Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 52

Mbantu Sedulur-Sedulur sing Lagi Susah

Mbantu Sedulur-Sedulur sing Lagi Susah

”Nèk kowé sanggup nulungi, aja nganti kowé ora gelem mbantu wong sing mbutuhké.”​—WB. 3:27.

LAGU 103 Gembala Kuwi Hadiah saka Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Piyé carané Yéhuwah mbantu umaté sing susah?

 YÉHUWAH isa mbantu umaté sing lagi susah liwat sedulur-sedulur seiman. Ora soal njenengan pinituwa, abdiné jemaat, perintis, penginjil, tuwa, utawa enom, njenengan isa dadi jawaban dongané sedulur-sedulur sing lagi susah. Yéhuwah kerep ”menghibur” umaté sing lagi susah liwat para pinituwa utawa sedulur-sedulur liyané. (Kol. 4:11) Njenengan mesthi seneng isa mbantu sedulur-sedulur pas lagi ana wabah penyakit, bencana alam, lan pas sedulur-sedulur kuwi dianiaya.

MBANTU SEDULUR-SEDULUR PAS ANA WABAH PENYAKIT

2. Nèk ana wabah penyakit, ngapa kok ora gampang mbantu sedulur-sedulur?

2 Nèk ana wabah penyakit, mbantu sedulur-sedulur mungkin ora gampang. Awaké dhéwé mungkin ora isa mara ing omahé. Awaké dhéwé ya ora isa ngejak mangan. Apa manèh nèk keluargané awaké dhéwé ana sing lara. Tapi, awaké dhéwé mesthi péngin mbantu sedulur-sedulur merga kuwi nggawé Yéhuwah seneng. (WB. 3:27; 19:17) Dadi, piyé carané isa mbantu?

3. Piyé para pinituwa isa niru pinituwa ing jemaaté Desi? (Yérémia 23:4)

3 Carané para pinituwa mbantu. Para pinituwa kudu kenal tenan karo sedulur-sedulur. (Wacanen Yérémia 23:4.) Desi, sing disebutké ing artikel sakdurungé, ngomong ngéné, ”Para pinituwa ing kelompok nginjilku kerep nginjil bareng karo aku lan sedulur-sedulur. Terus, kadhang ramah tamah bareng.” b Dadi, pas ana pandemi lan keluargané Desi ana sing mati merga kena corona, para pinituwa isa luwih gampang mbantu Desi.

4. Kenapa Desi isa crita soal perasaané lan kekuwatirané karo para pinituwa, lan piyé carané pinituwa mbantu sedulur-sedulur?

4 Desi ya ngomong, ”Merga wis akrab karo para pinituwa, aku dadi isa crita soal perasaanku lan kekuwatiranku.” Dadi, piyé carané para pinituwa isa mbantu sedulur-sedulur pas ana wabah penyakit? Saka saiki, para pinituwa kudu ngupaya bèn akrab lan kenal tenan karo sedulur-sedulur. Dadi nèk ana wabah penyakit lan ora isa ketemu langsung, para pinituwa isa nggolèk cara liya kanggo mbantu. Desi ya crita ngéné, ”Kadhang, para pinituwa nélpon utawa ngirim pesan singkat. Malah, sedina ana beberapa pinituwa sing kaya ngono. Para pinituwa mènèhi ayat-ayat Alkitab sing apik. Aku ngrasa dikuwatké, meskipun aku wis kerep krungu ayat kuwi.”

5. Piyé carané para pinituwa ngerti sedulur-sedulur butuh apa, terus nèk wis ngerti kudu piyé?

5 Bèn isa mbantu para sedulur, para pinituwa kudu ngerti sik sedulur-sedulur kuwi butuh apa. Mula coba ditakoni apik-apik, lan aja nggawé sedulur-sedulur kuwi dadi isin. (WB. 20:5) Misalé, apa sedulur-sedulur nduwé panganan, obat, lan kebutuhan liyané? Terus, piyé gawéané? Nèk misalé isih ngontrak, apa isa mbayar kontrakané? Apa sedulur-sedulur butuh bantuan saka pamréntah? Apa ngerti carané éntuk bantuan kuwi? Sedulur Desi ngadhepi akèh masalah merga pandemi. Tapi, dhèwèké dibantu karo sedulur-sedulur. Terus, para pinituwa ya nggatèkké lan nguwatké dhèwèké. Desi crita, ”Para pinituwa ngejak aku ndonga bareng. Ya mémang, aku ora kèlingan isi dongané kuwi, tapi aku ora bakal lali karo perhatiané para pinituwa. Kuwi seolah-olah Yéhuwah ngomong karo aku, ’Aja kuwatir, Aku bakal ndhukung kowé.’”​—Yés. 41:10, 13.

