ARTIKEL PELAJARAN 32
LAGU 44 Donga Wektu Aku Susah
Yéhuwah Péngin Kabèh Wong Bertobat
”Yéhuwah . . . ora péngin ana wong sing disingkirké. Dhèwèké péngin kabèh wong mertobat.”—2 PTR. 3:9.
INTI
Bertobat kuwi berarti kudu piyé, ngapa kok kudu bertobat, lan apa upayané Yéhuwah kanggo mbantu wong-wong bèn bertobat.
1. Sing termasuk bertobat kuwi ngapa waé?
NÈK melakukan kesalahan kuwi kudu bertobat. Ing Alkitab, wong sing bertobat kuwi berarti menyesali kesalahané, ora nglakoni manèh kesalahan kuwi, lan bertékad bakal nglakoni sing bener.—Deloken Daftar Istilah Alkitab, ”Mertobat”.
2. Ngapa kok kabèh wong kudu ngerti soal pertobatan? (Néhémia 8:9-11)
2 Kabèh wong kudu ngerti soal pertobatan. Soalé, kabèh wong kuwi keturunané Adam lan Hawa sing éntuk warisan dosa lan kematian. Saben dina, wong mesthi berdosa. (Rm. 3:23; 5:12) Ora ana wong sing ora berdosa. Bahkan wong sing imané kuwat, kaya Rasul Paulus, ya kudu berjuang bèn ora nggawé dosa. (Rm. 7:21-24) Apa kuwi berarti manungsa kudu terus-terusan menderita merga dosa? Ora. Yéhuwah pénginé manungsa bahagia. Dhèwèké mesakké ndelok manungsa menderita merga dosa. Gatèkna sing dialami wong Yahudi pas jamané Néhémia. (Wacanen Néhémia 8:9-11.) Yéhuwah ora péngin meréka terus-terusan sedhih merga dosané mbiyèn. Yéhuwah pénginé meréka bahagia wektu nglayani Dhèwèké. Yéhuwah ngerti nèk meréka bakal bahagia nèk bertobat. Makané, Dhèwèké ngandhani meréka soal pertobatan. Nèk bertobat, awaké dhéwé ya isa yakin nèk bakal bener-bener diampuni Yéhuwah.
3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
3 Bèn ngerti luwih akèh soal pertobatan, ing artikel iki ana telu sing bakal dibahas. Sing pertama, kanggo wong Israèl, Yéhuwah ngandhani apa soal pertobatan? Sing keloro, apa upayané Yéhuwah kanggo mbantu wong-wong bèn bertobat? Sing ketelu, kanggo murid-muridé, Yésus ngandhani apa soal pertobatan?
KANGGO WONG ISRAÈL, YÉHUWAH NGANDHANI APA SOAL PERTOBATAN?
4. Soal pertobatan, Yéhuwah ngomong apa karo bangsa Israèl?
4 Yéhuwah nduwé perjanjian, utawa kesepakatan, karo bangsa Israèl. Nèk meréka manut hukumé Yéhuwah, Yéhuwah bakal nglindhungi lan mberkahi meréka. Yéhuwah ngyakinké nèk hukumé kuwi ”ora angèl dipahami lan ora angèl dilakoni”. (PT. 30:11, 16) Tapi nèk meréka ora manut, misalé milih nyembah déwa-déwa, Yéhuwah ora bakal nglindhungi meréka manèh lan meréka bakal susah. Tapi kuwi ora berarti Yéhuwah wis bener-bener ninggalké meréka. Meréka isih isa ’bali marang Yéhuwah Gusti Allahé lan manut karo omongané’. (PT. 30:1-3, 17-20) Meréka isa bertobat. Nèk meréka bertobat, Yéhuwah bakal nyedhak karo meréka lan nglindhungi meréka manèh.
5. Apa buktiné nèk Yéhuwah terus berupaya mbantu umaté? (2 Para Raja 17:13, 14)
5 Umaté Yéhuwah bola-bali mbrontak nglawan Dhèwèké. Sakliyané nyembah brahala, kelakuané meréka ya bejat. Akibaté, uripé meréka dadi susah. Tapi, Yéhuwah terus berupaya mbantu bèn umaté bali manèh karo Dhèwèké. Yéhuwah bola-bali ngutus nabiné kanggo ngélikké umaté bèn meréka bertobat lan nglayani Dhèwèké manèh.—Wacanen 2 Para Raja 17:13, 14.
