akèh dhuwit lan urip sedherhana. Wektu aku isih enom, tentara Jepang nyerang Filipina lan akiré perang. Ning, perang kuwi ora tekan désaku, merga keluargaku manggon ing dhaérah plosok. Merga ora nduwé radhio, TV, utawa koran, keluargaku krungu kabar bab perang saka wong liya.

Sedulurku cacahé pitu. Wektu umur wolung taun, aku mulai manggon karo simbah. Senajan agamané Katolik, simbahku gelem maca lan rembugan saka wacan-wacan bab agama sing diwénéhké karo kancané. Aku kèlingan wektu simbahku nduduhké Alkitab lan buku-buku Protection, Safety, lan Uncovered ing basa Tagalog. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Aku seneng maca Alkitab, kususé ing bagéan Injil. Kuwi nggawé aku dadi péngin niru tuladhané Yésus.​—Yo. 10:27.

NGUPAYA DADI MURIDÉ YÉSUS

Tentara Jepang ninggalké Filipina ing taun 1945. Kira-kira pas kuwi, wong tuwaku ngongkon aku mulih ing omah. Simbahku uga ngongkon ngono, mula aku banjur mulih.

Ing sasi Desember 1945, Seksi-Seksi Yéhuwah saka kutha Angat nginjil ing désaku. Salah siji Seksi sing wis tuwa nerangké kandhané Alkitab bab ”dina-dina wekasan”. (2 Tm. 3: 1-5) Dhèwèké ngundang aku sak keluarga kanggo sinau Alkitab ing désa cedhak kono. Aku teka ning keluargaku ora. Sing teka kira-kira ana wong 20 lan ana sing takon-takon bab Alkitab.

Aku ora pati mudheng karo apa sing lagi diomongké, mula aku péngin mulih waé. Ning, wektu padha mulai nyanyi lagu Kerajaan, aku mutuské ora sida mulih merga seneng karo laguné. Sakwisé nyanyi lan ndonga, aku kabèh padha diundang kanggo teka ing pakumpulan ibadah dina Minggu ing kutha Angat.

Acarané dianakké ing omahé keluarga Cruz, lan ana sing kudu mlaku adohé kira-kira wolung kilomèter. Sing teka kira-kira ana wong 50. Aku nggumun banget merga bocah cilik waé isa njawab pitakonan bab Alkitab sing angèl. Sakwisé aku kerep teka ing pakumpulan ibadah, ana sedulur sing jenengé Damian Santos ngejak aku nginep ing omahé. Aku lan Damian ngrembug Alkitab sewengi muput.

Mbiyèn, wong isa langsung dibaptis sakwisé ngerti ajaran dhasar saka Alkitab. Mula, sakwisé aku kerep teka ing pakumpulan ibadah, para sedulur takon karo aku lan liyané, ”Apa panjenengan péngin dibaptis?” Aku njawab, ”Ya.” Aku péngin dadi abdiné Yésus. (Kl. 3:24) Ing tanggal 15 Februari 1946, aku lan sedulur siji manèh dibaptis ing kali cedhak kono.

Aku ngerti nèk wong Kristen sing wis dibaptis kudu ajeg nginjil kaya Yésus. Bapakku mikir nèk aku ora pantes kanggo nginjil merga isih enom lan nganggep nèk wis dibaptis ora kudu nginjil. Aku njelaské nèk Gusti Allah péngin bèn kita martakké kabar apik bab Kratoné Allah. (Mt. 24:14) Aku uga kandha nèk aku kudu netepi janjiku marang Gusti Allah. Kuwi sebabé bapakku ngancem aku kaya sing tak critakké mau. Bapakku ngupaya bèn aku ora nginjil manèh. Kuwi sing sepisanan aku nggawé pangurbanan kanggo dadi abdiné Yéhuwah.

Keluarga Cruz ngundang aku manggon bareng ing Angat. Keluarga kuwi uga nyemangati aku lan anaké wédok sing paling cilik sing jenengé Nora kanggo dadi perintis. Aku lan Nora mulai merintis tanggal 1 November 1947. Nora merintis ing kutha liya, ning aku tetep manggon ing Angat.

KESEMPATAN LIYA KANGGO NGGAWÉ PANGURBANAN

Sakwisé aku dadi perintis rong taun, ana sedulur saka Bètel sing jenengé Earl Stewart mènèhi ceramah ing ngarepé 500 wong luwih ing Angat. Sedulur kuwi ceramah nganggo basa Inggris lan aku sing nerjemahké ing basa Tagalog. Kuwi sing sepisanan aku nerjemahké akèh ceramah saksuwéné pirang-pirang taun. Kok isa aku nindakké kuwi? Senajan aku mung sekolah pitung taun, guruku ajeg nggunakké basa Inggris. Aku uga sinau akèh wacan-wacan saka pakumpulan ing basa Inggris merga mung ana sithik sing ana ing basa Tagalog. Kuwi nggawé aku lumayan ngerti basa Inggris lan isa nerjemahké ceramah.

