Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Nganti Ketemu Manèh ing Firdaus!”

”Nganti Ketemu Manèh ing Firdaus!”

”Kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.”​—LUK. 23:43.

LAGU: 145, 139

1, 2. Apa pendapaté wong-wong soal firdaus?

PARA sedulur saka akèh negara teka kebaktian ing Seoul, Korea. Wektu acarané wis bar, para sedulur sing asli kono padha ngumpul lan dhadhah-dhadhah karo ngomong, ”Nganti ketemu manèh ing Firdaus, ya!” Firdaus apa sing dimaksud?

2 Wong-wong saiki nduwé pendapat sing béda-béda soal firdaus. Ana sing kandha firdaus mung dongèng. Sing liyané kandha firdaus kuwi panggonan sing nyenengké. Misalé, wektu wong sing ngelih ndelok akèh panganan, dhèwèké mesthi seneng banget lan isa waé ngrasa kaya ing firdaus. Conto liyané, nèk ana wong sing ndelok pemandhangan sing éndah, wong kuwi isa waé seneng banget terus kandha, ”Lha, iki sing jenengé firdaus!” Nurut panjenengan, Firdaus kuwi apa? Apa panjenengan péngin urip ing Firdaus?

3. Ayat Alkitab endi sing nyebutké Firdaus pertama kali?

3 Alkitab nyritakké firdaus sing ana ing jaman mbiyèn lan sing bakal ana sukmbèn. Alkitab pertama kali nyebutké soal Firdaus ing Purwaning Dumadi 2:8, sing kandha, ”Karodéné Sang Yéhuwah Allah yasa patamanan ana ing tanah Èden [utawa, ”firdaus”, Terjemahan Douay Katolik] ing sisih wétan; ana ing kono anggoné mapanaké manungsa kang wus kadamel mau.” Kata ”Èden” kuwi saka basa Ibrani sing artiné ”Kesenengan”. Taman kuwi pancèn nyenengké merga éndah banget, akèh panganan, lan manungsa karo kéwan padha rukun.​—Pd. 1:29-31.

4. Apa sebabé Taman Èden isa disebut firdaus?

4 Kata Ibraniné ”taman” diterjemahké dadi paradeisos ing basa Yunani. Paradeisos kuwi artiné firdaus. Ing Cyclopaedia, M’Clintock lan Strong kandha nèk krungu kata paradeisos, wong Yunani bakal mbayangké taman sing éndah, jembar, aman, akèh wit-witan lan woh-wohan, kaliné bening, lan ana kéwan-kéwan sing lagi mangan suket ing pinggir kali. Gambaran iki nduduhké nèk Taman Èden kuwi firdaus.​—Bandhingna Purwaning Dumadi 2:15, 16.

5, 6. Apa sebabé Adam lan Hawa ora isa urip saklawasé ing Firdaus, lan apa sing mungkin dipikirké wong-wong?

5 Awalé Adam lan Hawa manggon ing taman sing kaya ngono. Ning, merga ora manut karo Yéhuwah, wong loro kuwi lan keturunané ora isa urip saklawasé ing Firdaus. (Pd. 3:23, 24) Senajan wis ora ana manèh manungsa sing manggon ing kono, Firdaus mungkin isih ana nganti Banjir Gedhé ing jamané Nuh.

6 Mungkin ana sing mikir, ’Apa bakal ana Firdaus manèh ing bumi?’ Apa kandhané Alkitab soal kuwi? Apa panjenengan yakin nèk sukmbèn bakal isa urip bareng karo wong sing disayangi ing Firdaus? Piyé panjenengan isa njelaské nèk sukmbèn bakal ana firdaus manèh?

BUKTINÉ NÈK SUKMBÈN BAKAL ANA FIRDAUS MANÈH

7, 8. (a) Yéhuwah janji apa karo Abraham? (b) Apa sing isa waé dipikirké Abraham soal janjiné Yéhuwah?

7 Alkitab asalé saka Yéhuwah, Pribadi sing nyiptakké Firdaus. Dadi, kita isa nemokké jawaban saka pitakonan-pitakonan soal Firdaus ing Alkitab. Yéhuwah tau kandha karo Abraham nèk keturunané bakal dadi saya akèh ”kaya wedhi [utawa, pasir] ing pinggir segara”. Terus, Yéhuwah janji karo Abraham, ”Marga saka turunira iku sakèhé para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngèstokaké dhawuhingSun.” (Pd. 22:17, 18) Janji kuwi ya diomongké manèh marang anak lan putuné Abraham.​—Wacanen Purwaning Dumadi 26:4; 28:14.

