Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 31

LAGU 12 Yéhuwah Pantes Diluhurké

Upayané Yéhuwah Bèn Manungsa Bébas saka Dosa lan Kematian

Upayané Yéhuwah Bèn Manungsa Bébas saka Dosa lan Kematian

”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki, Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné.”YOH. 3:16.

INTI

Pengaturan sing digawé Yéhuwah bèn manungsa meskipun isih dosa, isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan sukmbèn isa urip saklawasé lan ora nduwé dosa manèh.

1-2. (a) Dosa kuwi apa, lan apa sing marakké manungsa isa tetep akrab karo Yéhuwah meskipun isih dosa? (Deloken ”Keterangan”.) (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki lan ing artikel liyané ing édhisi Warta Penting iki? (Deloken ”Informasi kanggo Pembaca” ing terbitan iki.)

 BÈN isa ngerti sepira gedhéné rasa sayangé Yéhuwah kanggo njenengan, isa mempelajari sing diupayakké Yéhuwah bèn njenengan ora dosa lan mati. Dosa a diumpamakké kaya mungsuh sing kuwat banget. Ora ana manungsa sing isa ngalahké mungsuh kuwi nganggo kekuwatané dhéwé. Kabèh manungsa mesthi nggawé dosa saben dina lan bakalé mati merga dosa. (Rm. 5:12) Tapi, Yéhuwah njamin nèk sukmbèn manungsa isa bébas saka dosa lan kematian.

2 Selama kira-kira 6.000 taun, Yéhuwah wis ngupaya bèn manungsa isa akrab karo Dhèwèké meskipun isih dosa. Kèt manungsa diciptakké, Yéhuwah wis sayang banget karo manungsa. Makané, Dhèwèké gelem ngupayakké apa waé bèn manungsa isa terus akrab karo Dhèwèké. Yéhuwah ngerti nèk gara-gara dosa, manungsa bakalé mati. Yéhuwah ora péngin manungsa mati, tapi pénginé meréka urip saklawasé. (Rm. 6:23) Makané, ing artikel iki bakal dibahas: (1) Yéhuwah ngekèki harapan apa kanggo manungsa sing dosa? (2) Bèn isa nggawé Yéhuwah seneng, apa sing dilakukan umaté Yéhuwah jaman mbiyèn? (3) Apa sing dilakukan Yésus kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan kematian?

HARAPAN SAKA YÉHUWAH KANGGO KETURUNANÉ ADAM

3. Piyé critané Adam lan Hawa dadi dosa?

3 Wektu nyiptakké pasangan manungsa sing pertama, Yéhuwah pénginé meréka bahagia. Meréka dikon manggon ing Taman Èden sing apik banget lan dikèki tugas sing nyenengké. Bar nikah, meréka nduwé keturunan sing bakalé ngebaki bumi lan nggawé seluruh bumi dadi Firdaus. Yéhuwah mung ngekèki préntah siji thok. Nèk meréka sengaja nglanggar préntah kuwi, berarti meréka dosa. Yéhuwah wis ngélikké nèk akibaté dosa kuwi mati. Bar kuwi, ana malaékat jahat sing ora sayang karo Yéhuwah lan manungsa, ngojok-ojoki Adam lan Hawa bèn nglanggar préntahé Yéhuwah. Sayangé, Adam lan Hawa manut Sétan. Meréka ora percaya karo Yéhuwah sing wis sayang banget karo meréka. Omongané Yéhuwah dadi kenyataan. Merga ora manut, Adam karo Hawa suwé-suwé dadi tuwa lan akhiré mati.—PD. 1:​28, 29; 2:​8, 9, 16-18; 3:​1-6, 17-19, 24; 5:5.