Sedulur sing mandhu seneng merga ana akèh sing koméntar, lan ya ana sedulur sing lagi lara sing mèlu koméntar nganggo tablèt (Deloken paragraf 6)

6. Piyé carané awaké dhéwé mbantu sedulur-sedulur? (Deloken gambar kanggo paragraf 6.)

6 Carané awaké dhéwé mbantu. Mémang, sing kuduné mbantu lan nguwatké sedulur-sedulur kuwi utamané para pinituwa. Tapi, Yéhuwah péngin awaké dhéwé saling nguwatké lan mbantu. (Gal. 6:10) Misalé, bocah-bocah isa dikongkon nggambar utawa nggawé kartu ucapan kanggo sedulur-sedulur sing lara. Cah-cah enom isa nukokké kebutuhané sedulur-sedulur kuwi. Terus, sedulur-sedulur sing lara mesthi ya seneng nèk isa dimasakké, terus panganané diterké ing omahé. Pas ana wabah penyakit, kabèh sedulur ya mesthi butuh dikuwatké. Dadi, bar pertemuan ibadah aja kesusu mulih. Awaké dhéwé isa ngobrol sik karo sedulur-sedulur. Tapi, para pinituwa ya butuh dikuwatké. Ana sedulur sing ngirim kartu ucapan maturnuwun kanggo para pinituwa. Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé ”terus nguwatké lan mbantu liyané”.​—1 Tés. 5:11.

MBANTU SEDULUR-SEDULUR PAS ANA BENCANA

7. Apa pengaruhé kanggo wong-wong wektu ana bencana?

7 Nèk ana bencana, mesthi ana pengaruhé kanggo wong-wong. Misalé, omahé karo barang-barangé padha rusak. Keluargané mungkin ya ana sing mati. Nah, sedulur-sedulur ya isa ngalami kaya ngono. Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu?

8. Para pinituwa lan kepala keluarga kudu piyé sakdurungé ana bencana?

8 Carané para pinituwa mbantu. Para pinituwa kudu mbantu sedulur-sedulur bèn siap-siap sakdurungé ana bencana. Sedulur-sedulur isa dikandhani kudu piyé pas ana bencana lan kudu ngerti nomer télponé para pinituwa. Margaret, sing disebutké ing artikel sakdurungé, ngomong ngéné, ”Ing kebutuhané jemaat, para pinituwa ngandhani sedulur-sedulur nèk mungkin bakal ana kebakaran hutan manèh. Terus nèk pamréntah ngongkon ngungsi, ya kudu langsung mangkat.” Kira-kira sesasi bar kuwi, ana kebakaran hutan. Sedulur-sedulur sing dadi kepala keluarga ya kudu mbahas karo keluargané bakal piyé nèk ana bencana. Nèk njenengan sak keluarga karo bocah-bocah wis ngerti kudu piyé, mesthi bakal tetep tenang wektu ana bencana.

9. Para pinituwa kudu piyé sakdurungé lan sakwisé ana bencana?

9 Pinituwa sing dadi pengawas kelompok nginjil kudu nduwé nomer HP-né kabèh sedulur ing kelompok nginjilé. Dadi nèk ana bencana, pinituwa mau isa ngubungi kabèh sedulur kuwi. Terus, pinituwa kuwi kudu langsung ngubungi koordinator badan pinituwa (KBP). Bar kuwi KBP-né kudu langsung ngubungi pinituwa wilayah. Nèk kabèh kerja sama, hasilé mesthi apik. Bar kebakaran ing dhaérahé Sedulur Margaret mau, pinituwa wilayahé nganti ora turu siji setengah dina. Pinituwa wilayah kuwi sibuk banget merga kudu mastèkké keadaané 450 sedulur sing kudu ngungsi. (2 Kor. 11:27) Upayané pinituwa wilayah mau ana hasilé. Kabèh sedulur sing ngungsi mau akhiré isa éntuk panggonan sing aman.