Sedulur Stewart ngandhani jemaat ing kono nèk para utusan injil bakal teka ing Kebaktian Pertambahan Teokratis ing New York, AS taun 1950. Dadi, kantor cabang péngin ana siji utawa loro perintis kanggo mbantu ing Bètel. Aku dadi salah siji sing diundang. Aku nggawé pangurbanan manèh kanggo ninggalké panggonan lan para sedulur sing wis tak kenal kanggo mbantu ing Bètel.

Aku teka ing Bètel tanggal 19 Juni 1950. Bètel nggunakké omah tuwa sing gedhé ing panggonan sing ambané sak hèktar lan ana wit-wit gedhé ing sak kiwa tengené. Ana kira-kira 12 sedulur lanang sing isih legan sing kerja ing kono. Ing wayah ésuk, aku mbantu ing pawon. Banjur, kira-kira jam sanga aku nyetrika klambi ing bagéan laundry. Ing wayah awan, aku nindakké kuwi manèh. Sakwisé para utusan injil bali saka kebaktian internasional, aku isih tetep ing Bètel. Aku gelem nindakké tugas apa waé. Aku ngepak lan ngirim majalah, ngurusi langganan, lan dadi sing nampa tamu.

MÈLU SEKOLAH GILÉAD

Ing taun 1952, aku lan enem sedulur lanang liyané saka Filipina diundang mèlu Sekolah Giléad kelas ke-20. Aku seneng banget. Saksuwéné ing Amerika Serikat, aku ndelok lan ngalami akèh bab sing anyar. Urip ing kono béda banget karo ing désaku.

Karo kanca-kancaku ing Sekolah Giléad

Contoné, aku kudu sinau carané nggunakké piranti lan perabotan sing durung tau tak delok sakdurungé. Cuacané uga béda. Ing wayah ésuk, wektu aku tangi, kabèh sing ana ing njaba wernané putih. Kuwi sepisanan aku ndelok salju. Saljuné apik banget, ning aku lagi ngerti nèk kuwi bener-bener adhem.

Aku seneng éntuk pelatihan ing Giléad mula owah-owahan sing tak tampa ora dadi beban. Para sedulur sing mulang ing Giléad kuwi guru-guru sing apik banget lan aku diajari carané sinau sarta riset. Pelatihan kuwi bener-bener nguwatké hubunganku karo Yéhuwah.

Sakwisé lulus, aku sementara ditugaské dadi perintis istiméwa ing Bronx, New York City. Dadi, ing sasi Juli 1953, aku isa teka ing Kebaktian Masyarakat Dunia Baru, sing dianakké ing Bronx. Sakwisé kebaktian, aku ditugaské manèh menyang Filipina.

NINGGALKÉ URIP SING NYAMAN

Para sedulur ing Bètel nugaské aku dadi pinituwa wilayah. Kuwi mènèhi aku kesempatan luwih akèh kanggo niru Yésus, sing marani kutha lan désa sing adoh kanggo mbantu umaté Yéhuwah. (1 Pt. 2:21) Wilayah sing tak tekani yaiku dhaérah sing jembar banget ing Luzon sisih tengah, pulau sing paling gedhé ing Filipina. Kuwi klebu propinsi Bulacan, Nueva Ecija, Tarlac, lan Zambales. Kanggo nekani kutha-kutha kuwi, aku kudu ngliwati Pegunungan Sierra Madre sing akèh watuné. Ora ana bis utawa sepur kanggo marani dhaérah kuwi, dadi aku kudu takon karo supir truk apa aku éntuk nunut lan lungguh ing ndhuwuré barang sing diangkut. Biyasané aku éntuk nunut, ning kuwi rasané ora pénak banget.

Ing kono ana akèh jemaat sing isih anyar lan cilik. Dadi, para sedulur seneng banget wektu aku mbantu kanggo ngatur pakumpulan ibadah lan gawéan nginjil.

Banjur, aku ditugaské menyang wilayah Bicol. Ing kono, ana akèh kelompok terpencil lan perintis istiméwa sing nginjil ing dhaérah sing durung tau digarap. Ing salah siji omah, toilèté mung bolongan sing ana ing lemah nganggo kayu loro sing dipalangké ing ndhuwuré. Wektu aku mancik ing kayuné, kayuné tiba ing bolongané lan aku mèlu tiba ing kono. Butuh wektu suwé kanggo ngresiki awakku lan siap-siap kanggo sarapan.