4. Apa sing marakké Yéhuwah sengit karo dosa lan gelem mbantu bèn keturunané Adam isa akrab karo Dhèwèké? (Roma 8:​20, 21)

4 Saka kisah kuwi, awaké dhéwé isa ngerti ngapa kok Yéhuwah sengit banget karo dosa. Dosa marakké hubungané manungsa karo Yéhuwah dadi rusak lan ya marakké manungsa dadi mati. (Yés. 59:2) Kèt awal, Sétan sengit karo Yéhuwah lan manungsa. Makané, kèt jamané Adam lan Hawa, dhèwèké terus berupaya bèn manungsa berdosa. Sétan mungkin ngira nèk wis berhasil nggagalké tujuané Yéhuwah merga Adam lan Hawa nggawé dosa. Tapi, Yéhuwah sayang banget karo manungsa. Tujuané kanggo keturunané Adam lan Hawa ora bakal berubah. Dhèwèké langsung ngekèki harapan. (Wacanen Roma 8:​20, 21.) Yéhuwah ngerti nèk bakal ana keturunané Adam sing milih kanggo sayang lan manut karo Dhèwèké. Nah, bèn meréka isa akrab karo Yéhuwah lan sukmbèn ora mati lan ora dosa manèh, ana sesuatu sing diupayakké Yéhuwah. Apa kuwi?

5. Kapan harapan sing disebutké Yéhuwah kuwi mulai kétok? Jelasna. (Purwaning Dumadi 3:15)

5 Harapan kuwi mulai kétok wektu Yéhuwah ngumumké hukuman kanggo Sétan. Ing Alkitab, Yéhuwah ngramalké nèk bakal ana ’keturunan’. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:15.) ’Keturunan’ kuwi bakal mbébaské manungsa, matèni Sétan, lan nyingkirké kabèh masalah sing disebabké Sétan ing Taman Èden. (1 Yoh. 3:8) Tapi, ’keturunan’ kuwi bakal dipatèni sik karo Sétan. Kuwi marakké Yéhuwah sedhih banget. Tapi Yéhuwah réla ngrasakké kuwi bèn akèh keturunané Adam akhiré isa bébas saka dosa lan kematian.

UMATÉ YÉHUWAH JAMAN MBIYÈN ISA NGGAWÉ YÉHUWAH SENENG MESKIPUN ISIH DOSA

6. Bèn isa akrab karo Yéhuwah, apa sing dilakukan wong-wong sing beriman misalé Habèl lan Nuh?

6 Selama atusan taun bar kuwi, Yéhuwah saya jelas nduduhké piyé manungsa sing dosa isa akrab karo Dhèwèké. Manungsa pertama sing beriman karo Yéhuwah bar peristiwa ing Èden kuwi Habèl, anaké Adam karo Hawa sing nomer loro. Merga sayang, péngin akrab, lan péngin nggawé Yéhuwah seneng, Habèl ngekèki sesuatu kanggo Yéhuwah. Habèl kuwi gembala. Dhèwèké mbelèh beberapa anak dombané, terus ngekèkké kuwi dadi korban persembahan kanggo Yéhuwah. Yéhuwah ”seneng karo Habèl lan persembahané”. (PD. 4:4) Yéhuwah ya seneng karo korban persembahané umaté sing sayang lan percaya karo Dhèwèké. Misalé, Nuh. (PD. 8:​20, 21) Yéhuwah gelem nampa korban-korban kuwi. Kuwi bukti nèk manungsa sing dosa isa akrab lan nggawé Dhèwèké seneng. b

7. Sing dilakukan Abraham kuwi sakjané nggambarké apa?

7 Abraham ya beriman banget karo Yéhuwah. Apa buktiné? Yéhuwah ngekèki préntah sing abot banget, yaiku ngorbanké Ishak anaké. Bayangna, perasaané Abraham mesthi hancur banget. Meskipun ngono, dhèwèké réla melakukan kuwi. Tapi persis sakdurungé Ishak arep dipatèni, Yéhuwah nyegah Abraham. Nah sakjané, sing dilakukan Abraham kuwi gambaran saka sing bakal dilakukan Yéhuwah. Yéhuwah réla ngorbanké anaké sing disayangi. Ya nganti semono kuwi gedhéné rasa sayangé Yéhuwah kanggo manungsa.—PD. 22:​1-18.

