Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Kula Gadhah Pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah”

”Kula Gadhah Pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah”

”Adam kang wekasan iku dadi sukma kang nguripaké.”​—1 KR. 15:45.

LAGU: 12, 14

1-3. (a) Apa sing kuduné dadi salah siji bab utama sing kita percayani? (b) Apa sebabé ajaran bab wong mati bakal diuripké manèh kuwi penting banget? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

APA jawaban panjenengan nèk ana sing takon ajaran-ajaran utama sing dadi dhasar iman panjenengan? Mesthi panjenengan bakal kandha nèk Yéhuwah kuwi sing nggawé lan mènèhi urip. Isa uga panjenengan kandha nèk percaya marang Yésus Kristus, sing dadi tebusan. Panjenengan mesthi bakal nyritakké nèk sukmbèn umaté Gusti Allah bakal urip saklawasé ing Firdaus ing bumi. Ning, apa panjenengan uga bakal nyebutké ajaran bab wong mati sing bakal diuripké manèh?

2 Pancèn, kita péngin slamet ngliwati sengsara gedhé lan urip saklawasé ing bumi. Ning, kita kudu éling nèk ajaran bab wong mati sing bakal diuripké manèh kuwi salah siji bab utama sing kita percayani. Rasul Paulus nduduhké apa sebabé ajaran kuwi penting banget. Paulus kandha, ”Yèn ta ora ana tanginé wong mati, dadi Sang Kristus iya ora kawungokaké.” Nèk Yésus ora diuripké manèh dhèwèké ora bakal mréntah dadi Raja ing swarga lan kabar sing kita wartakké ora ana gunané. (Wacanen 1 Korinta 15:12-19.) Ning, kita ngerti nèk Yésus wis diuripké manèh. Kita ora kaya wong Saduki sing ora percaya nèk wong mati bakal diuripké manèh. Senajan kita diécé, kita tetep yakin nèk Gusti Allah isa nguripké manèh wong mati.​—Mk. 12:18; PR. 4:2, 3; 17:32; 23:6-8.

3 Paulus kandha nèk ajaran bab ”tanginé para wong mati” kuwi dadi salah siji ”dhasar-dhasaré piwulang bab Sang Kristus”. (Ib. 6:1, 2) Dhèwèké nandheské nèk kita perlu percaya marang ajaran kuwi. (PR. 24:10, 15, 24, 25) Senajan kuwi ajaran dhasar saka Alkitab, kita isih perlu sinau luwih akèh. (Ib. 5:12) Apa sebabé?

4. Pitakonan apa waé sing mbokmenawa dipikirké bab janji nèk wong mati bakal diuripké manèh?

4 Wektu mulai sinau Alkitab, wong-wong biyasané maca crita-crita bab wong mati sing diuripké manèh ing jaman mbiyèn, contoné Lazarus. Wong-wong kuwi uga sinau nèk Abraham, Ayub, lan Dhanièl percaya nèk sukmbèn wong mati bakal urip manèh. Ning, piyé panjenengan isa mbuktèkké saka Alkitab nèk kita isa percaya karo janji bab wong mati bakal diuripké manèh senajan wis dijanjèkké atusan taun kepungkur? Lan apa Alkitab nyebutké kapan wong mati bakal diuripké manèh sukmbèn? Jawaban-jawaban saka pitakonan kuwi isa nguwatké iman kita.

RAMALAN BAB WONG MATI SING BAKAL DIURIPKE MANÈH

5. Apa sing bakal kita rembug dhisik?

5 Mbokmenawa gampang kanggo mbayangké wong mati sing diuripké manèh ora suwé sakwisé dhèwèké mati. (Yo. 11:11; PR. 20:9, 10) Ning, apa kita isa percaya karo janji nèk wong mati bakal diuripké manèh pirang-pirang taun utawa malah atusan taun sakbanjuré? Apa kita isa percaya karo janji kuwi ora masalah wongé wis mati wiwit jaman mbiyèn utawa lagi waé mati? Sakjané, wis tau ana wong mati sing diuripké manèh pirang-pirang atus taun sakwisé kuwi dijanjèkké lan kita kabèh percaya karo kuwi. Sapa sing dimaksud? Lan apa hubungané karo pangarep-arep kita bab wong mati sing bakal diuripké manèh sukmbèn?

6. Piyé ramalan ing Jabur 118 ana hubungané karo Yésus?

6 Ayo ngrembug bab wong mati sing diuripké manèh sing wis suwé diramalké sakdurungé ing Jabur 118, sing mbokmenawa ditulis karo Dawud. Ing Jabur kuwi disebutké, ”Binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran Yéhuwah.” Wong-wong ngutip ramalan bab Mèsias kuwi wektu Yésus lunga menyang Yérusalèm ing tanggal 9 Nisan, ora suwé sakdurungé Yésus séda. (Ms. 118:25, 26; Mt. 21:7-9) Ning, piyé Jabur 118 ana hubungané karo pangarep-arep bab wong mati sing diuripké manèh sukmbèn? Gatèkna kandhané sing nulis buku Jabur, ”Watu kang tinampik déning para juru yasa omah iku wus dadi uger-ugering padon.”​—Ms. 118:22.