10. Kenapa para pinituwa kudu kerep ngobrol lan nguwatké sedulur-sedulur nganggo ayat-ayat Alkitab? (Yohanes 21:15)

10 Tapi, tugasé para pinituwa ora mung kuwi. Para pinituwa ya kudu nguwatké lan nggatèkké sedulur-sedulur. (1 Ptr. 5:2) Pas ana bencana, para pinituwa kudu ngubungi kabèh sedulur bèn ngerti keadaané, terus ya isa nyedhiakké sing dibutuhké sedulur-sedulur kuwi. Misalé, panganan, klambi, lan tempat tinggal. Tapi, sedulur-sedulur ya butuh digatèkké perasaané lan dikuwatké nganggo ayat-ayat Alkitab. (Wacanen Yohanes 21:15.) Sedulur Harold sing nglayani dadi Panitia Cabang tau ketemu karo sedulur-sedulur sing kena bencana alam. Dhèwèké kandha, ”Sedulur-sedulur butuh wektu bèn isa pulih. Mungkin kétoké keadaané wis apik-apik waé. Tapi sakjané, sedulur-sedulur isa waé sedhih manèh nèk kèlingan bencana kuwi. Apa manèh nèk omah karo barang-barangé rusak kabèh lan keluargané ana sing mati. Ngrasa kaya ngono kuwi wajar. Kuwi dudu bukti nèk sedulur-sedulur kuwi ora percaya karo Yéhuwah.”

11. Piyé carané para pinituwa mbantu para wong tuwa?

11 Para pinituwa mesthi péngin manut karo naséhat ing Roma 12:15 yaiku, ”nangis karo wong sing nangis”. Sedulur-sedulur sing bar kena bencana butuh diyakinké nèk Yéhuwah ora ninggalké. Para pinituwa ya kudu mbantu para wong tuwa bèn isa tetep ngibadah, nginjil, ndonga, lan sinau Alkitab sak keluarga. Para wong tuwa ya kudu mbantu anak-anak bèn yakin nèk Yéhuwah isih sayang karo dhèwèké lan ana sedulur-sedulur sak donya sing siap mbantu.​—1 Ptr. 2:17.

Apa njenengan isa ndaftar dadi rélawan sakwisé ana bencana? (Deloken paragraf 12) e

12. Piyé carané awaké dhéwé mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana? (Deloken gambar kanggo paragraf 12.)

12 Carané awaké dhéwé mbantu. Nèk bencanané cedhak omahé njenengan, coba takon karo para pinituwa carané mbantu. Mungkin omahé njenengan isa dienggo nginep sedulur-sedulur sing kena bencana utawa para rélawan sing mengko bakal teka. Njenengan mungkin ya isa ngirimké panganan utawa kebutuhan liyané kanggo sedulur-sedulur sing kena bencana. Nèk bencanané adoh saka omahé njenengan, njenengan tetep isa mbantu. Piyé carané? Njenengan isa ndongakké sedulur-sedulur sing kena bencana. (2 Kor. 1:8-11) Njenengan ya isa nyumbang. (2 Kor. 8:2-5) Nèk misalé njenengan isa lunga ing dhaérah bencana kuwi, coba takon karo para pinituwa carané ndaftar dadi rélawan. Nèk misalé diundang dadi rélawan, njenengan bakal éntuk pelatihan-pelatihan sakdurungé teka mrono.

MBANTU SEDULUR-SEDULUR SING DIANIAYA

13. Ing negara sing nglarang Seksi-Seksi Yéhuwah, sedulur-sedulur ngalami masalah apa waé?

13 Umaté Yéhuwah ngadhepi akèh masalah. Tapi, masalahé isa luwih abot nèk manggon ing negara sing nglarang gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah. Sedulur-sedulur kuwi isih kudu nggolèk dhuwit, kadhang ya lara, terus ya isa ditinggal mati wong sing disayangi. Tapi merga Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang, para pinituwa ora isa leluasa marani sedulur-sedulur kanggo nguwatké. Misalé, Sedulur Andrei sing disebutké ing artikel sakdurungé. Ana sedulur wédok ing kelompok nginjilé sing uripé pas-pasan. Ndilalah, sedulur wédok kuwi kecelakaan lan kudu dioperasi. Dadi, sedulur wédok kuwi ora isa kerja. Sedulur-sedulur tetep berusaha mbantu sedulur kuwi meskipun ana pandemi lan Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang. Kuwi bukti nèk Yéhuwah nggatèkké sedulur wédok kuwi.