8 Ora ana bukti ing Alkitab sing nduduhké nèk Abraham mikir manungsa bakal urip ing firdaus ing swarga. Dadi, wektu Yéhuwah janji ”para bangsa ing bumi” bakal diberkahi, isa waé Abraham yakin kuwi bakal kelakon ing bumi. Ning, apa mung iki bukti ing Alkitab sing nduduhké nèk firdaus bakal ana ing bumi?

9, 10. Janji apa waé sing nggawé kita yakin nèk sukmbèn bakal ana firdaus manèh?

9 Liwat salah siji keturunané Abraham, yaiku Daud, Yéhuwah kandha nèk sukmbèn ”wong duraka nuli bakal sirna”. (Ms. 37:1, 2, 10) Ning, ”wong kang andhap-asor iku bakal padha olèh warisan bumi, sarta bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih”. Daud ya kandha, ”Para wong mursid padha olèh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.” (Ms. 37:11, 29; 2 Sa. 23:2) Apa pengaruhé janji iki kanggo umaté Yéhuwah? Wong-wong kuwi isa yakin nèk mung wong-wong sing manut Yéhuwah sing bakal manggon ing firdaus, yaiku bumi sing wis diubah dadi kaya Taman Èden manèh.

Ramalan-ramalan sing digenepi isa mbantu kita yakin nèk sukmbèn bakal ana firdaus ing bumi

10 Merga wong Israèl ora gelem nyembah Yéhuwah manèh, Yéhuwah nggunakké bangsa Babilon kanggo nyirnakké kutha Yérusalèm lan nggawa sebagéan penduduké ing Babilon. (2 Bb. 36:15-21; Ym. 4:22-27) Ning, para nabiné Yéhuwah ya ngramalké nèk wong-wong kuwi bakal bali manèh ing Yérusalèm sakwisé 70 taun. Ramalan-ramalan kuwi bener-bener digenepi. Iki ana pengaruhé kanggo kita merga kuwi isa mbantu kita yakin nèk sukmbèn bakal ana firdaus ing bumi.

11. Kapan Yésaya 11:6-9 pertama kali digenepi? Ning, ana pitakonan apa?

11 Wacanen Yésaya 11:6-9. Liwat Nabi Yésaya, Yéhuwah ngramalké nèk wong Israèl sing bali manèh ing Yérusalèm bakal dilindhungi saka kéwan buwas lan wong jahat. Keadaan ing kutha Yérusalèm bakal aman lan tentrem. Keadaan iki ngélingké kita karo keadaan sing ana ing Taman Èden. (Yé. 51:3) Yésaya ya ngramalké nèk sakdonya bakal ”kapenuhan ing kawruh bab Sang Yéhuwah, kayadéné banyuning sagara kang nasabi dhasaré”. Kapan ramalan iki digenepi? Iki bakal digenepi sukmbèn.

12. (a) Berkah apa waé sing dirasakké wong Israèl sakwisé dibébaské saka Babilon? (b) Apa buktiné nèk Yésaya 35:5-10 ya bakal digenepi sukmbèn?

12 Wacanen Yésaya 35:5-10. Nabi Yésaya ngramalké manèh nèk wong Israèl sing dibébaské saka Babilon ora bakal diserang kéwan buwas lan wong jahat. Yésaya ya kandha nèk Yérusalèm bakal dadi subur lan ngasilké akèh panganan kaya ing Taman Èden. (Pd. 2:10-14; Ym. 31:12) Apa ramalan kuwi mung digenepi ing jamané bangsa Israèl? Ora, merga ramalan kuwi ya nyebutké nèk wong wuta, lumpuh, lan budheg bakal mari. Ning, wektu kuwi isih ana wong Israèl sing lara. Iki nduduhké nèk ramalané Nabi Yésaya ya bakal digenepi sukmbèn.

13, 14. Piyé Yésaya 65:21-23 digenepi wektu wong Israèl bali ing Yérusalèm? Ning, apa sing durung digenepi saka ayat kuwi? (Deloken gambar ing kaca 3.)

13 Wacanen Yésaya 65:21-23. Wektu bali ing Yérusalèm, wong Israèl durung nduwé omah sing apik lan durung isa nggarap tanah lan kebon anggur. Ning, Yéhuwah mberkahi wong Israèl. Akhiré, wong Israèl isa mbangun lan manggon ing omahé dhéwé lan isa ngrasakké hasil saka apa sing ditandur. Wong Israèl mesthi seneng banget.