”Para juru yasa omah” nolak Mèsias (Deloken paragraf 7)

7. Piyé wong-wong Yahudi nolak Yésus?

7 Sing dimaksud ”para juru yasa omah” sing nolak Mèsias yaiku para pemimpin Yahudi. Wong-wong kuwi ora mung nolak Yésus dadi Mèsias, ning bareng karo wong-wong Yahudi liyané, wong-wong kuwi malah meksa Pilatus kanggo matèni Yésus. (Lk. 23:18-23) Dadi, para pemimpin Yahudi uga mèlu ndhukung kanggo matèni Yésus.

Yéhuwah nguripké Yésus manèh kanggo dadi ”uger-ugering padon” (Deloken paragraf 8, 9)

8. Piyé Yésus dadi ”uger-ugering padon”?

8 Nèk Yésus ditolak lan dipatèni, piyé dhèwèké isa dadi ”uger-ugering padon”? Kuwi mung isa kelakon nèk dhèwèké diuripké manèh. Yésus njelaské kuwi nggunakké crita bab wong sing nduwé kebon. Wong kuwi ngongkon utusané kanggo nemoni wong-wong sing kerja ing keboné. Wong-wong kuwi nganiaya utusan mau. Akiré, sing nduwé kebon ngutus putrané, sapa ngerti wong sing kerja ing keboné gelem ngrungokké putrané. Ning, wong-wong kuwi malah matèni putrané. Sakwisé nyritakké kuwi, Yésus ngutip ramalan ing Jabur 118:22. (Lk. 20:9-17) Rasul Pétrus nggunakké ayat sing padha wektu ngomong karo ”para panguwasa, tuwa-tuwa, lan para penulis” Yahudi sing lagi padha ngumpul ing Yérusalèm. Pétrus kandha bab ”Yésus Kristus wong Nasarèt, sing panjenengan patèni ing cagak ning wis diuripké manèh karo Gusti Allah saka antarané wong-wong mati”. Banjur Pétrus kandha, ”Yakuwi ’watu sing kowé, juru yasa omah, dadèkké kaya barang sing ora ana ajiné, wis dadi uger-uger padon’.”​—PR. 3:15; 4:5-11, Terjemahan Dunia Baru; 1 Pt. 2:5-7.

9. Kedadéan apa sing diramalké ing Jabur 118:22?

9 Dadi, ramalan ing Jabur 118:22 ngramalké bab wong mati sing bakal diuripké manèh atusan taun sakbanjuré. Mèsias ditolak lan dipatèni. Ning, dhèwèké bakal diuripké manèh lan dadi ”uger-ugering padon”. Sakwisé diuripké manèh, mung Yésus sing cocog kanggo nylametké manungsa. Mula, Alkitab kandha, ”Amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanèsipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”​—PR. 4:12; Éf. 1:20.

10. (a) Apa sing diramalké ing Jabur 16:10? (b) Apa sebabé kita isa yakin nèk Jabur 16:10 ora nyritakké bab Dawud?

10 Ayo dirembug ayat liyané sing nyritakké kedadéan bab wong mati sing bakal diuripké manèh sing kelakon luwih saka sèwu taun sakbanjuré. Kuwi kuduné nggawé kita yakin nèk janji bab wong mati bakal diuripké manèh isa kelakon senajan kuwi wis suwé diramalké utawa dijanjèkké. Ing Jabur 16, Dawud nulis, ”Paduka boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan; Paduka boten marengaken manawi kekasih Paduka ngantosa sumerep kluwat [lubang kubur].” (Ms. 16:10) Kuwi ora ateges nèk Dawud ora bakal mati lan dikubur. Alkitab kandha nèk Dawud saya tuwa lan mati sarta ”kasarèkaké ana ing kuthané Sang Prabu Dawud”. (1 Ra. 2:1, 10) Dadi, sapa sing dimaksud ing ayat kuwi?

11. Kapan Pétrus nerangké Jabur 16:10?

11 Luwih saka sèwu taun sakwisé Dawud nulis Jabur 16:10, Pétrus nerangké sapa sing dimaksud ing ayat kuwi. Pirang-pirang minggu sakwisé Yésus mati lan diuripké manèh, Pétrus kandha marang éwonan wong Yahudi lan proselit. (Wacanen Para Rasul 2:29-32.) Pétrus ngélingké wong-wong kuwi nèk Dawud wis mati lan dikubur. Lan Alkitab ora kandha nèk wong-wong kuwi ora setuju karo Pétrus wektu dhèwèké kandha nèk Dawud ngerti sakdurungé lan ngomong bab Mèsias sing wis diuripké manèh.