8. Korban-korban sing diwajibké menurut Hukum Musa kuwi sakjané gambaran saka apa? (Kaimaman 4:​27-29; 17:11)

8 Atusan taun bar kuwi, ing Hukum Musa, Yéhuwah ngongkon wong Israèl ngorbanké kéwan bèn dosané meréka isa diampuni. (Wacanen Kaimaman 4:​27-29; 17:11.) Korban-korban kuwi sakjané gambaran saka korban sing luwih apik sing bakal disedhiakké Yéhuwah bèn manungsa isa bébas saka dosa. Liwat para nabiné, Yéhuwah njelaské nèk keturunan sing dijanjèkké, sing ternyata Anaké Gusti Allah sing istiméwa, bakal menderita lan dipatèni. Keturunan kuwi bakal dadi kaya domba sing dikorbanké. (Yés. 53:​1-12) Bayangna, Yéhuwah gelem nggawé pengaturan kanggo ngorbanké Anaké sing disayangi bèn manungsa, termasuk njenengan, isa bébas saka dosa lan kematian.

SING DILAKUKAN YÉSUS KANGGO MBÉBASKÉ MANUNGSA

9. Omongané Yohanes Pembaptis soal Yésus kuwi nduduhké apa? (Ibrani 9:22; 10:​1-4, 12)

9 Taun 29 M, wektu Yohanes Pembaptis ndelok Yésus saka Nazarèt, dhèwèké ngomong, ”Kuwi Anak Dombané Gusti Allah sing ngilangi dosané donya.” (Yoh. 1:29) Omongané Yohanes kuwi nduduhké nèk ’keturunan’ sing dijanjèkké Yéhuwah kuwi Yésus. Yésus bakal ngorbanké nyawané. Saiki, harapané manungsa kanggo dibébaské saka dosa, semakin kétok nyata.—Wacanen Ibrani 9:22; 10:​1-4, 12.

10. Apa buktiné nèk Yésus ’teka kanggo ngundang’ wong-wong sing dosa?

10 Sing khususé digatèkké Yésus kuwi wong-wong sing tertekan merga dosané. Yésus ngundang meréka dadi muridé. Yésus ngerti nèk sing marakké manungsa susah kuwi dosa. Makané, sing khususé ditulungi Yésus kuwi wong-wong sing dikenal dadi pedosa. Yésus ngomong, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara. . . . Aku teka ora kanggo ngundang wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.” (Mat. 9:​12, 13) Yésus bener-bener melakukan kuwi. Wektu ana wong wédok sing dikenal pedosa ngwijiki sikilé Yésus nganggo air matané, Yésus tetep apikan lan ngomong nèk ngampuni dhèwèké. (Luk. 7:​37-50) Yésus gelem ngandhani keterangan sing penting karo wong wédok Samaria meskipun ngerti kelakuané wong wédok kuwi ora nggenah. (Yoh. 4:​7, 17-19, 25, 26) Akibat sing paling parah saka dosa kuwi kematian. Tapi, Yéhuwah bahkan ngekèki Yésus kuwasa kanggo nguripké manèh wong sing wis mati, ora soal kuwi lanang, wédok, utawa anak-anak.—Mat. 11:5.

11. Ngapa kok para pedosa nyaman bergaul karo Yésus?

11 Akèh wong, bahkan termasuk sing terkenal pedosa, nyaman bergaul karo Yésus. Soalé, Yésus apikan lan memahami perasaané meréka. Makané, meréka ora wedi omong-omongan karo Yésus. (Luk. 15:​1, 2) Yésus ya seneng muji lan menghargai upayané meréka kanggo nduduhké imané karo Yésus. (Luk. 19:​1-10) Rasa mesakké sing diduduhké Yésus kuwi sakjané ya gambaran saka sifaté Yéhuwah. (Yoh. 14:9) Saka omongan lan perbuatané Yésus, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah kuwi gampang mesakké, sayang, lan péngin mbantu wong-wong sing dosa. Yésus ya mbantu wong-wong sing dosa bèn gelem memperbaiki tingkah lakuné lan dadi muridé.—Luk. 5:​27, 28.