14 Ramalané Nabi Yésaya ya njelaské nèk umuré manungsa ”bakal padha karo umuring wit-witan”. Kuwi artiné manungsa bakal séhat lan urip saklawasé. Kaya sing diramalké Yésaya, sukmbèn manungsa isa urip saklawasé ing firdaus sing aman lan ayem. Kuwi bakal bener-bener nyenengké.

Apa sing bakal kelakon wektu janjiné Yésus soal Firdaus digenepi? (Deloken paragraf 15, 16)

15. Berkah apa waé sing disebutké ing buku Yésaya?

15 Bayangna wektu janji-janji kuwi kelakon ing firdaus sukmbèn. Yéhuwah bakal mènèhi berkah kanggo kabèh manungsa. Ora ana manèh wong sing lara. Manungsa lan kéwan bakal rukun. Wong-wong bakal nduwé omah sing apik lan kebon dhéwé. Manungsa bakal urip saklawasé. Alkitab pancèn mènèhi bukti nèk sukmbèn bakal ana firdaus manèh. Ning, ana sing kandha nèk ramalan kuwi ora bakal digenepi ing bumi. Piyé panjenengan isa njelaské? Apa sebabé kita isa yakin nèk firdaus bakal ana manèh ing bumi? Yésus ngandhani alesané.

KOWÉ BAKAL ING FIRDAUS!

16, 17. Kapan Yésus ngomongké soal Firdaus?

16 Senajan ora salah, Yésus dihukum lan dipaku ing cagak nganti mati bareng karo penjahat Yahudi ing sisih tengen lan kiwané. Salah siji penjahat sing ngerti nèk Yésus raja kandha, ”Yésus, élinga marang aku wektu kowé mlebu ing Kratonmu.” (Luk. 23:39-42) Terus, Yésus janji karo penjahat mau, lan janjiné kuwi dicathet ing Lukas 23:43. Iki ana pengaruhé kanggo kita. Ana pendapat sing béda-béda soal koma ing ayat iki. Misalé, ana ahli sing ndèlèhké koma sakdurungé kata ”dina iki” lan nerjemahké dadi, ”Saktenané aku kandha marang kowé, dina iki kowé karo aku bakal bebarengan ing Firdaus.” Sakjané, apa sing dimaksud Yésus wektu kandha ”dina iki”?

17 Akèh basa ing jaman saiki nggunakké koma bèn sing maca isa luwih paham maksud kalimaté. Ning, manuskrip-manuskrip Yunani kuna ora mesthi nggunakké tanda baca. Bergantung karo pemahamané soal sing dimaksudké Yésus, ana penerjemah sing ndèlèhké koma sakdurungé kata ”dina iki” utawa malah sakwisé. Mula, ana sing nerjemahké dadi, ”Aku kandha marang kowé, dina iki kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.” Sing liyané nerjemahké dadi, ”Aku kandha marang kowé dina iki, kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.” Terjemahan sing béda-béda kaya ngono isa ditemokké ing akèh terjemahan Alkitab. Endi sing bener?

18, 19. Apa waé sing isa mbantu kita ngerti maksudé Yésus?

18 Gatèkna kandhané Yésus marang para muridé soal sédané. Yésus kandha, ’Putrané manungsa bakal ana ing kuburan telung dina telung wengi.’ Yésus ya kandha, ”Putrané manungsa bakal diserahké menyang tangané manungsa, lan bakal dipatèni. Nanging ing dina katelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.” (Mat. 12:40; 16:21; 17:22, 23; Mrk. 10:34) Rasul Pétrus dadi seksi nèk omongané Yésus mau bener-bener kelakon. (Kis. 10:39, 40) Iki dadi bukti nèk ing dina kuwi, Yésus lan penjahat mau ora lunga Firdaus sakwisé mati. Malah, Alkitab kandha nèk Yésus ana ”ing Kuburan” nganti telung dina sakdurungé diuripké manèh karo Yéhuwah.​—Kis. 2:31, 32. * (Deloken cathetan ing ngisor.)

19 Dadi, Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé dina iki” kanggo ngawali janjiné marang penjahat ing sisihé. Omongan kaya ngéné sakjané wis umum kèt jamané Musa. Contoné, Musa tau kandha, ”Tembung-tembung kang dipréntahaké marang kowé ing dina iki, iku padha gatèkna.”​—PT. 6:6; 7:11; 8:1, 19; 30:15.

