Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

’Wong Mursid Bakal Padha Bungah Marga Yéhuwah’

’Wong Mursid Bakal Padha Bungah Marga Yéhuwah’

DIANA umuré 80 taun lan ngalami akèh kesusahan. Bojoné sing lara Alzheimer akhiré mati. Anaké lanang loro ya mati. Dhèwèké ya lara kanker payudara. Ning, wektu ketemu pas nginjil utawa ing pakumpulan ibadah, para sedulur isa ndelok nèk Diana tetep seneng.

John wis dadi pinituwa wilayah luwih saka 43 taun. Dhèwèké seneng banget karo penugasané. Ning, dhèwèké kudu mandheg dadi pinituwa wilayah merga ngrawat seduluré sing lara. Wektu ketemu ing kebaktian, para sedulur isa ngerti nèk John isih tetep seneng kaya ndhisik.

Kaya Diana lan John, apa sebabé wong sing ngalami kesusahan utawa kudu ninggalké penugasané sing disenengi isa tetep seneng? Alkitab mènèhi jawabané, ’Wong mursid [utawa, bener] bakal padha bungah marga Yéhuwah.’ (Ms. 64:11) Kita bakal luwih paham maksudé ayat iki nèk ngerti piyé carané isa éntuk rasa seneng sing langgeng.

RASA SENENG SING SEMENTARA

Ana akèh sing isa nggawé kita seneng. Contoné, nikah karo wong sing disayangi, nduwé anak, utawa éntuk penugasan anyar ing organisasi. Kuwi kabèh hadiah saka Yéhuwah sing isa nggawé kita seneng. Yéhuwah kuwi sing nggawé urip bebojoan, mènèhi kemampuan kanggo nduwé anak, lan mènèhi gawéan ing pakumpulané.​—Pd. 2:18, 22; Ms. 127:3; 1 Tim. 3:1.

Ning, kadhang kala rasa seneng sing dihasilké kuwi mung sementara. Misalé, ana bojo sing akhiré ora setya utawa mati. (Yk. 24:18; Hs. 3:1) Ana bocah-bocah sing ora manut karo wong tuwané lan Gusti Allah, malah nganti ditokké saka jemaat. Contoné, anak-anaké Samuèl ora setya karo Yéhuwah. Daud ya ngadhepi akèh masalah merga nindakké hubungan sèks sing ora sah karo Bat-syéba. (1 Sa. 8:1-3; 2 Sa. 12:11) Nèk ngalami kaya ngono kita dadi susah lan sedhih.

Kita mungkin kudu ninggalké penugasan ing organisasiné Yéhuwah merga kena penyakit, kudu ngrawat keluarga, utawa ana perubahan ing organisasi. Akèh sing wis tau ngalami kaya ngono ngomong nèk kangen karo penugasané.

Kita dadi ngerti nèk kuwi kabèh ora nggawé kita nduwé rasa seneng sing langgeng. Ning, Samuèl, Daud, lan liyané isa tetep seneng wektu ngadhepi kesusahan. Mula, mesthi ana rasa seneng sing langgeng sing isa dirasakké senajan kita ngalami kesusahan.

RASA SENENG SING LANGGENG

Yésus ngerti piyé carané nduwé rasa seneng sing langgeng. Sakdurungé teka ing bumi, Alkitab kandha nèk Yésus ”tansah bungah ana ing ngarsané [Yéhuwah]”. (WB. 8:30, Basa Jawi Padintenan) Ning, sakwisé ing bumi, Yésus kadhang kala kudu ngalami kesusahan. Senajan ngono, Yésus tetep seneng wektu nindakké tugasé. (Yoh. 4:34) Malah, Yésus isa tetep setya nganti mati. Alkitab kandha, ”Merga kabungahan sing didèlèhké ing ngarepé, dhèwèké tekun ing cagak paukuman.” (Ibr. 12:2) Kita bakal sinau saka loro omongané Yésus sing nduduhké piyé carané nduwé rasa seneng sing langgeng.

Wektu marani Yésus manèh sakwisé nginjil, 70 murid ngrasa seneng merga isa nindakké tugasé, malah nganti ngusir hantu-hantu. Ning, Yésus kandha, ”Aja bungah merga roh-roh kuwi manut karo kowé, nanging bungaha merga jenengmu wis ditulis ing swarga.” (Luk. 10:1-9, 17, 20) Pancèn, éntuk penugasan ing organisasiné Yéhuwah isa nggawé seneng. Ning, sing luwih penting yaiku kita isa nyenengké Yéhuwah. Kuwi bakal nggawé kita luwih seneng.