14. Apa buktiné para pinituwa percaya karo Yéhuwah?

14 Carané para pinituwa mbantu. Andrei ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Terus, Yéhuwah njawab dongané. Buktiné, ana sedulur-sedulur sing isa ngeterké sedulur wédok mau priksa ing dokter. Sing liyané manèh mènèhi dhuwit. Yéhuwah mberkahi upayané sedulur-sedulur kuwi. (Ibr. 13:16) Para pinituwa, aja sungkan njaluk bantuané sedulur liyané. (Yér. 36:5, 6) Percayaa karo Yéhuwah. Yéhuwah sing bakal nyukupi kebutuhané kabèh umaté.

15. Piyé bèn kabèh isa bersatu wektu dianiaya?

15 Carané awaké dhéwé mbantu. Nèk Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang, awaké dhéwé ngumpulé ora isa wong akèh. Dadi, mungkin awaké dhéwé ketemuné karo sedulur-sedulur kuwi waé. Mula, kudu seneng rukun lan aja gampang tersinggung. (WB. 19:11) Terus nèk ana masalah, kudu ndang dirampungké. (Éf. 4:26) Awaké dhéwé ya kudu seneng mbantu sedulur liyané. (Tit. 3:14) Ing paragraf-paragraf sakdurungé dicritakké nèk sedulur-sedulur saling mbantu lan kerja sama wektu ngrawat sedulur wédok sing lara mau. Hasilé, sedulur-sedulur kuwi isa tambah akrab kaya karo keluargané dhéwé.​—Mzm. 133:1.

16. Menurut Kolose 4:3, 18, piyé carané mbantu sedulur-sedulur sing dilarang pamréntah?

16 Ana akèh sedulur sing terus setya nglayani Yéhuwah, meskipun dilarang karo pamréntah. Awaké dhéwé isa ndongakké sedulur-sedulur sing dipenjara lan keluargané. Terus, awaké dhéwé ya isa ndongakké sedulur liyané sing kerja keras mbantu sedulur-sedulur kuwi. Misalé, ana sing nguwatké, ngirimké kebutuhané, lan mbéla sedulur-sedulur kuwi ing pengadilan. c (Wacanen Kolose 4:3, 18.) Donga kuwi gedhé kuwasané.​—2 Tés. 3:1, 2; 1 Tim. 2:1, 2.

Piyé bèn keluargané njenengan isa siap ngadhepi penganiayaan? (Deloken paragraf 17)

17. Piyé carané bèn isa siap sakdurungé ngadhepi penganiayaan?

17 Njenengan sak keluarga kudu siap-siap saiki sakdurungé ana penganiayaan. (Kis. 14:22) Tapi, aja mbayangké sing èlèk-èlèk sik. Sing penting, njenengan sak keluarga tambah cedhak karo Yéhuwah. Nèk kadhang ngrasa kuwatir, njenengan isa ndonga karo Yéhuwah. (Mzm. 62:7, 8) Terus, kudu mbahas karo keluarga ngapa kok kudu percaya karo Yéhuwah. d Nèk percaya karo Yéhuwah, anak-anak isa tetep kendel lan tenang.

18. Berkah apa sing bakal ditampa sukmbèn?

18 Meskipun saiki ana wabah penyakit, bencana, lan awaké dhéwé ya isa dianiaya, tapi Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé ayem. (Flp. 4:6, 7) Yéhuwah mènèhi para pinituwa kanggo nguwatké awaké dhéwé. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé saling mbantu. Dadi awaké dhéwé mesthi isa ngadhepi masalah apa waé, termasuk sukmbèn pas ana ”sengsara gedhé”. (Mat. 24:21) Wektu kuwi, awaké dhéwé kudu luwih seneng rukun lan saling mbantu. Bar Armagédon, kabèh masalah-masalah mau ora bakal ana manèh. Awaké dhéwé bakal ayem saklawasé kaya kepénginané Yéhuwah.​—Yés. 26:3, 4.

LAGU 109 Tresna saka Ati

a Yéhuwah isa mbantu umaté sing lagi susah liwat awaké dhéwé. Piyé carané mbantu sedulur-sedulur sing lagi susah?

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c Kantor cabang utawa kantor pusat ora isa ngirimké suraté njenengan siji-siji kanggo sedulur-sedulur sing dipenjara.

d Deloken artikel ing Warta Penting Juli 2019 sing judhulé ”Siap-Siap Ngadhepi Penganiayaan”.

e GAMBAR: Pasangan suami istri sing nggawakké kebutuhané keluarga sing lagi ngungsi.