6. Apa waé buktiné nèk Yéhuwah bola-bali ngutus nabiné kanggo ngandhani bangsa Israèl bèn bertobat? (Deloken gambar.)
6 Yéhuwah bola-bali ngutus nabiné kanggo ngandhani lan ngélikké umaté. Misalé, liwat Yérémia, Yéhuwah ngomong, ”Mertobata, hé Israèl sing murtad . . . Aku ora bakal nesu manèh, merga Aku setya . . . Aku ora bakal nesu terus. Ning kowé kudu ngakoni salahmu, merga kowé wis mbrontak nglawan Yéhuwah.” (Yér. 3:12, 13) Liwat Yoèl, Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu mertobat lan bali marang Aku saktulusé atimu.” (Yl. 2:12, 13) Terus, Yésaya dikon ngomong, ”Resikana awakmu. Aja nindakké kejahatan manèh ing ngarep-Ku. Aja nindakké sing salah manèh.” (Yés. 1:16-19) Liwat Yèhèzkièl, Yéhuwah takon, ”Apa Aku seneng nèk wong jahat mati? . . . Aku pénginé wong kuwi mertobat lan ora mati. Aku ora seneng nèk wong padha mati . . . Mula, padha mertobata bèn kowé tetep urip.” (Yèh. 18:23, 32) Yéhuwah seneng banget nèk umaté bertobat, soalé Dhèwèké péngin meréka urip saklawasé. Dadi, Yéhuwah ora mung meneng waé ngentèni umaté bertobat, terus lagi ditulungi. Ayo ndelok conto-contoné.
7. Yéhuwah nggunakké pengalamané Nabi Hoséa lan bojoné kanggo ngandhani umaté soal apa?
7 Yéhuwah ngandhani umaté soal pertobatan liwat pengalamané Nabi Hoséa karo Gomèr bojoné. Bar laku jina, Gomèr ninggalké Hoséa lan lunga karo wong lanang liya. Apa kuwi berarti Gomèr wis ora isa ditulungi manèh? Yéhuwah sing isa ngerti isi pikiran lan atiné manungsa, ngongkon Hoséa, ”Kowé kudu nresnani manèh bojomu sing wis disenengi wong liya lan sing wis laku jina kuwi . . . kaya Yéhuwah nresnani wong Israèl, senajan wong Israèl wis nyembah allah-allah liyané.” (Hos. 3:1; WB. 16:2) Élinga, nèk wektu Yéhuwah ngongkon Hoséa ngampuni lan nggawa balik Gomèr manèh, Gomèr kuwi isih melakukan dosa. a Yéhuwah nggunakké conto iki kanggo ngandhani piyé perasaané karo bangsa Israèl. Meskipun bangsa Israèl isih terus nggawé dosa, Yéhuwah tetep sayang. Dhèwèké bola-bali ngongkon nabiné kanggo ngélikké meréka. Saka conto iki, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah ngerti isi pikiran lan atiné wong lan bakal berupaya kanggo mbantu wong sing isih nglakoni dosa bèn bertobat. (WB. 17:3) Lha Yéhuwah mbantuné piyé?
UPAYANÉ YÉHUWAH MBANTU WONG BÈN BERTOBAT
8. Piyé Yéhuwah mbantu Kain bèn gelem bertobat? (Purwaning Dumadi 4:3-7) (Deloken gambar.)
8 Kain kuwi anaké Adam lan Hawa sing nomer siji. Kain nduwé kepénginan sing salah sing diwarisi saka wong tuwané lan ora berupaya ngendhalèni kepénginan kuwi. Malah, ing Alkitab disebutké nèk ”tumindaké jahat”. (1 Yoh. 3:12) Kuwi sebabé, wektu Kain ngekèki korban persembahan, Yéhuwah ”ora seneng karo Kain lan persembahané”. Kain ora berubah, tapi malah ”dadi nesu banget lan kecéwa”. Terus Yéhuwah piyé? Yéhuwah ngandhani Kain. (Wacanen Purwaning Dumadi 4:3-7.) Wektu ngandhani, Yéhuwah tetep apikan. Yéhuwah janji nèk Kain gelem berubah, dhèwèké bakal diberkahi. Yéhuwah ya ngélikké nèk Kain nesu terus, mengko dhèwèké isa nggawé dosa. Sayangé Kain ora gelem ngrungokké, padahal dhèwèké lagi dibantu Yéhuwah bèn bertobat. Apa bar kuwi Yéhuwah kapok, wegah manèh mbantu wong sing berdosa bèn bertobat? Ora.