12. Piyé Jabur 16:10 kelakon lan piyé kuwi nguwatké janji bab wong mati bakal diuripké manèh?

12 Pétrus uga ngutip Jabur 110:1. (Wacanen Para Rasul 2:33-35.) Alesan saka Alkitab sing diwènèhké Pétrus nggawé akèh wong dadi percaya nèk Yésus kuwi ”Gusti lan Kristus”. Wong-wong ngerti nèk Jabur 16:10 kelakon wektu Yésus diuripké manèh. Banjur, rasul Paulus nggunakké bukti sing padha wektu ngomong karo wong-wong Yahudi ing Antiokhia Pisidia. Bukti kuwi nggawé wong-wong nggumun lan péngin sinau luwih akèh. (Wacanen Para Rasul 13:32-37, 42.) Kuwi kuduné uga nggawé kita yakin nèk ramalan-ramalan ing Alkitab bab wong mati sing bakal diuripké manèh isa dipercaya senajan kuwi kelakon atusan taun sakbanjuré.

KAPAN WONG-WONG MATI BAKAL DIURIPKÉ MANÈH?

13. Pitakonan apa waé sing mbokmenawa kita pikirké bab janji nèk wong mati bakal diuripké manèh?

13 Kita mesthi dikuwatké wektu ngerti nèk janji bab wong mati sing diuripké manèh isa kelakon atusan taun sakwisé diramalké. Ning, isih ana sing takon, ’Apa aku kudu ngentèni suwé kanggo ketemu karo wong sing tak tresnani sing wis mati? Kapan kuwi bakal kelakon?’ Yésus kandha marang para muridé nèk ana bab-bab sing ora dingertèni lan ora isa dingertèni. Ana rincian-rincian bab ”mangsa lan wektu, kang katamtokaké déning Sang Rama piyambak, manut panguwaosé”. (PR. 1:6, 7; Yo. 16:12) Ning, ana katrangan-katrangan bab kapan wong mati bakal diuripké manèh.

14. Piyé kedadéan bab Yésus sing diuripké manèh béda karo kedadéan bab wong mati sing diuripké manèh sakdurungé kuwi?

14 Kedadéan paling penting sing dicathet ing Alkitab bab wong mati sing diuripké yaiku kedadéan wektu Yésus diuripké manèh. Nèk Yésus ora diuripké manèh, kita ora nduwé pangarep-arep kanggo ketemu karo wong sing wis mati. Wong-wong sing diuripké manèh sakdurungé Yésus, contoné sing diuripké karo Élia lan Élisa isa mati manèh lan dadi lebu. Ning, Yésus ’kawungokaké saka ing antarané wong mati, ora séda manèh: si pati wis ora nguwasani panjenengané manèh’. Ing swarga, Yésus urip ”salawas-lawasé”.​—Rm. 6:9; Wy. 1:5, 18; Kl. 1:18; 1 Pt. 3:18.

15. Apa sebabé Yésus disebut ”kang wiwitan”?

15 Kedadéan bab Yésus sing diuripké manèh kanggo urip ing swarga kuwi sing sepisanan lan sing paling penting. (PR. 26:23) Ning, ora mung Yésus sing diuripké manèh kanggo urip ing swarga. Yésus janji nèk para rasulé sing setya bakal mréntah bareng karo dhèwèké. (Lk. 22:28-30) Ning, wong-wong kuwi bakal diuripké manèh dadi pribadi roh kaya Yésus mung nèk wis mati. Paulus nulis nèk ”Sang Kristus wus kawungokaké saka ing antarané wong mati, minangka kang wiwitan saka panunggalané kang wus padha mati”. Paulus banjur kandha nèk ana wong-wong liyané sing bakal diuripké manèh kanggo urip ing swarga, ”Saben wong manut urut-urutané: Sang Kristus minangka kang wiwitan, sawisé iku kang padha dadi kagungané, bésuk ing sarawuhé.”​1 Kr. 15:20, 23.

16. Kapan wong-wong sing mati isa diuripké manèh kanggo urip ing swarga?

16 Saka kandhané Paulus kita isa ngerti kapan wong-wong sing mati isa diuripké manèh kanggo urip ing swarga. Kuwi kedadéan saksuwéné ’rawuhé’ Yésus. Seksi-Seksi Yéhuwah wis suwé ngerti saka Alkitab nèk ’rawuhé’ Yésus kuwi diwiwiti ing taun 1914. ’Rawuhé’ Yésus isih kelakon nganti saiki lan akir saka donya sing jahat iki wis cedhak banget.