Wektu dadi pinituwa wilayah ing dhaérah kuwi, aku mulai mikirké Nora, sing mulai merintis bareng karo aku. Wektu kuwi, dhèwèké dadi perintis istiméwa ing Dumaguete City lan aku marani dhèwèké. Sakwisé kuwi, aku surat-suratan lan ing taun 1956 aku lan Nora nikah. Sakwisé nikah, aku lan bojoku marani jemaat ing Pulau Rapu-Rapu saksuwéné seminggu. Ing kono, aku lan bojoku kudu munggah gunung lan mlaku nganti adoh banget, ning seneng rasané isa bareng-bareng mbantu para sedulur ing panggonan sing adoh.

DIUNDANG MANÈH ING BÈTEL

Sakwisé dadi pinituwa wilayah kira-kira patang taun, aku diundang menyang kantor cabang. Aku lan bojoku mulai kerja ing kono ing sasi Januari 1960. Saksuwéné pirang-pirang taun ngabdi ing Bètel, aku akèh sinau saka para sedulur sing nduwé tanggung jawab gedhé ing pakumpulané Yéhuwah. Lan Nora seneng isa éntuk tugas sing béda-béda ing Bètel.

Mènèhi ceramah ing kebaktian lan diterjemahké ing basa Cebuano

Seneng rasané isa ndelok luwih akèh wong sing ngabdi marang Yéhuwah ing Filipina. Wektu aku ngabdi ing Bètel pas isih enom lan legan, ana kira-kira 10.000 penginjil ing negara kuwi. Saiki, ana luwih saka 200.000 penginjil ing Filipina lan 435 sedulur sing ngabdi ing Bètel kanggo ndhukung gawéan nginjil.

Saya suwé, dibutuhké panggonan sing luwih amba kanggo nindakké gawéan ing Bètel. Banjur, Pengurus Pusat njaluk aku lan para sedulur kanggo nggolèk lemah sing isa dibangun dadi kantor cabang sing luwih gedhé. Aku lan pengawas percétakan nekani saben omah ing sak kiwa tengené kantor cabang, sing pendhudhuké akèh-akèhé wong Cina, lan nakokké apa ana sing gelem ngedol lemahé. Ning, ora ana sing gelem lan malah ana sing kandha, ”Wong Cina ora ngedol, ning nuku.”

Nerjemahké ceramahé sedulur Albert Schroeder

Ning, ing sawijiné dina ana kedadéan sing ora dinyana-nyana. Ana salah siji tangga sing arep pindhah menyang Amerika Serikat. Dadi, dhèwèké nawakké lemahé. Banjur, ana tangga liya manèh sing mutuské kanggo ngedol lemahé lan ngongkon wong-wong ing sak kiwa tengené nindakké sing padha. Aku lan para sedulur malah isa nuku lemahé wong sing kandha, ”Wong Cina ora ngedol.” Ora let suwé, lemah duwèké kantor cabang dadi luwih jembar ping teluné. Aku yakin nèk kuwi kersané Yéhuwah.

Ing taun 1950, aku dadi sedulur sing paling enom ing Bètel. Saiki, aku lan bojoku dadi sing paling tuwa. Aku ora gela dadi muridé Yésus ora masalah ing endi aku diarahké. Senajan wong tuwaku ngusir aku saka omah, Yéhuwah maringi aku keluarga gedhé sing nresnani Yéhuwah. Aku percaya nèk Yéhuwah maringi apa sing tak butuhké, ora masalah apa tugas kita. Aku lan Nora ngucap sukur marang Yéhuwah kanggo kabèh sing wis diparingké. Aku lan bojoku uga nyemangati liyané kanggo nguji Yéhuwah.​—Ml. 3:10.

Yésus tau ngundang pegawé pajeg sing jenengé Matéus Lèwi kanggo dadi muridé. Piyé tanggepané Matéus? Dhèwèké ”ngadeg, samubarang kabèh ditinggal lan ndhèrèk Gusti Yésus”. (Lk. 5:27, 28) Aku uga nduwé kesempatan kanggo ninggalké sing tak duwèni kanggo dadi muridé Yésus lan aku uga nyemangati wong liya kanggo nindakké sing padha sarta ngrasakké akèh berkah.

Seneng isa terus ngabdi ing Filipina

^ par. 6 Dicétak karo Seksi-Seksi Yéhuwah ning saiki wis ora dicétak manèh.