9. Piyé Yéhuwah mbantu Daud bèn bertobat?
9 Yéhuwah sayang banget karo Raja Daud, malah nyebut dhèwèké ’wong sing nyenengké atiné’. (Kis. 13:22) Tapi, Daud nglakoni dosa sing gedhé, yaiku laku jina lan matèni wong. Menurut Hukum Musa, Daud kuduné dipatèni. (Km. 20:10; Wi. 35:31) Tapi, Yéhuwah mbantu Daud bertobat. b Bahkan sakdurungé Daud ngakoni dosané, Yéhuwah ngutus Nabi Natan kanggo ngélikké Daud. Natan nyritakké siji perumpamaan bèn Daud ngerti nèk wis nggawé dosa gedhé. Daud akhiré sadhar nèk wis nglarani atiné Yéhuwah lan péngin bertobat. (2 Sam. 12:1-14) Kanggo nduduhké nèk menyesal banget, Daud nulis Mazmur 51. (Mzm. 51, superskripsi) Bar maca mazmur iki, akèh wong sing wis nggawé dosa dadi tergerak kanggo bertobat. Awaké dhéwé mesthi seneng merga Yéhuwah wis mbantu Daud bèn bertobat.
10. Wektu ngrenungké kesabaran lan pengampunané Yéhuwah, piyé perasaané njenengan?
10 Sakjané, Yéhuwah sengit banget karo dosa. (Mzm. 5:4, 5) Tapi Yéhuwah sayang karo manungsa. Wektu ana sing nggawé dosa, Yéhuwah péngin mbantu wong kuwi bertobat lan tetep akrab karo Dhèwèké, bahkan nèk dosané gedhé banget. Kuwi mesthi nentremké ati. Wektu ngrenungké kesabaran lan pengampunané Yéhuwah, awaké dhéwé dadi péngin terus setya lan ndang bertobat wektu nggawé dosa. Saiki, ayo mbahas apa sing diomongké Yésus kanggo murid-muridé soal pertobatan.
APA SING AKHIRÉ DIPAHAMI MURID-MURIDÉ YÉSUS SOAL PERTOBATAN?
11-12. Critakna perumpamaané Yésus, lan apa pelajarané? (Deloken gambar.)
11 Taun 29 M kuwi wektuné Mésias muncul. Kaya sing disebutké ing artikel sakdurungé, liwat Yohanes Pembaptis lan Yésus Kristus, Yéhuwah ngandhani wong-wong nèk meréka kudu bertobat.—Mat. 3:1, 2; 4:17.
12 Wektu ing bumi, Yésus ngandhani wong-wong nèk Yéhuwah kuwi seneng ngampuni. Bèn wong-wong isa mbayangké soal kuwi, Yésus nyritakké perumpamaan soal anak sing ilang. Anak kuwi minggat saka omah bèn isa urip sak karepé dhéwé. Tapi sakwisé beberapa waktu, ”dhèwèké sadhar”, terus mulih ing omahé bapaké. Piyé tanggepané bapaké? Yésus crita, ”Pas [anak kuwi] isih adoh, bapaké ndelok dhèwèké. Bapaké ngrasa mesakké. Mula bapaké mlayu, ngrangkul, terus ngambung dhèwèké.” Anak kuwi ngirané bapaké ora bakal ngampuni dhèwèké. Makané, dhèwèké ngomong nèk arep kerja dadi pembantuné bapaké. Tapi ternyata bapaké gelem ngampuni lan nampa dhèwèké manèh dadi anaké. Bapaké ngomong, ”Dhèwèké mauné ilang, ning saiki wis ketemu.” (Luk. 15:11-32) Kèt ing swarga, Yésus wis kerep ndelok Bapaké nduduhké rasa mesakké lan seneng ngampuni, lan Yésus njelaské kuwi liwat perumpamaan mau. Awaké dhéwé mesthi tersentuh banget.
13-14. Apa sing akhiré dipahami Rasul Pétrus soal pertobatan, lan piyé dhèwèké ngandhani wong liya soal kuwi? (Deloken gambar.)