Wektu Yésus ceramah ing ngarepé wong akèh, ana wong wadon Yahudi sing seneng banget karo ceramahé Yésus lan kandha nèk ibuné Yésus mesthi bangga banget karo Yésus. Ning, Yésus kandha, ”Ora, nanging sing bungah kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah.” (Luk. 11:27, 28) Kita mesthi seneng nèk nduwé anak-anak sing isa dibanggakké. Ning, kita isa ngrasakké rasa seneng sing langgeng nèk kita manut lan akrab karo Yéhuwah.

Kita mesthi seneng banget nèk isa nyenengké Yéhuwah. Senajan ngalami kesusahan, kita isa tetep seneng. Malah, kita bakal luwih seneng nèk isa tetep setya wektu ngalami kesusahan. (Rm. 5:3-5) Yéhuwah ya bakal mènèhi roh suci sing isa nggawé kita seneng merga rasa seneng kuwi bagéan saka woh sing dihasilké roh suci. (Gal. 5:22) Kuwi mbantu kita ngerti maksudé Jabur 64:11 sing kandha, ’Wong mursid bakal padha bungah marga Yéhuwah.’

Apa sebabé John isa tetep seneng?

Kuwi ya mbantu kita ngerti alesané Diana lan John isa tetep seneng senajan ngadhepi kesusahan. Diana kandha, ”Kaya bocah karo bapaké, aku njaluk perlindungan saka Yéhuwah. Aku isa ngrasakké nèk Yéhuwah wis mbantu aku bèn isa tetep seneng wektu nginjil.” Apa sebabé John isa tetep seneng lan semangat wektu nginjil senajan wis ora dadi pinituwa wilayah? John kandha, ”Taun 1998, aku ditugasi mulang Sekolah Pelatihan Pelayanan. Mulai wektu kuwi, aku dadi luwih kerep sinau Alkitab pribadi.” John crita sing nggawé John lan bojoné luwih gampang nggawé penyesuaian yaiku merga dhèwèké lan bojoné gelem nindakké penugasan apa waé ing organisasiné Yéhuwah. John kandha manèh, ”Aku lan bojoku wis ngupaya nggunakké kabèh kemampuan kanggo nglayani Yéhuwah.”

Akèh sing wis ngrasakké nèk kandhané Jabur 64:11 kuwi bener. Contoné, ana suami istri sing wis nglayani ing Bètel Amerika Serikat luwih saka 30 taun. Akhiré, wong loro kuwi ditugaské dadi perintis istiméwa. Wong loro kuwi kandha, ”Ngrasa sedhih wektu kudu ninggalké penugasan sing disenengi kuwi wajar. Ning, kita ora isa terus-terusan sedhih.” Wong loro kuwi langsung nginjil karo para sedulur ing jemaat sing anyar. Suami istri kuwi crita, ”Aku lan bojoku ndongakké kabèh sing tak butuhké. Wektu dongaku dijawab, aku lan bojoku seneng banget lan dadi saya semangat. Terus, akèh sing mulai merintis sakwisé aku lan bojoku teka ing jemaat kuwi. Aku lan bojoku ya isa mbantu wong loro sing sinau Alkitab nggawé kemajuan rohani.”

RASA SENENG SING LANGGENG ING MASA DEPAN

Jaman saiki, kita pancèn ora bakal terus-terusan ngrasa seneng. Kita isa waé ngrasa sedhih. Ning, Yéhuwah mènèhi janji sing dicathet ing Jabur 64:11. Kita isa yakin ’bakal padha bungah marga Yéhuwah’ nèk tetep setya senajan ngadhepi akèh kesusahan. Kita ya ngentèni janjiné Yéhuwah soal ”langit kang anyar lan bumi kang anyar” kelakon. Terus, kabèh wong bakal dadi sampurna lan bakal ’bungah-bungah lan surak-surak’ merga kabèh berkah sing ditampa saka Yéhuwah.​—Yé. 65:17, 18.

Ing donya anyar, kita bakal bener-bener séhat. Kita ora bakal ngrasa pegel wektu tangi turu. Ora ana manèh sing nggawé kita sedhih. Yéhuwah janji nèk ”bab-bab kang biyèn ora bakal diélingi manèh, lan ora bakal tuwuh manèh ing sajroning ati”. Kita ya bakal nyambut wong-wong mati sing diuripké manèh. Kita bakal ngrasa kaya wong tuwa sing ”seneng banget nganti ora isa ngempet rasa senengé” wektu anaké wédok diuripké manèh karo Yésus. (Mrk. 5:42) Akhiré, bumi mung dienggoni karo wong-wong sing manut karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi bakal ’padha bungah marga Yéhuwah’.