20. Apa manèh sing isa mbantu kita ngerti maksudé Yésus?

20 Ana penerjemah Alkitab saka Timur Tengah sing kandha nèk ayaté kuduné diwaca, ”Saktenané aku kandha marang kowé dina iki, kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.” Maksudé, Yésus janji ing dina kuwi, ning janjiné bakal digenepi sukmbèn. Penerjemah mau ya kandha nèk wong ing dhaérah kono ngomong kaya ngono kanggo nduduhké nèk janji sing wis diucapké bakal ditepati. Terjemahan basa Siria sing digawé 1600 taun kepungkur nerjemahké Lukas 23:43 dadi, ”Amin, aku kandha marang kowé dina iki nèk kowé karo aku bakal ing Taman Èden.” Janji iki nguwatké kita kabèh.

21. Penjahat ing sisihé Yésus ora dipilih kanggo apa, lan apa sebabé?

21 Wektu ngomong karo penjahat ing sisihé, sing dimaksud Yésus dudu firdaus ing swarga. Salah siji alesané merga penjahat mau ora ngerti soal janjiné Yésus marang para rasulé kanggo mréntah ing swarga. (Luk. 22:29) Alesan liyané merga penjahat mau ya durung dibaptis. (Yoh. 3:3-6, 12) Dadi, kuwi nduduhké nèk penjahat mau ora dipilih kanggo munggah swarga. Mula, wektu janji karo penjahat kuwi sing dimaksud Yésus yaiku firdaus ing bumi. Pirang-pirang taun sakwisé, Rasul Paulus nyebutké soal manungsa sing ”digawa menyang firdaus”. (2 Kor. 12:1-4) Paulus lan para rasul liyané dipilih kanggo urip ing swarga lan mréntah bareng Yésus. Ning, apa sing dimaksud Paulus soal firdaus ing ayat kuwi ya klebu firdaus ing bumi? * (Deloken cathetan ing ngisor.) Apa panjenengan bakal urip ing kono?

HARAPANÉ PANJENENGAN

22, 23. Kita nduwé harapan apa?

22 Gatèkna wektu Daud kandha, ”Para wong mursid [utawa, bener] padha olèh warisan bumi.” (Ms. 37:29; 2 Ptr. 3:13) Daud lagi nduduhké nèk sukmbèn wong-wong sakdonya bakal manut pathokané Yéhuwah. Wong-wong sing nyembah Yéhuwah bakal urip saklawasé ing donya anyar merga Yésaya 65:22 ngramalké, ”Umuré umatingSun iku bakal padha karo umuring wit-witan.” Apa panjenengan isa percaya? Isa, merga Wahyu 21:1-4 kandha nèk Yéhuwah bakal mberkahi manungsa lan salah siji berkahé yaiku ”pati ora bakal ana manèh”.

23 Katrangan saka Alkitab soal Firdaus jelas banget. Senajan Adam lan Hawa ora isa urip saklawasé ing Firdaus, bumi bakal tetep dadi firdaus manèh. Yéhuwah janji bakal mberkahi manungsa ing bumi. Daud kandha nèk wong bener lan rendah hati sing bakal urip saklawasé ing bumi. Ramalané Nabi Yésaya sing nduduhké nèk urip ing bumi firdaus bakal nyenengké isa nggawé kita kepéngin urip ing kono. Iki bakal kelakon wektu janjiné Yésus marang penjahat ing sisihé digenepi. Kita bakal urip ing Firdaus. Wektu kuwi kelakon, kita isa ngerti nèk kuwi cocog karo omongané para sedulur sing kebaktian ing Korea yaiku, ”Nganti ketemu manèh ing Firdaus!”

^ par. 18 Profésor C. Marvin Pate nulis pendapaté para ahli soal omongané Yésus. Akèh ahli sing nganggep maksudé Yésus wektu kandha ”dina iki” yaiku Yésus bakal langsung ing Firdaus sakwisé mati. Ning, Profésor Pate ya kandha nèk pandhangan kaya ngono ora cocog karo katrangan liya ing Alkitab merga Alkitab nduduhké nèk Yésus isih ing Kuburan sakwisé mati.​—Mat. 12:40; Kis. 2:31; Rm. 10:7.

^ par. 21 Deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal édhisi pelajaran Desember 2018.