13 Saka Yésus, Rasul Pétrus ngerti pentingé bertobat lan manfaaté diampuni. Pétrus bola-bali nggawé kesalahan lan Yésus gelem ngampuni. Misalé, bar ping telu ora ngakoni Yésus, Pétrus ngrasa bersalah banget. (Mat. 26:34, 35, 69-75) Tapi bar diuripké manèh, Yésus nemoni Pétrus malah pas ora ana murid-murid liyané. (Luk. 24:33, 34; 1 Kor. 15:3-5) Wektu kuwi, Yésus mesthi ngyakinké Pétrus nèk dhèwèké wis diampuni.—Deloken Markus 16:7 lan keterangan tambahan ”dan Petrus” ing Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru Edisi Pelajaran.
14 Merga wis ngrasakké dhéwé rasané bertobat lan diampuni, Pétrus isa ngandhani wong liyané soal kuwi. Bar Perayaan Péntakosta, ing ngarepé akèh wong Yahudi, Pétrus njelaské nèk meréka wis matèni Mésias. Tapi, Pétrus ya ngomong, ”Kowé kudu mertobat, lan kelakuanmu kudu berubah supaya Yéhuwah ngapura dosa-dosamu, nggawé kowé seger manèh.” (Kis. 3:14, 15, 17, 19) Saka kata-katané Pétrus, bertobat kuwi berarti ngubah pikiran sing salah, ora nglakoni manèh kesalahané, lan mulai nglakoni sing nggawé Yéhuwah seneng. Pétrus ya ngomong nèk Yéhuwah ngampuniné kuwi nganti tuntas, seolah-olah dosané wis ora ana manèh. Puluhan taun bar kuwi, Pétrus ya ngyakinké wong Kristen, ”Yéhuwah . . . sabar marang kowé merga Dhèwèké ora péngin ana wong sing disingkirké. Dhèwèké péngin kabèh wong mertobat.” (2 Ptr. 3:9) Dadi, meskipun wis nggawé dosa sing gedhé, nèk bertobat, awaké dhéwé isa ayem merga ngerti nèk Yéhuwah ngampuni nganti tuntas.
15-16. (a) Piyé Paulus ngrasakké pengampunané Yéhuwah? Critakna. (1 Timotius 1:12-15) (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel berikuté?
15 Saul saka Tarsus wis melakukan akèh banget kejahatan. Dhèwèké nganiaya murid-muridé Yésus. Malah saking jahaté, akèh muridé Yésus sing nganggep nèk dhèwèké ora mungkin isa berubah. Tapi, Yésus ngerti nèk Saul isa berubah lan bakalé bertobat. Yésus karo Yéhuwah ndelok sifat-sifat apiké Saul. Yésus ngomong, ”Aku wis milih dhèwèké.” (Kis. 9:15) Malah, kanggo mbantu Saul bèn bertobat, Yésus nggunakké mukjijat. (Kis. 7:58–8:3; 9:1-9, 17-20) Bar dadi Kristen, Saul sing bar kuwi disebut Rasul Paulus, kerep ngomong nèk dhèwèké bersyukur banget merga Yéhuwah lan Yésus wis ngampuni lan apikan karo dhèwèké. (Wacanen 1 Timotius 1:12-15.) Paulus ngandhani para sedulur, ”Gusti Allah apikan karo kowé merga péngin mbantu kowé bèn mertobat.”—Rm. 2:4.
16 Ing artikel berikuté bakal dibahas piyé Paulus nangani masalah ing jemaat Korintus. Wektu kuwi, ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes, tapi dijarké waé ing jemaat. Nèk mempelajari kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah ndisiplin umaté kuwi merga sayang lan bakal nduduhké rasa mesakké nèk umaté bertobat. Terus, ya bakal dibahas piyé awaké dhéwé isa niru Yéhuwah.
LAGU 33 Pasrahna Kuwatirmu karo Yéhuwah
a Apa berarti nèk ana wong sing bojoné laku jina, pihak sing ora salah kuwi kudu tetep mempertahankan perkawinané? Ora ngono. Kasusé Hoséa iki kasus khusus. Nèk saiki, Yéhuwah wis njelaské liwat Yésus, nèk pihak sing ora salah éntuk njaluk pegat.—Mat. 5:32; 19:9.
b Deloken artikel ”Yehuwa Suka Mengampuni—Bagaimana Saudara Menanggapinya?” ing Menara Pengawal 15 November 2012, halaman 21-23, paragraf 3-10.