17, 18. Apa sing bakal dialami karo wong-wong Kristen terurap saksuwéné ’rawuhé’ Yésus?

17 Alkitab nerangké luwih akèh bab wong-wong mati sing diuripké manèh kanggo urip ing swarga, ’Karepku, kowé aja padha ketambuhan bab para wong kang wis ngajal. Amarga yèn kita pracaya, manawa Gusti Yésus wus séda lan wus kawungokaké, kita iya pracaya, yèn wong-wong kang wus ngajal ana ing Gusti Yésus iku bakal padha diklumpukaké déning Gusti Allah. Kita kang isih urip, kang isih kari nganti tumeka rawuhé Gusti, babar pisan ora bakal ndhisiki kang wus padha ngajal. Ing kono Gusti piyambak bakal tumedhak saka ing swarga, lan wong-wong kang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha tangi dhisik. Sawisé mangkono kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo kang mentas tangi mau ana ing méga, methukaké Gusti menyang ing awang-awang. Mangkono sabanjuré kita bakal nunggal kalawan Gusti ing salawasé.’​—1 Ts. 4:13-17.

18 Wong-wong bakal diuripké manèh kanggo urip ing swarga sakwisé ’rawuhé’ Yésus diwiwiti. Wong-wong Kristen terurap sing isih urip ing bumi wektu sengsara gedhé bakal digawa ”menyang ing awang-awang”. Kuwi tegesé wong-wong mau ora bakal ”ngalami mati”, yaiku ora bakal mati kanggo wektu sing suwé. Ning, wektu mati, wong-wong kuwi ”bakal padha malih rupa, ing sakedhap nétra, bareng karo uniné kalasangka kang wekasan”.​—1 Kr. 15:51, 52; Mt. 24:31.

19. Apa ”patangèn kang luwih becik” kuwi?

19 Saiki, akèh-akèhé wong Kristen sing setya ora dipilih kanggo munggah swarga lan mréntah bareng karo Yésus. Ning, wong-wong kuwi ngarep-arep Yéhuwah bakal nyirnakké donya sing jahat wektu ”dina rawuhé Gusti”. Ora ana sing ngerti kapan persisé kuwi bakal kelakon, ning akèh bukti sing nduduhké nèk kuwi wis cedhak. (1 Ts. 5:1-3) Ing donya anyar, wong-wong mati bakal diuripké kanggo urip ing bumi lan isa dadi sampurna sarta urip saklawasé. Kuwi bakal dadi ”patangèn kang luwih becik” timbang kedadéan bab wong-wong mati sing diuripké manèh ing jaman mbiyèn sing isih isa mati manèh.​—Ib. 11:35.

20. Apa sebabé kita isa percaya nèk kedadéan bab wong-wong sing diuripké manèh sukmbèn bakal kelakon kanthi tertib?

20 Alkitab kandha nèk wong-wong sing munggah menyang swarga kuwi diuripké ”manut urut-urutané”. (1 Kr. 15:23) Mula, kita isa percaya nèk kedadéan bab wong-wong sing diuripké manèh ing bumi uga bakal kelakon kanthi tertib. Ning, mbokmenawa kita takon, ’Apa wong-wong sing lagi waé mati bakal diuripké ora suwé sakwisé Yésus mulai mréntah bumi lan disambut karo wong-wong sing ditresnani sing kenal karo dhèwèké? Apa para pemimpin sing setya ing jaman mbiyèn bakal diuripké dhisik kanggo mbantu ngatur umaté Yéhuwah ing donya anyar? Apa sing bakal dialami wong-wong sing durung tau dadi abdiné Yéhuwah? Kapan lan ing endi wong-wong kuwi bakal diuripké manèh?’ Ana akèh pitakonan sing isa waé péngin kita ngertèni. Ning, kita ora perlu kuwatir bab kuwi saiki. Luwih apik nèk kita sabar ngentèni. Kita mesthi seneng banget wektu ngerti piyé Yéhuwah mujudké bab-bab kuwi.

21. Apa sing panjenengan arep-arep?

21 Kita kudu terus nguwatké iman marang Yéhuwah. Yéhuwah janji liwat Yésus nèk Yéhuwah bakal éling karo wong mati lan bakal nguripké manèh. (Yo. 5:28, 29; 11:23) Bukti liyané manèh nèk Yéhuwah bakal nguripké wong mati kétok saka kandhané Yésus bab Abraham, Iskak, lan Yakub. Yésus kandha nèk kanggoné Yéhuwah wong-wong kuwi urip. (Lk. 20:37, 38) Dadi, kita nduwé akèh alesan kanggo kandha kaya rasul Paulus, ’Kula gadhah pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah bilih badhé wonten patangènipun tiyang pejah.’​—PR. 24:15.