12. Apa waé sing Yésus omongké soal kematiané?

12 Yésus ngerti apa sing bakal dialami. Ping bola-bali dhèwèké ngandhani murid-muridé nèk bakal dikhianati lan dipatèni ing cagak. (Mat. 17:22; 20:​18, 19) Dhèwèké ngerti nèk kematiané bakal dadi korban bèn dosané manungsa isa diampuni, kaya sing diomongké Yohanes lan diramalké para nabi. Yésus ya ngomong nèk bar mati, dhèwèké ”bakal narik kabèh wong marang” dhèwèké. (Yoh. 12:32) Wong-wong sing beriman karo Yésus lan berupaya niru dhèwèké isa nggawé Yéhuwah seneng. Terus, akhiré meréka ya bakal ”dibébaské saka dosa”. (Rm. 6:​14, 18, 22; Yoh. 8:32) Meskipun kudu sengsara lan mati, Yésus tetep gelem lan kendel nglakoni kuwi bèn isa mbébaské manungsa saka dosa.—Yoh. 10:​17, 18.

13. Apa waé sing dialami Yésus sakdurungé mati, lan saka kematiané Yésus, awaké dhéwé dadi ngerti apa soal Yéhuwah? (Deloken gambar.)

13 Yésus menderita banget wektu arep dipatèni. Yésus dikhianati, ditangkep, dirèmèhké, difitnah, ditudhuh, lan bahkan disiksa. Terus, para prajurit maku Yésus ing cagak. Tapi, ana sing luwih tersiksa wektu ndelok Yésus menderita, yaiku Yéhuwah. Yéhuwah sayang banget karo Yésus lan sakjané isa nyegah bèn Yésus ora ngalami kuwi kabèh. Lha terus, ngapa kok Dhèwèké meneng waé? Kuwi merga Yéhuwah sayang karo manungsa. Yésus ngomong, ”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki, Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.”—Yoh. 3:16.

Yéhuwah réla menderita banget wektu ngejarké Anaké dipatèni bèn manungsa isa bébas saka dosa lan kematian (Deloken paragraf 13)


14. Korban tebusané Yésus kuwi bukti apa?

14 Korban tebusané Yésus kuwi bukti sing paling kuwat nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo keturunané Adam lan Hawa. Kuwi ya bukti nèk Yéhuwah sayang banget karo njenengan. Kanggo mbébaské njenengan saka dosa lan kematian, Dhèwèké gelem ngorbanké duwèké sing paling berharga lan bahkan ngorbanké perasaané. (1 Yoh. 4:​9, 10) Yéhuwah péngin mbantu bèn awaké dhéwé tetep akrab karo Dhèwèké meskipun saiki isih dosa. Terus sukmbèn, Yéhuwah bakal bener-bener nyingkirké dosa.

15. Bèn isa éntuk manfaat saka korban tebusané Yésus, awaké dhéwé kudu piyé?

15 Korban tebusané Yésus kuwi hadiah saka Yéhuwah sing isa marakké dosa-dosané awaké dhéwé diampuni. Tapi bèn isa nampa pengampunan kuwi, kudu piyé? Jawabané disebutké Yohanes Pembaptis lan Yésus wektu ngomong, ”Mertobata, merga Kerajaan swarga wis cedhak”. (Mat. 3:​1, 2; 4:17) Dadi, bèn isa tetep akrab karo Yéhuwah meskipun isih dosa, ya kudu bertobat. Tapi bertobat kuwi maksudé apa? Terus, ngapa kok kuwi isa marakké awaké dhéwé tetep akrab karo Yéhuwah meskipun isih nduwé dosa? Kuwi bakal dibahas ing artikel pelajaran berikuté.

LAGU 18 Maturnuwun kanggo Tebusan

a KETERANGAN: Ing Alkitab, kata ”dosa” isa maksudé perbuatan salah utawa ora ngetrapké pathokané Yéhuwah. Kuwi ya isa berarti ketidaksempurnaan sing diwarisi saka Adam sing marakké kabèh manungsa akhiré mati.

b Yéhuwah gelem nampa korban persembahan saka umaté sing setya sing urip sakdurungé jamané Yésus, kuwi merga ngerti nèk sukmbèn Yésus Kristus bakal ngorbanké nyawané dadi tebusan, sing bener-bener mbébaské manungsa saka dosa lan kematian.—Rm. 3:25.